Sabtu, 30 September 2023

NGUNDURI


NGUNDURI kuwi linggane mundur, sing  tegese lumaku ngedohi saka sawijining papan. Mulane tembung NGUNDURI artine tumindak utawa lumaku kanthi sadhar lan sengaja kanggo ngedohi saka sawijining papan. Dene anane tumindak NGUNDURI kuwi bisa merga maneka werna sebab utawa kahanan, isa amarga papan sing kawitan katuju ora becik utawa mbebayani. Sing cetha, NGUNDURI kuwi tumindak ngedohi kanthi sadar.

 

Ana crita babagan piwulange kitab suci babagan tumindak NGUNDURI, kuwi tinulis ana ing kitab Yehezkhiel bab wolulas ayate selikur tekan rolikur.

Jumat, 29 September 2023

NGREMEHAKE

 

Jemuah Pon 29 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK



Wacan Kitab Suci Padinan

Yehezkhiel 18:5-18

Jabur 25:1-9

Para Rasul 13:32-41

Dieling, heh wong kang padha watek seneng ngremehake, padha erama lan sirnaa, sabab Ingsun nindakake pakaryan ing jamanira, sawijining pakaryan, kang ora bakal sira andel, saupama dicaritakake marang sira.” Para Rasul 13:41

 

Tembung NGREMEHAKE kuwi linggane remeh, kang kosokbaline aji, dene artine remeh yakuwi sabarang utawa kahanan kang ora ana utawa kurang aji utama nilaine. Dadi NGREMEHAKE kuwi isa ndakwenehi arti, sakabehing tumindak kang disengaja kanggo mapanake sadengah kahanan ana ing papan kang asor. Racake sing “berbakat” tumindak NGREMEHAKE kuwi wong kang awatak sombong, kumenthus utawa gumunggung. Saben pawongan kang rumangsa paling pinter,paling soleh, paling suci, paling ayu,paling bagus, paling sugih lan paling-paling liyane, kuwi sing kulina NGREMEHAKE.

 

Pangandikane Gusti lumantar rasul Paulus babagan tumindak NGREMEHAKE cetha neng Para Rasul telulas ayat patangpuluh siji, “ Dieling, Heh wong kang padha watek seneng NGREMEHAKE…padha erama lan sirnaa…” Gusti Allah teges banget marang pokal polahe wong sing seneng NGREMEHAKE liyan, amarga yen ana wong sing tumindak NGREMEHAKE, mbuh sapa wonge kuwi, mbuh kuwi pendito, aktipis, donatur mesti ora dadi kersane Gusti. Lho kok isa kaya mengkono kepriye larah-larahe? Cetha banget, amarga Gusti lumantar rasul Paulus ngersakake para wong matrapi patraping urip kang andhap-asor, ora malah sombuuuong poll, dupeh rumangsa aktipis karohane wae, rumangsa liyan remeh kabeh, mulane njur tumindhak NGREMEHAKE.

 

Ing jaman saiki babagan NGREMEHAKE kuwi jik okehe ngeram, beda sekolah padha ngremeh-iNGREMEHAKE, beda lepel ekonomi, njur NGREMEHAKE sing luwih asor, beda komisi neng pasamuan ya NGREMEHAKE, beda penemu ya NGREMEHAKE, beda trah utawa tedhak-turun ya NGREMEHAKE, sing rumangsa priyayi njur ndaksiya marang sing mung pidak pedaraan. Lan sing nglakoni tumindak NGREMEHAKE mau malah kayane banggane ngeram. Mulane, muga-muga lumantar tulisan lan pidio yutup BENINGE EMBUN ESUK lumantar Kyai Toe Pong Jie, padha eling kabeh, njur uripe padha rukun, ajen-ingajenan ora malah padha NGREMEHAKE, amarga  sing sapa NGREMEHAKE titah, ateges NGREMEHAKE sing nitahake.

 

Wis ya Lur, emene ndisik, Kyaine arep ngetrake anake bojone sekolah..

 

Salam Rahayu

Kyai Toe Pong Jie

Kamis, 28 September 2023

KEBLASUK

 

Kemis Pahing 28 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK



Wacan Kitab Suci Padinan

Yehezkhiel 12:17-28

Jabur Jabur 25: 1-9

Yakobus 4:11-17

Sang Yehuwah iku becik lan adil, mulane wong kang kesasar padha ditedahi dalan. Wong kang lembah manah padha dituntun lakune ana ing kabeneran, wong kang lembah manah padha ditedahi margine.” Jabur 25:8-9

 

KEBLASUK kuwi kahanan nalika wong utawa titah apa wae ora mlaku ana ing dalan kang sakbenere, kudune ngener mengulon malah ngidul,ngalor utawa malah ngetan. Arane wae KEBLASUK, mesti ora bakalan tumeka ing papan kang katuju. Ing jaman saiki, mbokmenawa babagan KEBLASUK kuwi wis sansaya suda, amarga ana aplikasi gugelmep (google map), sing bakalan nuntun tekan panggonan kang dituju, sauger alamate pas. Ananging sakdurunge ana gugelmep, lan durung ngerti panggonan kang dituju, njur takon wong, sok-sok ana sing usil, diarahake ben KEBLASUK.

 

Urip iki dalane okehe ngeram, mula yen ora ana tuntunan lan sing nuntun, ora sithik menungsa sing KEBLASUK. Begja dene kitab suci menehi paseksi babagan Gusti Allah kang wus dadi Panuntun, cikben ora KEBLASUK lakuning menungsa iki,klebu aku lan sampeyan lho lur. Neng kitab Jabur bab selawe ayat wolu lan sanga dicethakake, “Sang Yehuwah iku becik lan adil, mulane wong kang kesasar (KEBLASUK) padha ditedahi dalan. Wong kang lembah manah padha dituntun lakune ing kabenenran, wong kang lembah manah padha ditedahi lakune..”

Wis cetha banget, kaya ngapa katresnane Gusti marang menungsa, apa meneh sing lembah manah, mesti lakune urip ora bakalan kesasar utawa KEBLASUK.

 

Njur lakuning urip kaya ngapa sing kinaranan KEBLASUK kuwi? Ya pokoke sing ora matrapi urip kaya kang wus dadi Kersane Gusti, yakuwi urip ing sakjroning kahanan tresna-tinresnan cikben jagad iki kebak ing katentreman lan karahayon. Yen ing jagad iki durung ana katentreman lan karahayon, lambok kabeh wong ngaku beragama, papan pangibadah okehe ngeram, unine wong yen ketemu padha muni basa-basa karohanen, kayata:” sholam-salom angger ketemu, salamualakikum lan sakliyane, kuwi babarblas durung mlaku neng dalaning kabeneran, durung dituntun dening Gusti, merga jik seneng nyengsarakne liyan, seneng nggawe pasulayan lan liya-liyane.

 

Semene ndisik ya Lur, yen kokean mengko malah KEBLASUK, sakliyane kuwi aku ya meh nggawe omben kang bahan dasare seka kopi.

 

Salam Rahayu

Kyai Toe Pong Jie

Rabu, 27 September 2023

KINANTHI

Rebo Legi 27 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK

EMBUN KANG TANSAH KINANTHI GUSTI


Wacan Kitab Suci Padinan

Yesaya 41:1-13

Jabur 106:1-12

Matius 18:1-5

“..sira aja wedi, sabab Ingsun nganthi marang sira, sira aja melang-melang, awit Ingsun iki Allahira. Ingsun bakal nyantosakake, malah bakal mitulungi sira; Ingsun bakal nganthi sira kalawan astaningSun tengen kang njalari menang.” Yesaya 41:10

 

KINANTHI kuwi tegese tansah diamping-ampingi, dikancani,direwangi ing sakparipolahe. Dene sing Nganthi kuwi messtine wae sing nduweni daya kang luwih tininbang sing dikanthi. Ana ing tembung KINANTHI sejatine ana rong pawongan kang nglakoni lakuning urip, ana sing dikanthi la nana sing nganthi. Tembung KINANTHI kuwi racake dienggo ana ing perangan-peranganing urip kang apik utawa positip, arang kahanan kang ora apik utawa ala migunakake tembung KINANTHI. Lan siji maneh, racake ora sithik sing seneng nampani kahanan KINANTHI, apa meneh yen sing nganthi kuwi Gusti, lha wong kerep yen Ndonga we njaluk dikanthi dening Gusri, hayo iya apa ora? Sing maca iki sinambi mesam-mesem mesti seneng mbek KINANTHI..opss,sineng yen tansah KINANTHI Gusti, ya pora? Hayo ngakuuu!!

 

Neng kitab suci mbladher paseksi babagan KINANTHI, lan sing cetha meh kabeh ngarah bab KINANTHI dening Gusti, isa kuwi awujud pandonga lan uga awujud prasetyane Gusti, yen bakalan nganthi marang menungsa, tekan ing saklawase. Neng kitab Yesaya bab patangpuluhsiji ayat sepuluh babagan KINANTHI kuwi cetha banget. Ing kono manut paseksine nabi Yesaya, Gusti Allah menehi pengayem-ayem marang bangsa ngisrael yen ora oleh wedi, merga Gusti NGANTHI , aja melang-melangsabab Gusti Allah bakalan nyantosakake, malah bakalane nulungi, Gusti bakalan NGANTHI kalawan asta tengene kang mesti ndadekake menang.  Yen maca lan mahami nats sing kaya mengkene iki,kudune rasa wedi,melang-melang, kuwatir lan gigrig marang kahanan apa wae kudune ilang, utawa isa ditelukake, ananging kerepe menungsa jik urung eling lan sadhar yen dayane Gusti Allah sing ana ing uripe kuwi luwih kwasa tinimbang daya apa wae.

 

Mula saka kuwi para sedulur, payo dimangerteni maneh, njur dadi pangeling-eling yen Gusti Allah kuwi nunggil sejati ana ing uripe awake dewe, kabeh wong, uga sing maca tulisan iki. Mulane, ora usah gigrig ngadepi urip iki, amarga urip iki kinersakake dening Gusti,merga dadi kersane Gusti mula ya mesti Gusti tansah cawe-cawe. Sepisan meneh, urip iki wis KINANTHI dening Gusti, kaya pangandikane neng kitab Yesaya ing ndhuwur, ora usah wedi, ora usah melang-melang, ora usah kawatir babagan apa wae, mesti kabeh wis tinata dening Gusti. Gusti ora nate luput, ana sing kautus nulungi, ana kang kautus ditulungi. Dadi,padha macake peran jumbuh karo kahanane urip, sing kuwat mbiyantua marang sing sekeng, sing sekeng ndongakna sing sengkut cikben kahanane urip dadi kebak ing tentrem lan rahayu.

 

Wis ya Lur, semene ndisik  andharan babagan KINANTHI, pekewuh aku karombak-mbak sing huayune ngeram sing jenenge KINANTHI..Hehe

Salam ya mbakyu…

 

 

Mbah’e

Salam Rahayu


Selasa, 26 September 2023

ELING

 

Selasa Kliwon 26 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK

 JOLALI IKI GAMBAR KALI


Wacan Kitab Suci Padinan

Purwaning Dumadi 28:10-19

Jabur 106:1-12

Rum 16:17-20

Bareng Yakub tangi saka anggone turu, banjur ngucap: “Satemene Sang Yehuwah ana ing panggonan kene, aku ora ngreti.”Yakub wedi lan ngucap: “Saiba angkere panggonan iki, iki ora liya padalemane Gusti Allah lan iki gapurane swarga.”Esuke umun-umun Yakub njupuk watu kang kanggo bantal mau lan diedegake dadi tugu lan ing dhuwure diesoki lenga.Panggonan kono mau diarani: Betel; maune kutha iku aran: Lus.” Purwaning dumadi 28:16-19

 

ELING kuwi tembung kang tegese mangerti kanthi sadhar kahanan ing sakia tengene, dene kosokbaline tembung ELING kuwi lali, sing tegese babarblas ora mangerti kahanan sakiwa tengene. Lali kuwi beda karo nglali, merga yen lali kuwi pancen ora disengaja, dene yen nglali kuwi sejatine ngerti ananging ethok-ethok ora ngerti. ELING, kuwi kahanan kang ndadekake uripe menungsa tinuntun lan tumeka marang kahanan kang sejati, amarga lumantar ELING manungsa dadi mangerti jati lan sejatining urip.

 

Ana critaning kitab suci babagan ELING, kang tinulis ana ing Purwaning Dumadi bab wolulikur ayat sepuluh  tekan sangalas. Ing kana dicritakake bab lakuning rama Yakub sakwise ngalami pengalaman urip karo kangmase, Pakde Esap. Ing sawijining papan,merga wis kesel Rama Yakub arep sare, nggolek watu dingo batal..(Biyuh, mendah atose..) Ing sakjroning turu kuwi rama Yakub ngimpi, weruh ana andha dhuwure ngeram tekan langit la nana para malaekat munggah mudun lan Sang Yehuwah jumeneng cedak rama Yakub. Sang Yehuwah ngaku yen Panjenengane kuwi Gusti Allah eyang Abraham lan Iskak. Mangerti kang kaya mangkono kuwi, rama Yakub njondil lan tangi, ngucek-ucek mripat njur njupuk HP arep nyetatus WA…opsss, lali aku,rama Yakub durung kagungan androit fing..hehe. Rama Yakub banjur ELING, yen papan kuwi gapuraning Swarga, mula njur menehi tandha lan ngganti jeneng daerah kuwi Betel, “Omahe Gusti Allah”.

 

Rama Yakub ELING yen sadengah papan lan kahanan kuwi Gusti Allah ana, ing sadengan pengalamaning urip Gusti Allah dumunung. Pancatan pangerten kang kaya mengekene iki kudune isa dadi sarana tumrap sapa wae, klebu sing maca tumisan iki cikben tansah ELING, yen ora ana papan sing dudu kagungane Gusti Allah, ora ana tumindak kang tanpinirsan dening Gusti Allah, sanadyan kuwi ijik ana ing sakjroning batin. Mula saka kuwi, payo tansah ELING, yen ngendi wae papan kuwi Gusti dumunung, ing kahanan kang kaya ngapa wae, Gusti nunggil.

 

Lumantar ELING iki, muga-muga wae okeh para sedulur sing njur seneng nuladha rama Yakub, seneng menehi monument utawa tanda saben lakuning uripe, yen Gusti ora nate ninggal, yen Gusti tansah ngreksa lan nganti ing saklawe.

 

Salam Rahayu

Mbah’e..

Senin, 25 September 2023

PITULUNGAN

 

Senen Wage 25 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK


Gambar Menehi PITULUNGAN


Wacan Kitab Suci Padinan

Purwaning Dumadi 27”1-29

Jabur 106:1=12

Rum 16:1-16

Aku nglantarake marang kowe sadulur kita Febe, sadulur wanita kang leladi ana pasamuwan Kengkrea,supaya koktampani ana ing patunggilane Gusti, kanthi patrap kang samesthine tumrap para suci, sarta wenehana, pitulungan samangsa dibutuhake. Sabab dheweke wus aweh pitulungan marang wong akeh, klebu aku dhewe.” Rum 16:1-2

 

Tembung PITULUNGAN (isa ditulis 7 lungan) kuwi linggane Tulung..(sssttt…ana kanca sepuhku sing jenenge nganggo Tulung, muga-muga wae maca tulisan iki sinambi mesam-mesem, lan sing padha kenal dewekne yam aca kanthi gluwah-gluweh merga seneng..hehe), sing tegese menehi samubarang kang marakake kahanane urip luwih kepenak. Mula, tembung PITULUNGAN kuwi tegese sawernane tumindak kang nduweni acas ngentheng-enthengi sanggan tumrap liyan. Dene wujude PITULUNGAN kuwi kaperang dadi loro,ana sing awujud pisik, kayata menehi mangan, menehi ngombe, menehi udud lan liya-liyane, pokoke sing awujud benda material. Dene PITULUNGAN kang awujud non pisik kuwi kayata pandonga, panglipur lan liya-liyane.

 

Kitab Suci nate memulang babagan PITULUNGAN, lumantar rasul Paulus lumantar layange marang pasamuan ing kutha Rum. Neng Rum bab nembelas ayat siji lan loro diandharake cikben pasamuan nampa lan menehi PITULUNGAN maran sedulur nunggal peladosan sing jenenge Febe. Rasul Paulus kepengen pasamuan Rum nampane mbakyu Febe kang leladi ing pasamuan Kengkrea, cikben ditampani.Ora mung ditampani wae, ananging yakuwi dikon menehi PITULUNGAN jumbuh karo apa kang dibutuhake dening mbakyu Febe. Anane rasul Paulus ngakon pasamuan Rum nampa kuwi cikben patunggilane para kagungane Gusti  tuwuh ngrembaka.

Rasul Paulus uga kepengen pasamuan Rum dadi patuladan kepriye anggone padha nampa para sedulur nunggal percaya, apa meneh sing mirunggan leladi.Pasamuan Rum ora dikeparengake nyawang kahanane urip mbakyu Febe sing kawuri, merga kuwi wis klebe “masa lalu”,  amarga urip kuwi ora neng masa lalu, ananging ana ing mangsa kanga rep kapapag.

 

Yen ing jamane rasul Paulus pasamuan dikon nampani lan menehi PITULUNGAN marang sapa wae kang makarya mirunggan ana ing pakaryane Gusti, semono uga ing jaman saiki. Aja nganthi nampi para suci sing wus masrahake uripe kanggo pakaryan mirunggane Gusti. Padha tampanen lan wenehana PITULUNGAN, aja mbok golek-goleki salah lupute, amarga  ora ana menungsasing sampurna, kabeh wis kena sawabe dosa, mula lumrah yen ana sing luput lan kleru.

 

Mulane, payo saiki padha lomba menehi PITULUNGAN marang sapa wae, apa meneh marang para wong sing wus masrahake sakabehing uripe kanggo pakaryan mirunggane Gusti. Sepisan meneh aja pisan-pisan nampik para utusane Gusti, eleka kaya ngapa kuwi utusan mirungganne Gusti, yen wani nampik lan milara mesti bakalane nampa bilai.

 

Wis ya, semen ndisik, aku arep nggawe kopi lan ngaso, merga sedina mumuput anggonku mider-mider ngayahi ayahaning urip.

 

Salam Rahayu

Mbah’e

Sabtu, 23 September 2023

LOSDOL

 

Setu Pahing 23 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK


BEBAS...LOSDOL


Wacan Kitab Suci Padinan

Zefanya 2:13-15

Jabur 145:1-7

Mateus 19:23-30

Pangeran bakal ngagagake astane mangalor, bakal ngrusak Asyur, lan ndadosake Niniwe sepi mamring, garing kaya pasamunan.Lan pepanthan kewan-kewan bakal manggon ing satengahe, yaiku sawernane kewan alasan; manuk cangak lan bango thonthong padha nginep ing krebiling sakane; manuk buntung bakal ngoceh ana ing cendhela, manuk gagak ana ing ngarep lawang: Pasangan blabag kayu eres wus kabukakan. Iku kaanane kutha kang giyak-giyak, kang wong-wonge padha ayem pamanggone, kang duwe osik ing atine mangkene: “Mung aku sing ana, ora ana liyane!” Mulane iya banjur wus dadi ludhesan, kanggo pasabane kewan-kewan alasan. Saben wong liwat ing kono bakal padha ngeses lan kipat-kipat tangan.” Zefanya 2:13-15

 

Tembung LOSDOL kuwi pancen dudu tembung baku, tegse ora ana paugeran tata-basa kang ngatur pigunane tembung kuwi, ananging tembung iki kulina digunakne dening sapa wae. Lha apa ta tegese tembung LOSDOL kuwi? Manut sakpangertenku,, merga ora ana kamus sing baku, ttembung LOSDOL kuwi tegese kahananing tumindak sing wis ora patia nggagas kahanan ing sakiwa tengene lan uga ora nggagas apa resiko nalika mateg “Aji LOSDOL”. Sapa sing ngempakake Aji LOSDOL iki babarblas ora nggagas liyan, focusing urip mung awake dewe, ananging iki babagan positif, dudu perangan negative. Cikben mayar mangertine, payo sinau saka kitab suci.

 

Ana piwulang adiluhung neng kitab suci kang dadi pepeling babagan kepiye kahanane urip nalika Gusti Allah wis klakon makarya sing sakmestine. Neng kitab Zefanya bab 2 ayat telulas tekan limalas dicritakake, neng kana ana pangandikan kang mangkene,..

” Mung aku sing ana, ora ana liyane!” Kuwi pangungel nalika menungsa ngrasakake pakaryane Gusti sing ngedab-edabi. Critane kepriye kok nganti ana penemu kang mangkene? Kuwi pamecane nabi Zefanya bab bangsa ngisrael kang bakalan ucul saka penggecake bangsa Asyur. Nalika jamane nabi Zefanya pancen bangsa ngisrael katindes utawa kajajah dening bagsa asyur, mula kahanane rekasane ngeram, blas ora kepenak, ngapa-ngapa salah. Banjur Gusti Allah makarya, Ngagagake Astane mengalor, penere bangsa asyur, banjur bangsa sing nindhes bangsa ngisrael ajur mumur ora karuan, lan merga ajur mumur mulane bangsa ngisrael rumangsa bebas, ora ana sing nindhes lan ngawat-awati maneh, wis ngrasakne kahanan LOSDOL!!

 

Babagan panindhes kuwi ora mung ing jamane nabi Zefanya, ing jaman saiki ya jik lumaku. Ana panindhesing ekonomi, panindhesing keamanan, panindhesing sosial lan sakbanjure. Nalika ngrasakne kahanan iki, urip krasa abote ngeram, apa-apa rinasa luput lan babarblas ora kepenak. Mula sinau saka pengalamane bangsa ngisrael ing jamanne nabi Zefanya, payo ngaturake sakabehing momotaning urip lan kabeh panindhesing urip iki marang Gusti sinartan ngayahi ayahan kang dikersakne dening Gusti, mesti mengko bakalan ngalami kahanan LOSDOL, kahanan sing mardika saka sakabehing panindhes.

Mulane para sedulurku kabeh, payo naliti urip iki dewe-dewe, njur yen ngrasa ora nate mardika merga ginubet ing sakabehing panindhes, ndang cekat-ceket matur Gusti, cikben nguculi sakabehing panindhes lan mateg Aji LOSDOL, cikben urip iki bener mardika, rinasa urip dewe tanpa pangancem saka apa lan sapa wae. Semene ndisik ya lur, arep nundhus momotaning urip ing saben wayah esuk, cikben uripku jian LOSDOL.

 

Salam Rahayu

Mbah’e

 

Jumat, 22 September 2023

NGILO

 

Jemuah Legi 22 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK


Gambar KUPU


Wacan Kitab Suci Padinan

Nahum 2:3-13

Jabur 145:1-7

2 Korinta 13:5-10

Dadaren awakmu dhewe, apa kowe padha lestari dumunung ing pracaya. Titinen awakmu! Apa kowe ora yakin tumraping awakmu, manawa Sang Kristus Yesus dumunung ana ing kowe? Awit yen ora mangkono, kowe dadi tampikan.” 2 Korinta 13:5

 

NGILO ing andharan iki dudu babagan ukuran abot lan entheng, dudu nimbang sepira abote barang, ananging babagan madeb ngadepi diri pribadi ana ing sakngarepe kaca paNGILOn. ayahan NGILO iki racake dilakoni dening para wong wadon nalika arep lelungan, cikben katon luwih ayu merga nganggo wedak lan sakliyane minangka perangat “kecantikan”. Dene menawa wong lanang arang anggone ngayahi ayahan NGILO, merga racake ora patio perduli karo babagan bagus lan orane..

 

Salah sawijining wacan kitab suci ing dina iki,manut wacan leksionari, yakuwi ing jemuah pahing rolikur September rongewu telulikur saka layange rasul Paulus marang pasamuan Korinta kang kapindho,pernahe neng loro korinta telulas ayat lima. Ing layange kuwi rasul Paulus ajak neglingake marang pasamuan babagan NGILO bab diri pribadine, apa ijik lestari anggone percaya marang Gusti Yesus, lan uga babagan kahanan Gusti Yesus ijik dumunung ana ing uripe apa ora! Pepelinge rasul Paulus cetha banget, yakuwi pasamuan Korinta cikben ndadar kapercayane marang Gusti Yesus lan uga apa kapercayan kuwi gegayutan karo dumununge Gusti ana ing uripe, amarga ora sithik wong sing ngakune percaya marang Gusti mung winates neng lambe, ing tumindak durung nelakake.

 

Anane rasul Paulus nulis layang kaya kang mangkono kuwi amarga pasamuan ing Korinta okeh sing laku percayne ora becik, mula ndadekake pasamuan ora babr tumangkar. Ora sithik sing uripe mung lamis, ragelem NGILO neng ngarp kaca paNGILOn yakuwi pangandikane Guti, amarga iya ing sakngarepe pagandikane Gusti kuwi isa niti priksa kaya ngapa adeging urip ing sakjroning percaya, aja NGILO marang liyan, apa meneh njaluk dibiji menungsa liyane, merga yen seneng mesti diarani apik sanadyan elek, lan kosokbaline, yen sengit apika kaya ngapa mesti diarani elek.

 

Babagan NGILO kuwi ora mung neng jamane rasul Paulus lan pasamuan Korinta, ing jaman saiki ijik “relepan”, jik cocok yen dilakoni, amarga patraping uriping percaya pasmuan ya kurang luwih kaya jamane rasul Paulus, okeh sing lamis,ora gelem NGILO karo pangandikane Gusti. Urip mung saka rumangsane dewe, rumangsane wis apik, rumangsane wis nglakoni “pelayanan”, rumangsanewis pisungsung, rumangsane wis…..

 

Hehe, mangga dibacutake dewe-dewe, sing jujur lho nggih…Kula tak NGILO….lan  ngopi rumiyin… 

Salam Rahayu

Kamis, 21 September 2023

KAAPESSAN

 

Kemis Kliwon 21 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK


Mung SADERMA GAMBAR


Wacan Kitab Suci Padinan

Nahum 1:1,14-2:2

Jabur 145:1-7

2 Korinta 13:1-4

Sabab sanadyan Panjenengane wus kasalib marga saka kaapesan, nanging gesang awit saka panguwaose Gusti Allah. Pancen aku kabeh iki apes ana ing Panjenengane, nanging bakal padha urip bebarengan karo Panjenengane marga saka panguwaose Gusti Allah kanggo kowe.” 2 Korinta 13:4

 

Tebung KAAPESAN kuwi linggane Apes,kang tegese kahanane urip kang ora nyenengake. Tembung Apes kuwi kosokbaline tembung begja. Yen tembung begja isa dadi tembung kabegjan, semono uga tembung Apes,isa dadi tembung KAAPESAN. Ana ing basa ngindonesa kitab suci nulis “kelemahan”. Mula saka kuwi,ana ing BENINGE EMBUN ESUK dina iki, kemis kliwon selikur September rongewutelulikur, tembung KAAPESAN ndakwenehi arti kahanan kang cengkah karo pepinginan,merga meh kabeh menungsa (sing waras lho nggih), mesti seneng nemahi kahanan begja.

 

Ana piwulang kitab suci lumantar  rasul Paulus kang tinulis ing 2 Kornta 2 ayat 4 kang njlentrehake babagan Apes lan KAAPESAN.Ing layange kuwi rasul Paulus ngelingake maneh bab kepriye Gusti Yesus kasalib merga KAAPESAN, ananging sakbanjure ngalami kamulyaning urip  kang awujug urip langgeng amarga pangwasane Gusti Allah Sang Rama. Rasul Paulus eling yen kahanan APES sing dialami dening deweke kuwi pancen pepesten amarga napak tilas “dalaning urip” kang wus nate diliwati dening Gusti Yesus, napak tilas dalaning urip kang nate dirasakake dening Gusti. Saka paseksen lumantar laying iki, rasul Paulus menehi pepeling, ora mung kanggo pasamuan ing Korinta, ananging kanggo kabeh wong (klebu sing maca tulisan iki), cikben ora kokean sambat menawa ngalami KAAPESAN lan uga aja marakake liyan ngalami kahanan Apes.

 

Ing jaman saiki, ing sadengah kahanan, sanadyan meungsa wis padha nduweni agama lan (jarene) wis percaya marang Gusti Yesus, ananging uripe wegah ngalami kahanan kag mbiyen dialami dening Gusti Yesus, wegah nampa kanthi lila-legawa babagan KAAPESAN,malah sing okeh seneng nyilakani utawa  nekakake KAAPESAN marang liyan.

 

Hayo, sing rumangsa ngapesake liyan utawa ndadekake liyan nampa KAAPESAN ing uripe, ora usah prengat-prengut, ora usah sok-sokan suci ngalkitabiyah, sanadyan isa ngapusi liyan, mosok isa ngapusi Gusti?Hehe.. mula ndang mertobat, aja ndadekake liyan APES, ananging yen kudu ngayahi ayahane Gusti ing urip iki njur ngrasakake kahanan apes utawa ngalami KAAEPESAN, malah sing padha bungah,merga wis nindakake tuladhae Gusti Yesus. Wis semene ndisik ya, aku arep nggawe omben kopi, ben makpyarrr neng pandulu.. Ketemu sesuk maning ya, neng dina jemuah legi…

 

Salam Rahayu

 



[1] KAAPESAN kuwi  ana ing ktab suci basa jawa tahun 1981, yen sing anyar tembunge mung Apes

Rabu, 20 September 2023

BABAGAN NGANDEL

 

Rebo Wage 20 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK


WACANEN "MOBILKU!"


Wacan Kitab Suci Padinan

Purwaning Dumadi 50:22-26

Jabur 133:1-3

Markus 11:20-26

Mulane Aku pitutur marang kowe: Apa bae kang koksuwun lan kokdongakake, padha ngandela yen kowe wus kaparingan, dadi iku mesthi iya bakal kaparingake marang kowe.lan yen kowe padha ngadeg ndedonga, mangka ana panggresahmu marang wong ing sajroning atimu, iku apuranen dhisik, supaya Ramamu kang ana ing swarga iya ngapura sakabehing kaluputanmu.” markus 11:24-25

 

Ora sithik wong sing maca andharan BENINGE EMBEN ESUK kang wus bola-bali ndedonga, bola-bali nyenyuwun ananging njur apa kong disuwun raklakon utawa (rumangsa) ora nampa apa kang kasuwun. Lan nalika ora nampa apa kang disuwun, njur ndakig-ndakig anggone nggawe alesan “teologi”, ana sing merang dadi pirang-pirang kahanan, sepisan apa kang mbok jaluk durung tekan wektune, kapindho dongane sing luput lank aping telu apa kang mbok jaluk lumantar pandonga ora bakalan diwenehne. Jian ketok yen teologis alkitabiyah…. Njur kepriye piwulange Gusti Yesus ana ing kitab suci?

 

“Mulane Aku pitutur marang kowe: Apa bae kang KOKSUWUN lan KOKDONGAKAKE, padha NGANDELA yen kowe wus kaparingan…” Kudu diwaca temenan, diwaca kanthi eling, Gusti ngendika APA BAE KANG KOK SUWUN…padha NGANDELA yen wus nampa! Dadi sejatine dudu masalah wektune durung tekan, dongane salah apa meneh panyuwunmu ora dikersakne Gusti, ananging kabeh mung BABAGAN NGANDEL. Sepira anggone sing padha Ndonga kuwi NGANDEL yen sing wis disuwun kuwi wus tinampa.Lho lha nyatane cen durung nampa, mosok kon apus-apus wus nampa? Lha ing kene manut penemu lan pengalamanku, menungsa kuwi jinaret karo “ilusi wektu”, kamangka kanggone Gusti, wektu kuwi ora ana, ora ana saiki lan mbesuk, anane mung siji. Babagan “ilusi wektu” ing tulisan lya takjlentrehake, iki tetep pokus neng NGANDEL yen wus NAMPA nalika Ndonga!!

 

Dieling meneh, babagan pandonga kuwi dudu masalah dikeparengke Gusti apa ora, ananging Gusti dewe sing ngendika, apa wae kang koksuwun, ngandela yen WUS NAMPA! Kabeh iki mung BABAGAN NGANDEL, ngandel yen sing disuwun lumantar donga kuwi wus tinampa, njur ngrasakne bungah merga kang disuwun wus ditampa lan dirasakake. Njur ana sing protes, kompain..lha nyatane pancen durung nampa. durung antuk apa kang takjaluk ing sakjroning donga! Eling piwulange kitab suci, sepisan pracaya kuwi padha karo iman, dene iman kuwi ngugemi sabarang kang durung utawa ora katon, kapindhone ing andharan dina iki, apa wae kaong koksuwun lan kokdongakake, NGANDELA  yen WUS KAPARINGAN. Dadi mayar wae, kabeh kang disuwun menungsa marang Sang Rama, mesti diparingi, sauger ngandel, siji thokthil syarate, NGANDEL!!

 

Mulane, ora usah regejegan babagan pengalaman iman, ora usah nekoneko nyawang lan mbanding-mbandingke liyan, payo dialami dewe pangandikane Gusti iki. Payo NGANDEL yen apa wae kang awake dewe suwun ing pandonga WUS KAPARINGAKE dening Gusti. Wis ora usah dipikir, orausah dianalisa ndakig-ndakig, ayo bareng-bareng dialami! Weh, malah ana sing maca sinambi mrengut, ora usah mrengut..ayo dialami yen apa kang wus mbokdongakne wus diwenehane dening Gusti! Taktunggu kesaksiane lho ya..rasah ngajak nyate utawa nongseng, mengko malah wedi karo Om Kolesterol..haha

 

Salam Rahayu

 

 

Selasa, 19 September 2023

MBIJEKAKE

 

Selasa Pon 19 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK

OMAH BERSEJARAH


Wacan Kitab Suci Padinan

Purwaning Dumadi 49:29-50:14

Jabur 133:1-3

Rum 14:13-15:2

Mulane kita aja padha adil-ingadilan maneh! Nanging luwih becik kowe padha manuta wawasan iki: Kita aja gawe sesandhungan utawa serike sadulur kita.” Rum 14:13

 

Tembung MBIJEKAKE kuwi linggane Biji, utawa winih,isa uga ana ing basa ngindonesa nilai.Tembung MBIJEKAKE kuwi racake dienggo neng donyaning bangku pasinaon, mirunggan neng teka utawa esde, yakuwii nalika guru maringi tugas, lan sakwise rampung diaturake marang guru cikben dibiji. Lha ayahan nagurake tugas menyang guru cikben dibiji kuwi kang kinaranan MBIJEKAKE, yen ayahane apik utawa manut kersane guru, mesti bijine apik. Kosokbaline, yen ayahane ora manut karo gurune, mesti bijine elek. Sing luwih mbebayani meneh nalika anggone siswa utawa murid mau anggone MBIJEkAKE ora menyang guru kang menehi tugas utawa ayahan, ananging menyang wong liya, mesti anggone mbiji ora tansah gumantung pakaryane ananging gumantung seneng lan ora seneng, iki gaswat lho lur….hehe

 

Babagan MBIJEKAKE kuwi nate dadi iwulange Gusti lumantar rasul Paulus, cethane neng layange marang pasamuan ing Rum. Neng Rum bab patbelas ayat telulas dicethakne, “Mulane kita aja padh adil-ingadilan maneh…..” Cetha banget piwelinge rasul Paulus, aja adil-ingadilan, utawa aja mbiji liyan, cikben sing ngadili kuwi Gusti,cikben sing MBIJI kuwi Gusti dewe, ora usah kemaki melu-melu mbiji utawa menilai, merga kuwi dudu hak utawa tanggungjawabe menungsa. Tugase mung sederhana, yen ana sing luput utawa salah aja diadili njur diukum, ananging benerna! Pancen menungsa kuwi sok-sok ngluwihi Gusti Allah, kaya duwe kwasa ngadili (MBIJI), njur nalika (saka rumangsane )salah utawa luput, njur dikukum.

 

Ayahan urip iki mung merga saka dhauh lan kersane Gusti, iki isa digambarake yen menungsa  (klebu sing maca iki sing sidhar lho nggih) paribasan murid lan Gusti Allah kuwi gurune. Apa wae ayahan urip iki peparinge Gusti,mula sing kwasa ngadili utawa MBIJI ya Gusti, menungsa mung nduweni hak ngayahi ayahan, ora nduweni hak ngadili. Yen rumangsa, rumangsa lho ya, ana sing luput utawa ora bener, aja diukum apa meneh diadili,ananging ewangana cikben bener, yen isa ngayahi urip sing kaya mengkene iki, jagad iki kebek ing tentrem lan rahayu.

Emane okeh wong sing rumangsa suci,ruamngsa pinter, rumangsa dadi wakile Gusti kanggo MBIJI lan NGADILI liyan, malah ana kalamangsane anggone ngadili sakwise mbiji kuwi lumantar ukuman sing babarblas ora manusiawi.

 

Mulane, payo saiki eling yen menungsa kuwi ora nduweni hak babrblas kanggo MBIJI njur ngadili, merga sing pirsa salah bener kuwi mung Gusti. Lho lha yen ana sing salah njur kepiye? Ya dibenerake, wis kuwi wae , ora usah melu ngadili. Sapa wae wonge, mbuh kuwi menungsa biasa tekan aktipis greja, ora nduwenihak ngadili liyan, yen nganti ngadili berarti wis nggeser Guti Allah. Hayo, sapa sing sok wani nggeser Gusti? Mulane, aja salah MBIJEKAKE, ayahan iki saka Gusti,mula cikben Gusti sing MBIJI.

 

Sik, semen ndisik, arep ngopi ndisik..hehe

Salam Rahayu

Senin, 18 September 2023

ANDHAP ASOR

Senen Pahing 18 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK

ISTANA KAURIPAN


ANDHAP ASOR

Wacan Kitab Suci Padinan

Purwaning dumadi 48:8-22

Jabur 133:1-3

Ibrani 11:23-29

Nalika Rama Israel mirsani para putrane Sang Yusuf, tumuli ndangu: “Iku sapa?”Ature Sang Yusuf marang kang rama: “Punika anak kula peparingipun Gusti Allah wonten ing ngriki.” Pangandikane Rama Yakub: “Cedhakna ing ngarepku kene, arep dakwenehi berkah.” Purwaning Dumadi 48:8-9

 

Tembung ANDHAP ASOR kuwi tegese mapan ana ing panggonan ngisor dewe. ANDHAP kuwi tegese ngisor utawa kosok-baline dhuwur, dene ASOR kuwi ya meh pada, panggonan utawa kahanan kang sejatine kosok-baline nginggil utawa ndhuwur. Mula sakbanjure ana ing andharan BENINGE EMBUN ESUK senen wolulas September rongewu telulikur iki, ANDHAP ASOR takwenehi arti mapanake urip ana ing panggonan kang ana ing ngisor, utawa nglakoni urip tanpa sombong utawa kumlungkung.

 

Wacan kitab suci saka Purwaning Dumadi bab patangpuluh wolu ayat wolu tekan rolikur  ngandharake babagan “reuni” ing antarane rama Yakub lan putrane kang wus kaanggep ilang, yakuwi Yusuf. Kahanane wis bedha,  rama Yakub wis lamur merga wis tua, dene Yusuf wis omah-omah,nduwe anak lan saiki sukses. Nalika pethukan, amarga wis rada lamur, njur rama Yakub takon gegayutan karo pawongan-pawongan sing ana ing sakceake, njur diwangsuli dening Yususf yen kuwi anake lan sing dadi piwulang ing dina iki yakuwi babagan ANDHAP ASOR sing dilakoni dening Yusuf. Lho nengndi ANDHAP ASOR’e? Nalika ngakoni yen anak-anake kuwi peparinge Gusti Allah.

 

Ing wektu kuwi Yusuf wis sukses, apa wae isa kagayuh lan apa wae diduweni, ananging kabeh kang klakon kuwi dudu duweke, kabeh kagungan lan merga diparingi dening Gusti Allah. Yusuf orarumangsa yen apa kang dadi darbeke kuwi duweke, Yusuf ora rumangsa yen kabeh amarga kapinteran lan kaprigelanne, kabeh mung PEPARINGE Gusti Allah.

 

Spirituaitas ANDHAP ASOR sing diduweni Yusuf kuwi apik banget ing sakuruting jaman, klebu ing jaman saiki. Ananging saiki spiritualitas ANDHAP ASOR kuwi wis sansaya ilang utawa kejepit kahanane jaman sing nyuburake spirituaitas kumlungkung, kemaki, gumunggung lan sakpanunggalane. Ing sadengah papan lan panggonan, oa nyawang kuwi papan sekuler apa spiritual, kabeh wus koncatan ANDHAP ASOR, anane  mung ethok-ethok, anane mung nggolek aleman, mula okeh sing senengane padha pamer lumantar media-media sosial. Ing pasamuan utawa rgreja ya semono uga, ANDHAP ASOR kuwi wis ditinggalake, wus ora payu meneh, mula yen ora ngati-ati, isa bubar merga ora sithik sing benthic merga rebutan nomer siji, kabeh merga wis lali karo ANDHAP ASOR.

 

Payo nguripi tata caraning urip kang kebak ing kahanan ANDHAP ASOR… Salam Rahayu

Sabtu, 16 September 2023

BABAGAN NGAPURA

 

Setu Kliwon 16 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK



Wacab Kitab Suci Padinan

Purwaning dumadi 45:1-20

Jabur 103:8-13

Mateus 6:7-15

Sabab, manawa kowe padha ngapura kaluputaning wong, Ramamu ing swarga iya bakal ngapura marang kowe.Nanging manawa kowe ora ngapura marang wong, Ramamu iya bakal ora ngapura kaluputanmu.” Mateus 6:14-15

 

Tembung NGAPURA kuwi tegese tumindak  kanggo nutup utawa mbusak  sabarang kang wus nate kelakon ing mangsa kang wus kawuri. Jenenge wae nutup kuwi ateges ora nganggep ana sanadyan wus nate kelakon. Jenenge wae nutup, artine babagan kang wus kelakon ing mangsa kang wus kawuri ora isa disawang maneh, kuwi kurangluwihe tegese tembung NGAPURA. Ngapura kuwi ayahan kang menawa diomongake mayar, ananging angel ing babagan nglakonine.

 

Piwulang kitab suci ing dina iki magepogan karo tembung NGAPURA, cethane BABAGAN NGAPURA. Tembung NGAPURA kuwi ana ing basa asline, basa Yunani, saka tembung charizomai kang salah siji makna utawa tegese mbusak utawa nutup kaluputan kang wis nate klakon. Jenenge wae mbusak, mesti sakbubare dibusak, wus ora isa ketok maneh, wus sirna lan mestine yen wis sirna ya ora isa disawang maneh. Menawa digathukake karo piwulange Gusti yesus BABAGAN NGAPURA, kaya jejere BENINGE EMBUN ESUK ing dina iki, jian pas temenan. Gusti Yesus mulang mangkene, “ sebab menawa kowe ora padha NGAPURA kaluputaning wong (liyan), Ramamu ing swarga ora bakal NGAPURA kowe. Nanging menawa kowe ora NGAPURA marang wong, Ramamu iya bakal ora NGAPURA kaluputanmu…” sejatine medeni banget lho ya piwulang iki, merga kabeh cetha wela-wela nyulek mata temenan.

 

Dadi, BABAGAN NGAPURA kuwi ora mung winates ana ing lambe, ora mung kanggo manis-manise rembug, ananging kudu dadi lakuning urip lan ora isa dilakoni minangka apus-apus. Iki urusane karo Gusti sing mahakwasa, mosok arep ngapusi Gusti Allah? Mula yen jik ana sing ngayahi ayahan NGAPURA mung minangka lamising lambe, kuwi sejatine ngece utawa njarag karo Gusti Allah, ora peduli kuwi sapa. Sanadyan aktipis keagamaan, aktipis greja, sanadyan wektune mung kanggo “Pelayanan”, sanadyan pisungsunge okeh dewe, ananging menawa ora isa NGAPURA liyan, ora isa MBUSAK luputing liyan, muspra tanpa guna.

 

Mulane para sedulur, payo eling karo piwulange Gusti Yesus BABAGAN NGAPURA, payo nutup  utawa mbusak luputing liyan, ayo ngrengga urip anyar. Dieling, menawa ora NGAPURA luputining liyan (wong) Sang Rama ya ora bakalan NGAPURA lupute awake dewe lho ya? NGAPURA kuwi mbusak kahanan ala sing  kawuri, menawa tetep durung utawa emoh ngayahi, sepira gedene lakuning keagamaan, kuwi ora ana gunane.

 

Mulane, payo niti preksa lakuning uripe dewe, wis  isa NGAPURA liyan durung, yen durung, ora uah sok rohani utawa sok relejies, kuwi muspra tanpa guna, kuwi mung lamis..missss.

 

Salam Rahayu

 

Jumat, 15 September 2023

WOHING DRENGKI

 

Jemuah Wage 15 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK

Gambar Manuk Sri Katan


Wacan Kitab Suci

Purwaning Dumadi 41:53-42:17

Jabur 103:8-13

Para Rasul 7 :9-16

Margi saking drengkinipun, para bapa-lajer kita wau lajeng nyade Yusuf dhateng ing tanah Mesir, nanging Gusti Allah nunggil kaliyan piyambakipun,”” Purwaning Dumadi 42:9

 

Saben Wit-witan ing sakindenging bawana iki racake isa ngetokake WOH, kang sejatine simpenan panganan kanggo mangsa angel kang bakalane dialmi ing tembe mburine. Racake WOH kuwi ora lansung dadi, kawiwitan saka kembang, njur dadi Pentil..(awas macane sing pener lho ya..hehe) lan sakbanjure dadi sawuhute WOH utawa isa kinaranan wowohan. Ora mung Wit-witan wae sing isa ngetokake wowohan, lha jebul lakuning urip utawa tumindak mau ya isa metokake wohing panguripan. Lukuning urip utawa paatraping urip kang becik isa panen wohing kabecikan, ananging patraping urip kang winengku ing kahanan DRENGKI, bakalan metokake WOHING pati ing sakjroning urip.

 

Ing dina kapungkur BENINGE EMBUN ESUK ngandharake babagan Yusuf kang  DIDOL, kuwi adedasar  sengite para sedulure, mirunggan kangmas-kangmase. Ing dina iki Jemuah Wage limolas September rongewu telulikur, andharanne magepokan karo rasa gething sing muntub-muntub kang sakbanjure sinebut DRENGKI.  Raa gething, sengit lan ora seneng sing dialami dening “komunitas anak-anak rama Yakub” marang SEDULURE dewe ndadekake DRENGKI kang sakbanjure metokake WOHING Pati. Lha ngapa kok para kangmase Yusuf ia nganthi nduweni rasa DRENGKI kang kaya mangkono kuwi? Apa salahe Yusuf? Sing cetha rasa DrENGKI kuwi dudu salahe liyan, semono uga babagan putra-putrane rama Yakub, DRENGKI sing mulat-mulat para kangmase Yusuf dudu salahe Yusuf, kuwi merga para kangmase ora isa Ngrumati rasa, merga ora trima karo critane Yusuf.

 

Merga ora trima karo kabeh kahanane Yusuf, mula njur ngrekadaya piye  “Si DRENGKI” mau ngalami rasa marem , Puas lan Lega. Cikben marem, Puas lan Lega, sasaran rasa DRENGKI mau kudu disebratake, disingkirake,diilangake saka ing pandulune, lan Yusuf njur diguwang menyang papan liyan. Jenenge wae diguwang, para kangmase Yusuf ora nggagas nasipe adine, arep mati apa urip ora urus, sing penting atine lega merga DRENGKIne wis klakon entuk papan nyuntak. WOHING DRENGKI kuwi mung pati, ora ana liya. Ananging Gusti Allah kagungan rancangan kang beda karo rancangane para wong sing dikwasani dening si DRENGKI, merga si sasaran DRENGKI kuwi kang bakalan nguripi lan nulungi ing mangsa Pailan kang nempuh.

 

Ing jaman saiki ora sithik lho ya sing jik ngrumati si DRENGKI nganti malah dikwasani dening si DRENGKI. Amarga wis dikwasani, mula uripe ora nate nemahi karahayon sanadyan sok pamer kahanan karahayon, mesti bakal tumeka ing titi mangsane PAILAN kuwi nempuh, memper kaya jamane Yusuf lan para sedulure. Lan nalika kuwi, mbokmenawa ya kaya para kangmase Yusuf, ora bakalan isin sambat lan njaluk tulung marang si korabn DRENGKI. Mulane para sedulur, payo reresik ati, aja ngrumati iri,srei lan DRENGKI, merga kabeh mau anenuntun marang pati. Payo ngumati katresnan sejati kanga sale mung saka Gusti, merga kuwi dalan lan kahanan kang nuntun marang kahanan Mukti..

 

Salam Rahayu

FIKSI Di Malam PASKAH