Sabtu, 19 Februari 2022

PAYUNG

 

Setu Legi 19 Februari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 34 : 18-34

Jabur 37 : 1-11,39-40

Lukas 12 : 57-59

Mila panyuwun kula, gusti, keparenga kula kémawon ingkang panjenengan dadosaken réncang-tumbasan gentosipun adhi kula. Laré menika kajengipun wangsul kaliyan kakang-kakangipun. Kula mboten saged wangsul menawi mboten kaliyan laré menika. Kula mboten badhé tegel ningali kasisahanipun bapak kula.”Purwaning Dumadi 44 : 33-34

Mbokmenawa kabeh sing maca tulisan iki wis paham banget karo apa kuwi kang kinaranan PAYUNG, ana uga kang ngarani Songsong. racake digawe nganggo manekawerna bahan, ananging kang kinaranan PAYUNG utawa Songsong kuwi fungsine siji, yakuwi kanggo njaga saka sabarang kang isa ngganggu awak. Sanadyan mengkono, ora sithik sing mangerti yen fungsine PAYUNG utawa Songsong kuwi mung kanggo njagani awak saka Udan lan Panas, kamangka ana uga kang nggunakne PAYUNG utawa Songsong kanggo nggaya..Hehe.

 

Tembung PAYUNG utawa Songsong kuwi jebule ora mung nduweni makna denotative utawa makna asli, ananging uga isa diartekna konotatif utawa pasemon. Okeh tembung kang njlentrehake bab pangerten kang kaya mengkono, salah sijine kanggone para wong kang ngrasuk kapercayan marang Gusti Allah, mesti ora kaget karo tmbung “ Cikben Gusti Allah kang mayungi lakuning uripe”. Apa njur tembung MAYUNGI neng ukara ing ndhuwur marakne Gusti dadi PAYUNG? Kan ya ora ta? Kuwi tegese Gusti Allah kang didadekne juru perlindungan kang isa njaga saka sawernaning bebenduning jagad.

 

Neng kitab Purwaning Dumadi ana crita bab pawongan kang macak dadi PAYUNG utawa Songsong kanggo sedulure. Pawongan kuwi kinaranan Yehuda,, salah siji anake Rama Yakub. Lha kepiye larah-larahe kok Yehuda gelem dadi PAYUNG? Kuwi merga nalika ana pageblug, rama Yakub ngakon anak-anake nggolek gandum tekan Mesir, ndilalah neng kana sing dadi pemimpin logistic kuwi Yusuf, anake rama yakub kang diedol dening para sedulure amarga sengit. Sanadyan diedol, ananging anak-anake Yakub matur bapakne yen Yusuf mati dipangan macan, mula babarblas ora ngira yen saiki Yusuf dadi wong kepenak uripe. Nalika ana rombongan saka Kanaan teka lan arep tuku gandum, Yusuf kelingan yen kuwi para sedulure, blas ora pangling. Ananging durung wani blaka suta merga wedi yen sedulurenjur keweden, mula kanggo nyelidiki kahanane bapak lan adine, njur gelem menehi gandum yen mengko ngajak adine, si Benyamin.

 

Ngerti kahanan kang kaya mengkono, Yehuda sadhar yen Benyamin kuwi dadi klangenane bapakne, mula tinimbang nggawa Benyamin, Yehuda wani utawa saguh dadi PAYUNG, cikben tetep entuk gandum kanggo cawisan mangan lan kahanane bapakne tetep ora antuk pepalang apa-apa. Sanadyan sedulure Yehuda kang mangkat menyang Mesir okeh, malah ana Ruben si pambarep, ananging kang wani soroh urip kanggo dadi PAYUNG brayate mung Yehuda. Crita iki isa dadi kaca benggalaning urip ing saben jaman, klebu ing jaman saiki, yen sanadyan okeh wong, kang gelem dadi PAYUNG kanggo ngayomi kahanan cikben tetep lestari ora akeh, racake mung 10%, kaya critane anak-anake rama Yakub. Kok 10 %? Lha cacahe anake ana 13, sing wedok ora melu, ragile si Benyamin ya ora melu lan Yusuf wis kadung didol. Mula nalika ing jaman saiki tinemu bebenduning urip lan sing wani macak urip kadya PAYUNG mung 10%, ora usah kaget lan gumunan. Kabeh wis nate lumaku saka ing jaman kuna makuna.

 

Saiki kanggone sapa wae sing maca tulisan iki, wani pora nuladha lakune Yehuda kang dadi PAYUNG kanggo ngayomi kahanane brayat? Apa malah mung meneng wae amarga keweden ngrasakne rekasaning urip? Apa malah pilih tinggal glanggang colong playu cikben uripe rinasa kepenak? Yen bacutane critane Yehuda, kabeh njur lumaku becik kanggo brayate amarga sedya-mulyone Yehuda kang wani soroh nyawa minangka PAYUNG kanggo brayate.

 

“Jo, omongna Solebo, sesuk yen arep nggawe kendhang nggo sapi lan weduse, ora usah mburuhke. dikroyokne wae..” Unine Lik Ndoleng nalika esuk kuwi ngasah arit.

“Weh, apa ora ngowahi adate saiki Lik? Wong kabeh-kabeh saiki kuwi etungane buruh lan pungkasane dhuwit?” Semaure Dalijo sinambi malah mbalik takon.

“Wis, ora apa-apa. Yen ana sing yaruwe, aku sing nanggung, aku siap dadi PAYUNG ben adat sing sansaya mblesek iki isa diowahi” Semaure Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme.

“Weh, mathuk aku kang, kudu ana sing wani miwiti ngowahi..”Unine Kyai Gigut nalika liwat cedak anggone ngasah arti, meh mangkat tunggu jagung saka amukane Kethek.

“Ya yen setuju,njo dilakoni bebarengan Gut, aja mung wani anagas..” Semaure Lik Ndoleng.

“Kaya sampeyan wae Lik, wani agas karo Yu Wasti” Unine Iin seka njero pawon.

“Jindull..cah siji iki…..Jiannn!!!!” Swarane Lik Ndoleng sajak getem-getem, nganti pituneme ucul saka kekepane.

 

@semesta

Kamis, 17 Februari 2022

PAUKUMAN

 

Kemis Wage 17 Februari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 43 : 16-34

Jabur 37

Rum 8 : 1-11

Saiki wis ora ana paukuman menèh tumrapé wong sing ana ing patunggilané Sang Kristus. Sebab angger-anggeré Sang Roh Suci, sing nunggilaké urip kita karo Gusti Kristus Yésus, wis ngluwari kita saka angger-anggering dosa lan pati.

Rum 8 : 1-2

 

Tembung PAUKUMAN kuwi linggane ukum, kang tegese pranatan kang disepakati dening sawijining masyarakat. Tembung ukum kuwi neng cara ngindonesa hokum, kang tegese tetep pranatan. Njur nalika dadi tembung PAUKUMAN, tegese dadi samubarang kang ditumibakne marang apa lan sapa wae kang wus nerak aturan utawa angger-angger. Racake PAUKUMAN kuwi kahanan kang disengaja, sanadyan ana kang kayane ora disengaja, kaya PAUKUMAN kang dilakoni dening obah-mosike jagad iki.

 

Neng budaya Yahudi, okeh piwulang babagan angger-angger utawa ukum lan racake anggone nglakoni angger-angger kakune ngeram. Ing Hukum Toret, ora ana sing jenenge negosiasi utawa nyang-nyangan, ana sing tinemu luput utawa nerak ukum (angger-angger),langsung sikat..entekne sakendog-endoge. Hehe… Lan emane, sing seneng nibakne ukuman kuwi para penggede, sing rakyat pidak-pedarakan ya mung dadi korban, merga ora nduweni pengaruh apa-apa. Pirsa kang kaya mengkono kuwi, Gusti kersa mranata lakuning PAUKUMAN, ora dadi srana nyuntak hardening kanepson, ananging minangka srana piwulang lan srana mbabar Sih Rahmat.

 

Lumantar kang kaya mengkono kuwi, rasul Paulus njur memulang awit  percayane marang Gusti, yen lumantar pangorbanane Gusti Yesus ing kayu salib, PAUKUMAN kang lumaku ing angger-angger Toret wis ora lumaku meneh. Njur yen ana sing tinemu luput piye? Ya tetep dikandani, dikancani cikben mbalik ing dalan kang kinersakake dening Gusti. Lha kok penak temen? Pancen kepenak, kaya uripe menungsa, kang sejatine kudu nampa PAUKUMAN pati amarga dosa, wus  ora kaukum meneh amarga katresnane Gusti, amarga pangorbanane Gusti Yesus.

 

Pancen ora sithik sing seneng ngukum, ananging emoh yen diukum. Kuwi kabeh wis dadi watak-wantune menungsa. Ora sithik sing malah seneng nalika kancane nampa ukuman, kamangka sejatine ya kudu nampa ukuman amarga pancen ora ana wong kang resik lan satus persen nglakoni angger-angering kauripan.

 

“Ayo saiki njajal meneng Jo, ora jagongan” Unine Lik Ndoleng.

“Mathuk Lik, aku arep meditasi..”Semaure Dalijo.

“Apa ora luput basamu Jo?Kok ora nganggo tembung ndedonga wae?” Takone Kang Solebo.

“Intine kan ya padha Kang, manembah marang Sing Nggawe urip.” Wangsulane Dalijo, njur kabeh padha meneng, merga lumebu ing kahanan meditasi, sanadyan okeh sing durung dong babagan iki.

 

@semesta

 

Rabu, 16 Februari 2022

NGASAHI

 

Rebo Pon 16 Februari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 22 : 11-17

Jabur 120

Lukas 11 : 37-52

Mulané Gusti Yésus ngandika: “Kowé wong Farisi padha kulina ngasahi njabané mangkok lan piring. Nanging ing njeroné atimu kebak gagasan ngrodha-peksa lan piala.

Lukas 11 : 39

 

NGASAHI, kuwi tembung padinan kang tegese tumindak kanthi sengaja kanggo ndadekne kang diasahi resik. Dadi, sejatine NGASAHI kuwi meh padha karo reresik, sanadyan panganggone ing babagan ukara beda. Yen kanggo sapi utawa mobil diarani ngguyang, kanggo menungsa diarani ngedusi. Kabeh intine siji, marakne resik, lan mesti wae sing diasahi kuwi wiwitane reget utawa ora resik. Ing BENINGE EMBUN ESUK dina iki arep ngajak para maos ngelinge bab NGASAHI, kudu kepiye lan apa pungsine.

 

Bab NGASAHI kuwi nate diwulangake dening Gusti Yesus neng Injil Lukas, nalika kuwi Gusti diaturi pinarak neng omahe wong Parisi lan diaturi dhaharan kaya lumrahe adate “wong etanan”. Gusti Yesus  ya njur nampa lan cecawis arep dhahar, lha ing kahanan kang kaya mengkene iki dadi regejegan. Kanggone wong parisi, netepi aturan kuwi “harga hati” (jian kaya pembela NKRI wae, NKRI Harga Mati..hehe) lan ing pranatane agama yahudi, wijik utawa wisuh sakdurunge mangan kuwi wajib, utawa “ora meksa ning kudu!”, mula nalika Gusti arep dhahar lan tan[a wijik, para wong Parisi njur ngamuk, nesu lan nyuntak pamaido kang nggrojok kaya banyu talang nalika udan deres.

 

Gusti Yesus pirsa pikirane para wong Parisi, njur menehi piwulang lumantar pepemut. “Kowe wong Parisi padha kulina NGASAHI njabane mangkok lan piring. Nanging ing njerone atimu kebak gagasan ngrodha peksa lan piala”. Cetha wela-wela ngendikane Gusti Yesus, yen saksuwene kuwi para wong Parisi mung tumindak cikben disawang, cikben dialem lan babagan asipat lahir. Sing penting sing diketokne sing apik, kamangka njerone jik durung resik. Kersane Gusti cetha, yen NGASAHI, aja mung sisih njaba utawa lair wae, kudu kabeh lan malah luwih prayoga sing utama sisih njerone. Pncen ora isa diendani, yen kang sinawang kuwi luwih mayar mbijine, ananging lumantar piwulang wektu iki, payo NGASAHI kabeh kahanane urip peparinge Gusti. Pancen sing jenenge makarya (NGASAHI klebu makarya), rekasa lan mbutuhake pangorbanan. Mula payo manut kersane Gusti, wani NGASAHI kabeh kahanane urip iki,mbuh kuwi sing katon utawa sing ora katon.

 

“Leng, ngandi Dalijo pirang-pirang ndina ora ketok?” Takone Senthot nalika jagongan neng Cakruk Sor Talok.

“Mbuh, jare arep resik-resik papan semedine neng tegale…” Semaure Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme sing sajak jik anyar.

“Weladalah, pantesan ora krasa ambune..” Kyai Gigut melu nimpali rembugan bab Dalijo.

“Weh, iki padha ngrasani aku ta? Iya ta Lik, kang?” Takone Dalijo.

“Iya, Jo..lha telung ndia rangetok…”Semaure Kang Solebo.

“Aku resik-resik Lur..uga NGASAHI praboting urip..Merga akeh lan kudu resik tenan, mula suwe..” Semaure Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Aja kaya Ndoleng Jo, NGASAHI mung njabane thok, mula nalika gelase dingo nyuguh wedang dayoh, cengar-cengir merga jik mambu sabun..” Unine Kyai Kento.

“Paklik, kuwi dirungokne, atimu sing jik nyimpen rasa karo Yu Wasti ya resikana, kudu wani NGASAHI ati Lik..” Unine Iin, sinambi nyuguhake kopi lan kacang goreng wingko.

“Jindul, cah siji iki nggere njedul mung ngece aku wae…!!” Swarane Lik Ndoleng ora patio cetha merga sinambi ngekep pituneme.

 

@semesta

 

Sabtu, 12 Februari 2022

BEGJA

 

Setu Wage 12 Februari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 17 : 1-4

Jabur 1

Lukas 11 : 24-28

Sawisé Gusti Yésus mungkasi pangandikané mau, nuli ana wong wadon saka ing antarané wong akèh mau nguwuh: “Begja tiyang èstri ingkang nglairaken lan nesepi Panjenengan!” Nanging Gusti Yésus ngandika: “Sing begja kuwi wong sing padha ngrungokaké sarta nggatèkaké pangandikané Allah.” Lukas 11 : 27-28

 

Tembung BEGJA kuwi ana ing pirembugan isa ana korupsi hurup, merga racake hurupe “G” diguwang menyang sor wit Gedang, mula dadine mung BEJO. Ananging ya ora apa-apa, wong kabeh kang mobah-mosik neng njagad padang iki pancen ngalami owah-owahan, utawa istilahe sing keren  diarani epolosi (evolosi). Njur apa ta tegese tembung BEGJA utawa Bejo kuwi? Sakcedak sing takngerteni, tembung BEGJA utawa Beja kuwi artine kahanan kang mbungahake. Racake kahanan kang mbungahake kuwi nalika nampa berkah kang awujud barang utawa bandha-donya, nalika slamet saka kacilakan lan nalika antuk samubarang kang ndadekne kahanane ati bungah. BEGJA utawa Beja kuwi kosokbaline Cilaka, yakuwi kahanan kang nrenyuhake utawa kahanan ang ora dadi pengarep-arepe menungsa, sanadyan okeh kang ora dadi kekarepane menungsa kuwi malah kersane Gusti Allah.

 

Neng kitab suci okeh crita utawa piwulang babagan BEGJA (wis rasah tak wenehi katrangan lumantar tembung Bejo meneh ya lurr..hehe), salah sijine neng Injil Lukas bab sewelas. Ing kana, nalika Gusti memulang ana sing gumun setahun marang kawasisane Gusti Yesus wong seka Nasaret, si anake Yusuf tukang kayu.Merga gumune ngeram, njur pawongan mau ngungel, “BEGJA biyung sing nglairake lan nesepi Panjenengan..”. Mireng pangungel kang kaya mengkono mau, Gusti ora njur maturnuwun lan males kanthi mberkahi, ananging malah menehi bab sing luwih ndadekne BEGJA. Lha apa kuwi? Manut piwulange Gusti, kang kinaranan BEGJA kuwi  sapa wae sing ngrungokake sarta nggatekake pangandikane Gusti Allah”. Wealah, lha jebule mung mayar bab nemahi urip BEGJA kuwi, mung ngrungokne lan nggatekake pangandikane Gusti Allah, mayar Wiss!!.

 

Sik..Sik, sanadyan ana ing alam pikire wong jawa ngrungokake lan nggatekake kuwi pancen mayar, ananging ayo mangerteni nalika pangandika kuwi dingendikakne Gusti Yesus ing njamane Gusti Yesus, rongewunan tahun kepungkur neng tlatah ngisrael kana. Ing jamane Gusti Yesus, kang kinaranan ngrungokake lan nggatekne kuwi tegese ngrungkone, ngerti lan nglakoni. Mula aja bungah ndisik, nggatekne kuwi yen adate wong jawa ya mung cukup lungguh, merem lan manthuk-manthuk, mbuh dong apa ora, mula yen ana ing urip padinan ora nglakoni kersane Gusti, ya lumrah wae, merga ora ngerti. Beda ing jamane Gusti Yesus, ngrungkone lan nggatekake kuwi nyawiji karo nglakoni, mula sapa sing ngrungokne lan nggatekake pangandikane Gusti kuwi kang kinaranan BEGJA.

 

“Weh, jebule piwulange Gusti kuwi angel dimangerteni ya Lur? Lha babagan BEGJA wae, jebule ora mung sing anteuk berkah mbrewu, sing bandhane sundul langit. Malah sing ngungokne lan nggatekake pangandikane Gusti, lha kuwi wae jebul nduweni arti sing luwih jeruuuuoooo…” Unine Lik Ndoleng nalika jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Angel lan gampang kuwi mung kari niyate Leng, yen niyat ya apa wae gampang, ananging yen ora niyat, kabeh rinasa angele ngeram..” Semaure Kang Solebo.

“Pancen ngrungkoake lan nggatekne kersane Gusti kuwi klebu nglakoni kok Lik, Kang, Dhe. Nglakoni niku nggih tegese napa kang pun ngendikakne Gusti. Nalika Gusti ngendika yen pipimu tengen dikeplak, pipimu kiwo wenehna sisan, orausah dibales… Nika kang nggih abote ngeram” Dalijo melu urun rembug.

“Lha mula kuwi ta Lur, njur sing kinaranan BEGJA kuwi sing pipine tengen dikeplak njur malah pipine kiwa diwenehake ben dikeplak sisan, pora yo jan abote ngeram? Ananging abote kaya ngapa, yen wis sumarah marang Gusti, mesti diwenehi kekuwatan..lan isa ngrasakne kahanan BEGJA..” Ngendikane Kyai Kento sinambi numet gudanguyahe.

“Jalnya, para sedulur sing maca BENINGE EMBUN ESUK iki wani ngalami kahanan BEGJA manut piwulange Gusti Yesus apa ora..”Lik Ndoleng sajak sinis muni ngono, sinambi nyumet jisamsune kang Solebo.

“Ayo dilakoni Leng, ora mung mesam-mese kaya jangkrik kasamaran..”Unine Kang Solebo.

“Dengkulmu mlocot kuwi Bo…”Semaure Lik Ndoleng.

 

@semesta

Rabu, 09 Februari 2022

DITAMBANI

 

Rebo Legi 9 Februari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 8 : 1-15

Jabur 115

Lukas 5 : 27-32

Gusti Yésus ngandika: “Wong sing waras ora mbutuhaké dhokter; sing mbutuhaké dhokter kuwi mung wong sing lara. Teka-Ku ora prelu nimbali wong sing sampurna, nanging wong sing ngrumangsani dosané.”

Lukas 5 :31-32

 

DITAMBANI kuwi linggane Tamba kang tegese srana kang gunane kanggo marasake. Saka tembung lingga Tamba kuwi isa dadi pirang-pirang tembung, kayata : Nambani, kang tegese tumindak lumantar srana Tamba cikben dadi waras, DITAMBANI kang tegese nampa kahanan merga antuk pitulungan saka liyan cikben lelarane enggal ilang utawa waras. Ing tembung DITAMBANI ngemu teges yen sing lara pancen butuh pitulungan liyan cikben antuk kasarasan. Bedane tembung-tembung daden saka lingga Tamba kuwi cetha banget, Nambani tegese ngayahi ayahan kanggo marasane liyan, DITAMBANI tegese pasrah marang pitulungane liyan cikben isa dadi sehat utawa waras.

 

Neng Injil Lukas ana crita babagan tamba, ya babagan Nambani lan DITAMBANI. Ing crita kuwi ana regejegan babagan rawuhe Gusti Yesus ana ing omahe Matius juru pajeg kang nembe tinimbalan nderek Gusti, saking bungahe antuk kanugrahan timbalan saka Gusti, njur Matius nganakake pesta. Nalika pesta kuwi para sekabate Gusti yesus mangan bebarengan karo para kancane Matius kang ing wektu kuwi diarani para wong dosa. Wong Parisi lan ahli Toret protes, yen Gusti Yesus kuwi minangka Guru lan panutan, kena apa kok malah srawung karo golongane wong dosa? Gusti pirsa isining pikirane wong Parisi lan para ahli Toret, mula menehi wangsulan kang jerone ngeram. “Sing butuh dhokter kuwi wong lara.” Lan uga dicrthakne babagan ancase rawuhe, yakuwi nulungi wong dosa.

 

Pancen bener yen rawuhe Gusti Yesus kuwi ora nulungi wong apik, nulungi wong kang wus mlaku ana ing dalan kang bener, rawuhe Gusti kuwi pancen nggoleki wong dosa kang mertobat. Jagad iki isine dosa, mulane wong-wonge ya winengku ing dosa, ananging ora kabeh ngrumangsani dosane, ora sithik sing rumangsa ora dosa. Manut paseksine Injil Lukas, Gusti Yesus mung bakalan nulungi wong dosa kang gelem ngakoni dosane, sanadyan Gusti pirsa kabeh menungsa kuwi dosa, ananging yen ora gelem ngakoni dosane, tangeh lamun antuk pangapura. Iki persis kahanane wong kang ora eling yen dewekne lara, mula wegah diobati utawa wegah DITAMBANI. Wong sing gelem DITAMBANI kuwi mung wong sing sadhar yen dewekne lara, sanadyan nalika dicek dening dokter lan laboratorium canggih lan tinemu lara, ananging yen durung ngrumangsani larane, wong type kaya ngene iki angel DITAMBANI.

 

Mula saka kuwi, payo saiki eling yen rawuhe Gusti Yesus kuwi kanggo jagad, merga jagad iki wis kebak ing dosa. Kabeh wis winengku ing dosa, mula payo padha mertobat “berjamaah” njur mranata urip ing tembe kanthi pasrah sumarah ana ing katresnane Gusti. Payo ngrumangsani yen sejatine urip iki wis dikwasani dening pangwasane si dosa lan mung “tabib saka Nazaret” kuwi wae sing isa nambani lelara kang waujud dosa iki. Payo pasrah marang Gusti cikben DITAMBANI.

 

“Wingi seka ngendi Bo, kok kayane rada sore seka wetan?” Takone Lik Ndoleng marang kang Solebo.

“Ngeterke tangga lor omah nggolek tamba, amarga lara” Wangsulane Kang Solebo.

“Lha saiki kepiye, wis apik?Wis pulih kahanane Kang?” Takone Dalijo.

“Wis bagas waras, mau esuk wis ngarit bali pindho gek..”Semaure Kang Solebo.

“Kuwi sing hebat doktere apa obate ya lur?” Takone Kyai Gigut.

“Weh, mesti doktere jik enum tur ya ayu, lha nyatane Sarpin bar DITAMBANI njur tegese ..” Senthot jik  komentar.

“Jrett! Pikiranmu mung bathuk klimis thot, babagan lara lan tamba wae mbok gathukne karo wong ayu..Dussss!!!” Unine Lik Ndoleng.

“Tanggane kang Solebo isane pulih kuwi merga DITAMBANI, kuwi kawiwitan saka kesadaran yen lara lan pasrah marang juru tamba, mula apik ing pungkasane..Kuwi ya gambaran babagan dosa, yen eling yen kabeh menungsa kuwi dosa, ora usah rumangsa bener dewe, amarga yen rumangsa bener, kuwi ora mbutuhake Guati. Begja sing rumangsa marang dosane, merga kuwi kang bakalan antuk pangapura” Ngendikane Kyai Kento.

 

@semesta

 

 

Selasa, 08 Februari 2022

DIJUNJUNG

Selasa Kliwon 8 Februari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



1 Samuwl 9 : 15-10 :1b

Jabur 115

1 Timotius 3 : 1-9

Bab ilangé kuldi-kuldimu telung dina kepungkur, aja koksumelangaké, sebab wis ketemu. Ana menèh, sing pengaji dhéwé ing Israèl, bakal diparingaké marang kowé lan brayaté bapakmu.” Saul mangsuli, “Kula menika saking taler Bènyamin, taler ingkang alit piyambak ing Israèl, brayat kula menika tanpa pengaji wonten taler menika. Dados kadospundi bapak ngandika ingkang mekaten dhateng kula?” 1 Samuel 9 : 20-21

 

DIJUNJUNG kuwi linggane Junjung, sing tegese ayahan mindahake barang saka papan kang luwih endek menyang papan kang luwih dhuwur.  Saka tembung Junjung kuwi isa dadi pirang-pirang tembung, kayata : Njunjung kang tegese ngayahi ayahan Junjung kanthi daya lan tenagane dewe, njur meneh ana tembung kang dadi jejere BENINGE EMBUN ESUK ing dina iki, yakuwi DIJUNJUNG, kang tegese kahanan pindah saka papan kang luwih endek menyang papan kang luwih dhuwur kanthi pitulungan liyan. Dadi ing sakjroning tembung DIJUNJUNG kuwi paling ora ana telung kahanan, sepisan yakuwi Sing Njunjung, kapindho kang  DIJUNJUNG lan papane. Babagan kepenak Njunjung apa DIJUNJUNG kuwi, sumangga para maos kang “menilai”.

 

Babagan Njunjung lan DIJUNJUNG kuwi tinulis ana ing kitab suci,cethane neng kitab 1 Samuel bab sanga. Nalika kuwi kahanane bangsa ngisrael nembe kepengen kaya bangsa-bangsa liya kang nduweni pemimpin, mula njur nyuwun marang nabine Sang Yehuwah cikben nggolekne pemimpin kaya bangsa liyane. Sakbanjure Gusti  Allah lumantar nabi Samuel antuk wangsit cikben njebati sawijining pawongan saka trah utawa taler Benyamin kang tetenger Saul. Nalika pinilih, Sau; bubar kelangan lan uga rumangsa ora mungguh nampa kanugrahan kang uga ayahan kuwi. Saul sadhar yen leluhure kuwi dudu golongan pinunjul ing ngisrael, mula njur matur marang nabi Samuel. Sejatine Samuel yaw us pirsa, ananging merga iki kersane Gusti, mula kudu dilakoni.

 

Bener yen Saul kuwi saka trah utawa taler cilik  yakuwi taler Benyamin, bener yen Saul kuwi ora klebu pawongan kang dugdeng, ananging kabeh kahanan kuwi ora dadi masalah ing ngarsane Gusti. Sanadyan cilik lan kayane ora mungguh ananging Gusti Allah dewe kang bakalan Njunjung Saul utawa Saul kang bakal DIJUNJUNG dening Gusti Allah. Amarga DIJUNJUNG mula ya kudu manut, sakliyane manut ya kudu tansah eling lan waspada yen kahanane isa dadi kaya mengkono kuwi amarga murni antuk Sih Nugraha saka Gusti kang akarya jagad.

 

Kahanane Saul kuwi jan-jane ya padha karo sapa wae, kabeh wong klebu sing maca tulisan iki. Kabeh seajtine “ora isa munggah dewe”, mula butuh DIJUNJUNG ening Gusti. Anane kesadaran ora isa dewe kuwi sejatine patrap andhap asor kang bener tur pener, ananging ing jaman saiki ana kalamangsane andhap-asor kuwi ora dienggo piranti masrah diri marang Gusti, malah dienggo enda saka timbalane Gusti. Mula saka kuwi, payo saiki ngelingi kahanan njur  sadhar yen sejatine urip iki isane kelakon mung merga kamurahane Gusti, mung amarga pitulungane Gusti lan nalika isa ngadepi sakabehing momotaning urip lan rubeting dalaning urip, kuwi merga wus DIJUNJUNG dening Gusti.

 

“Umurmu saiki pira Leng?” Takone Senthot nalika jagongan neng Cakruk Sor Talok.

“Rasah kokean tekok, arep menehi apa? Genah ya ngerti rambutku kari telulas ler ngene kok ya ndadak tekok!” Semaure Lik Ndoleng sinambi numet pituneme.

“Weh, mung kari mangsuli awujud angka wae malah kokean rembug ta Leng?” Takone Senthot meneh.

“Mbuh, lali aku Thit, lha pas lahir aku lali nyawang jam lan almanac gek..” Semaure Lik Ndoleng sajak wis isa nampa lan sinambi gojek.

“Dus, malah genten ngece…!”Sambate Senthot.

“Perkiraanku paling seketan lima ya Kang?” Takone Kyai Gigut.

“Luwih, paling wis meh wollungpuluh, Ndoleng kuwi isa nlungsumi lho cah..” Kang Solebo melu urun rembug.

“Denggelmu gowang kuwi Bo, padakne ula apa aku isa nlungsumi!?” Semaure Lik Ndoleng.

“Yen perkiraanku paling kurang luwih selwenan, kuwi weteng mudun, yen weteng munggah palinga sewidakan..” Dalijo melu urun rembug lan dadi ger-geran merga umure sor weteng Lin doleng luwih enom, kamangka sejatine wis tuwek poll.

“Hmmm, umur kuwi isa kanggo pratandha, yakuwi tekan semono anggone Gusti nuntun utawa malah Njunjung lakune urip Lur. Mula yen saiki Kang Ndoleng nganti mlunthus kaya ngono kuwi tandha yen DIJUNJUNG Gusti ing sakparilakune..mula kudune awake dewe ya tansah atur panuwun” Swarane Kyai Kento sajak ketok merbawani banget.

 

@semesta


Senin, 07 Februari 2022

MBANGUN

 

Senen Wage 7 Februari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Para Hakim 5 : 1-11

Jabur 135

1 Korinta 14 : 26-40

Para sedulur, samangsa kowé padha nganakaké kumpulan, aku kepéngin supaya ana wong sing menyanyi, ana sing mulang, ana menèh sing nglairaké wahyu saka Gusti Allah, ana wong sing nglairaké pawarta nganggo basa roh, lan wong siji menèh sing nerangaké tegesé basa roh mau. Kabèh mau katindakna kanggo mbangun pasamuwan.

1 Korinta 14 : 26

 

Kayan kang wingi-wingi, semono uga ing dina iki jejere BENINGE EMBUN ESUK padha karo ndek nalika tanggal songolas desember rongewu-songolas, yakuwi MBANGUN. Ananging ya kaya kang wus kelakon, sing dadi undheran beda, cikben sansaya ndadekne pangerten kang tambah amba utawa jembar. MBANGUN kuwi tumindak kanthi sadhar kanggo ndadekne samubarang dadi ana, sanadyan sejatine kuwi ngolah kang wus ana saka bahan-bahan liya. Sing jenenge MBANGUN kuwi ora isa dilakonii dewe, kudu paling ora wong loro, kaya contone nalika padha MBANGUN tresna. Intine, gawean MBANGUN kuwi merlokne liyan kanggo makarya.

 

Ana piwulang luhur saka kitab suci babagan MBANGUN, yakuwi ing surat tresnane rasul Paulus marang pasamuan ing kutha Korinta. Merga ing kutha Korinta pasamuan tuwuh subur lan ngrembaka, sakliyane ana kabar apik ya ana wae kahanan kang rinasa ora apik. Sing ora apik, merga wong okeh, yakuwi babagan rebutan endi sing paling wigati sakjroning urip bebarengan. Jenenge wae rebutan,mesti isa dadi gelut ya ora diupakara, mula rasul Paulus njur kirim laying. Intine laying pastoral kuwi kurang luwih kaya ayat nats ing ndhuwur. Rasul Paulus ngelikake cikben pasamuan ing Korinta makarya MBANGUN uriping percaya kanthi misungsungake apa kang dadi peparinge Gusti. Sing isa nyanyi ya nyanyia, sing isa mulang ya mulange, intine kabeh ngayahi ayahan MBANGUN jumbuh karo “talenta” peparinge Gusti Yesus.

 

Ora mung ing jaman rasul Paulus, ing jaman saiki babagan “rebutan” kuwi ya ijik ana, lan ora mung rebutan gawean, ing jaman saiki sing okeh malah rebutan ngendani gawean kanggo MBANGUN pasamuan. Nalika ana sing ngalami ing sakjroning nglakoni uriping kapercayan iki, payo mangerteni “bakat” peparinge Gusti lan sakbanjure diaturake marang Gusti minangka srana kanggo MBANGUN pasamuane Gusti. Kabeh kudu eling yen kabeh wis pinaringan berkah kanggo njangkepi kahanan binanguning pasamuan. Ora ana menungsa sing super, kabeh dikumpulake dening Gusti ben dadi jangkeb. Tangeh lamun pasamuan binangun kanthi apik, nalika grengseng lung-tinulung ora lumaku. Mulane payo padha nganyarake sedya kanggo MBANGUN adeging psamuane Gusti kanthi misungsungake bakat utawa talentaning urip kang wis diparingake dening Gusti marang para kagungane siji lan sijine.

 

“Bo, aku mau bengi sewengi nutug ngrungkone wayang, lakone rama tambak. Ananging  kok saka rumangsaku ana sing beda ya?” Lik Ndoleng ujug-ujug crita babagan wayang.

“Lha sing aneh apa ta Leng?” Takone Kang Solebo marang Lik Ndoleng.

“Lha patrahe ora dong, ora denger wayang wae ndadak ngrungokne siaran wayang ta kang Ndol?” Kyai Gigut malah sing nanggepi.

“Njaman mbiyen rasula, nglurug neng Pagersari, pamite nonton wayang malah mung nggoleki prawan gek Gid…mula ya tekan saiki blas ora paham” Senthot melu naggepi.

“Duss, crigir cah..!! Serius aku iki..” Unine Lik Ndoleng.

“Lha apa sing mbok rasa kurang Leng?” Takone Kang Solebo.

“Po ngarep-arep nggon wayang sing nyinden Yu Wasti Lik?” Dalijo melu njarak pakne Cilik.

“Jindul, malah kuwi meneh Jooo, hmm! Ngene lho To, mosok aku nunggu njedule Werkudara, nganti rampungblas ora njedul” Unine Lik Ndoleng.

“Weladalah, Leng…ya mesti ora njedul Werkudara yen lakone rama tambak…Beda carangan crita.Ngene lho Lur, urip  kuwi sejatine kudu eling kahanane. Ana wayahe tampil, ana wayahe ora tampil, aja meksa kudu tampil neng saben kahanan. Kuwi jumbuh kaya lakon wayang purwa. Yen kudune tampil, aja selak,aja endha, semono uga yen kudune ora tampil, ya aja meksa. Iki uga kanggo patraping urip sakjroning MBANGUN pasamuan, kaya piwulange mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK kui.”Ngendikane Kyai Kento.

“Weh, jebul kuwi ora mung tontonan ya cah, uga dadi TUNTUNAN..”Unine Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme.

 

@semesta

Sabtu, 05 Februari 2022

SEPI

 

Setu Pahing 5 Februari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Para Hakim 3 : 7-11

Jabur 138

Lukas 4 : 42-44

Bareng srengéngé wis mlethèk, Gusti Yésus nuli tindak saka ing kutha kono menyang panggonan sing sepi. Wong-wong banjur padha nggolèki. Bareng wis ketemu nuli padha nyuwun supaya Panjenengané aja jengkar saka ing kono.

Lukas 4 : 42

 

SEPI kuwi kahanan, amarga kahanan mula SEPI kuwi isa digawe lan uga isa lumaku dewe tanpa ana titah sing ndadekne SEPI. Menawa wayah bengi njur lunga menyang saktengahe alas, mesti isa nekseni lan ngrasakne kahanan SEPI, amarga tangeh lamun isa ngrasakne lan ngalami kahanan SEPI nalika wektu awan lan ing kutha gede, mesti kahanane rame banget. Kang sinebut ing ndhuwur kuwi babagan SEPI kang anane saknjabane uripe menungsa, merga ana uga kahanan SEPI kang anane neng sakjroning atine menungsa. Lha gampang endi nggayuh SEPI ing batin apa saknjabane batin? Kabeh mung kari sing nglakoni.

 

Neng kitab suci ana crita babagan Gusti Yesus  nggolek panggonan kang SEPI, saperlu ndedonga. Lho kena ngapa ingatase Gusti Allah kok arep Ndonga wae nggolek papan kang SEPI? Kuwi minangka patuladan kanggo sapa wae yen sing jenenge ndedonga kuwi urusan weninge batin, mula papan lan kahanan SEPI rinasa luwih gampang nggayuh srawung lan manunggal karo Sangkan Parane Dumadi. Gusti Yesus nggoleki papan SEPI saperlu ndadekne penggalihe Wening, amarga mung ing sakjroning kahanan kang wening wae, sukma iki isa adep-adepan karo Sang Murbeng Rat. Njur menawa ana pitakonan, apa ora isa Gusti lumebu ing swasana SEPI nalika kahanan ing kiwa-tengene rame? Ya jan-janne isa wae nganggo banget, ananging Gusti ya pengin menehi piwulang lan patuladan babagan nggayuh utawa ngupadi swasana SEPI.

 

Ing urip neng jaman kang kinaranan super-modern iki, nggayuh kahanan SEPI kuwi larange ngeram. Kahanan njabaning urip kayane ora isa dibedakne awan lan bengi, yen mbiyen awan kuwi rame lan mbengi kuwi SEPI, saiki awan karo bengi kuwi meh padha. Sing luwih nggegirisi meneh, sanadyan kahanane SEPI wae, ora sithik sing kangelan lumebu marang kahanan SEPI. Lho kok isa? Babagan umyeking pikiran kuwi meh kabeh menungsa “berbakat” lan ora usah sinau tekan manca negara, kabeh isa lan malah pinter banget. Lha sejatine kahanan SEPI sing kaya ngapa sing diupadi dening Gusti, mula nganti wani “ninggalke” kutha lan nggolek papan SEPI?

 

SEPI kang prayoga kuwi kang anane mung diri karo Sing Nggawe Urip, liyan ditinggal ndisik. SEPI sing sejati kuwi nalika pikiran ora ngwasani urip, ananging urip sing ngwasani pikiran. Pancen angel nggayuh kahanan SEPI lan sakbanjure  wening,merga menungsa modern kuwi kabeh sarwa keSUSU, kabeh pengen cepet. Sanadyan blegere ndedonga, ananging pikirane mabur tekan papan kang adohe tanpinetung. Kuwi kahanan menungsa ing jaman saiki, kabeh mobah-mosik kaya ombak ngamuk ing segara.  Yen Gusti Yesus wae wani nempuh dalan angel, wani ninggalke kutha kanggo nggayuh kahanan SEPI, payo saiki nuladha Gusti. Apa Gusti pas karo para muride ora Ndonga? Mesti Ndonga, ananging ngrasakne kahanan SEPI kuwi pancen ora mayar nggayuhe.

 

“Saiki kayane awakmu seneng melek mbengi ya Jo?” Takone Kang Solebo, nalika ngaso  ngepasi rewang dandan kandange Sodrun sing kembrukan pring.

“Iya Kang, nggayuh kahanan SEPI lan Wening, ben sansaya ngrasakne cedak karo Sing Ngecet Lombok” Semaure Dalijo.

“Kurang gawean pancene kowe kuwi Jo. Lha saben minggu wis ngaBEKTI pora cukup, malah kepara turah?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Kuwi ya cukup Lik, ananging aku jik pengen ngrasakne sesambungan ing sakjroning manembah marang Gusti sing luwih jero, lan kuwi mung isa nalika SEPI, mergane yen wis SEPI njur lumebu swasana wening” Semaure Dalijo.

“Aku mathuk karo penemumu Jo, pancen saiki ora sithik menungsa sik ketok manembah, anaging durung mesti isa nggawe batine SEPI. Manembah ragane, ananging pikirane tekan ngendi-endi..pancen butuh kahanan SEPI…”Semaure Kyai Kento, sinambi nyumet gudanguyahe.

“Aku ya mathuk Kang, ananging mbuh sing padha maca tulisan iki dong apa ora, aku dewe ora ngerti..” Kyai Gigut muni sinambi njajal MLdne Dalijo.

 

@semesta

 

 

Jumat, 04 Februari 2022

NAMPA

 

Jemuah Legi 4 Februari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Wilangan 27 : 12-23

Jabur 138

Para Rasul 9 : 26-31

Nanging Barnabas gelem nampani; mulané Saulus nuli diteraké nemoni para rasul. Para rasul padha dicritani, yèn Saulus kuwi wis diketingali déning Gusti Yésus ana ing dalan, lan Gusti Yésus wis ngandika marang Saulus. Barnabas mau uga nyritakaké yèn Saulus ing kutha Damsyik wis ngabaraké Injil klawan kendel atas Asmané Gusti Yésus.

Para Rasul 9 : 27

 

Tembung NAMPA kuwi tegese wani nambah ing sakjroning kahanane kanthi sadengah konsekwensi.Tembung NAMPA uwi kosokbaline utawa “lawan-katane” Nampik utawa nulak. Samubarang kuwi isane dadi “duwek’e” nalika ana sing menehi lan ditampani, sakduruge ditampani utawa gelem NAMPA, apa wae paweweh kuwi durung dadi duweke. Babagan NAMPA kuwi kang bakalan dadi undherane andharan ing BENINGE EMBUN ESUK ing wektu iki.

 

Neng Lelakone Para Rasul ana crita babagan NAMPA, yakuwi nalika ana pawongan kang mertobat lan pasrah marang pangwasane Gusti Yesus. Pawongan kang mertobat kuwi jenenge Saulus, lan ana uga pawongan kang kudu ngayahi ayahan NAMPA, yakuwi Barnabas. Kok isa muter kaya mengkono critane kepriye ta? Sakwise mertobat, Saulus njur ajal-ajal ngabarake Injil, lan nalika meh ketemu para muride Gusti Yesus neng Yerusalem, para muride Gusti Yesus wegah NAMPA Saulus amarga “trekrekote” (track record) kang pancen nggegirisi polahe Saulus anggone numpes para muride Gusti Yesus.

 

Merga ngerti yen para muride Gusti Yesus wegah NAMPA utawa Nampik Saulus,  Barnabas njur mrentul welas asihe, lan sakbanjure wani NAMPA Saulus. Barnabas sadhar yen apa kang dilakoni mesti bakal dadi rerasanan, bakal dadi paran pitakonan lan malah apese isa dimungsuhi para kancane, ananging kabeh kuwi wis dietung, kabeh wis ditata kanthi pas lan wicaksana. Roh Suci piyambak sing wis nuntuk lakuning uripe Barnabas mula nganthi wani NAMPA Saulus sakwutuhe. Barnabas lumantar panuntune Sang Roh Suci ngerti yen Saulus wis “Nlungsumi” saka patraping urip lawas ginentenan patrap urip anayar. Pancen ora sithik sik ijik “menyangsikan” owah-owahane Saulus, ananging panuntune Sang Roh Suci sing marakne Barnabas wani nglakoni ayahan NAMPA Saulus kuwi.

 

Sanadyan mung sepele, ananging ayahan NAMPA kuwi sejatine abote ngeram. Yen mung NAMPA ing tembung, mayar tur ya kabeh menungsa isa, ananging yen NAMPA sakwutuhe kuwi sing angel. Crita kitab suci cetha, sanadyan wis cetha yen Saulus kuwi mertobat, ananging para muride Gusti Yesus sing malah nampik utawa durung gelem NAMPA, lan apike kuwi ora ndadekne Saulus (jenenge durung ganti, merga durung enek sing wani mbancaki..hehe) kuciwa utawa lara ati. Saulus tetep bungah  asukarena (awas…macane aja dipisah….), lan percaya yen kabeh wis tinata dening Gusti. Mulane lur,sanadyan ketoke mayar, payo sinau kaya Barnabas kang wani ngayahi ayahan NAMPA kanthi tulus iklasing ati kang sumarah marang Gusti.

 

“Kowe kuwi pora kesel ta Jo, kabeh ayahan mbok tampani?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo,nalika ngerti yen Dalijo gelem dadi panitia nggawe Cakruk kanggo ronda.

“Aku wani NAMPA, merga aku percaya kabeh ayahan kuwi asale saka Gusti Lik…ora usah mikir sing aeng-aeng..” Semaure Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Lha emange kowe Leng, dijak nyambut gae ndesa alesan, nggreja ya padha wae alesan. geleme mung yen Wasti mangkat” Unine Senthot sinambi dolanan androite.

“Denggelmu mlocot kuwi Thot..awakmu saben ngerti cah wetan cubluk wis nggregeli kaya welut kesetrum” Semaure Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme.

“Weh, powis ngerti Welut kesetrum Kang?” Takone Kyai Gigut.

“Eee, jarene wong-wong kae ko..” Unine Lik Ndoleng.

“Ora usah crigis, kuwi sinau piwulange mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK, wani NAMPA ayahan apa wae  kang diparingake Gusti” Ngendikane Kang Solebo lan Kyai Kento meh bebarengan.

 

@semesta

Kamis, 03 Februari 2022

NLUNGSUMI (2)

 

Kemis Kliwon 3 Februari 2022

BENINGE EMBUN ESUK

NLUNGSUMI (2)

Wilangan 20 : 22-29

Jabur 138

Para Rasul 9 : 19b-25

Wong kabèh sing padha ngrungokaké piwulangé padha gumun. Wong-wong mau padha takon-tinakon: “Apa iki dudu Saulus, sing matèni sakèhing wong sing padha nyebut Asmané Gusti Yésus ana ing kutha Yérusalèm kaé? Lan tekané mréné iki apa ora arep nyekel para muridé Gusti Yésus lan nggawa wong-wong mau marang para pengareping imam?”

Para Rasul 9 : 21

 

Jejer NLUNGSUMI wis nate kaenggo neng BENINGE EMBUN ESUK ndek tanggal 30 April 2019, mulane kudu takwenehi pratandha. Yen kepengin maos jejer kuwi kang wus kawuri isa diklik iki (iki lur). Kaya jejer liyane kang padha, menawa kang dadi “pokok bahasan” tansah beda, semono uga ing dina iki kanthi jejer NLUNGSUMI. Tembung NLUNGSUMI kuwi racake digunakne kanggo ngarani kahanane kewan kang kinaranan Ula, yakuwi nalika salin kulit. Dadi yen Ula kae ngrasa kulite wis ora pas kanggo awake, njur mateg aji NLUNGSUMI, salin kulit lan sakbanjure dadi  anyar meneh. Mbokmenawa yen kanggo menungsa salin kulit kuwi kinaranan Ngglodogi. Yen kanggone Ula, NLUNGSUMI kuwi pancen kayane mung kulit wae sing salin, sebab babagan batine si Ula sing weruh ya mung si Ula dewe.

 

Tembung NLUNGSUMI kuwi mung minangka gegambaran kanggo sinau babagan crita kitab suci. Neng Lelakone Para Rasul ya nate dicritakne babagan kang kaya mengkono kuwi. yakuwi crita malih rupane utawa “NLUNGSUMI”ne rasul Paulus. Sakdurunge NLUNGSUMI jenenge Saulus, kang kawentar tumindak wengis lan memungsuhi para abdine Gusti. Sanadyan mburu para abdine Gusti lan arep dipateni,ananging sakdurunge Saulus “NLUNGSUMI”, dewekne rumangsa yen apa kang ditindakake kuwi bener satus persen lan babarblas ora luput. Lha nalika ing sawijining dina dipethuki dening Gusti Yesus dewe, Saulus njur malih, Saulus njur NLUNGSUMI. Saulus diganti jenenge dening Gusti dadi Paulus. Saikine Paulus kang wus NLUNGSUMI sakwise kepethuk Gust iwis dadi abdine Gusti kang peng-pengan.

 

Saben menungsa nduweni “kisah masa lalu” lan ora kabeh apik, ora sithik sing ala lan ora kepenak dirungokne. Ananging samangsa wong kuwi nate dipethuki dening Gusti, mesti ana owah-owahan kang ora tinemu nalar, mesti NLUNGSUMI. Ananging sandyan wis NGLUNGSUMI, ora sithik kang ijik nampik, kaya critane Saulus kang wus dadi Paulus, okeh sing kaget lan uga nyepelekake. Sing cetha, sing sapa wae wus nate dipethuki dening Gusti mesti nduweni owah-owahaning urip, mesti wani “salin-kulit” utawa NLUNGSUMI lan wani ninggal patraping urip lawas kang wus suwe dilakoni kanthi mareming ati.

 

Saka crita iki, isa dipethik pasinaon kang apik lan paling ora ana rong perangan. Sepisan, tumrap sing kepengin NLUNGSUMI. Aja wedi kepethuk Gusti Yesus, aja wedi kelangan “masa lalu” sing katone nyenengake kaya Saulus. Sakdurunge NLUNGSUMI Saulus seneng dadi pengareping wong okeh, seneng diarani wong terkenal, seneng ngumbar kasenengan kamanungsane, ananging sakwise kepethuk Gusti Yesus, kabeh sirna,kabeh ilang musna. Dene kang kaping pindhone, tumrap para wong kang diwenehi wektu kepethuk sedulur kang wus ngalami NLUNGSUMI. Payo ditampa ing saktengahing pakaryan lan ora usah diuthik-uthik “masa lalune”, amarga kabeh menungsa nduweni “masa lalu” kang ora kabeh tinemu prayoga. Payo sinau kaya Saulus kang wani NLUNGSUMI dadi Paulus lan uga sinau dalah nuladha patraping pasamuan wiwitan kang wani nampa Paulus kanthi prayoga uga.

 

“Yen tak pikir-pikir, ora gampag ngowahi patraping urip iki ya lur?” Ujug-ujug Lik Ndoleng mbuka rembugan sing sajak abote ngeram.

“Yen manut penemuku lho Leng, kuwi mung kari karep utawa niate..Yen niat, mesti klakon..” Kang Solebo menehi penemune sinambi nyumet jisamsune.

“Lha awakmu arep malih dadi apa Leng? Apa arep dadi Begawan? Wis pas jane, merga rambutmu sing mung kari telung las kuwi..” Unine Senthot, kaya padatan ngece Lik Ndoleng.

“Dus, dengkulmu mlocot kuwi Thot…kene rembugan sengrius iki lho…” Wangsulane Lik Ndoleng.

“Kudu wani NLUNGSUMI kaya piwulange mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK kuwi lho Lik..” Semaure Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Apa arep dadi Kang Min kang, ben ana sing nggenteni, wis suwe perane Kang Min ora enek sing ngganti lho..”Kyai Gigut melu njarak Lik Ndoleng.

“Kowe wae Gut, gentenana kang Min..”Semaure Lik Ndoleng.

“Ssst, saiki ayo nyawang awake dewe-dewe, apa ana sing kudu diowahi, sing kudu diganteni. Yen uwis, ayo ngganti kabeh kang ora apik..ayo NLUNGSUMI patraping urip. Sing pelit dadi loma, sing sombong dadi andhap-asor, sing males dadi rajin..Sing ….”Kyai Kento meneng, ora mbacutake ngendikane, njaluk para maos sing mbacutake.

 

@semesta

FIKSI Di Malam PASKAH