Jumat, 28 Februari 2020

NGEMAN


Jemuah Wage 28 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Yunus 4:1-11
Jabur 51
Mateus 9:15-15
Pangandikane Pangeran Yehuwah: “Sira ngeman marang wit jarak, kang dudu rumatanira lan iya dudu sira kang nukulake iku, kang thukule sajrone sawengi lan alume iya sajrone sawengi. Apa iya Ingsun ora kudu ngeman marang Niniwe, kutha kang gedhe iku, kang pendhudhuke luwih saka satus rongpuluh ewu, kang durung weruh bedane tangan tengen karo tangan kiwa, sarta kang kewane luwih dening akeh iku?” Yunus 4:10-11

NGEMAN kuwi asale seka lingga “eman”, sing tegese ora gelem ngeculne samubarang kang dadi darbek’e. dene asale eman kuwi merga werna-werna kahanan, isa merga kuwi ajine gede, isa kuwi merga nggolek’a angel lansakpanunggalane. Seka tembung Eman kuwi sakbanjure dadi NGEMAN, sing tegese mbudidaya supaya ora pindah marang papan utawa pihak liya. Lumrahe wong, mesti NGEMAN sabarang kang disenengi utawa dadi klangenane. Merga rasa tresna, mula mesti NGEMAN lan yen ora tresna mesti ora bakalan NGEMAN.

Bab NGEMAN kuwi nate dadi pokok piwulange Gusti Allah marang nabi Yunus, nalika bubar ndadekne bangsa Niniwe mertobat. Nabi Yunus kuciwa, merga bangsa sing dudu golongane kuwi mertobat, kudune entuk paukuman. Merga kuciwa marang Gusti Allah, banjur nabi Yunus protes. Nguningani ”mutunge” nabi Yunus, Gusti Allah banjur mbabar piwulang. Nalika nabi Yunus mlayu menyang sisih wetane kuta Niniwe, banjur ngeyup. Ing kaanan iku Gusti Allah banjur nuwuhake Wit Jarak, cepete gede ngeram nganti ngungkuli duwure nabi Yunus. Merga leddung-ledhung mula nabi Yunus njur ngeyup. Merga wis rada sore, njur nabi Yunus mlebu meneh menyang pondok’e. esuk’e  bareng srengenge njedul, jebule wite  Jarak alum,kuwi sing ndadekne nabi Yunus nesu.

Nalika nabi Yunus nesu, njur diwelehke dening Gusti Allah, yen sejatine deweke ora pantes nesu, merga wit jarak kuwi dudu duwek’e.  Yen nabi Yunus NGEMAN sing dudu duwek’e, mendahneo yen sing nduweni. Kuwi sing dikersakne Gusti Allah, merga Niniwe kuwi sanadyan dudu golongane nabi Yunus, ananging kuwi kagungane Gusti Allah,mula Gusti ya NGEMAN marang kagungane.
Saka crita bab nabi Yunus isa dipethik pasinaon apik, yen sejatine Gusti Allah kuwi NGEMAN marang kagungane. Sing kudu disadari, yen wis dieman, njur apa kang kudu dilakoni para kagungane? Sumangga para maos kang kagungan hak kangge milih.

“Jo, jebul Gusti Allah kuwi tresna marang kabeh titah, ora nyawang kuwi manut utawa mbalela ya?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo.
“Ya mesti wae ta Lik..wong kabeh kuwi kagungane.” Wangsulane Dalijo.
“Yen ngono, rasah tumindak aik, rasah ngibadah wae ya, kan mesti dieman dening Gusti?” Lik Ndoleng sajak nduweni kalodangan kanggo nggolek alesan endha.
“Padune arep kokean alesan wae ndadak nggaya ngajak diskusi bab tresnane Gusti Allah Lik. Sampeyan wae ya NGEMAN sing dudu duwekmu!” Nduk I’in melu nyoal-nyael.
“Weh, kurang gawean wae In, dudu wek’ku kok ngapa ndadak take man?” Lik Ndoleng semaur rada kaget.
“Lha kae, angger nyawang Yu Wasti lungguh jejer pas kebaktian, sampeyan mesti mbingungi. Pora kuwi jenenge NGEMAN sing dudu duwek’e?” Nduk I’in nyemes Lik Ndoleng sakemenge, dene Lik Ndoleng sajak ngowoh, kaya Jangkrik kepedesen Lombok.

Simbahe..



Kamis, 27 Februari 2020

MANGKAT


Kemis Pon 27 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Yunus 3:1-10
Jabur 51
Lukas 9:22-25
“Mangkata, menyanga ing Niniwe, kutha kang gedhe iku lan ngandhakna marang kutha iku, pangandika kang bakal Sunparingake marang sira.” Nabi Yunus tumuli tata-tata lan banjur mangkat menyang ing Niniwe, cundhuk karo pangandikane Gusti Allah. Yunus 3:2-3b

Sing diarani MANGKAT kuwi tumindak, yakuwi tumindak ninggalke papan lawas lan tumuju marang papan anyar. Dene mula bukane MANGKAT kuwi isa merga werna-werna kahanan, ananging racak’e merga timbalan. Dene timbalan kuwi isa seka pihak njaba lan uga seka pihak njero. Seka pihak njaba isa kuwi sedulur, isa kanca lan uga wong lya. Isih seka njabaning awak pribadi, timbalan seka njaba isa uga merga kahanan sing ana ing sakiwa tengene. Dene timbalan seka njero, merga kahanae awak. Isa kanggo conto sing timbalan seka njero, nalika esuk tangi turu njur krasa pipis, kuwi ya jenenge timbalan, lan akeh-akehe mesti ya MANGKAT. Lha yen ora MANGKAT apa ana ukumane? Ya ana.

Nabi Yunus nate ditimbali lan didawuhi dening Gusti Allah. Wiwitane ya MANGKAT, ananging menggok, njur kena bebendu. Kaping pindone MANGKAT lan kasil. Njur apa sing ndadekne nabi Yunus ing kala sepisan tinimbalan makarya MANGKAT, ananging menggok? Kuwi merga wedi marang kahanan sing durung dialami, mung wedi marang wewayangan sing ana ing pikirane. Manut penemune nabi Yunus, Niniwe kuwi kutha sing bejad lan ora pantes nampa nugraha nalika mertobat. Ngerti kang kaya mengkono, nabi Yunus ya mangkat nalika ditimbali, ananging njur menggok. Nabi Yunus MANGKAT, merga ninggalke papan panggonane sakdurunge, ananging ora nuju marang kang dikersakne dening Gusti Allah, mula njur entuk pepeling. Sakwise sadar, njur ya mangkat lan akhire kutha Niniwe mertobat.

Ing jaman saiki ya Gusti tetep nimbali umate, kanggo makarya. Ana sing enda (iki sing akeh), ana uga sing MANGKAT. Dene sing MANGKAT, jik dipilah dadi loro, sing manut jumbuh karo dhawuhe Gusti, ning ya akih sing MANGKAT ananging menggok,mula ya ora tekan tujuan lan kaya jamane Niniwe, padha ora mertobat. Mulane sumangga, sing pada maca tulisan iki,wis padha MANGKAT netepi timbalan durung?Yen uwis, ngerah kang dikersakne Gusti apa malah menggok?Kuwi mung sampeyan dewe-dewe sing pirsa.

“Mau bengi rampung jam pira Lik rapat panitia undhuh-undhue?” Takone Dalijo nng Lik Ndoleng.
“Hmm..jam pira ya, aku lali ora niliki jam gek Jo..”Semaure Lik Ndoleng.
“Lha hasile piye Lik?” Dalijo jik nguyak informasine, merga ora isa mangkat, kudu kenduren.
“Weh, aku ya ora patio eling..apa ya..” Sajak bingung Lik Ndoleng menehi wangsulan.
“Mbok jujur wae Lik, ora ngerti apa-apa bab rapat. Lha wong ora MANGKAT.” Nduk I’in melu mangsuli.
“Weh, lha mingket seka ngomah, pamite arep MANGKAT, jebul malah Menggok ndalan. Po mampir mae Yu Wasti Lik?” Dalijo nakoni sinambi ngisep eM,eL,De sing sajak nikmat banget, dene Lik Ndoleng mung plengah-plengeh kaya Kinjeng ditinggal yange.

Simbahe..


Rabu, 26 Februari 2020

BANDHA


Rebo Pahing 26 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK

PORANG

Yesaya 58:1-12
Jabur 51:1-17
2 Korintus 5:20b-6:10
Mateus 6:1-6,16-21
Nanging padha nglumpukna bandha ing swarga, kang ora bakal kena ing renget lan tiyeng kang ngrusak lan ora bakal katekan maling kang mbabah lan nyolong.” Mateus 6:20

Yen ngrembeg bab BANDHA, mesti sing langsung njedul neng pengangen utawa pikiran kui bab duwit, mobil,emas-picis raja brana, lemah sing amba, sato kewan ingon-ingonan sing raetungan akehe. Arang sing nduweni pikiran yen sing diarani BANDHA kuwi isa ora nduweni wujud, ananging nduweni aji sing ngungkuli BANDHA sing ana wujud’e. Amarga “pola pikir” sing kya mengkene iki sing ndadekne kahanan sugih lan ora sugih mung diukur seka BANDHA sing katon pira akehe. Wong lagi diarani sugih nalika nduweni BANDHA (sing etok) kang tanpa etungan, dene yen BANDHAN’ne jik isa dieting, durung isa diarani sugih.

Amarga pola pikir yen BANDHA kuwi mung sing awujud barang sing isa dieting, isa didemek lan isa disawang, mula akeh wong sing sambat ora nduwe, sambat mlarat. Ing kene mlarat mung diukur karo sepira akehe BANDHA donya sing diduweni. Iki uga kang ndadekne menungsa yen ndonga utawa berdoa isine mung panyuwun, persis kaya proposal panitia pembangunan yen meh mbangun kae. Lan sing dijaluk ana neng pandonga kuwi ya BANDHA sing isa dieting, isa didemek lan isa disawang. Arang banget sing wani nyenyuwun marang Gusti ing pandonga BANDHA sing ora katon, sing luwih awet lan langgeng utawa ora ilang. Arang sing nyenyuwun bab : nduweni ati kang loma, lha wong pengene nglumpukne kok dikon andum! Iki klakon merga ora nate nyuwun Gusti ati kang loma lan binerkahan, anane mung kurang,kurang,kurang lan sambat karo sambat! Kamangka bab lomaning ati kuwi ya berkah utawa BANDHA sing asale saka Gusti. Ati kang loma kuwi BANDHA, merga lumantar ati kang loma, menungsa isa weweh, isa andum berkah. Yen atine pelit, biyuhh..lagi ana perkara sithik bab BANDHA kang arupa barang (pomeneh duwit), sambate krungu poncoting njagad.

Gusti Yesus nate mulang bab nglumukne BANDHA sing ora isa ilang, apa kuwi? Kuwi ora liya ya sawernaning tumindak apik kang didasari ati sing resik lan becik. Yen atine reget, ora mungkin nduweni krenteg andum, aja meneh BANDHA donya, andum pangerten wae angele ngeram. Aja meneh andum duwit, andum wektu wae pelite kaya tunggak jati neng watu kali. Mulane, lumantar BENINGE EMBUN ESUK ing dinane rebo, bebarengan karo rebo awu iki, ayo padha miwiti nglumpukne BANDHA sing ora isa ilang. Dene “nglumpukne” kuwi ya isa merga gelem “Ngedum” bab sing apik marang  liyan. Ngedum bab sing apik marang liyan kuwi isa diarani nduweni BANDHA kang tan isa ilang. Ananging sing jik nduweni ati sing reget,lekoh, mesti tumindak’e ya PELIT, Njalukan, Nuntutan lan uga bakat banget yen kon maido!

“Ngko sore jolali neng nggreja Lik?” Pepeling seka Dalijo neng Lik Ndoleng.
“Aku randuwe wektu Jo, repot!!” Wangsulane Lik Ndoleng.
“Lha wektumu sing mbrakot sapa Lik?” Nduk I’in njedul seka lawing ngarep sinambi nggawa blanjan lehe tuku nengpak  Komeng si PSK.  Penjual Sayur Keliling
“Mula kuwi In, wong ngko bengi kan ibadhah rebo awu, aku ngelingke Paklik ben ngrumangsani dosa. Ora pelit bab wektu. Takjak nglumpukne BANDHA sing ora isa ilang” Dalijo njlentrehne.
“Mbok ben sak karepe kang, wong nyatane rung karep. Ben wae ngko Yu Wasti lungguh dewe, merga kang Markun kan lagi luar kota”, Semaure Nduk I’in, nyebut jeneng Yu Wasti, sing ndadekne Lik Ndoleng mak tratap,njur klunuh-klunuh mingket, mbuh meh ngandi.

Mbah’e..


Selasa, 25 Februari 2020

NGUMPET


Selasa Legi 25 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



1 Para Raja 19:9-18
Jabur 78:17-20,52-55
Markus 10:28-31
Bareng ana ing kono panjenengane banjur lumebet ing guwa lan nyare ana ing kono. Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang panjenengane mangkene: “Ana apa sira ana ing kene iki, Elia?” 1 Para Raja 19:9

NGUMPET kuwi sawijining tumindak, dene tujuan utawa ancase supaya ora konangan dening liiyan. Dene cara anggone padha NGUMPET luwi ya maneka werna. Ana sing kudungan apa wae sing penting ora katon dening liyan, ana sing mlayu pindah papan utawa panggonan, ana sing mlebu neng njero guwa, ana sing mlebu neng njero alas, ana sing ganti jeneng, ana sing operasi rai lan sakpanunggalane. Kabeh kuwi cara kanggo NGUMPET saka panguyaking liyan. Dene anane NGUMPET kuwi racak’e merga keweden. Ana sing keweden merga diuyak-uyak depkolektor, ana sing keweden merga konangan nglirik sing dudu pasangane lan sakpanunggalane.

Neng Kitab Suci ya ana crita bab Nabi sing NGUMPET saka tanggungjawab sing diparingake dening Gusti Allah. Nabi kuwi jenenge Elia. Nalika kudu ngelikake bangsa ngisrael sing ngeyele ngeram, ndilalah kudu ngadepi ratu sing wangkote kaya tunggak jati gunung watu Wonogiri. Merga rumangsa ora kasil lan malah wedi karo pengancemeratune ngisrael, nabi Elia njur mbedhal mlayu nggendring sipat kuping. Nebi Elia NGUMPET saka panguyak’e sapa wae sing ngancem keslametane. Lha nalika lagi NGUMPET neng papan sing sepi, neng Gunung Horep kuwi, Gusti Allah nakoni. “Ana apa sira ana ing kene Elia?”. Kuwi pitakonan retorik, sing sejatine ora mbutuhake wangsulan, wong Gusti yawis pirsa.  Lha iki sing sakbanjure dadi “ngguyokne”, lha nabi Elia njur goroh, ngapusi marang Gusti.

Wong wis genah-genah NGUMPET saka timbalane, lha nalika di takoni Gusti kok ndadak ngapusi. Mikire Gusti ora pirsa sejatine kang klakon. Lha apa sing dilakoni dening nabi Elia uwi saiki ya akeh sing nglakoni,akeh sing wasise ngeram olehe wangsulan nalika sejatine lagi NGUMPET. Alesane sibuk, repot, randuwe wektu lan sakpanunggalane. Kamangka sejatine ora ngapa-ngapa babarblas. Rumangsane isa ngapusi menungsa, kamangka sejatine ngapusi marang Gusti Allah. Saiki jajal padha dirasakne, apa ya mlebu ing nalar nalika ngapusi Gusti Allah? Nalika isa ngomong ora isa, nalika longgar nanging ngomong sibuk lan repot?  Ya manga, sampeyan sing maos ndang jujur wae, merga Gust iwis pirsa.

“Lik, sesuk kerjakti, ndandani bak sampah ngarep greja”, Omonge Dalijo marang Lik Ndoleng.
“Aku ijin Jo, pamitna pengarepe greja ya. Aku ana urusan penting.” Wangsulane Lik Ndoleng.
“Hayah gayamu Lik..saben-saben alesan ana urusan penting. Palinga yen ora turu ya tuku udud, kuwi wae mesti warunge Yu Wasti! Kokean Alesan wae!!”, Nduk I’in melu ngomongi Lik Ndoleng.
“Iya Lik, bener kuwi omongane I’in. rasah endha, rasah NGUMPET saka Gusti. Panjengane pirsa, sanadyan kanca-kanca ora ngerti..” Dalijo melu ngandani Lik Ndoleng.
“Wasismu ngeram Lik yen kon alesan…ananging yen bab Yu Wasti, pintermu nggolek cara ora ukur. Awas kapan lungane kang Markun!!” Nduk I’in sansaya pol ngosone Lik Ndoleng, dene Lik Ndoleng mung cengar-cengir kaya Manuk kelangan susuh.

Mbah’e..

Senin, 24 Februari 2020

NGECULNE


Senen Kliwon 24 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 33:7-23
Jabur 78:17-20,52-55
Markus 10 :17-27
Gusti Yesus nuli mirsani wong mau kanthi raos tresna, banjur ngandika: “Mung kari saprakara kakuranganmu: Mundura, barang darbekmu dolana kabeh, pepayone wenehna marang wong-wong miskin, temahan kowe bakal tampa bandha kaswargan, banjur balia mrene, melua Aku!” Markus 10:21

Tembung NGECULNE (ana uga sing ngarani nguculne, nguculake lsp), kuwi linggane ucul, sing tegese pisah saka papan sakdurunge. Seka tembung Ucul njur dadi NGECULNE mesti wae dadi beda artine, mulane NGECULNE kuwi tegese tumindak kanthi sengaja kanggo nglepasake utawa misahake saka papane. Sanadyan kayane mung mayar, ananging durung mesti bab NGECULNE kuwi isa dilakoni, apa meneh yen sing kudud diculne kuwi sabarang utawa kahanan sing wis njiret lan wis suwe. Isa kanggo conto, nalika ana Pitik sing kena jiret tali, merga polah wae, mesti jiretane sansaya siset lan sansaya angel olehe NGECULNE. Kuwi yen bab jiretan sing nyata, durung “jiretan” liyane, kayata rumaket utawa ginubet marang bandha lan “tresna”.

Bab angele NGECULNE kuwi nate dicritakne dening Kitab Suci, kuwi cetha ana ing Injil Markus bab sepulu ayat pitulas tekan selawe. Ing kana ana pawongan kang kepengen nderek Gusti, ndilalah wonge kuwi sugihe pol-polan. Nalika pepinginane kuwi diaturne neng ngarsane Gusti, Gusti ora enggal-enggal nampani, ananging malah mbalik maringi piwulang. Nalika krungu bab nglakoni pranatane agama, wongsugih mau mangsuli kanthi manteb yen wis kabeh pranatane agama dilakoni. Gusti Yesus banjur ngendika, yen jik kurang siji,yakuwi dikon ngedol kabeh barang darbek’e. krungu syarat sing pungkasan kuwi, wong sugih mau isin, njur mundur lan ninggalke Gusti Yesus.

Wong sugih ing critane Gusti Yesus angel anggone NGECULNE banda-donyane, merga rumangsa yen kuwi sing paling aji. Bab nderek Gusti kaya sing diaturke neng ngarsane Gusti kuwi mung sampiran, mung ben katon apik,katon soleh lan sakpanunggalane. Ing jaman saiki ya akeh banget sing kaya patrape wong sugih neng critane Injil Markus sepuluh kuwi. Blegere nglakoni pranatane agama, ananging durung (apa amalah ora ya) isa NGECULNE bab kadonyane, jik luwih abot kadonyane tinimbang Gusti. Mula yen mbiyen nalika mirsani ana sing wegah NGECULNE kadonyane diarani dening Gusti “Luwih Gampang Mlebune Onta Neng Lubange Jarum”, saiki ya mengkono. Yen jik rungisa,rungwani NGECULNE “donyane” kanggo nderek Gusti, aja pernah ngarep kratone Swarga. Lan uga, bab netepi pepakone agama mung lamis lan ora sakwutuhing ati.

“Jo, kok sliramu kuwi loma banget, cal-cul yen babagan greja, apa sing njurung awakmu?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo.
“Mung sederhana kok Lik. Aku ngrumangsani urip neng ngalamdonya iki mung sedela, mung mampir. Aku eling yen jagadku sing langgeng kuwi dudu neng ndonya iki.mula nalika aku ngerti dalan marang bab kuwi, aku kudu nyengkuyung.” Wangsulane Dalijo, sajak pilosopis.
“Weh, lha brarti saksuwene iki, aku isa diarani durung weruh dalane ya Jo?” Takone Lik Ndoleng maneh, sajak bingung.
“Iyo Lik, yen watakmu jim pelit, methithit kaya saiki, jik nggondeli bada kaya ngrangkul Yu Wasti, tangeh lamun isa mlebu kratone Swarga, sanadyan ketok sregep ngaBEKTI”. Ujug-ujug Nduk I’in njedul seka pawon, nggawa kopi mongah-mongah.
“Wah, aku kudu wani NGECULNE apa wae sing ala neng uripku”. Lik Ndoleng muni sajak rada mbatin…

Jumat, 21 Februari 2020

PEGATAN


Jemuah Pahing 21 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 19:9b-25
Jabur 2
Markus 10:1-12
Atur wangsulane wong-wong mau: “Nabi Musa marengaken megat, nanging kedah nyukani serat pegat.” Markus 10:4

PEGATAN kuwi tembung sing “diharamke” ana ing tata panguripane brayat, mirunggan tumrap warga greja. Sanadyan mengkono, wis diarani haram, ananging ya jik sak ndayak abuh sing saben ndina wira-wiri menyang pengadilan negri, ngurus pegatane. Merga diharamke ana ing tata panguripane pasamuan, mulane PEGATAN kuwi jian kaya pirus sing medeni, sing bahayane ngungkuli pirus corona, mula arang ana ing tata panguripan saben ndina, bab PEGATAN kuwi dadi bahan rembugan utawa diskusi. Lha sejatine apa ta PEGATAN kuwi kok dadi kahanan sing nggegirisi kaya memedi tengah wengi?

PEGATAN kuwi seka tembung Pegat, sing tegese pisah, dene megat kuwi tegese misahake. Dadi PEGATAN tegese mbudidaya misahake samubarang sing sejtine wis manunggil, apa wae kuwi lan ora kudu wong sesomahan,ora kudu bab brayat. Ananging merga PEGATAN kuwi sing mopulerke bab tata panguripaning brayat, mula semune yen muni Pegat, Megat lan PEGATAN kuwi mung bab uriping brayat utawa bebojoan. Kabeh kuwi ana ing donyaning basa isa diarani “Sendimentasi Makna” utawa pendangkalan makna, lan kuwi ya ana ing tebung-tembung liyane, sing mbebayani malah saiki akeh tembung-tembung sing nduweni “agama”, yen muni tembung tertentu jare kuwi  duwek’e agama teretentu, iki kabeh lak mbebayani tumrap edeging basa.

Mbalik neng PEGATAN, sing tegese misah utawa misahake.sejatine PEGATAN kuwi apik yen dipapanke ana ing papan sing pas. Kanggo samubarang sing ora apik, apa ya kudu dirumati lan diuri-uri, kan ya kudu dipegat, kudu nganakne PEGATAN. Mulane saiki ayo pada niliki patrap uripe dewe-dewe, menawa jik ana sing ora apik kanggo urip,kanggo manembah lan kanggo urip bebarengan, enggal nganakna PEGATAN. Sing jik nesunan, srei lan drengki, sing malese ora ukuran, lan kabeh sing ala, ndang gek pada megat kuwi kabeh. Aja pada ngrumati sing ora apik!

“Jarene mbah’e, PEGATAN kuwi oleh ya Jo?” Sore kuwi Lik Ndoleng nakoni Dalijo bab PEGATAN.
“Oleh Lik, ananging tegese PEGATAN kuwi ora mung bab bebrayanan lanang lan wadon.”Wangsulane Dalijo.
“Lha apa rumangsamu oleh PEGATAN bab brayat ya Lik? Ngarep-arep kang Markun megat yu Wasti ya?” Seka pawon, Nduk I’in langsung nyoal-nyael rembug sinambi  nggawa kopi sing jik kemedul kukuse, tegese jik joss.
“Jindull…lha kok tekan Wasti ta In?..Hmmmm..jiannn!”Semaure Lik Ndoleng, sajak kaget.
“Lha umpamane Yu Wasti PEGATAN tenan kowe po seneng Lik?” Dalijo ya melu nggarapi pakne cilik.
“Weh, ya anu Jo..hmmm..anu..lha kuwi kan..hmmm..Anu Jo..”Blingsatan Lik Ndoleng mangsuli pitakonane Dalijo.
“Lha raktenan ta…mesti seneng. Nanging aku entuk kabar lho Lik, jare kang Markun karo Yu Wasti wis nglakoni PEGATAN.” Nduk I’in menehi info.
“Weh serius In??” Lik Ndoleng sajak sumringah.
“Iyo Lik, ning PEGATAN sing sakbenere. Megat kabeh sing ala ana ing uripe. Dudu Megat uriping bebrayatane.” Dalijo mangsuli sinambi nglepus MLDne, merga saiki kuwi klangenane, dene Lik Ndoleng sajak kegol atine.

Simbahe


Kamis, 20 Februari 2020

MRONGGOL


Kemis Legi 20 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 6:2-9
Jabur 2
Markus 9:41-50
Lan manawa mripatmu dadi sandhungan, cuplaken, awit luwih becik kowe lumebu ing Kratonin Allah kalawan pece, katimbang karo ganep mripatmu, nanging kacemplungake ing Naraka.” Markus 9:47

MRONGGOL kuwi sebutan kanggo pagawean, sing pokok tugase ndadekne pisah utawa copot, mirunggane pang seka wit. Dadi yen ana wit sing pang-pange ora maedahi utawa dadi reribete kiwa tengene, kudu dipotong utawa dipronggol, lha gaweane kuwi diarani MRONGGOL. Dene gawean MRONGGOL kuwi macem-macem kahanane, ana sing gampang, ana sing angel, ana sing kudu nganggo alat abot lan larang, ana uga sing nganggo alat sederhana wae cukup lan hasile apik. Sing baku, MRONGGOL kuwi kudu dilakoni kanthi tujuan apik, aja nganti dilakoni merga sengit utawa getting karo sing arep dipronggol. Merga ana wae sing sejatine ora seneng karo uwonge, ee…lha kok tandurane sing dipronggoli…

Gusti Yesus nate mulang bab “MRONGGOL” kuwi, dudu merga panjengane kuwi anak’e tukang kayu, sing njur dikon ngurusi kayu. Ananging merga kudu mulang bab urip sing apik. MRONGGOL sing diwulangke Gusti Yesus kuwi bab uripe menungsa. Yen ana sing ora apik, isa kuwi sikep lan tumindak, kudu dipronggol wae, ben ora ngeridhu lakuning urip. Gusti ngendika, aluwung urip kanthi mata pece tinimbang jangkep ananging malah nasarake urip sakabehe. Piwulang iki uga ngemu teges bab sikep sing tegas, sikep sing gumathok. Kaya dene MRONGGOL pange wit-witan, MRONGGOL pang-pange urip iki ya ana sing mayar lan uga ana sing angele ngeram. Yen angel, ya aja wigah-wigih, nggolek ragat lan alat, aja ditkokne wae malah ndrawasi. Dene sakperangan kang kinaranan “pang-pange” wit uriping menungsa kuwi isa watak srei, drengki, uthil,pelit,males,kemaki lan sakpanunggalane, sumangga para maos njangkepi. Pang-pange Witing urip sing ora maedahi kuwi sing kudu dipronggol, ben isa luwih apik.

Mula saka kuwi, ayo saiki pada MRONGGOLI pang-pange uripe dewe-dewe, ben uripe luwih apik lan migunani. Aja nganti liyan sing MRONGGOLI, merga luwi nglarani lan nggegirisi, aluwng dipronggoli dewe-dewe. Ora usah kuwatir, yen ana “hobyning” urip sing kudu dipronggol, kuwi mesti tujuwane apik, mula orausah ditangisi lan banget olehe nggetuni.

“I’in ngandi ta Lik, kok ora enek ambune kawit mangesuk?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng.
“Mbuh, nesu kayane. Wingi bar takelikne, takkon MRONGGOL kabeh watak sing ora apik” Wangsulane Lik Ndoleng, sinambi nggaya tur ya pethitha-pethithi kaya porong benthet.
“Weh, lha apa I’in kuwi nduweni watak ngono kuwi ta Lik?” Takone Dalijo, sajak kaget.
“Iya, bocahe njelehi. Gampang nesunan, ora gelem dicenthok, kena sithik wae njur nesu. Nesune njur nyetatus gek Jo..sing nganyelake, nggere natoni kancane ora sadar, biasa-biasa wae. Ananging yen disenggrok sithik wae, biyuh..kaya uler lintang neng wit pari, langsung mengkurug!!” Lik Ndoleng sajak emosional nyritakne bab I’in.
“Muga-muga bocah kuwi gelem MRONGGOL apa wae sing ora apik Jo. Ndang ganti topik, kae bocahe wis mulih seka warung.” Unine Lik Ndoleng nalika weruh I’in mulih seka Warunge Yu Wasti.

Simbahe..

Rabu, 19 Februari 2020

WEWEH


Rebo Kliwon 19 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Wulang Bebasan 2:1-15
Jabur 119:9-16
Markus 9:38-41
Aku pitutur marang kowe: Satemene sing sapa aweh ngombe marang kowe banyu sacangkir, marga kowe iku pandherek Sang Kristus, iku mesthi bakal tampa ganjaran.” Markus 9:41

WEWEH kuwi jinising tumindak sing isa ndadekne sudaning apa duwek’e. merga saka pangerten sing kaya mengkono, mula akeh wong sing wegah yen dikon WEWEH, geleme diwenehi, utawa nampani pa-WEWEH.  Sejatine apa ya WEWEH kuwi kudu awujud banda sing isa didemek lan disawang? Ora!! WEWEH kuwi baba pa wae, sing baku tujuane ndadekne liyan “nduweni”. WEWEH pangerten, WEWEH perhatian, WEWEH piwulang, WEWEH esem lan sapa aruh. Pokok’e apa wae sing ndadekne Liyan nduweni kuwi isa diarani WEWEH. Ananging ya kudu dieling, yen ora kabeh pa-WEWEH kuwi apik, ana kala mangsane bab sing ala, mula ing kahanan kaya mengkene iki, kawicaksanan kudu diempakne, ben isa nuntun lakuning urip kang maedahi.

Bab WEWEH kuwi nate diwulangake dening Gusti Yesus, yakuwi nalika mulang karo para sekabate. Ing kana Gusti nganti ngendika yen sabarang cilik (kayata banyu secangkir) sing diaturke marang pendherek’e Gusti Yesus, mesti bakal tampa ganjaran. Lha yen digambarake nyaosi banyu secangkir wae nganti dadi pepeling ing piwulange Gusti, tegese ing jaman kuwi ya arang sing gelem menehi para sekabate Gusti bab sing sederhana, apa meneh sing luwih aji ing panyawanging donya iki. Saka piwulange Gusti Yesus, iki isa dipethik pasinaon, yen bab menehi, bab WEWEH kuwi jian aji temenan, uga ing jaman saiki, yen arep WEWEH ya WEWEH wae, ora usah ndadak ngakon ngapa-ngapa ndisik. Yen arep WEWEH jik dikongkon, kuwi jenenge dudu WEWEH, ananging opah. Dene opah wae ya mung manut adat sing lumaku, opah kuwi dudu pamaturnuwun, merga yen pamaturnuwun, tetep WEWEH sanadyan ora dikongkon.

Ing jaman saiki ya jik lumaku sing kaya mengkono. Bab WEWEH jik angel, merga akeh sing padha ngrumati pesugihan sing diarani PELIT. Ing tembung seneng WEWEH, ning neng tumindak jik petungan, memper blantik neng pasar sapi, kabeh-kabeh dieting bathi lan rugine. Mulane, sinau saka piwulange Gusti Yesus, ayo padha nggerakne grengsenging WEWEH marang sapa wae sing merlokake. Ben mengkone nampa ganjaran saka Gusti Allah.

“Jo,  sliramu seka ngendi, kok sajak rapi banget?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo, nalika  Dalijo mlebu ngomah, sinambi ngaturi jisamsu Lik Ndoleng.
“Seka dalem kapandhitan Lik, andum berkah!” Semaure Dalijo sinambi nyopot jaket kumel sing ana tulisane “99”.
“Weh, lha po bar bidston tik ndadak sowan dalem kapanditan kuwi?” Takone Lik Ndoleng sajak gumun.
“Lha ngapa ndadak ngenteni bidston, pomeneh ngenteni lara njur mari, wong mung arep andum berkah wae? Urip kwi kudu demen WEWEH Lik. Kuwi kaya piwulange Gusti neng Markus 9. Aja pelit-pelit Lik, mengko malah kembrukan banda, mot…opsss..rasida ding Lik..” Wangsulane Dalijo, sajak kendeg.
“O..oo..ngono ya Jo..?”Lik Ndoleng sajak isin,njur nyumet jisamsu  sing nukokne Dalijo.
“Kuwi, nyumet jisamsu ya ora maturnuwun, kamangka ditukokne kang Dal kan?” Nduk I’in melu nyemesi Lik Ndoleng. Dene Lik Ndoleng mung klecam-klecom kaya  Yuyu Matil Lele.

Simbahe..





Selasa, 18 Februari 2020

BOCAH


Selasa Wage 18  Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Pangandharing Toret 23:21-24;24:10-15
Jabur 119:9-16
Markus 9:30-37
 “Sing sapa nampani bocah pepadhane iki atas jenengKu, iku ateges Aku kang ditampani. lan sing sapa nampani Aku, iku dudu Aku kang ditampaani, nanging kang ngutus Aku.”Markus 9:37

BOCAH kuwitegese kahanane menungsa sakbubare lahir, merga yen nembe lahir diarani bayi. Menungsa sakwise lahir luwih seka pitungsasi, banjur diarani BOCAH. Saka tembung BOCAH iki sakbanjure ana ukara-ukara lan tembung bab BOCAH. Ana “Mbocahi”, sing tegese jik matrap urip kaya BOCAH sanadyan wis tuwa utawa dewasa, dene bab “BOCAH” iki magayutan karo sikep lan uga tumindhak. Sing isa klebu patrab “mbocahi” yakuwi, cengeng utawa nangisan, aleman utawa kolokan, wegah ngalah lan uga nesunan. Mula sapa wae sing jik nduweni watak kaya sing kasebut ing nduwur (mirunggan nesunan lan mutungan, isa diarani “MBOCAHI”). Sakliyane tembung “Mbocahi”, uga ana ukara, kayata.”Mbok ya aja nduweni pikiran sing cupet, kuwi pikiran mbocahi”. Ukara kuwi nudhuhake bab patraping pikiran lan siep sing ora diwasa.

Sanadyan bab BOCAH lan uga pengembangan tembung kuwi akeh sing “bernada” negative, ananging Gusti Yesus nate mulang nganggo pasemon bab BOCAH. Yen ing jaman saiki bab “BOCAH” kuwi bernada negative, Gusti Yesus malah mirsani saka sisih sing beda, yakuwi bab panampaning marang BOCAH. Merga ing jamane Gusti Yesus, BOCAH kuwi durung “klebu menungsa”, merga sing wis nduweni hak hokum sing diwasa, mula ing tatanan masyarakat, BOCAH durung diakoni, BOCAH dianggep “rung jangkeb” minangka menungsa. Merga paham kang kaya mengkene iki, akeh sing ora gelem sesambungan karo BOCAH, apa meneh yen kuwi dudu brayate. BOCAH dadi warga kelas 2, warga sing durung jangkeb.  Sanadyan panampaning masyarakat marang BOCAH miring, ananging Gusti Yesus malah ngagem BOCAH minangka pasemon ing nalikane mulang.

Merga masyarakat wegah nampa BOCAH, Gusti Yesus malah nindakne kosokbaline, yakuwi sing sapa nampani BOCAH kaya nampani Gusti, kuwi nindakne kersane Gusti. Kersane Gusti, yakuwi supaya nampani BOCAH minangka TitahE Gusti, minangka menungsa sing sakwutuhe,ora separone menungsa. Gusti Yesus nandeske, yen nampa BOCAH kaya nampani Panjengane, kuwi sing bakalane nampa kanugrahaning Swarga. BOCAH ana ing piwulange Gusti Yesus nggambarake bab donyaning  urip kang iklas, polos,sederhana,tansah seneng ora mikirke sing abot lan uga bab gumbiraning ati. Mula saka kuwi, nalika nampani timbalan, apa wae kuwi, aja ditampik, merga kuwi pada wae nampik Gusti Yesus, tampanana timbalan kuwi kaya donyaning BOCAH, seneng, bungah lan tansah semangat.

“Aku ngrasakne kok ora ndang rapat meneh ya Jo, panitia pikenik iki?” Sore kuwi Lik Ndoleng ujug-ujug kangen rapat, mbuh kesampyuk “roh” apa.
“Lha wong ya lagi dek minggu wingi, keputusane ya cetha, kok kon rapat meneh kuwi ngrembug apa ta Lik?” Wangsulane Dalijo.
“Weh, ya kudu kerep rapat. Ben luwih mateng..luwih joss” Sajak semangat Lik Ndoleng mangsuli.
“PAdune mung arep jejer Yu Wasti kuwi kang. Merga pas rapat wingi kae, paklik jejeran yu Wasti…” Nduk I’in njedul seka wetan ngomah, seka warung tuku cambah karo mbakone Dalijo.
“Lhadalahhh..tenan panggraitaku. Mesti ana sing marakne paklik beda. Jebul ya tetep pancet. Yu Wasti..” Aloke Dalijo.
“Duusss..dudu bab kuwi In,iki aku serius arep pelayanan..” Wangsulane Lik Ndoleng.
“Mbelgedes Lik..palinga yen Yu Wasti ora pantia ya sampeyan kokean alesan..” Nduk I’in  ngeyeli Lik Ndoleng.
“Kuwi sing diarani MBOCAHI In…raga tuwa ananging pikiran BOCAH” Dalijo nyemes Lik Ndoleng sakemenge, dene Lik Ndoleng nyumet udud nganti kewalik, gabuse disumet, merga sajak kisinan.

Simbahe…

Senin, 17 Februari 2020

NUNDHUNG


Senen Pon 17 Pebruari 2020
BENINGE EMBUN ESUK

NUNDHUNG PANASE BOCAH


Pangandharing Toret 20:1-21
Jabur 119:9-16
Markus 9:14-29
Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh padha teka ngrubung, banjur ndukani dhemite, pangandikane: “Heh, roh kang marakake bisu lan budheg, dhawuhKu marang kowe: Metua saka ing bocah iki lan aja koksurupi maneh!” Markus 9:25

NUNDHUNG kuwi meh padha karo prentah, sing tegese ngongkon lunga. Dene sing dikongkon isa apa wae, isa menungsa (basane nalika nembe padu), isa kewan, isa kahanan kang ala lan uga isa dhemit. Anane ditundhung kuwi merga wis ora ana paedahe meneh ana ing uripe. Yen ijik maedahi, mesti ora ditundhung, wong yen isa malah digoleki lan diparani ben gelem manggon ana neng uripe. Yen durung manteb bab tegese tembung NUNDHUNG, gegambaran iki isa didadekne kaca pengilon, ben ndang isa dong utawa paham. Coba wae nalika bengi-bengi neng ruang tamu nembe santai sakbrayat, njur ana Ula sing “melu jagongan”, mesti enggal NUNDHUNG si Ula cikben enggal lunga utawa minggat saka njero ruang tamu kan?

Gusti Yesus nate NUNDHUNG uga ana ing sakjroning wektu peladosane neng njagad. Kaya crita ana neng Injil Markus bab 9. Neng kana ana crita bab bocah sing saka cilik wis kepanjingan dhemit, lan kuwi ndadekne uripe rekasa lan mesakake temenan, mula Dhemite kudu kon lunga. Sanadyan wis suwe nderek Gusti, jebule para sekabate Gusti durung wasis anggone NUNDHUNG dhemit, mula jik mbutuhake Gusti Yesus. Lan nalika si Dhemit mau weruh Gusti Yesus, wedine ora njamak lan nalika Gusti NUNDHUNG si Dhemit, enggal minggat sakadohe. Sakwise Dhemite  ditundhung dening Gusti Yesus, kahanane si Bocah mau njur sehat,waras, kuwi dilapurake  dening Injil Markus lumantar crita yen si bocah njur digandheng tangane karo Gusti Yesus lan didekne. Nalika si Dhemit minggat, uripe menungsa bakalan luwih kuwat lan isa ngendani laknat.

Urip ki sejatine ya kaya kahanane si bocah sing kadunungan Dhemit, sanadyan “model” dhemite beda-beda. Ing jaman saiki dhemit kuwi isa awujud rasa kemunthus, rasa egois, rasa kumlungkung, rasa minder, rasa srei-iri landrengki, rasa eman sing ora tinlungan utawa pelit. Kuwi kabeh “model” Dhemit ing jaman milenial, jaman dijital. Yen menungsa kadunungan dhemit kuwi, mesti uripe ya ngrekasane ngeram, mulane ya kudu dikon lunga,kudu wani NUNDHUNG ben ora ana ing urip iki.  Yen isa NUNDHUNG dhemit “model” digital lan milenial, mesti urip iki luwih eteng lan nyenengake. Ananging ya kudu dieling yen NUNDHUNG dhemit ing era dijital iki ya angele ngeram, mung sing Tatag-Teteg  lan Tutug wae sing isa NUNDHUNG si dhemit milenial iki.

“In, kok tumben paklik ora njedul, mung neng kamar wae, kuwi ana apa ta?” Pitakone Dalijo marang I’in bab Lik Ndoleng, merga saiki rada arang jagongan neng Lincak.
“Haiyah, kuwi lho kang, saiki kedanan egim, kuwi lho dolanan sing neng HP..” Wangsulane I’in. “Wis tak elikne ora isa leren..”
“Hmmm…kleru strategimu ngelikake. Nganggo caraku mesti manjur..top markotop..” Dalijo ngomentari Nduk I’in, sinambi ngisep MLDne lan banjur nywara rada mbengok.
“Lik, entuk titipan surat. Mbuh bab apa, sing nitipi Yu Wasti. Wingi aku mampir warunge. Arep dikekne dewe rasido, merga nunggu sampeyan sing biasane mampir, ndilalah ora..” Semu Mbengok Dalijo nyeluki Lik Ndoleng. Ranganti limangndeti, Lik Ndoleng mlayu seka kamare, jik sarungan lan meh mlotrok, enggal nakoni Dalijo.
“Weh, endi Jo..endi surat sing seka Wasti..endiii Jooo..” Mbengok Lik Ndoleng anggone njaluk marang Daljio.
“Lha tenan ta In. Mayar NUNDHUNG dhemit egim neng Paklik, sebut wae tembung “Wasti”, mesti mari. “Unine Daijo sareh, sajak ngenyek Paklik’e, dene Lik Ndoleng mung plengah-plengeh kae..


Mbah’e..

Minggu, 16 Februari 2020

MILIH


Minggu Pahing 16 Pebruari 2020
BENINGE EMBUN ESUK

MILIHA WAE IKI


Pangandharing Toret 30:15-20
Jabur 119:1-8
1 Korinto 3:1-9
Mateus 5 :21-37
Langit lan bumi padha dakgawe seksi lawananmu ing dina iki; urip lan pati wus dakgelar ana ing ngarepmu, apadene berkah lan laknat. Kang iku kowe miliha urip, supaya lestaria urip, iya kowe dalah turunmu,” Pangandharing Toret 30:19.

MILIH kuwi katone gawean sing penak, ora merlokake “keahlian” khusus, merga mung kari nudhing, beres! Kuwi yen sinawang sakleplasan. Yen mung MILIH babagan nudhing wae pancen mayar, gampang banget. Ananging yen MILIH kuwi ana gegandhengane karo sing bakalan klakon sakbubare MILIH, mesti rada angel.
Bab MILIH kuwi  ya dadi pokok piwulange Gusti Allah lumantar Kitab Suci, yakuwi tumrap menungsa ing donya iki. Arep MILIH urip sing kepenak apa MILIH urip sing ngrekasa. Sepisan meneh yen MILIH kuwi mung babagan nudhing, mesti kabeh MILIH urip sing kepenak. Ananging yen sakbubare MILIH kuwi njur ana “konsekwensine”,mesti ya mbingungi.

Lumantar Kitab Pangandharing Toret, ing bab telungpuluh, menungsa isa sinau yen sakliyane lair karo mati, ora ana sing jenenge Takdir, anane urip iki pilihan, mula ye kudu MILIH. Yen pengen sugih ya dadia pebisnis utawa pengusaha,yen arep terkenal ya dadia artis, yen pengen dadi pemain bal-balan ya sekolahe sepakbola lan sakteruse.Bab percaya marang sing nggawe urip ya ngono, ora ana sing meksa, merga kuwi ya pilihan. Mula saka kuwi, yen wis pada MILIH nderek Gusti (iki istilah khusus), ya kudu siap nanggung resikone. Aja mung gelem nampa berkate ananging wegah nglakoni pranatane, aja mung gelem nampa kiriman “kresek ireng” ananging wegah mangkat kenduren.

Lumantar BENINGE EMBUN ESUK ing dina iki, sapa wae sing maca diajak ngrasakne lan uga ngilo bab urip iki yen sejatine pilihan, mula kudu MILIH. Lan uga, yen wis MILIH aja mung nudhing thok-thil, ning ya apa wae sing dadi “konsekwensi” seka anggone MILIH kuwi ya kudu disangga. Kuwi kabeh merga dipahami yen anggone pada MILIH kuwi ora ana sing meksa, beda menawa anggone MILIH kuwi kepeksa utawa dipeksa. Mula ing bab “milih” dalan marang urip langgeng, aja pada sembrana, yen wis MILIH dalane, ya liwati nganti tumeka ing tujuane. Aja pisan-pisan njarag piwulange Gusti, merga mesti nampa “woh” ing uripe.

“Jo, kok dirimu kuwi yen tak sawang lan rasakne, sregepmu ngeram yen bab gawean nggreja, apa sejatine alesanmu?” Sore kuwi, nalika udan ngrecih, Lik Ndoleng nakoni Dalijo bab anggone sregep kegiatan greja.
“Iki merga wis dadi pilihanku Lik. Aku MILIH misungsungke uripku manut sing dikersakne Gusti. Wong ya ora ben wayah, mung nalika dibutuhake. Mula nalika dibutuhake, aku ora suwala” Wangsulane Dalijo enteng banget.
“Weh, kok kayane abot ya Jo?” Lik Ndoleng sajak gumun.
“Ora kok Lik. Iki a pada karo wong nenandhur sing kudu ndangir, matun, ngrabuk lan sakpanunggalane. Aja ngarep-arep panen yen mung nyeblokne winih thok-thil tanpa dirumat.” Dalijo olehe njlentrehne jian cetha tur ya gambling.
“Emange sampeyan Lik, geleme penak thok. Bab konsekwensi seka anggone njenengan MILIH babar blas ora direken. Mula mbiyen Yu Wasti ya inggrang-inggring nampa tresnamu, wong mung MILIH kepenak thok!” nduk I’in njedul seka pawon nggawa kopi sinambi nyemprot Lik Ndoleng, dene Lik Ndoleng mung plengah-plengeh kaya sing maca tulisan iki..

Simbahe..

Sabtu, 15 Februari 2020

NGAKONI


Setu Legi 15 Pebruari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Pangandharing Toret 30:1-9a
Jabur 119:1-8
Matius 16:13-19
Gusti Yesus banjur ndangu: “Nanging tumraping kowe, Aku iki sapa?” Atur wangsulane Simon Petrus: “Paduka punika Sang Kristus, Putraning Allah ingkang gesang!” Mateus 16:15-16

NGAKONI kuwi yen mung disawang, diwaca lan diunekne mayar, ananging yen tekan ing tataran tumindak, ya angel. NGAKONI kuwi seka tembung “ngaku”, sing tegese nampa lan ngrumangsani nduweni. Kena bisa dingo conto, nalika ana sing kelangan, njur ana sing ngaku, kuwi tegese dewek’e sing nglakoni tumindak colong jupuk. NGAKONI kuwi isa uga mengkene, rumangsa nduweni lan uga mercayani. Ngaku yen isa menek wit klapa, mula pengakoni kuwi ora mung  mandeg ing wicara, kudu isa nindakne, isa menek wit klapa nalika dibutuhake. Mula saka kuwi, NGAKONI kuwi sejatine rumpil menawa dirasa ana ing tataraning tumindak.

Ana critane Kitab Suci, bab kepriye anggone Gusti Yesus nakoni marang para sekabate. Nalika kuwi sing didangu Simon Petrus. Didangu bab sapa Panjenengane kuwi manut para sekabat, ndilalah Petrus  sing ditakoni. Manut rasa pangrasa dalah penemune Simon Petrus, Panjengane kuwi Sang Kristus, kang Jinebatan minangka Juru Wilujeng. Apa sing dadi wagsulane Simon Petrus kuwi bener, mula entuk pangalembana saka Gusti Yesus. Anane entuk pangalembana lan diwawas bener saka Gusti kuwi ora mung ana neng tataran tembung ing sakjroning wangsulan, ananging Gusti Yesus ya pirsa dewe labuh-labete Simon Petrus saksuwene nderek Panjenengane. Mula saka kuwi, wangsulan kang kawetu ing tembung kuwi, dipirsani Gusti metu uga saka tumindak, lan kuwi wis dialami dening Gusti. Petrus kuwi wani “nggetih”.

Lha tumrap wong ing jaman saiki, utamane sing ngaku jare “Kristen”, apa yaw is isa nepakne ing uripe. Antarane NGAKONI yen tinimbalan dening Gusti Yesus saperlu nderek nampa keslametane lan uga ing pakaryane? Aja-aja mung mandeg neng tembung thok, lan nalika dikon tumindak, mandeg grek blas ora obah? Kuwi kabeh ya mung Gusti sing pirsa, lan uga diri pribadi, apa wis NGAKONI kalawan tumindak utawa ngakoni neng tembung wae. Sing wis NGAKONI lan NGLAKONI, terus disengkut nglanjutke, dene sing durung, sing jik mung neng tembung, enggal diowahi.

“ Lik, sampeyan percaya yen urip iki dirumat sakutuhe dening Gusti?” Sore kuwi Dalijo ujug-ujug nakoni Lik Ndoleng bab sing rada wigati.
“Weh, ya jelas Jo. Satus persen pull aku percaya marang Gusti. Aku NGAKONI yen Gusti kuwi juru slametku..”Wangsulane Lik Ndoleng muantepe poll.
“Wah, melu seneng Lik..muga-muga isa tak conto…”Dalijo sajak sumringah.
“Aku iya seneng kang, serius” Nduk I’in melu cawe-cawe. “Oiya, iki sesuk ana acara kunjungan neng panti asuhan lan butuh tambahan donasi. Isa melu ndonasi Lik?” I’in nakoni Lik Ndoleng.
“Weh, mbok aja saiki, aku lagi anu…hmm..aku lagi repot..”Rada gagap LikNdoleng olehe wangsulan.
“Hmmm…jebul sampeyan kuwi lagi isa NGAKONI yen Gusti kuwi juru wilujeng, ananging durung isa NGLAKONI neng urip Lik..persis kaya sing maca tulisan iki..” Dalijo semaur, sinambi mak brabat, mbuh arep ngandi.

Simbahe..

FIKSI Di Malam PASKAH