Jumat, 31 Mei 2019

KATOG


Jemuah Legi 31 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 33:12-17
Jabur 97
Yokanan 1:14-18
“Sang Sabda wis dadi manungsa, manggon awor karo kita. Kita wis padha ndeleng kamulyané Sang Manungsa mau. Iya kamulyan kang kaparingaké marang Putraning Allah Sang Rama, Putra ontang-anting. Kamulyané Sang Putra mau mengkéné: Lantaran Sang Putra mau Gusti Allah wis mratélakaké Sarirané piyambak lan katresnané marang kita sakatogé.” Yokanan 1:14

Tembung KATOG ing jaman saiki wis arang sing migunakne, mula ya lumrah yen akeh sing ora dong. Tembung KATOG uga dudu tembung populer sing kerep diungelke para selebritis lan sakbanjure dadi ditiru dening wong akeh. Ananging sejatine tembung KATOG iki ngemu teges sing jero temenan. KATOG kuwi tegese isa marem,kebak,sampurna lan uga isa wutuh. Lan menawa babagan sesrawungan, nalika wis KATOG ya kudu dipungkasi. Aja kesusu mikir ala bab “dipungkasi”, merga sing ndak karepke yakuwi sesrawungan utawa jejagongan kuwi kudu dirampungi supaya bisa nindakne pakaryan liyane.


BISNIS JAMAN NOW


Ana piwulange Kitab Suci bab KATOG, yakuwi babagan pakaryane Gusti Allah ana neng njagad, srawung langsung karo menungsa. Manut Yokanan, kahanane Gusti Yesus kuwi wujud karawuhane Gusti Allah neng njagad kang isa disawang dening mripat kamanungsane menungsa. Iki kabeh sing ndadegne KATOG, merga manut piwulange Nabi Musa, ora ana siji-siji’a wong sing isa nyawang kahanane Gusti Allah kang kamulyanetan isa ginambarake. Ananging kuwi kabeh dijangkepi dening Gusti Yesus lumantar pakaryane kang tekung tahun neng njagad. Lumantar Gusti Yesus, menungsa isa nyawang Gusti Allah kanthi KATOG. Sakwise KATOG mulane Gusti Yesus mekrad menyang swarga lan kabeh pakaryane dipasrahke marang menungsa, klebu sing maca tulisan iki.

Saka gegambaran ing nduwur, isa dijupuk pasinaon kang apik tur jero. Gusti Allah kuwi sing nyedak marang  menungsa lumantar apa wae sing dadi kersane Gusti. Sakwise Gusti Allah nyedak, kudune menungsa isa maca apa kang dadi cara lan kersane Gusti. Mula saka kuwi, saiki ayo padha sinau nemokne karawuhane Gusti Allah lumantar sabarang ing njagad kang kabeh kuwi katitahake dening Gusti Allah, mula ya lumantar titha kuwi menungsa kudune isa nyawang kanthi KATOG kerawuhane Gusti. Isa nggo gegembaran kepiye isane nyawang lan nemokne Gusti Allah lumantar kabeh titahe, njajal yen esuk pada nyawang EMBUN kae, seka ngendi asal-usule,piye carane mapanke neng gegodongan,kok isa kahanane BENING kabeh. Yen isa nyawang kuwi kanthi wening, mesti isa nyawang kanthi KATOG Gusti Allah.

INILAH RAMUAN AJAIB PENANGKAL KOLESTEROL


“Mang mbengi ngandi Jo, tekan jam 12 kok rung njedul?” Lik Ndoleng nyoba mangerteni ngandi parane Dalijo, merga sewengi mulihe nganti tengah wengi.
“Nyang kali tempur Lik…nyepi, ngrungkone swarane  Gusti Allah lanataran sepining kahanan..”Semaure Dalijo.
“Nyepi apa kerantha-rantha kang, aja-aja gek jik nggagas Tarsi wae?Sakplok’e Tarsi bar nikah kok sajak macak wicaksana sampeyan..hehe..”Nduk I’in kaya biasane ngenyek apa wae kahanane.
“Aku kok ya mikir ngono ta In..lha arep isa ngrungokne swarane  Gusti kok ndadak nyepi, lha wong kabeh titah iki isa dadi srana nyawang lan ngrungokne kahanane Gusti Allah nganti KATOG. Bener pandugamu In..jik krantha-rantha kuwi..sakne In dulurmu lanang kuwi..”Lik Ndoleng sajak nduwe pluru kanggo ngoso Dalijo.
“Dussss…malah dikroyok…bajindulll…” Batine Dalijo, merga isin meh muni, njur nyumet djarumsupere, diisep nganti KATOG, njur sajak mesem, mbuh ngesemi apa..

Mbah’e..




Kamis, 30 Mei 2019

SEKSI


Kemis Kliwon 30 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Para Rasul 1:1-11
Jabur 47
Efesus 1:15-23
Lukas 24:44-53
“Nanging kowé bakal padha diparingi kasektèn, yakuwi samasa Sang Roh Suci wis nedhaki kowé, ateges kowé wis dikwasani déning Panjenengané. Lan kowé bakal padha dadi seksi-Ku ana ing kutha Yérusalèm, ing tanah Yudéa kabèh lan ing tanah Samaria, malah ing salumahing bumi.”Para Rasul 1:8

Tembung SEKSI (aja diwaca basa ngindonesa lho..) kuwi seka tembung ing basa Indonesia, Saksi. Dene tegese Saksi kuwi ora mung siji utawa tunggal. Ana neng donyaning pengadilan, tembung Saksi isa diartekne Saksi Ahli, Saksi Sing ngenthengke, Saksi sing ngebot-boti, Saksi Bisu lan sakpanunggalane. Ana uga tembung Saksi sing gaweane mingka boreg utawa jaden nalika ana sing meh nenikahan. Saka tembung-tembung lan tegese kuwi, saiki ing tulisan BENINGE EMBUN ESUK iki ya arep ngrembug bab Saksi ananging ana neng tata basa jawa, mula tembung Saksi njur dadi SEKSI. Sakbnjure tembung SEKSI iki meh digunakne minangka Kaca Pangilon tumrap tata urip ing kapercayaning greja.

Godhong Pappermint


Neng Lelakone Para Rasul 1 ayat 1-11, dicritakne kanthi cetha dening Lukas bab lelakone para Rasul seka ora kenal, banjur kenal, sinau,nampa piwulang lan sakbanjure siyap neruske apa sing wus ditindakne Gusti Yesus. Kabeh proses pasinaon sing dilakoni para Rasul kuwi dadi modal kanggo tumindak, sakwise ditinggal dening Gusti. Telung tahun sinau, ora mung piwulang tetembungan ananging ya patuladan tumindak, ana ing kawicaksanane Gusti wus cukup, mula ya kudu ditinggal. Dene pakaryan sing nate katindakake dening Gusti kudu dilajutne dening Gusti. Sakdurunge nindakne pakaryan sing nate ditindakne Gusti, para Rasul kudu nunggu “Sangu” seka Gusti, supaya isa lan wani neruske pakaryane Gusti. Ana ing kawicaksanane Gusti, tanpa disangoni dening Gusti, sanadyan wis pada ngerti kabeh sing diwulangke Gusti lan sing wis ditindakne Gusti, tangeh lamun pada wani neruske pakaryane, mula ya disangoni. dadi seksi nikah wae disangoni, apa meneh dadi SEKSI bab pakaryan lan piwulange Gusti, mula neng Lukas 11 ayat 8 Gusti njanjeni bab “sangu”.

Seka andharan ing nduwur, kudune ya cetha kabeh, yen nindakne pakaryane Gusti kuwi klebu pakaryan dadi SEKSI kang manut karo pangandikane Gusti. Dene bab liyane yakuwi bab sangu. Yen Gusti wae siap nyangoni apa sing dibutuhke para sekabat sing dadi Rasul makarya, apa ya saiki pasamuan gelem nuladha pakaryane Gusti ya?Hehe..sumangga diskusi wonten ing kolom komentar  nggih….

Ingin Mendapatkan Ekstrak Pappermint?KLIK INI SAJA


“Lik…iki ngko jam 7 kebaktian lho, jolali..”Dalijo ngelikne Lik Ndoleng bab pangibadah pengetan mekrating Gusti.
“Iyo Jo, jik eling aku..durung pikun..”Semaure Lik Ndoleng karo nyecek pituneme, kayane meh adus..
“Biasane ya lali yen ora dielekne kang..kuwi mung mundur isin..wong mang mbengi wis ancang-ancang meh prepegan, nggo bakdan..”Nduk I’in kaya biasane melu nyoal-nyael..
“Aku mung arep nanting Paklik In, wani pora..”Dalijo semanta meneh..
“Weh, nanting baba pa Jo?” Lik Ndoleng njondhil, sajak kagete pol..
“Bab iki Lik..wani ra ngko nyangoni sing kotbah…”Dalijo mangsuli.
“Weh, kan kuwi wis tugase..ngapa ndadak disangoni?” Sajak kaget Lik Ndoleng aweh wangsulan..
“Hehe..sip Lik…cen sampeyan konsisten..jik gekaje..kakean alesan..wong Gusti wae sanadyan para murid wis diwulang telung tahun, sakdurunge makarya disangoni, jare awak’e dewe meh nuladha..jebul ya makplekenthus…hehe..siplah Lik” Kandane Dalijo lan kuwi marakne Lik Ndoleng mati gaya..ngisep rek dudu ududpituneme…

Mbah’e..




Salam


Rabu, 29 Mei 2019

NYIRNAK’AKE


Rebo Wage 29 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK



2 Babad 34:20-33
Jabur 93
Lukas 2:25-38
“Brahala-brahala sing njijiki ing papan-papan sing klebu wilayahé wong Israèl, kabèh disirnakaké déning Raja Yosia. Rakyaté didhawuhi ngabekti marang Pangéran, Allahé para leluhuré. Mula selawasé sugengé Raja Yosia rakyat tansah setya marang Pangéran.”2 Babad 34:33
NYIRNAK’AKE, seka tembung sirna sing tegese ilang musna ora ana tilase, ilang kaya diuntal bantala. Seka tembung lingga Sirna kuwi sakbanjure isa dadi pirang-pirang tembung daden, ana kasirna’ake sing tegese diilangake, ana tembung kasirna sing tegese melu disirnak’ake lan uga tembung NYIRNA’AKE sing tegese mbudidaya lumantar daya kekuatane dewe  lan kanthi sadar ngilangi apa wae sing ana. Sing isa disirnak’ake kuwi isa sing awujud barang lan uga sing ora awujud apa-apa, kayata pola pikir utawa konsep panguripan. NYIRNAK'AKE kuwi pagawean sing ora entheng sanadyan ya ora isa diarani abot banget, modale mung siji, krenteg’in manah.Apa sing kasirnak’ake kuwi racak’e apa wae sing ora ana fungsine, sing malah dadi reribeting urip. Lan uga ana kala mangsane bab NYIRNAK’AKE kuwi kudu rekasa, merga wangkote ora njamak,malah isa kedadeyan uga kudu soroh nyawa kanggo ngayahi gawean NYIRNAK’AKE kuwi.
                                                               VIDEO 
                                       SOLUSI MASALAH PENCERNAAN ANDA

Bab NYIRNAK’AKE kuwi nate dadi slogan sing diumbulne dening Raja Yosia ana neng crita Kitab Suci. Raja Yosia rumangsa ana sing “raberes” ana neng tata pamrentahan lan panguripane bangsa Yehuda. Kabeh sing dirasa “ora beres” kuwi sing ndadekne tata panguripane bangsa Yehuda ora isa ngrasakne tentrem rahayu sing sakmestine. Mula manut pamawase Raja Yosia kudu ana owah-owahan. Lan bab owah-owahan kuwi raja Yosia mung arep matur marang abdine Gusti sing sinebut nabi utawa nabiah. Mula ya banjur sowan marang abdine Gusti, amarga ngajeni abdine Gusti maul an uga yakin apa sing dipangandikane kuwi ngener marang bab sing apik. Lan sakwise sowan, banjur ana dhawuh yen bangsa Yehuda lan ngisrael kudu nganakne program PANGRESIK’AN. Sakwise kuwi sakbanjure raja Yosia ngajak bangsa kaloro NYIRNAK’AKE apa wae sing ora apik tumrap’e Gusti Allah.
Dene sing ora apik, sing ala, sing kudu disirnakne kuwi kaya dene sepisan sipat munapik, ketone ngibadah ananging mung nggugu karepe dewe. Kapindho sipat nyepelekne liyan, rumangsa apik lan pinter dewe, kuwi kabeh kudu diilangne, katelu bab tata ngibadah, ora pareng  sakkarepe dewe, apa sing dadi tanggungjawabe kudu dilakoni, sing jatahe imam lewi ya kudu dicaoske…pokokne kabeh sing ora apik kudu kasingkir’ake.

PENCERNAAN ANDA SEHAT...PAKAI GINGER

“Jo, kok esuk iki saka rumangsaku kahanane kok bruwet kaya mengkene, iki sing salah mripatku apa ana bab liyane?”, Lik Ndoleng esuk kuwi sajak sambat.
“Raup sik Lik..ben padang panyawange, tangi turu langsung nyandak udud,mula ya bruwet” Alok’e nduk I’in sinambi ngindhit kumbahan arep dipepe.
“Lambemu In, lha wong karipan kok ya dipaido..”Lik Ndoleng semaur kanthi sajak nesu.
“Iki pancene ana pedhut lik, mula ya ketok’e bruwet, mengko yen wis ana srengenge ya sirna. Uga ndang raup wae, ben resik lan sirna kabeh sing ora apik. Kabeh kudu siap NYIRNAK’AKE sabarang kanga la ana neng urip iki, ben kabeh padhang” Dalijo mangsuli kanthi sareh sinambi  nyumet dajrumsupere..

Mbah’e




Selasa, 28 Mei 2019

MUGAR


Selasa Pon 28 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK



2 Babad 15:1-15
Jabur 93
Wahyu 21:15-22
Yokanan 15:9-11
“Nalika mireng pangandikané Nabi Azaria bin Odèd mau, Raja Asa tuwuh semangaté. Sakèhé brahala ing Yéhuda lan Bènyamin banjur disingkiraké, semono uga sing ana ing kutha-kutha ing pegunungan Éfraim sing wis ditelukaké. Mesbèhé Pangéran sing ana ing platarané Pedalemané Allah iya nuli didandani.” 2 Babad 15:8

KOLESTEROL MENGANCAM?TENANG ADA NUTMEG
 
Sejatine tembung MUGAR  kuwi seka tembung Pugar, sing tegese ndadekne samubarang apik, lan ing sakjroning ndadekne apik mau ana perangan-perangan sing kudu diowahi lan uga diguwang,dipunggel,dikepras,dibabati lan disingkirake. Pugar kok bisa dadi MUGAR? Iki merga wis dadi tembung sing tegese nindakne, seka Pugar sejatine memugar, ananging ilat Jawa kereb angel muni jangkep, mula sing njedul ora Memugar ananging MUGAR..

Ana crita neng Kitab Suci bab MUGAR kuwi, sing ditindakne dening raja Asa. Dene sing dipugar kuwi ora mung bangunan, ananging bab tata urip sakwutuhe. Pancen sing ketok dipugar kuwi bab bangunan pisik, ananging sejatine sing luwih disik dibongkar yakuwi pola pikir. Raja Asa wani ngadepi sakwernaning pepalang sing ngedang-dangi lakuning MUGAR tata panguripane bangsa sing dipimpin. Ana neng pamirsane Raja Asa, salah kuwi ya salah mula kudu seleh, sanadyan carane nyadarke ya kudu nganggo seni. Lan ing pungkasan proses MUGAR kuwi, raja Asa  ngajak mbangun janji karo Gusti Allah, lan kuwi  dilakoni kanthi bungah.

PEMBERSIH JERAWAT

Kahanan sing klakon neng jaman Raja Asa ya isa klakon neng jaman saiki. Neng jaman Raja Asa, kabeh pada ora nglalekne bab ngabekti, malah luwih sengkut. Ananging pola pikire sing luput, ngibadah tujuanne ora kanggo ngrumati keslametan,ora kanggo kabutuhan spiritual, ananging mung sadrema  tata wajib lan malah kanggo statur sosial. Pada lali tujuan awa ngibadah, kabeh mung kanggo mareme pribadi. Mula yen manut patuladane Raja Asa, kabeh kudu dipugar, dibabati,diresik’i, diobong ben resik lan sakbanjure sing njedul mung bab anyar kang sarwa apik..Kaya dene raja Asa, jenenge nggawe perubahan kuwi abot, semono uga ing jaman saiki, abote ngeram. Kabeh jik pleg mbuleg karo kansep urip jaman mbiyen sing sejatine ora gathuk karo jaman saiki. Ananging angele kaya ngapa, MUGAR kuwi kudu klakon lan dilakoni supaya urip luwih ana paedahe..

“Rep ngandi Jo, jik sore kok wis klimis?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo.
“Arep mangkat rapat kang, meh mangkat gasik, nyawiske papan karo mesenke senek lan mangane” Semaure Dalijo karo jungkatan neng ngarep kaca pengilon.
“Lha pora wis ana sing tanggung jawab ngurus bab kaya ngono kuwi?” Takone Lik Ndoleng meneh..
“Biyuh Lik…takonmu kaya wartawan kuwi meh ngapa ta jane..mbok ben kang Dalijo mangkat disik,nyawiske butuhe wong rapat, ora mung papane ananging ya mangane. Yen wis ana sing kejibah,ya is akerjasama. Tinimbang sampeyan mung kakean paidon,kakean kritik,kakean lambe…pungkasane ya mak busss..ragelem tumandang..”Semprote Nduk I’in marang Lik Ndoleng.
“Sik tak mangkat..ngko tak bungkuske pecel lel gelem ra Lik?”, Dalijo pamit, sinambi sajak ngece, dene Lik ndoleng mung klecam-klecom, snambi ngelus-elus sirahe sing rambute kari 29 las..

Mbah’e..



Senin, 27 Mei 2019

WOH


Senen Pahing 27 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK



1 Babad 12:16-22
Jabur 93
Wahyu 21:5-14
Yokanan 15:1-8
“Yèn kowé metokaké woh akèh, Rama-Ku ing swarga diluhuraké; kuwi buktiné yèn kowé murid-Ku temenan.” Yokanan 15:8

                     WOHING KETRESNAN

Yen nuju ana wektu, njajal para pamaos BENINGE EMBUN ESUK iki nyuwun pirsa para sedulur Tani, bab endi sing ndadekne senenge bab tandurane. Seneng sing wite ijo royo-royo, ledhung-ledhung ananging ora metokne WOH, apa seneng sing Wit’e biasa-biasa, ananging isa ngetokne WOH sing ngedab-edab’i? Oiya, iki takone marang kadang Tani sing nandhur pari lho ya..dudu nandur mbayung, merga yen nandhur mbayung pancen sing dibutuhake godhonge, dene yen nandur pari sing dibutuh’ake WOH’e. Normale, para sedulur tani yen nembe nandhur Pari, mesti sing dienteni WOH sing apik, dudu wit, sanadyan Wit ya isa didol minangka damen marang sing ngingu kebo lan sapi, ananging yen tandurane pari ora metokne WOH, mesti ana rasa getun lan kuciwa.


                          INGIN VIDEO SELENGKAPNYA?KLIK SAJA

WOH pari sing apik, sing jenenge gabah mau, sakwise dipanen,dipepe,njur isa didadekne sumbering pangan kanggo menungsa. Isa digawe sega, bubur,lan liya-liyane. Ananging sanadyan Wite ngrembuyung, yen ora metokne WOH, sejatine ora ana gunane. Wis wite subur, ngentekne rabuk lan banyu, uga ngentekne papan kanggo uripe, ananging babar blas ora ana gunane. Yen disawang wae katone apik, nyenengke,merga kahanane sing ijo lan ngrembuyung, ananging sing dibutuhke kuwi dudu wite, ananging WOH’e. mula yen ngepasi sing nduwe nesu, ya sah-sah wae mbabati tanduran pari sing ora ngetokne WOH mau. Awit, sanadyan subure wite kaya ngapa,kuwi ora isa diarani apik yen ora metokne WOH..

Bab metokne WOH , kuwi nate dadi piwulange Gusti Yesus, ana neng Yokanan 15. Neng kana dicritakne, kudu kaya ngapa kahanane para menungsa men isa diarani Murid sing temen, yakuwi nalika isa ngetokne WOH sing akeh tur migunani. Dene WOH sing dikersakne Gusti yakuwi kahanan urip sing nentremake, isa tulung tinulung, isa empan-papan, isa urmat-ingurmatan, isa mbangun lan mangun kahanan urip bebarengan sing nyenengake, ora malah nggawe resah’e liyan. Ana kalane wong ngakune nglakoni agama, ananging tumindak’e malah nerak angger-anggering agama, sandangane khas agama, ananging tumindak’e babar blas ora nunjukne yen ngrasuk lan nglakoni piwulang agama.  Kersane Gusti marang para murid mau supaya lumantar tumindak’e para murid, asmane Gusti kaluhurake, dadi ing kene para muirid kudu bener-bener ngetokake WOH sing gathuk karo kersane Gusti.

Ingin Penghasilan 6-10 Juta Per Bulan?
KLIK INI SAJA


“Lik, kok yahmene wis neng ngomah?Jare ana rapat?Iki rung mangkat apa wis mulih?”, Pitakone Dalijo neng Lik Ndoleng, sebab jam wis nunjukne jam wolu mbengi,lan Lik Ndoleng malah jik lungguh neng lincak karo njekathut kaya Lawa bar sunat.
“Paklik lagi wae mulih Kang, mbuh raisa nampa kahanane rapat..Paling-paling kang Markun sing mangkatm dene Yu wasti off..ijin..”Nduk I’in semur, njajal nduga apa sing dadi alesan Lik Ndoleng mulih ndisik.
“Weh, pojik ngarep-arep nyawang Yu Wasti Lik?Ihirr…”Pangecene Dalijo, sejatine nggawe cairing swasana.
“Crigis cahh….iki ora urusan karo Markun po Diajeng Wasti..eh..Wasti..iki bab kahanane Rapat…Jenenge rapat grejawi kok ya ora ana swasana ajen-ingajenane..mbokya empan-papan..ngerti yen entutku kuwi mambu, mbok ya aja dicethak-cethakne…asemmm…”Sambate Lik Ndoleng..
“Lha salahmu ta Lik..ngentut kok ya neng parepatan..nek krasa ya gek metu’a… Bab ngentut wae kok direwangi mutung seka rapat” Dalijo njajal netralisir kahanan.
“Ora masalah kuwi Jooo..lha iki si Markun..rapat lagi wae dibuka kok usul yen ngentut kon metu..pomeneh kuwi Ndoleng…jare ambune ngeram..iki lakyo ora miring-mirangke aku..”Sambate Lik Ndoleng..
“Kang Markun bener lik..ngentut ya kudu metu, yen ora metu dudu entut..ananging kok ya lucu..rapat  kok ngrembug sing sepele..bab entut…tur meneh sampeyan ya mutung..ora diwasa..ora nggambarke siswane Gusti..woh sing dikersakne Gusti kuwi sabar lho Lik..” Piwulange Dalijo..


Mbah’e..



Minggu, 26 Mei 2019

SUMENDHE


Minggu Legi 26 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Kisah Para Rasul 169-15
Jabur 67
Wahyu 21:10-22:5
Yokanan 14:23-29
“Ing antarané wong-wong wadon sing mèlu ngrungokaké mau, ana sing jenengé Lidhia, saka kutha Tiatira, bakul kain wungu. Lidhia kuwi wong sing ngabekti marang Gusti Allah, mulané Gusti Allah kepareng ngosikaké atiné, nganti wong mau nampani piwulangé Rasul Paulus. Lidhia sabrayat nuli dibaptis. Banjur kandha, tembungé: “Menawi panjenengan sami yakin, bilih kula sampun pitados dados kagunganipun Gusti Yésus, sumangga panjenengan kula aturi pinarak ing griya kula.” Sarèhné adreng penjaluké, aku nuli padha menyang omahé.” Para RAsul 16:14-15

SUMENDHE kuwi kahanane barang, apa wae bentuk’e sing mapane ora isa dewe’an, ananging sinangga liyan. Dene liyan kuwi isa apa wae, isa sakpepada, isa kahanan liya pokok’e ora madeg dewe’an. Isane SUMENDHE kuwi mesti sing disendheni luwih kuwat, merga yen luwih ringkih, mokal bisa disendheni, kuwi yen barang sing ora nduweni nyawa, dene yen sing SUMENDHE kuwi duwe nyawa lan uga nalar, mestine sadar yen dewekne luwih ringkih tinimbang sing disendheni, mulane ttetg SUMENDHE. Isane SUMENDHE uga merga percaya, amarga yen ora nduweni rasa percaya, tangeh lamun wani lan gelem nyumendek’ne urip’e.

MIGRAIN??JANGAN ABAIKAN...SEGERA PAKAI ESSENZO PAPPERMINT


Bab nyumendhek’ake urip marang sing luwih kuwat kui dadi pokok piwulange Kitab Suci, marang sapa wae sing percaya. Ing Kitab Suci, menungsa dikon masrahake utawa SUMENDHE marang Gusti kang akarya Jagad, ora SUMENDHE marang liyan,klebu bandha donya, sanadyan banda kuwi sarananing urip, ananging dudu sumbering urip. Sanadyan ketok’e mayar bab SUMENDHE mau, ananging cak-cak’ane jik angele ngeram. Menungsa jik nyunggi rasa kuatir sing guedene pol, mulane ora isa nyawang endah lan nyenengkene berkahe Gusti. Angger dijak makarya neng pakaryane Gusti, sanadyan wis dijanjeni dening Gusti bakal dijangkepi, menungsa jik kokean alesan lan ngendani sakkarepe dewe.

Bab SUMENDHE iki ana crita seka Kitab Suci, sing mbokmenawa isa dadi kaca pangilon kanggo sapa wae sing maca tulisan iki. Critane kuwi bab wong wadon sing sakbubare percaya karo Gusti Yesus, njur isa SUMENDHE marang pangreh lan pangreksane Gusti. Lho, lha apa titik’ane? Lha kuwi nalika ngampirke rombongane Rasul Paulus nginep lan uga ngopeni. Ora mung kuwi, sakrampunge Rasul Paulus lan rombongan mampir lan arep mbacutake lakune leladi, disangoni karo Tante Lidhia. Lan nalika pamitan, Tante Lidhia uga prasetya utawa aprajanji yen arep dadi “donatur” kanggo pakaryane Rasul Paulus lan rombongane. Pora yo jian poll tenan kapercayane Tante Lidhia, isa SUMENDHE sakwutuhe marang pangwasane Gusti sing nembe wae dipercayani. Lha nek saiki, nggolek wong kaya Tante Lidhia, biyuhh angele poll..jik gampang nggolek’I peniti neng Gurun Sahara, jik gampang nemokne guyune semut tinimbang nemokne sing kaya Tante Lidhia..

SAKIT SAAT PMS??AMBIL SEGERA LIMONGRASS


“Jo, manut kowe, seka Pea mau bengi kae, apa sing ndadekne wong wadon seka Tiatira sing jennege Lidhia kuwi gelem tumindak, nyengkuyung peladosane Rasul Paulus sak rombongan?”, Pitakone Lik Ndoleng.
“Merga percaya..”Wangsulane Dalijo, cekak tur aor lan rasa sugal, sinambi nyumet djarumsupere.
“Weh, lha saiki jane ya akeh sing percaya kang Dal..ning kahanane kan beda..”Nduk I’in sajak ya melu mbelani bingunge Lik Ndoleng.
“Haiyah, kuwi mung alesan wae..sing genah, percayane mung kanggo lipstip..ora satus persen..tur ya alesane poll..jare iki lak hasil usahaku,iki lak berkahku…kuwi kabeh mbelgedes…”Semaure Dalijo, sajak sansaya erosi..eh..emosi..
“Weh, Jo..yen ngono aku kuwi durung percaya ya?Mula wingi rada kaget, nalika awakmu nyawiske parsel..wah.kudu mertobat iki Jo..”Lik Ndoleng sajak rada sadar.
“Anakmu sing nampa THR, lan besanmu sing sertipikasi kae kandani Lik..aja dicekethem dewe…eling karo pakaryane Gusti..dislenthik Gusti, gak nyadar kowe..”Dalijo sansaya sugal unine, dene Nduk I’in mung ngowoh kaya Jangkrik Konangan bocah nyuluh..

Mbah’e..

Sabtu, 25 Mei 2019

MÈNÈK


Setu Kliwon 25 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Wulang Bebasan 2:9-15
Jabur 67
Lukas 19:1-10
“Mulané Zakhéus mlayu ndhisiki lakuné wong-wong akèh, nuli mènèk ing wit anjir, supaya bisa weruh sing bakal langkung kono.” Lukas 19:4

MENEK, kuwi ngener arah utawa nuju marang papa liya lumantar ngliwati Wit-witan, ananging merga perkembangan Jaman, saiki MENEK kuwi ora mesti kudu ngliwati wit-wit’an. MENEK kuwi dudu pakaryan sing prestise, ananging mung pakaryan sing sepele. Merga sepele, mula ya arang wong sing gelem kursus menek kanthi rega sing larang. Ananging sanadyan mayar lan murah, jebul ya akeh sing kepencut lan uda nate dadi srana piwulange Gusti Yesus.

SEDERHANA, KLIK SAJA TULISAN INI


Crita kuwi nalika Gusti Yesus tindak neng Yerikho, mbuh arep ngapa, sing  mesti ditutake wong akeh. Merga Gusti Yesus kuwi tokoh top markotop, mula kerawuhane Gusti dadi “amuk massa”, sing pengen nyawang lan kenal Gusti Yesus. Saking akehe wong, mula ya ora gampang isa nyawang lan pepanggihan karo Gusti. Ana sing njur wegah ngudi ben isa kepethuk lan nyawang, ananging ana uga sing tetep mbudidaya kepethuk, sanadyan rumpil dalane lan angel carane.

Ana neng critane Gusti Yesus, saking pengine ketemu Gusti, mula nalika saking akehe wong, sakbanjure Zakeus rada mudun semangate. Anangig bareng bar ketemu kancane akrab, kuatir mau ilang dadi keyakinan sing bakoh. Mula Zakheus banjur mlayu ndisik’i, tetep rungisa,mula ya kudu menek. Lha sing kudu dipenek kok ya wit anjir sing wis dhuwure ngeram. Zakheus ora mutung, malah njur mak brabat, mlayu arep nggolek papan kanggo nyawang Gusti Yesus. Wit anjir sing dipenek Zakheus kuwi ora ana pange babar blas, mula ya kudu nggawa piranti ben isa menek, ananging kayane Zakheus ora nganggo piranti babar pisan. Isa dibayangake kaya ngapa rekasane Zakheus, kanggo nututi karepe nyawang Gusti Yesus. MENEK wit anjir sing dhuwur, ora ana pange tur ya awak’e cendhek lan mestine lemu, lha wong pegawe pajek..

Kabeh pambudidayane Zakheus kuwi mau banjur nampa bebulih sing luwih seka pengarep-arepe, merga Gusti Yesus kersa methuk’i lan malah meh mampir omahe lan dhahar bebarengan dewekne. Wiwitane kaget, ananging sakbanjure dadi kabungan kang gedhe, merga Gusti kepareng ngrawuhi dewekne, brayate lan uga dosa-dosane. Kuwi kabeh isa klakon merga krenteg apik,sedya mulya sing makantar-kantar seka Zakheus, pepalang trajang, reriget disingget.

MAU PENGHASILAN 6-10 JUTA/BULAN?JADILAH RESELLER ASSENZO!


“Ngapa ta Jo, biasane sumringah, ceria kok malah njethatut kaya manuk Tengkek putus cinta?” Pitakone Lik Ndoleng neng Dallijo, nalika nembe wedangan neng sor wit talok, sore kuwi.
“Aku kuwi ora sedih kok Lik, mung ratekan gagasanku. Kok saiki babagan ngusi ngelmu kasampurnan, sinau dhawuh pangandikane Gusti, kok kaya disepelekne ya, ora ana sing serius ngudi kuwi. Bubar maca BENINGE EMBUN ESUK, crita bab Zakheus, sing ora mendeg olehe ngudi kepethuk Gusti, bareng mbandingke jaman saiki..biyuhhh..adohe poll..”Semaure Dalijo.
“Ora nyindir aku kan sliramu Jo?”, Lik Ndoleng sajak snewen, rumangsa kesindir.
“Lha krasa kesindir pora ta Lik?”Nduk I’in takon sinambi nyelehke kopi lan the panas, jik kemedul kae lan uga ana kimpul bakar, mringin poll..
“Ya mung krasa wae In, apa sing diomongke Dalijo ki jian nableg aku…mungkin ramung akun ding..sing maca tulisan iki, tur mesam-mesem bdewe, mesti ya kaya aku..”Semaure Lik Ndoleng, wis sajak sumringah..
“Apik kuwi lik..ananging aku nduwe KUIS, sapa sing isa njawab bakalane entuk Hadiah, TOPI merk dalijondoleng”, Unine Dalijo.
“Apa pertanyaan kuise Jo?”, Lik Ndoleng sajak semangat yen bab kuis.
“Anu lik…kira-kira lehe mudun Zakheus kuwi piye, a). Anjlog, b)Mlorot lan c) Mudun biasa..Jawabane neng kolom komentar, ora pareng liwat WA”, Dalijo nerangke kuise…




Sapa sing pengen, nulis jawabane neng kolom komentar..

Mbah’e..



Jumat, 24 Mei 2019

BELAJAR DARI POHON YANG MERANGGAS

OBAT SAAT MERANGGAS


Mungkin tidak banyak orang yang mau memperhatikan siklus kehidupan pepohonan. Semua karena kebasan, tidak ada yang memaksa untuk memperhatikan. Selain itu juga karena memang tidak ada keuntungan material dengan memperhatikan gerak-gerik pepohonan, yang ada malah justru perbuatan itu adalah kesia-siaan. Ya tidak mengapa,toh hidup adalah pilihan dan pilihan itulah yang akan dinikmati oleh masing-masing pribadi.

Kembali ke soal siklus pepohonan (tertentu), ada saatnya mereka meranggas, yaitu meluruhkan semua daunnya untuk menjadikan pepohonan itu telanjang (meminjam istilahnya Alm. Gombloh). Dalam ketelanjangan, pepohonan itu sangat tidak menarik dan bahkan bisa jadi malah menjadi “sampah” pemandangan. Asumsi ini berangkat dari pengamatan saya, bahwa sangat jarang di saat musim kemarau, saat pepohonan meranggas, banyak yang berselfie dan diunggah ke media sosialnya. Namun saat pohon itu rimbun, banyak sekali yang mengagumi dan memuji keberadaan pohon tersebut. Di atas semuanya, si pohon tidak pernah pusing dengan situasi di sekitarnya (andaipun pusing, saya juga kurang paham..hehe)

Meranggasnya pepohonan adalah sebagai media pembaharuan, dari sesuatu yang “using” pada jamannya, menuju ke sesuatu yang baru, sesuai kondisi jamannya pula. Ada jeda waktu dalam meranggas, yang kalau boleh saya istilahkan sebagai saat bertapanya pepohonan. Dengan meranggas, maka penguapan dibatasi,karena daun-daun dbiarkan luruh. Dengan pembatasan penguapan, maka si pohon sedang bertahan dari ancaman kematian. Setelah usai bermeditasi atau bertapa, akan tiba saatnya kuncup-kuncup daun baru bermunculan. Dan ini juga sebagai penanda, bahwa, musim panas,musim kemarau sudah akan menutup episodenya.

TIPS AGAR GIGI TIDAK MERANGGAS


Bahasa alam, termasuk di dalamnya bahasa pohon dengan siklus meranggasnya, sering dipakai manusia untuk menandai siklus makrokosmos, siklus alam semesta. Dan semua bermanfaat untuk menjaga keberadaannya sebagai makluk hidup, semisal petani akan segera bersiap bertanam dengan hadirnya kuncup-kuncup daun dari pohon yang usai meranggas.
Usai meranggas adalah masa menggairahkan untuk pepohonan. Akan segera hadir dedaunan baru, warna yang  berubah, kemudian saat pagi, kemilausinar matahari akan berloncatan serta menari pada pucuk-pucuk dedaunan itu dan itu menjadikan manusia tertarik untuk kemudian mengabadikannya dalam bingkai hidup mereka.

Terkadang, dalam meniti jalan kehidupannya, manusia juga mesti “meranggas”, meniti jalan-jalan sepi, jalan-jalan sunyi, rute terjal dan juga kabut pekat keragu-raguan. Seolah harapan terhempas alam, dan tidak jarang ada manusia yang terjerumus dalam kubangan keputusasaan. Meranggasnya dedaunan pada pepohonan adalah “bertapa”nya pepohonan demi esok yang lebih baik. Maka, sebagai manusia (yang membaca dan merasa sebagai manusia lho ya,.)semestinya bisa meluangkan waktu untuk “bertapa”, untuk mempersiapkan esok yang lebih ceria dan cerah.

Dalam proses “pemeranggasan”, akan dilebur semua sisi-sisi serta energi negative dalam seluruh kehidupan manusia. Ada dendam,sakit hait,kemalasan, penolakan, kecemburuan, ketertutupan,keangkuhan,kemunafikan,…semua harus diluruhkan untuk kemudian menjadi sesuatu yang baru dan elok dilihat oleh seluruh semesta..

Selamat Meranggas..



FIKSI Di Malam PASKAH