Jemuah
Kliwon 10 Mei 2019
BENINGE
EMBUN ESUK
Yehezkiel
20:39-44
Jabur
23
Yokanan
6:44-51
“Lakuku
senajan ngambah dalan sing peteng dhedhet, aku ora wedi bebaya, margi Paduka
celak kawula; gada lan teken ingkang Paduka asta, menika njagi kawula.”
Jabur 23:4
DIMONG, kuwi kahanan, kahanan yen nembe
dirumati, dijaga,diawasi,diayomi,dicawisi lan uga dikancani. Kabeh kahanan kuwi
didadekne saktembung, yakuwi DIMONG. Saka tembung DIMONG kuwi., paling ora ana
rong pihak, sing DIMONG lan sing momong utawa sing ngemong. Manut kahanane,
pihak sing ngemong karo sing DIMONG kuwi kudne luwih kuwat,rosa,bakoh sing
ngemong, merga nduweni tanggung jawab momong sing DIMONG.
Crita Kitab Suci, yakuwi neng kitab Jabur 23 isa
dadi kaca pangilon utawa piwulang bab urip sing apik tenan. Juru Jabur ngrasa
lan ngrumansani kahanane sing winates lan kudu tansah ngadepi akeh perkarane
urip sing abot. Ananging sanadyan kaya mengkono, juru Jabur jik isa lumaku tekan
umur tua, kuwi kabeh dadi pengalaman sing ora isa kaukur ajine,lan kabeh
dirasakne dening juru Jabur minangka kahanan DIMONG, lan sapa sing ngemong? Ora
liya yakuwi Sing Kagungan Gesang.
Juru Jabur wani,tetag nganti tutug merga ngerti
sapa sing ngemong uripe, merga ngerti mulane juru Jabur njur percaya. Lha percaya
kuwi sing marakne juru Jabur sampurna nglakoni kabeh ayahaning uripe lan malah
dadi kaca pangiloning urip tekan saiki,klebu sing maca tulisan iki. Juru Jabur
sinau supaya ngerti kepiye urip sing sakmestine, lan banjur sakwise ngerti
ditrapne,dilakoni,mula isa nganti tutug. Uripe Juru Jabur ora gampang, angel
banget. Ana tantangan sing abot, seka njabane awak’e lan uga seka saknjerone
uripe. Perang kanggone Juru Jabur kaya panganan, mera meh saben ndina perang,
uga kaya ngapa ngadepi brayat sing nggladeg, seka bojo lan anak,ananging kuwi
kabeh isa diliwati. Juru Jabur rumangsa DIMONG dening Sing Mbareksa Uripe, mula
isa ngrampungi tanggungjawabe urip kanti sampurna.
Sejatine kabeh menungsa kuwi kaya juru Jabur,
ya tansah DIMONG karo Sing Mbaureksa Urip. Ananging ora kabeh ngerti, merga
wegah sinau. Ana meneh sing sejatine ngerti yen uripe tansah DIMONG, ananging
wegah cawe-cawe karo pakaryane Gusti. Kuwi merga ati sing kebak reged,kebak sampahing
urip. Kaya dene Juru Jabur sing kudu urip sakjrone peprangan, semono uga
menungsa ing jaman saiki,lan kabeh wis diayomi dening Gusti, DIMONG. Kabeh kuwi
mbalik marang menungsa, klebu sing maca tulisan iki, GELEM apa ora nglakoni
urip sing pasrah kaya dene Juru Jabur, pasrah merga rumangsa DIMONG dening
Gusti. Ora dikalahke wassumelang,ora pelit,ora kemaki, ora kumlungkung. Mula saka
kuwi, sejatine gampang niteni menungsa sing jarene beriman, wani ora netepi
timbalaning urip leladi, andum inganduman karo sakpepada. Ngomonga ngecuprus
percaya lan jare diberkahi, ananging yen pelite oranjamak, kuwi mung ngayawara!
Lan sing urip kaya mengkene iki akeh,muga-muga wae sing maca tulisan iki dudu
golonganne..hehe…
“Sesuk kowe sidane wani Jo kon dadi pranata
adicara? Iki wong akeh lho, lan basane ora kaya basa padinan..”Lik Ndoleng
ngelikne Dalijo, bab olehe nyanggemi dadi pranata adi cara acarane mbah
Kariyatirto.
“Yen ora wani apa ya saguh ta lik..sampeyan ki
kepiye?”, Nduk I’in malah sing mangsuli.
“Ora ngono ta Nduk, karepku kuwi ngelikne,
mumpung jik ana wektu, tinimbang sesuk grothal-grathul ora nggenah” Semaure Lik
Ndoleng.
“Aku wis SINAU mula ngerti kok Lik, lan aku wis percaya yen Gusti bakal
nulungi aku, mula aku yakin isa lan lancar sakabehe”, Dalijo nyauri sinambi
klepas-klepus karo klangenane..
“Eeee..yo sokur yen ngono, melu bungah..ning ya
aja ngisin-isini lho Jo..”Lik Ndoleng jik sajak abot, mbuh ana apa.
“Suk yen Yu Wasti syukuran sampeyan gelem ra
lik kon ngacarani?”, Dalijo ujug-ujug takon sing aneh,lan Lik Ndoleng praenane
malih dadi abang mranang saking isine..
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar