Minggu, 31 Mei 2020

NGAPURA (2)

Minggu Pahing 31 Mei 2020

BENINGE EMBUN ESUK




Para Rasul 2:1-21

Jabur 104:24-34,35b

1 Korintus 12:3b-13

Yokanan 20:19-23

Manawa kowe padha ngapura dosane wong, iku dosane diapura, lan manawa kowe padha netepake dosane, iku dosane ditetepake.” Yokanan 20:23

 

NGAPURA kuwi asale saka tempung Apura, sing tegese kahanan nutup lelakon kang wis lumaku ing wektu kang kawuri. Dadi yen ana sing durung klakon ananging wus njaluk Apura, kuwi ora pas. Saka tembung Apura kuwi njur dadi NGAPURA, sing tegese sakabehing tumindak kang ngener marang kahanan nutup apa wae lelakon sing wis kawuri. Neng basa ngindonesa ana rong tembung bab Apura lan NGAPURA, yakuwi “memaafkan” lan tembung “mengampuni”. Memaafkan kuwi meh padha karo mengampuni, ananging jik dituntut neng pranatan hukum, dene mengampuni kuwi maafke tur ya ora nuntut neng pengadilan,wis rampun,tuntans..tas..sak endog-endoge..hehe. Neng  basa jawa mung satembung, yakuwi Apura lan dadi NGAPURA. Sanadyan mung satembung lan ketone mayar, sejatine NGAPURA kuwi rumpil temenan. Lha kepiye ora rumpil?Lha sabarang kang nate natoni kon nglalekne lan ora oleh nuntut wales, pora yo abote ngeram.

 

Oiya, jejer NGAPURA wis nate katulis neng BENINGE EMBUN ESUK, mula taktambahi angka 2. Yen durung percaya, ceka wae   IKI LHO Mbalik neng bab NGAPURA, neng Kitab Suci akeh banget piwulang bab NGAPURa, ananging ing dina iki, BENINGE EMBUN ESUK arep ngajak sapa wae sing maca tulisan iki ngrasakne kersane Gusti bab NGAPURA lumantar patrab saka diri pribadi. Tegese mengkene, kaya nats ing ndhuwur, sabarang kuwi isane klakon merga pikirane awake dewe. Yen awake dewe NGAPURA, apa wae luput lan salahe Liyan, kaapura, lan kosokbaline, cilika kaya ngapa salahe Liyan, yen awake dewe ora NGAPURA, kuwi tetep salah utawa dosa. Dadi sejatine, jagad iki arep apik apa ala,gumantung pikirane menungsa, si menus-menus kebak dosa!


                                                                    KEBUN PORANG


Saka piwulang Kitab Suci dina iki, sejatine yen gelem, kahanan njagad iki isa klakon tentrem rahayu, menawa kabeh mikir lan tumindak tentrem rahayu. Ananging kosokbaline, jagad klakon ruwet nalika kabeh mikir lan tumindak tentrem rahayu. Dadi, kabeh kudu digawe kepenak.sepisan meneh, kabeh kuwi mung gumantung saka pikiran. Yen mikir lan sakbanjure tumindak NGAPURA, kabeh mesti klakon apik,ananging yen jik ngumat lan ngingu lara ati utawa dendam, kabeh  isa rusak,ajur-mumur ora kauruan.

“Jo, jare winihmu Porang ana sing dicolong nguwong ya?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo, nalika awan kuwi cangkrukan neng Cakruk, merga udan gembrejeh kaya neng wulan desember.

“Weh, tik ngerti Lik?Biasane yen bab ngene iki sampeyan angel paham…” Semaure Dalijo, sinambi dolanan Androite.

“Ditakoni malah genti takon..hmmm..” Gembrenenge Lik Ndoleng, lan sakdurunge Dalijo wangsulan, ketungka njedule Nduk Iin, saka warung sajak’e.

“Iyo kuwi Lik, aku mau ngerti malah seka Yu Wasti..”Iin nimbrung.

“Ora ana colong cinolong, kuwi mung ana wong butuh ananging ora wani nembung. Aku ora ngarani nyolong, ben sapa wae sing njupuk ananging ora nembung aku ora kinaranan tukang nyolong, kuwi pangerten bab NGAPURA sing takngerteni..” Dalijo nyauri wasise ngeram, persis Begawan,sanadyan sejatine Josep, Joko Kasep.

“Tumben mletik pikiranmu kang?” Iin sajak penasaran mbek Dalijo.

“Merga bar krungu bab sliramu seka warunge Yu Wasti, mula pikiranku njur padhang In..”Muni ngono, Dalijo sinambi nglirik Lik Ndoleng, sing njur sajak kaget lan muni..

“Trondolo Bongkek!!, Malah aku sing kenek…!! Nggere bab Wasti, aku korbane cahh..Duss!! Unine Lik Ndoleng ora patio seru.

 

Mbah’e..


Sabtu, 30 Mei 2020

MATENI

Setu Legi 30 Mei 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 20:1-21

Jabur 33:12-22

Yokanan 21:20-25

Sira aja memateni.”

Pangentasan 20:13

 

MATENI, asale saka tembung lingga Mati, sing tegese kahanan kang ora urip,ora ana nyawane lan wis ora isa tumindhak dewe. Mula saka kuwi tembung MATENI tegese sakabehing tumindak kang ndadekake kahanan Mati utawa ora isa urip meneh. Dene Tumindak kuwi bisa sing katon lan ora katon, sing katon dening mripat wadag iki mayar nitenine, ananging sing ora katon, biyuh..angele ngeram. Merga urip iki sing nggawe Gusti Allah, mula bab matine ya urusane Gusti Allah, titah ora oleh sakarepe dewe tumindak kang marakne titah liyane ora urip, utawa mati. Merga kahanan kang kaya mengkene iki, mula Gusti nate meling marang menungsa lumantar nabi Musa, supaya aja tumindak MATENI.

 

Ing jamane nabi Musa, sing dikarepake MATENI mbokmenawa ya ngilangke nyawane titah liyane, ananging ing jaman saiki bab MATENI wis nduweni arti sing ambane ora karuan. Tumindak menggak rejekine liyan, kuwi wis klebu MATENI paguripane liyan. Tumindak mitenah liyan, lan merga pitenah kuwi marakne liyan ora isa makarya, kuwi ya klebu MATENI,lan jika uakehe pol yen meh didaftar bab tumindak ing jaman saiki sing isa marakne MATENI liyan.


                           MEMILAH DAN MEMILIH BIBIT PORANG


Saka piwulange Kitab Suci ing jamane mbiyen, jamane nabi Musa, isa dipethik pasinaon apik bab epriye tumindak sing kinersakake dening Gusti. Urip kuwi kabeh kinersakake Gusti Allah, mula aja pisan-pisan nggawe kahanan kang isa marakne Mati, merga kuwi isa kinaranan MATENI. Ora gelem ngrungokne pendapate liyan utawa meksa kekarepane dewe kuwi klebu tumindak MATENI,merga mung arep nggolek menange dewe. Nesunan lan mutungan kuwi klebu tumindak kang isa marakne liyan mati, mulane aja gampang nesunan, aja gampang mutungan.

 

Ing dina setu legi pungkasane wulan mei 2020 iki, payo padha ndadha pribadine dewe-dewe, apa yaw is tumindak kang marakne liyan dadi urip lan nduweni grengseng nguripi, apa malah tumindak’e malah marakne liyan ngener marang pati kang isa kinaranan MATENI? Kuwi kabeh mung pribadi dewe-dewe kang isa mbiji. Sing baku, ayo tumindak nguripake, aja malah MATENI ing baba pa wae..

 

“Jo, kae adimu kok raine njegadhul kaya Jangkrik lara untu kae kena ngapa?” Sore kuwi Lik Ndoleng nalika wiwit lungguh neng Cakruk pojokan omah, langsung nakoni Dalijo bab sakparipolahe iin.

“Ambuh Lik, lhawong karo aku  ya ngono. Ditakoni apik-apik, wangsulane mung sakkecap-rongkecap. Njur tak sawang cen raine njegadhull kae..” Dalijo ora mangsuli malah menehi informasi sing padha bab plageane Iin.

“Weladalah, bocah tuwek tik jik nesunan..jabangkecindhillll…apa lagi radijathah Ki Sro ya Jo?” Lik Ndoleng malah takon marang Dalijo.

“Weh, bab jatah lan ora jatah saka Ki Sro, bojone Iin, kuwi aku ya ora dong ta Lik. Ananging tumindake Iin kuwi isa ngrusak kahanan, isa MATENI kahanan. Mula jale yen njedul ngko ditakoni wae..” Semaure Dalijo. Ndilalah bar muni ngono, Iin njedul saka lawing,  nggawa kumbahan.

“In..mrene sik..” Undange Lik Ndoleng.

“Jan-jane kowe kuwi kena apa, lha kok raimu njegadhul kaya Jangkrik lara untu kuwi? Ndang jlentrehna..” Pangakone Lik Ndoleng.

“Hmm..anu Lik..anu..kuwi lho,aku kui rumangsa tersinggung mbek kang Dalijo, bab ngguyoni aku. Wis ngerti yen swaraku elek, lha kok ndadak ngece,njarag. Ndilalah pas wektuku cen kudu gampang nesu..paham kan Lik,kang aku wong wedok?” Wangsulane Iin.

“Badalaaaa…jebul mung kaya mengkene, tiwas kene kwatir poll In..sukneh jadwalen “tanggalmu” ben pas kuwi aku karo Dalijo ora nyenggrok kowe..” Wangsulane Lik Ndoleng..

“Duss..gara-gara adate wong wedok, kabeh kena iki…”Batine Dalijo.

 

Mbah’e..

 

 


Jumat, 29 Mei 2020

MBROBOS

Jemuah Kliwon 29 Mei 2020
BENINGE EMBUN ESUK




Pangentasan 19:16-25
Jabur 33:12-22
Yokanan 21:20-25
Pangeran Yehuwah tumuli tumedhak marang ing pucake gunung Sinai, sarta nimbali Nabi Musa menyang ing pucake gunung iku; Nabi Musa banjur minggah. Dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira mudhuna, bangsa iku elingna, aja ana kang mbrobos ing pager nyedhaki Pangeran Yehuwah arep ndedeleng, sabab mesthi akeh kang bakal padha tiwas. Pangentasan 19:20-21

Dina wingi rembugane BENINGE EMBUN ESUK bab PAGER, kang nduweni fungsi ora ukur akehe. Ing dina iki, BENINGE EMBUN ESUK arep ngajak sapa wae sing maca tulisan iki, mbuh neng ngendi paranne, sinau lan ngrasakne tegese tembung MBROBOS, jik ana gandeng cenenge karo PAGER, merga titah kuwi, klebu menungsa, akeh sing hoby MBROBOS utawa nrabas PAGER,cikben cepet tumeka ing tujuane. MBROBOS kuwi tumindak utawa lelaku kang ora ngliwati dalan kang sakmestine. Menawa kudune dalane mubeng, ananging merga pengen cepet njur MBROBOS kang sejatine dudu dalane. Jan-jane MBROBOS kuwi ora kabeh ala, ananging okeh ora becik’e yen bab MBROBOS kuwi.

Ana crita neng Kitab Suci,nalika Gusti Allah ngakon nabi Musa supaya ngelingake bangsa ngisrael, merga ana kang MBROBOS Pager. Yen mung Pager gaweane menungsa, mbokmenawa ora patia nggegirisi, lha ing jamane nabi Musa, menungsa MBROBOS Pager saka Gusti Allah. Ing kahanan kaya mengkene, Gusti ngelikake,”..sira muduna, bangsa iku elingna,aja ana kang MBROBOS ing pager, nyedhaki….sebab mesthi akeh kang bakal tiwas..” Wis cetha yen nalika nggawe Pager, diwenehi ngerti bab fungsune Pager kuwi, lha kok jik ngeyele ngeram, mula ya tinimbang ngeyel, Gusti maringi pengancem kang ora bain-bain, nyedhak oncat nyawane utawa  MBROBOS klakon ujurne ngalor!

Saka crita ing Kitab Suci kuwi, isa dipethik pasinaon bab tumindak nerak utawa MBROBOS kuwi ora apik. Yen wis ana Pager,aja padha dibrobosi, yen wis dicawisi dalan ya aja MBROBOS liwat kang dudu dalane. Ananging kaya menungsa ing jamane nabi Musa, ing jaman saiki ora sansaya suda sing seneng utawa hoby MBROBOS, malah sansaya akehe poll. Meh kabeh Pager yen isa dibrobosi. Iki ngepasi pandemic Topik Songolas, kon nganggo masker wae angele ngeram, kon wisuh sakdurunge mlebu omah,ya angele pol-polan. Durung ing babagan lyane, bab kapercayan, dikon tertib ngibadhah wae ya angele ngeram, senengane MBROBOS apa wae kang sejatine wis ana pagere. 
Ngelingi pesen lan pengalamane menungsa ing jamane nabi Musa, yen sapa wae kang MBROBOS Pager kang diyasa dening Gusti bakal nemahi bilahi, mula ing jaman saiki kudune pada wani manut karo sabarang kang wis ditata lan diatur. Aja seneng MBROBOS apa wae kang wis digawe, isa-isa mengkone nampa bebendhu saka Gusti Allah.

“Kang, jik nyimpen obat merah?” Iin sajak klaran, nakoni Dalijo sing jik ibut neng Kebon cedak omah.
“Walah, lali In, lha ana kena apa awakmu?” Takone Dalijo.
“Mau arep neng omahe Kang Kayun, arep njaluk Jamur, sirku wegah liwat dalan biasane, adohe pol, mula aku MBROBOS metu kebon kuwi. Lha kok malah kena paku, lecet…perihe ngeram kang..” Wangsulane Iin.
“Lha ngapa kok ndadak MBROBOS, wong liwat ndalan ya ora adoh..” Dalijo nanggepi.
“Wong karepku ben luwih cepet, malah…yungalah…perihe kang..” Iin ndremimil, sajak kelaran, njur Lik Ndoleng njedul.
“Lha ngapa In, sikilmu po dibrakot boyo?” Takone Lik Ndoleng sakkenane.
“Ora Lik..anu..aduhh….” Sambate Iin.
“Kuwi mau meh neng mae Kayun, arep njupuk Jamur, ora liwat dalan biasane, malah MBROBOS liwat kebon, njur kena paku..” Dalijo njlentrehake.
“Mula ya mula In, aja seneng MBROBOS, isa kena wewelak. Liwat dalan kang ya ora kleru ta?”Lik Ndoleng sajak menehi pangerten marang Iin.
“Iyo Lik, sampeyan ya aja sok MBROBOS pager brayate Kang Markun, ngko kena wewelak..” Iin jik karo pringas-pringis nahan lara jik sempat njarag pakne cilik.
“Weladalah..malah tekan bab kuwi meneh…jindulll In kowe kui..jiannn!!” Umrenge Lik Ndoleng.

Mbah’e..

Kamis, 28 Mei 2020

MEMILAH & MEMILIH BIBIT PORANG

PAGER

Kemis Wage 28 Mei 2020

BENING EMBUN ESUK

                                                                KATAK BIBIT PORANG

Pangentasan 19:1-19a

Jabur 33:12-22

Yokanan 17:15-19

Kang iku sira masanga pager mubeng lan tutura: “Padha ngati-atia, aja ana kang munggah ing gunung utawa nggepok sikile, sabab sing sapa nggepok, mesthi kaukum pati.” Pangentasan 19:12

 

PAGER kuwi barang kang lumrah, merga meh saben wong (klebu sing maca tulisan iki) wis paham apa kuwi PAGER. PAGER kuwi sejatine Bates, kuwi artine PAGER.  Bates kuwi ana kang digawe menungsa ana uga kang wus ana kang ora digawe menungsa, ana PAGER kang apik tur ya edi-peni,ananging ana uga PAGER kang mung sadrema wates. Ana PAGER kang digawe saka Pring utawa kayu liyane, ana PAGER kang malah wujud’e tanduran, ananging uga ana PAGER kang regane larang lan ya sinawang kinclong apike ngeram. Ananging kaya ngapa wae wujud’e PAGER, tujuane mung menehi tenger utawa tandha yen kuwi Bates.

 

Sanadyan PAGER kuwi kayane sinawang ora aji, ananging sejatine jian wigati temenan. Lumantar PAGER menungsa dadi ngerti endi Bates, mbuh kuwi Bates lemah kebon sawah, lumantar PAGER dadi dimangerteni endi kang dadi duwek’e lan endi kang dudu duwek’e, lumantar Bates uga isa dimangerteni endi kang oleh dilakoni lan ora dilakoni. PAGER kuwi sanadyan sederhana, ananging tumrape sing nggawe lan sing nduwe, ajine ora ukur. Samangsa ana sing nerak, apameneh ngrusak, usa-isa nyawa kang dadi sorohe.

 

Piwulang Kitab Suci neng Pangentasan 19 menehi pangerten gamblang babagan PAGER. Ing kana Gusti Allah ngakon nabi Musa supaya masang PAGER, supaya jelas Bates endi kang oleh lan ora oleh diliwati dening menungsa. Ngerti kuwi dhawuh kang ora bain-bain, nabi Musa ya nglakoni kabeh kang dadi akone Gusti Allah. Tumrap nabi Musa, apa sing diakonake Gusti marang deweke lan bangsane kuwi mesti nduweni ancas kang becik. Nabi Musa tansah isa nemokne ancas utawa tujuan becik saka apa wae kang dikersakne dening Gusti, marang dewek’e lan bangsane, mula mesti dilakoni kanthi temenan. Semono uga bab PAGER kang kudu digawe,kuwi dilakoni. Ora mung digawe njur dipajang ananging ora dilakoni, PAGER kang digawe nabi Musa merga akone Gusti kuwi ya dilakoni sakwutuhe dening bangsa ngisrael.

 

                                         PIDIONE KITING

Ing jaman saiki bab PAGER kuwi ya okehe ora njamak, meh kabeh kahanan sejatine ana PAGER’e. neng ngomah ana PAGER, kayata yen arep mangan kudu wisuh, neng masyarakat ana PAGER,kayata sing wis diwasa kudu melu ronda, neng papan gawean, neng pasarlan kabeh papan mesti ana PAGER, sing mBatesi kahanan. Mung wae, bab dituruti apa ora, kuwi sing dadi masalah. Okeh wong sing wegah manut karo pranatan, jare yen nerak merga kahanan. Ana uga kang senengane nggawe pranantan utawa PAGER, ananging mung nggolek proyek merga ya ora dilakoni, kaya kae sing dadi DePe’eR, seneng nggawe aturan utawa PAGER nanging moh nglakoni, malah nerak lan ngrusak PAGER kuwi. Ing tata kapercayan ya ora sithik PAGER, ning ya okeh sing diterak lan dirusak.

 

“Jo, wis krungu kabar bab  wong desa Dul Nggunung, sing jare konangan ndemeni bojone tanggane?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo sing awan kuwi lagi ngiseni polybag, meh nggo ndedher Porang.

“Ora ngerti ik Lik, lha piye larah-larahe?” Takone Dalijo.

“Hambuh, aku ya mung krungu pas mau awan tuku udud neng Warung. Jare meh diwenehi ukuman social,ananging njur ana sing mbelani” Lik Ndoleng semaur.

“Lha mbelani piye Lik, ora sida diukum?” Takone Dalijo sajak serius, njur ninggal polybag lan nyedak neng Lincak.

“Iya, jare ukuman kuwi ora apik, ukuman kuwi ora manusiawi. Mbuh jare sing ngomong kuwi wong sing neng gulune ana putih-putihe, jare ngomonge ndakig-ndakig, kudu Pastoral Transpormatip, ngono Jo” Lik Ndoleng njlentrehake.

“Weh, ya ora ngono kudune. Salah kuwi ya tetep salah, wong wis nerak PAGER olehe ngeram. PAGER brayate diterak lan dirusak, PAGER brayate tanggane iya, PAGER social ya semono uga. Ukuman kuwi kudu ana, sanadyan wujud’e isa dirembug” Dalijo menehi wangsulan, sajak kaya ngerti-ngertio wae. Iin sing njedul karo nggawa kopi, njur langsung  nyael.

“Mulane Lik,rasah njowal-njawil Yu Wasti, kuwi ya isa diarani nerak lan ngrusak PAGER”, Muni ngono langsung mak brabat mlebu omah,mbuh arep ngapa.

“Jindullllll..Duuuuusss!!!” Malah aku meneh sing diserang!! “Sambate Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

 


Rabu, 27 Mei 2020

NUCEKAKE

Rebo Pon 27 Mei 2020

BENINGE EMBUN ESUK



1 Para Raja 8:54-65

Jabur 99

Yokanan 17:11b-19

Ing dina iku uga Sang Prabu nucekake tengah-tengahe plataran ing sangarepe padalemane Sang Yehuwah, amarga iya ana ing kono iku anggone panjenengane nyaosake kurban obaran, kurban dhaharan lan sakehe gajihe kurban slametan, amarga misbyah tembaga kang ana ing ngarsane Sang Yehuwah iku keciliken manawa kanggo ndekekake kurban obaran lan kurban dhaharan sarta sakehe gajihe kurban slametan mau. 1 Para Raja 8:64

 

NUCEKAKE kuwi asale saka tembung Suci,sing tegese resik utawa babar blas ora ana regede. Suci kuwi tembung kang netral, dene NUCEKAKE kuwi pagawean utawa tumndak kang nduweni ancas supaya Suci. Dadi cekak-aose, NUCEKAKE kuwi tumindak utawa pagawean kang tujuan utawa ancase supaya dadi Suci.dene kang didadekne Suci kuwi ya isa apa wae, isa kahanan, isa barang, isa wektu lan lan sakpanunggalane. Dene gawean NUCEKAKE kuwi isa diayahi sapa wae, gumantung karep, yen nduweni karep mesti isa. NECEKAKE kuwi isa klakon merga “kesepakatan” utawa “konsensus’. Nalika ana paguyuban kang sepakat NUCEKAKE kahanan, wektu, barang  utawa papan, mula lumantar apa kang wis dadi kesepakatan lan dilakoni, kuwi isa dadi Suci, lan pambudidayane isa diarani NUCEKAKE.

 

Apa kang klakon neng Kitab Suci, nalika jamane Raja Soleman, cethane neng Para Raja 8 ayat 54-65 njlentrehake baba pa kuwi Suci lan NUCEKAKE. Prabu Soleman anggone tumindak NUCEKAKE papan lan kahanan lumantar patraping kapercayan, lan uga ana sranane, yakuwi Korban kang cacahe ya jian ora memper. Sranane NUCEKAKE kang diayani dening Prabu Soleman kuwi ana sapi rolikur ewu lan wedus satusrongpuluh eweu. Biyuhh, lha panggonane pora kebak tlethong lan srinthil yen cacahe kewan semono okehe? Hayo embuh, kuwi critane Kitab Suci. Sing cetha, Kitab suci mung meh crita yen ayahan NUCEKAKE kuwi butuh srana, butuh piranti, ora mung kothong-mlompong.  Dene tujuan utawa ancas NUCEKAKE kau ya supaya Suci, lan kasucen kuwi sejatine kahanan kang dadi pepinginane saben wong. Suci lan Kasucen kuwi padha karo sehat utawa waras. Sehat saka sakabehing penyakit, waras saka sakabehing masalah.

 

Sinau saka critane Prabu Soleman neng Kitab Suci, bab Suci, NUCEKAKE lan uga Kasucen, ing jaman saiki sejatine ya padha butuh. Umpamane wae bab NUCEKAKE kahanan saka  polahe Topik Songolas. Menungsa ing jaman saiki kudu wani tumindak kanggo NUCEKAKE kahanan, ben Suci,ben Sehat lan dadi Waras. Dene pambudidaya NUCEKAKE mau mbutuhake Korban. Yen ing jamane Prabu Soleman butuh sapi rolikurewu lan Wedus satusrongpuluhewu, kang ajine pol okehe, saiki ya kudu wani ngetokne Korban. Ora kudu Sapi lan Wedus, ananging ajine Sapi lan Wedus kuwi sing kudu dadi undheran. Ing Jaman saiki, wong-wong kudu wani “ngorbanake” apa kang dadi srana supaya kahanan isa Suci. Pakaryan NUCEKAKE iki kudu dilakoni bebarengan, ora dewe-dewe apamenah malah tukarpadu merga rebutan benere dewe-dewe. Sing jelas, gawean NUCEKAKE kahanan saiki, ora isa dinyang, kudu enggal dilakoni ing wektu iki uga.

 

“Jo, aku dek kapan kae pethuk wong, jenenge aku ora patio eling, ananging kulina diundhang Kang Siswo..” Lik Ndoleng  sore kuwi miwiti jagongan nalika ana neng Cakruk Pojokan omah.

“Njur ngapa wong bab pethuk wong wae ndadak crita, saben ndina kan ya kepethuk wong sakndayak abuh ta Lik?” Semaure Dalijo.



“Iya, bab pethuk wong okeh kuwi lumrah, merha cacahe menungsa neng njagad iki jian okehe ngeram. Sing arep dadi critaku dudu bab pethuk’e, ananging bab wong kuwi” Lik Ndoleng njajal njlentrehake.

“Lha njur baba pane?” Takone Dalijo.

“Wong kuwi, kang Siswo kuwi, jian yen ngomong apa anane, thok-lek, blak kotang terus terang. Yen ora kuwat, mesti nesu lan mutung,njur ngamuk kabeh dikepruki..” Lik Ndoleng njajal nyritakne bab wong sing diundhang Kang Siswo kuwi.

“Kuwi apik, Lik. Kuwi isa dadi Sranan Kahanane dadi apik, ora slinthutan. Manut mbah’e, kuw cara NUCEKAKE kahanan, dadi ya apik wae, kuwi cara ndadekne kahanan dadi resik utawa sehat.” Dalijo menehi wangsulan.

“Weh, kuwi apa ya sing gulune ana putih-putihe kae Lik?” Takone Iin.

“Iya..”Semaure Lik Ndoleng.

“Aku setuju Kang Dalijo Lik, butuh wong kaya ngono kuwi, ben Resik. Mula tresnamu neng Yu Wasti enggal resikana Lik, tinimbang ngregeti srawungmu mbek kang Markun” Muni Ngono Iin langsung cengkelak mlebu omah, dene Lik Ndoleng misuh-misuh.

“Jreett…malah tekan Wasti meneh!! Grundhelane Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..


Selasa, 26 Mei 2020

NGENDEG

Selasa Pahing 26 Mei 2020

BENINGE EMBUN ESUK


                                                    KATAK/BULBIL BIBIT PORANG

                                                    MINAT WA 085870480039

Wilangan 16:41-50

Jabur 99

Yokanan 17:1-11a

Imam Harun banjur mendhet padupan kaya kang dadi dhawuhe Nabi Musa, sarta enggal-enggal lumayu menyang ing satengahe para umat, lan wewelake wus katon wiwit nempuh marang wong-wong mau, genine nuli didokoki dupa sarta nganakake pirukun kanggo bangsa iku. Bareng Imam Harun jumeneng ana ing antarane wong kang wus mati lan kang isih urip, wewelake leren. Wilangan 16:47-48

 

Tembung NGENDEG kuwi asale saka tembung Mandeg, sing tegese kahanan kang ora obah utawa mung manggon ana ing panggonane. Saka tembung Mandeg kuwi njur isa dadi NGENDEG sing tegese sadengan pakaryan utawa tumindak kang tujuane supaya kahanan sing obah (mlayu,mlaku,nglinding lsp) isa Mandeg. Dene kanggo ndadekne Mandeg kuwi mesti lumantar srana. Kendaraan sing mlaku kae supaya isa Mandeg, carane NGENDEG’ne ya nganggo rem, mula njur diarani Ngerem. Kipas Angin kae supaya isa mandeg, carane NGENDEG ya lumantar dipateni saluran listrik’e, utawa dikepruk ben ajur, ananging ngepruk kuwi dudu pakaryan kang apik. Mula saka kuwi, bab NGENDEG dewe ya isa dipilah dadi rong perkara, lumantar cara kang Becik lan lumantar cara kang ora Becik.

 



Neng Kitab Suci ana crita  bab NGENDEG, yakuwi nalika bangsa ngisrael kang dipimpin dening nabi Musa cs, nembe ngadepi kahanan kang nggegirisi.bangsa kang diirit metu saka Mesir, dijak mulih neng negarane kuwi nalika neng saktengahe ndalan malah nesu, ngamuk lan madoni nabi Musa lan pemimpin liyane. Ngadepi kahanan kaya mengkono kuwi, nabi mua kang rumangsa mimpin merga didhawuhi Sang Yuhuwah, njur sowan kanggo njaluk “Wangsit”. Sakwise etuk Wangsit njur paring dhawuh marang Harun. Sanadyan nabi Musa kuwi adine, ananging merga yakin yen apa sing diomongake adine kuwi saka Sang Yehuwah, mula Harus ya nglakoni sabarang kang didhawuhake nabi Musa, merga kuwi dipercaya minangka cara kanggo NGENDEG wewelak utawa bebendhu sing nembe tinempuh.

 

Sinau saka jamane nabi Musa anggone kepiye isane NGENDEG wewelak lan bebendhu, jebul sing dadi “Kata Kunci” kuwi bab Manut Prentah. Harun, sanadyan tinemu kangmase nabi Musa, ananging merga sing dadi pemimpin kuwi Musa, mula ya manut apa wae dhawuhe adine. Merga mung lumantar manut aturan utawa pranatan, bebendu kuwi isa mandeg.  Mula saka kuwi, nalika ing jaman saiki ngadepi Pandemi merga “Topik Songolas”, ya ayo netepi kabeh pranatan kang minangka dhawuh saka “Sang Yehuwah” kang lumantar para Medis lan Pemrintah. Aja ngeyel, aja kemaki, aja ndableg,aja nggugu karepe dewe, aja petentahng-petentheng. Ayo bebarengan NGENDEG pandemic merga “Topik Songolas” lumantar manut pranatan kang ana.

“Dupeh pegawe negri wae, rumangsane wis isa nyetir uripe liyan po piye! Nggaya! Ndadak ngatur-atur uripe liyan. Nggagas uripe dewe-dewe wae wis apik, ora usah nggaya,ora usah kemaki..”Sore kuwi, Lik Ndoleng nalika mulih saka Warung, nggedumel rakaruwan, jian persis manuk Prenjak pengen rabi..




“Weladalah, lha ketiban pulung apa Lik, kok mulih seka Warung malah duka yayah sinipi?” Dalijo sing jik ngurusi Polybag kanggo nyemai Bulbil Porang ngaruhake Pakne Cilik sing jian cuilik temenan.

“Asem kecut gula legi..Prawan Ngentut Jaka Wedi…. Jooooo!! Sekarep mung arep tuku butuh neng Warung, malah dikojahi Markun..Dussss!!!” Lik Ndoleng sansaya nggedumel.

“Lha baba pa ta Lik?” Takone Dalijo.

“Bab aku ora nganggo Masker..”Semaure Lik Ndoleng.

“Weladalah…masker kuwi salah sijine cara NGENDEG obah lan polahe si Topik Songolas Lik, mula kuwi jan-jane Wajib. Ayo manut aturan supaya isa NGENDEG Topik Songolas iki” Wangsulane Dalijo, jur melu lungguh neng Lincak, merga rembugane sajak sengrius, lan sakdurunge Lik Ndoleng ngomong, ketungka Iin njedul, nggawa Kopi lan kaya biasane, melu nyoal-nyael!

“Haiyahh..kuwi kan merga sing ngelikake Kang Markun, mula nesumu ketok guedi ta Lik?” Omonge Iin.

“Dusss…sidane konangan meneh! Jian Gupakpulut temenan iki..Jindullll! Ora entuk aleman, malah paidon..” Unine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..


Senin, 25 Mei 2020

PIRUKUN

Senen Legi 25 Mei 2020

BENINGE EMBUN ESUK

                                                              KITING IN ACTION

Kaimanan 9:1-11

Jabur 99

Yokanan 17:1-11a

Pangandikane Nabi Musa marang Imam Harun: “Nyedhaka ing misbyah, kurban pangruwating dosa lan kurban obaranmu olahen, sarta nganakna pirukun kanggo awakmu dhewe lan kanggo bangsa iku; sawuse mangkono kurbane wong akeh mau banjur olahen, sarta nganakna pirukun kanggo wong akeh iku, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah.” Kaimaman 9:7

 

Tembung PIRUKUN kuwi asale saka Rukun, sing tegese ora ana crah utawa pasulayan. Sakliyane ora ana ctah utawa pasulayan, Rukun kuwi kahanan kang apik, amarga ing kahanan rukun kuwi samubarang rinasa penak lan kepenak. Mula saka kuwi, tembung PIRUKUN tegese tumindak kanggo ngana’ake lan njaga supaya kahanane tetep rukun. Neng basa asli Kitab Suci, tembung PIRUKUN kuwi asale saka tembung “Kaphar” sing tegese sabarang tumindak kanggo nutupi lan ngapus kesalahan. Saka katrangan sing sederhana lan ya cekak’e ngeram iki, isa digawe kesimpulan, yen PIRUKUN kuwi papane ana neng sakdurunge Rukun, dilakoni supaya isa Rukun lan tetep ana ing kahanan Rukun.

 

Nabi Musa paring dhawuh marang para pinitua bangsa ngisrael, supya nganakne PIRUKUN, kang syarate ya ora mayar. Kudu anal an nggawa Kurban, mbuh kuwi Sapi apa Wedus. Kurban kuwi ora isa dinyang, wajib.  Yen ana sing ngenyang, urusane langsung karo Sing Pirsa Tapaking Kuntul (awas “U” lho ya…jokleru maca lan nulise) Mabur. Yen ing jaman saiki mesti pranatan kuwi dinyang, lan menungsa nggoleki kepenak bab tanggung jawabe, dene bab hak, njaluk sing paling apik…Cen njelehi menungsa jaman saiki kuwi..!! Klebu sing nulis lan sing maca tulisan iki lho…hehe. Mbalik marang bab ubarampe PIRUKUN ana neng Kitab Suci, kuwi kabeh dilakoni dening bangsa ngisrael, sing nembe dipimpin dening nabi Musa. Sanadyan (mbokmenawa abot, ananging tetep dilakoni, kuwi kabeh merga bangsa kuwi mapanake PIRUKUN lan Rukun ana neng papan kang paling duwur tinimbang bab liyane.

 

Minggu, 24 Mei 2020

MEMPENG

Minggu Kliwon 24 Mei 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Lelakone Para Rasul 1:6-14

Jabur 68:1-10,32-35

1 Petrus 4:12-14,5:6-11

Yokanan 17:1-11

Paring wangsulane: “Kowe ora prelu nyumurupi mangsa lan wektu, kang katamtokake dening Sang Rama piyambak, manut panguwaose. Nanging kowe bakal padha tampa kasekten, samangsa Sang Roh Suci wus nedhaki marang kowe kabeh sarta kowe bakal padha dadi seksiKu ana ing Yerusalem lan ing satanah Yudea kabeh, sarta ing tanah Samaria tuwin tumeka ing pungkasaning bumi.” Para Rasul 1:7-8

 

Tembung MEMPENG kuwi tegese ngayahi pakaryan utawa gawean kanthi serius, malah isa diarani kliwat serius utawa tumemen. Sakumpama ana wong sing nduweni tenaga cacahe 50, sing diarani MEMPENG kuwi nalika nggunakne 49-50 saka cacahe tenaga utawa energy kuwi. Kosok baline, yen ana pawongan kang nduweni tenaga utawa energy 50 njur mung digunakne kanggo makarya cacahe mung 10 tekane 15, kuwi ora isa kinaranan MEMPENG, malah isa diarani klelat-klelet. Kesimpulan sederhana bab MEMPENG yakuwi, nggunaake tenaga utawa energy tumeka ing pucuking wates.

 

Crita Kitab Suci bab “Elegi Perpisahan” ing antarane Gusti Yesus lan para sekabat ana weling (disuwelke njur dieling-eling) bab MEMPENG kuwi. Para sekabat arep ditinggal, sakdurunge nampa kasekten dipenggak aja makarya sik, mengko sakwise nampa kasekten njur dikon MEMPENG olehe  makarya. Dene pakaryan kang kudu diayahi utawa dilakoni dening para sekabat kuwi sejatine ora abot, wong mung gari niru utawa nuladha apa wae kang nate ditindakne dening Gusti. Bab nindakne apa kang wis nate katindakake dening Gusti kuwi ya  manut “Kapasitase” dewe-dewe, siji lan sjine ora padha, sing paling utama yakuwi Gusti ngersakne kabeh makarya kanthi MEMPENG. Ora pareng klelar-klerus kaya Joko Leler, ora pareng klolat-klelet kaya prawan kasep, kudu MEMPENG, ora kena kokean alesan.

 


LIK NDOLENG&DALIJO
SHOOTING PERDANA
DALAM CHANEL GOPAKPULUT
Nantikan Tayangan Perdananya...

Sabtu, 23 Mei 2020

NGRUMAT (2)

Setu Wage 23 Mei 2020

BENINGE EMBUN ESUK




2 Para Raja 2:13-15

Jabur 93

Lukas 1:39-56

Ageme jubah Nabi Elia kang wus tiba mau tumuli dicandhak tuwin disabetake ing banyu kalawan nguwuh: “Endi Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Rama Elia?” Bareng banyune kasabet banjur piyak ngiwa nengen, Elisa banjur nyabrang. Nalika pepanthan nabi saka ing Yerikho ndeleng Nabi Elisa saka ing kadohan, tumuli padha ngucap: “Elisa wus kadunungan rohe Nabi Elia!” Wong-wong mau banjur padha sowan marang ing ngarsane sarta padha sumungkem ing bumi,…” 2 Para Raja 2:14-15

 

Amarga bab NGRUMAT kuwi perkara sing becik, mula neng wulan iki BENINGE EMBUN ESUK wis nggunakne Judul kuwi ambal kaping pindho. Sepisan dek tanggal 2 Mei  lan saiki. Bedane yen tanggal 2 Mei sing dadi undheraning piwulang bab Gusti Allah anggone NGRUMAT para kagungane, lha ing dina iki, tanggal 23 Mei, undherane bab NGRUMAT “warisan”, sing ndek wingi nembe dadi undheraning piwulang.

 

Elisa anggone nguber “Warisan” marang nabi Elia jian ora umum, apa wae dilakoni, malah isa diarani nganti soroh nyawa. Lha sakwise Warisan kuwi ditampani lan dadi duwek’e, njur ora mung disimpen ana neng weteng wae, kudu ndang dingo makarya, kaya apa kang mbiyen dadi pakaryane nabi Elia. Sing ditindakne dening nabi Elisa (bareng entuk waisan njur munggah pangkat dadi nabi..hehe), nalika ngadepi pepalanging urip yakuwi nglakoni apa kang nate dilakoni dening nabi Elia. Nalika kuwi meh nyabrang kali Yarden, ananging ora ana Buk/Kretek utawa Wot, mula ya njur nyabetake jubahe nabi Elia, kang minangka Warisane. Bener wae, bar disabet jubahe nabi Elia, banyune njur asat lan isa dingo liwat nabi Elisa.

 

Sing diarani NGRUMAT kuwi ora mung nyimpen ana neng  lemari,ngaci,senthong utawa menawa kuwi duwit ditabung ana ing ngebank, ananging sakabehe pakaryan kang nduweni ancas supaya liyan isa melu ngrasakne sawab saka Warisan kuwi. Yen mung diseimpen dewe wae kabeh wong isa lan kuwi sing dilakoni. Sinau saka nabi Elisa sing nduweni cara NGRUMAT Warisan lumantar mraktekne “Ajian” saka nabi Elia, ayo saiki padha mraktekne apa wae kang dadi Warisan ana ing urip iki. Menawa para leluhur mbiyen tansah sumeh lan sumarah marang sapa lan apa wae, ayo diconto. Saumpama leluhur mbiyen kagungan patrap makarya kang tanpa etungan, bebasan Sepi Ing Pamrih Rame Ing Gawe, ya ayo padha dituladhani. Yen saiki dadi wong sing males, kuwi ateges ora isa NGRUMAT Warisane Leluhur, yen saiki dadi wong sing gampang nesunan lan mutungan, kuwi mratandani yen ora isa NGRUMAT Warisan saka leluhur.

 

“In, mau bengi kae, bubar mbok umreng bab Warisan, aku njur adus, lha bubar adus aku leyeh-leyeh, jebul bablas keturon”  Dalijo awan kuwi miwiti rembugan karo I’in sing nembe njemuri pakaean.

“Oalah kang…lha sampeyan kuwi kok ya jian wasis temen yen bab turu, paribasan nyawang bantal dijemur wae wis lier-lier..” Semuare Nduk I’in.

“Ssstt..dudu kuwi sing dadi undheraning perkara. Iki lho, mau esuk aku ketemu Wo Tumin, mau bengi jare bubar taktinggal adus, Lik Ndoleng deleg-deleg dewe, karo gembreneng dewe, jare nyebut-nyebut Yu Wasti..” Unine Dalijo sajak lirih-lirih, wedi keprungu Lik Ndoleng.

“Weladala…aja-aja Paklik malah serius kelingan marang Yu Wasti kang?” Takone Nduk I’in, sinambi nyelehne hanger jemuran.

“Ben wae, prest lope yak’e Yu Wasti kuwi kanggone Paklik. Salahe mbiyen, mung imbar-imir, ora wani nggetih…” Dalijo sajak melu kemropok.

“Dusss…ora awan ora sore, mesti anane mung nggrenengi aku wae…”Ujug-ujug Lik Ndoleng njedul saka wetan mbok menawa seka Warunge Yu Wasti.

“Lha kaya sliramu kuwi ta Jo…Jo. Apa ya pendeng olehmu nguber Tarsi? Wong nyatane ya buk..klepuk..” Lik Ndoleng mbacutke rembug lan banjur Linggih neng Lincak sing saiki nggo Cakruk minangka papan ngronda.

“Jindul..malah mbalik nyerang aku..dusss..” Dalijo sajak nesu, ning mung sithik.

“Aku karo Tarsi kuwi “memilih” jalan sendiri-sendiri Lik, ora bab gagal lan kasil..”Dalijo sajak endha.

“Haiyahh..padha wae Lik..Kang..padha-padha wong wurung..” Pangolok’e I’in.

“Cen tak akoni In, Jo..aku gagal, ananging aku jik NGRUMAT peparinge Gusti Allah, mula sanadyan ora karo Sing Nduwe Warung, aku nresnani Mbokmu Cilik Trinil, sanadyan geringe pol,ananging redene ngeram, wis mbrojol papat..Lha kanggo kowe Jo, aja kedlarung olehmu nggetuni Tarsi, ndang gek NGRUMAT tresna peparinge Gusti Allah..” Kandane Lik Ndoleng, sajak wicaksini kaya ahli..

 

Mbah’e..

 


Jumat, 22 Mei 2020

WARISAN

Jemuah Pon 22 Mei 2020

BENINGE EMBUN ESUK




2 Para Raja 2:1-12

Jabur 93

Yokanan 16:20-23a

Anadene bareng wus padha nyabrang, Nabi Elia tumuli ngandika marang Elisa: “Kowe njaluk apa, kang bakal daktandukake marang kowe, sadurunge aku kapulung saka ing ngarepmu?” Atur wangsulane Elisa: “Kula mugi kadunungana kalih bageaning roh panjenengan.” Pangandikane Nabi Elia: “Kang kokjaluk iku prakara kang angel. Nanging manawa kowe bisa ndeleng anggonku kapulung saka ing ngarepmu, kowe mesthi bakal kelakon kaya mangkono, dene manawa ora, iya bakal ora kelakon.” 2 Para Raja 2:9-10

 

Sing jenenge WARISAN kuwi racake saben wong seneng, kuwi menawa sing dadi WARISAN bab sing nyenengake. Beda menawa sing dadi WARISAN kuwi bab sing ora nyenengake, kayata: Utang, Jeneng Ala lan uga Masalah. Nalika ana WARISAN sing jenenge Utang, Masalah lan Jeneng Ala, mesti njur padha ngendhani,wegah nampa lan malah mennawa isa diguwang sakdoh-dohe. Beda menawa kuwi WARISAN sing nyenengake, kayata : Pekarangan, Tegal, Sawag, Deposito lan uga Jeneng Apik, mesti kabeh wong seneng nampa, malah yen ora nampa direwangi gelut utawa paling ora neng-nengan, eh ana sing ngarani nesonan. Hayoo, sing maca tulisan iki sing jik nesonan merga WARISAN, kudu sowan neng mae mbah’e, nggawa MLD sebungkus..hehe.

 



Bab WARISAN kuwi nate dadi crita neng Kitab Suci, cethane neng Kitab 2 Para Raja. Neng kana WARSIAN kang dadi crita yakuwi “Kasektene” nabi Elia. Dene sing kepengen nampani WARISAN kasekten kuwi, ora liya ya murid sing kinaranan Elisa, nalika kuwi durung resmi dadi nabi. Saking pengene nampa WARSIAN kasekten saka nabi Elia, mula apa wae syarat kang kudu dilakoni, ya dilakoni dening Elisa. Malah sanadyan diuneni, dipenggak,lan kudu ngliwati dalan kang rumpil, ananging Elisa tetep ora gelem mandeg. Elisa ngeyel,nekad kudu ngetutake satindake nabi Elia. Mbokmenawa sing ana neng pikirane Elisa kuwi bab wektu mengarep sing bakal dilakoni, merga kudu mbucutake pakaryane nabi Elia. Elisa ngrumangsani, mung kasektene nabi Elia sing isa njalari dewekne mikul gawean kuwi. Merga penemu kang kaya mengkono kuwi, mula apa wae pepalang kang malangi laku kanggo nampa WARISAN saka nabi Elia diterak, ditabrak,dimbrukne. Lan kabeh kang dadi pepinginane Elisa akhire klakon.

 

Ing jaman saiki sing diarani kasekten kuwi sakndayak abuh akehe lan uga jenise. Ana kasekten bab ekonomi, ana kasekten bab medis, ana kasekten bab hukum, ana kasekten  bab teologi, ana kasekten bab pertanian lan sakpanunggalane. Kaya jamane nabi Elia lan Elisa, ora gampang anggone nampa kasekten kuwi, kudu wani ngadepi sabarang pepalang. Kudu Teteg lan Tatag supaya Tutug. Mula saka kuwi, ing jaman saiki uga, sapa wae kang pengen nampa lan nduweni WARISAN kasekten bab apa wae, kudu wani nguyak sakkecandake! Aja mutungan, aja mangu-mangu, aja wedi, lan aja kokean sambat!!

 



“Hmm..ora ngono Jo, sliramu kuwi kok kayane ora nduwe kesel. Esuk umun-umun neng kebon, mulih seka kebon jik milihi bibit, bar kuwi ngiseni polybag. Ngko yen longgar maca buku, nanton pidio, lan kuwi kabeh mung bab Porang, apa ora bosen ta Jo?” Lik Ndoleng nakoni Dalijo, merga katon ora tahu leren nalika wancine nyambut gawe, malah kepara luwih-luwih wektune.

“Yen Kesel ngko tak leren Lik” Semaure Dalijo, sinambi nyumet MLDne.

“Hmmm..jian..ranguwati semangatmu Jo…” Unine Lik Ndoleng.

“Iki manut piwulange mbah’e neng BENINGE EMBUN ESUK kuwi Lik, aku ngrumangsani yen bab Budidaya Porang kuwi kaya WARISAN, kudu takuyak nganti entuk, mbuh kaya ngapa dalane” Semaure Dalijo.

“Emange sampeyan Lik..” I’in melu cawe-cawe, kamangka sinambi ngentasi jemuran.

“Ngapa I’in kae, muni ora cetha..” Lik Ndoleng sajak ora krungu omongane I’in.

“Haiyah, wis sudha rungu jebule. Kang Dal kuwi ngayahi kabeh kanthi serius Lik, nglakoni sinartan sinau. Ora coba-coba, kuwi gayane wong Jawa, njajal sik, ngko yen apik tak melu, tamba pengen! Kuwi sing marakne wong jawa angel maju, mung klolat-klelet kaya uler keket, kaya sampeyan kuwi..” Sembure I’in.

“Weh, kok malah nesu In?” Takone Lik Ndoleng,sajak bingung.

“Kaya jamane Yu wasti, mung inggrang-inggring, maju-ora,maju-ora, njur disikat kang Markun. Iki bab nandur Porang ya ngono, lahan semono okehe, wis cetha prospeke, lha kok jik mung meh njajal setengah kilo..” Unine I’in.

“Dusss..lha kok tekan wasti mbarang? Aku jik mendhing In, lha jare Dalijo ana sing mung nyawiske lahan, meh ngrumati. Wegah modal…” Semaure Lik Ndoleng gah kalah.

 

Mbah’e..

 


FIKSI Di Malam PASKAH