Selasa, 21 Mei 2019

BELARASA


Selasa Legi 21 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK



2 Samuel 1:4-27
Jabur 133
Yokanan 14:7-14
“Krungu atur mengkono mau Dawud banjur nyuwèk agemané merga saka susahé; déné para prejurité iya tumindak mengkono. Wong-wong mau nuli padha pasa lan nangisi Saul lan Yonatan, sarta para prejurit sing padha tiwas déning pedhang, nganti surup.” 2 samuel 1:11-12

Seneng melu ngrasakne seneng lan susah melu ngrasakne susah, kuwi sing diarani BELARASA. Yen mung nulis wae sajak mayar’e ngeram, ananging nalika teka praktek, biyuh angele ramekakat. Yen mung melu ngrasakne seneng wae gampang, mayar ananging yen kon melu ngrasakne susah, kui luwih angel, luwih rumpil dalane. BELARASA kuwi bab sing apik, bab sing adiluhung warisane para leluhur sing kudu dijaga lan dirumati. BELARASA kuwi siap melu ngrasakne sabarang sing dirasa kancane neng sakjroning “kekancan”. Tumindak sing diarani  BELARASA kuwi ora mung nalika ana sing kesripahan teka, nglayat lan nyemplungke amplop rongewunan, ananging isa melu ngrasakne apa sing dirasa dening sing nandang kesripahan. Kudu siap dadi papan sambat,papan kanggo ngrungokne apa sing dirasa,ora langsung kojah sesorah kaya tukang kotbah.

INI UNTUK YANG BERMASALAH SAAT PMS


Sanadyan ora disenengi dening Saul, ananging nalika entuk kabar yen Saul tiwas merga perang, Dawud ora bungah, malah kosokbaline, dewekne sedihe ngeram. Pratanda sedih kuwi nalika Dawud nyuwe penganggone, lan uga nangis kanthi tulus, merga akeh sing pada wasise ngeram nangis ananging bar kuwi ngguyu ngakak-ngakak. Dawud sadar yen tiwase Saul mesti dadi sungkawane kabeh brayat lan bangsa ngisarel, lan uga Dawud sadar yen Saul kuwi pilihane Gusti Allah, mula kaya ngapa wae kudu diayomi lan ditresnani.

Dawud maringi tuladha sing apik bab BELARASA. Sanadyan disengit ananging tetep tresna kanthi tulusing manah. Dawud nindakne BELARASA lan nyingkirke apa sing dadi gorehe ati, sebab minangka menungsa Lumrah, mesti neng pojok’ing ati mrenthul rasa gething, ananging kuwi isa disingkirake saka ing uripe. Gething kuwi rasa lumrah sing dadi watak kamnungsan nalika menungsa urip neng ndonya, ngomong ora nduwe gething kuwi goroh, gething tetep ana, lan sing penthing nyingkirake gething. Ing jaman saiki kudune ya ia tumindak kaya Dawud, nresnani sanadyan disengiti, ora malah sengit ditandingi sengit, lara ati kuwi lumrah anaging bab males tumindak ala kuwi ben dadi wewenange Sing Ngecet Lombok.



“Jo, anggonmu nglabuhi gaweane si Barjo Kliwon tik ngeram, kamangka mbiyen ora nampa sliramu sesambungan karo Tarsi”, Alok’e Lik Ndoleng marang Dalijo.
“Iki sing jenenge ngetrapke piwulange Sing Ngecet Lombok lik, tresna sanadyan digething, iki sing isa diarani BELARASA. Tumindak apik orasah nunggu tumindak apik’e liyan. Iki ana wong sing krepotan bab gawean, aku ya kudu melu sakisaneawak’ku”, Semaure Dalijo.
“Wah, pancen joss sikepmu kang Dal..top markotop..kudu dituladani, “ Nduk I’in kaya padatan, melu nyoal-nyael.
“Lha kudu ngono ta In, kuwi paklik ya kudu ngono, ora mung nalika isa ngangkah bungah nyawang yu Wasti wae gelem grageh-grageh rewang gawean’e  kang Markun”, Dalijo malah ngece Lik Ndoleng.
“Trondolo..kowe malah ngenyek aku Joooo..”Pambengok’e Lik Ndoleng..surasane nusu, ananging mung neng omongan merga brayat kuwi wis nyawiji, isa BELARASA ing sadengah kahanan.

Mbah’e

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH