Selasa, 07 Mei 2019

RINEKSA


Selasa Pahing 7 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK


Yehezkhiel 1:26-2:1
Jabur 121
Yokanan 6:30-35
“Pitulunganku asalé saka Allah, kang nitahaké langit lan bumi. Panjenengané bakal ora négakaké kowé tiba; kang ngreksa kowé bakal siyaga. Kang ngreksa Israèl ora bakal ngantuk utawa saré. Allah kang ngreksa kowé, Allah iku pengayomanmu; Panjenengané ana ing sandhingmu lan ngreksa marang kowé.” Jabur 121:2-5

Linggane Reksa, sing tegesa ngrumati kanthi temen. Saka tembung Reksa iki sakanjure ana tembung Direksa, Kareksa,Rineksan lan uga RINEKSA.  Tembung RINEKSA kuwi katrangan utawa informasi, yen kahanane lagi direksa dening liyan kang luwih kuwat lan bakoh. Tembung RINEKSA kuwi ngemu pangerten pirang-pirang, paling ora ana sing direksa lan uga ngreksa. Sing ngreksa mesti luwih kuat tinimbang sing direksa, merga yen sing ngreksa luwih ringkih, mengko malah remuk kabeh.

Iki Kunci Supaya RINEKSA Dening  Gusti.

Paseksene juru Jabur ana neng Kitab Jabur isa dadi kaca pangilon bab kepiye menungsa mapanane urip neng njagad iki. Juru Jabur sadar yen sakuruting uripe tansah RINEKSA dening Gusti ingkang Murbeng Dumadi,merga saka kahanan kuwi, dewek’e isa wal seka bilahi tekan yuswa sepuh lan isa ngganggit Kitab Jabur. Pengalamane Juru Jabur RINEKSA dening Gusti sansaya jero merga tansah ngadepi kahanan sing nggegirisi, merga perang karo mungsuh lan uga tukarpadune brayate, merga anak lan bojone akeh.



Manut paseksine Juru Jabur, Gusti Allah sing nitahake jagad lan isine kuwi bakal ngreksa kanthi siyaga sakwayah-wayah, ora bakalan ngantuk, mula menungsa kudu wani ngadepi apa wae sing dadi tanggungjawab’e. sakliyani wani ngadepi, paseksine Juru Jabur kudune ya dadi pepeling yen Gusti mesti bakal mirsani ana neng ngendi wae papan dununge menungsa,mula orasah enda lan selak seka tanggngjawab peparinge Gusti.

Apa sing dialami dening Juru Jabur kuwi ya isa klakon neng jaman saiki. Menungsa ngadepi masalah-masalah sing ruwet lan abot. Ana kalane nalika ngadepi masalah sing abot lan ruwet kuwi, menungsa nglalekne Gusti lan malah nggolek cara beda, ananging ora sansaya entheng malah sansaya ruwet lan nggubet. Saka critane itab Suci iki, kudune isa dadi kaca pangilon saoa wae sing maca, orasah mlayu lan endha ngadepi masalah, merga Gusti Allah sing Maha sakabehe bakal ngreksa. Kabeh titah kagungane kuwi RINEKSA dening Gusti, mula yen ana menungsa sing jik wedi, jik jirih ngadepi apa sing dadi tanggungjawab’e, kuwi ateges ora percaya karo Gusti sing bakal tansah ngreksa sakdawane laku uripe menungsa.


“Jo, aku sidane tuku kaos, aku pesen sepuluh, meh tankndum karo sedulur-sedulur neng lya papan. Sakliyane kanggo pisungsung ya kanggo mopulerke tokohe. Lha awak’e dewe jebul artise”, Lik Ndoleng sore kuwi miwiti obrolan sinambi nyruput the ginastel’e.
“Weuhh..lha jos tenan lik, top markotop. Patut diteladani kuwi. Esipllah paklik!!!” Nduk I’in kaya biasane, sing ndisik dewe nyaut komentar.
“Melu bungah Lik. Ananging apa sing marakne sampeyan isa nindakne kuwi kabeh?”, Dalijo takon sajak rada serius.
“Aku maca tulisane “mbah’e” neng BENINGE EMBUN ESUK, bab uripe menungsa sing wis RINEKSA dening Gusti, mula ya kudu teteg wae ngadepi kahanane urip. Tumindak apik orasah inggrang-inggring, sing manteb. Mesti Gusti sing bakal mberkahi,nulungi,ngayomi,nyukupi..kuwi kabeh bukti Gusti ngreksa,mula menungsa kuwi kabeh RINEKSA dening Gusti”, Wangsulane Lik Ndoleng.
“Encer tenan lik, po iki merga di WA Yu Wasti ta Lik?” Dalijo kumat usile.
“Dusss..malah mbalik tean kuwi meneh!!!”, Wangsulane Lik Ndoleng, sinambi mlengeh.


Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH