Jumat, 31 Agustus 2018

ENDA


JEMUAH PON 31 AGUSTUS 2018
BENINGE EMBUN ESUK


Pangentasan            32 :15-35
Jabur 15
Matheus                     9 :9-13

“…Sampun ngantos duka bendara kula, panjenengan pirsa piyambak bilih bangsa punika sampun kawengku ing piawon,…” Pangentasan 32 :22a


Yen ana neng sajroning peprangan, sapa sing trengginas isa wal saka seranganing mungsuh, kuwi sing bakalan menang. Dene kaprigelan sing marakne ucul saka samubarang seranganne musuh kuwi sing diarani ENDA, dadi tembung enda kuwi tegese kaprigellaning wong lan uga titah liya kanggo mbudidaya ucul saka serangane musuh utawa sarupaning bebaya sing nempuh marang uripe.

Sakbubare rampung nggawe reca awujut pedhet mas, bangsa Israel seneng banget, merga rumangsa entuk sesembahan anyar lan Rama Harun ya kayane ora rumangsa  luput. Kahanan dadi beda nalika nabi Musa mudun, sakwise rampung anggone manembah. Mirsa kahanan sing OWAH kaya mengkono, njur takon marang kakangne, yakuwi rama Harun. Ananging bareng weduh yen nabi Musa  duka, rama Harun selak, ENDA, yen sing klakon kuwi merga ndendenge wong Israel. Kamangka sejatine, nalika wong Israel taren lan rewel njaluk sesembahan liya, rama Harus isa nampik sinambi memulang bab kabeneran. Mbuh entuk beselan apa lan pira kok wektu wong Israel njaluk sesembahan liya njur dituruti karep rama Harun. Lan sing luwih mrihatinake, akeh sing enda njur nyalahke pihak liyane, kaya rama Harus sing malah nuding wong akeh.

Apa sing ditindakne rama Harun, yakuwi bab ENDA seka tanggung jawab kuwi isa dialami lan dilakoni sapa wae. Isa bocah isa wong tuwa, isa wong bagus isa wong ayu, lan uga isa dilakoni dening para pengareping pasamuan. Pokok’e yan babagan tanggungjwab kuwi akeh sing ngendani, pomeneh yen kuwi sing kleru. Sing maca tulisan iki, mungkin ya ana sing pernah ngendani tanggungjawab, ngendani timbalaning Gusti, ngendani kewajibaning urip, mbuh sing wujudte apa, sing ngerti mung sing nglakoni lan sing maca tulisan iki karo mesam-mesem, sajak isin karo awake dewe.

“Lik, mbiyen kuwi jan-jane sing enda ki Yu Wasti po sampeyan?”, Sore kuwi melih seka bidston Dalijo takon karo Lik Ndoleng.
“..Weh, aku Jo, sing enda, merga karepke nggolek sing luwih kinyis-kinyis, lho malah entuk’e yo setali tiga uang, pada baen…”, Wangsulane Lik Ndoleng.
“Ooo…ngaten ta lik, tapi jarene Yu Tukini karo Mbokde Supeni, njenengan ditampik. Hmm..lha sing leres sing pundi lik? Aja aja njenengan namun ENDA sing mbiyen jan-jane ditampik kalih yu  Wasti”, Sajak ngece Dalijo takon karo Lik Ndoleng.
“Iyo ding kang Dal, mbiyen paklik sing mburu, mbledig yu Wasti,nganti direwangi ndelik-ndelik ben isa nyawang ding..” Nduk I’in nambahi ngece lik Ndoleng.
“Yuhh..crigis kabeh cahh..gek kono ndang tumandang gawe..” Lik Ndoleng sajak nesu sithik.

Lur, bab ngendani tanggung jawab kuwi isa dilakoni sapa wae, ning kuwi ora dadi kersane Gusti, mula ayo miwiti dina iki kanthi semangat arep sinau tanggungjawab..mbuh piye lakuning lelakon..


Mbahe…



Kamis, 30 Agustus 2018

Siapakah yang Layak MenghadapNya?


KOPI SORE
Kamis 30 Agustus 2018
“…TUHAN, siapa yang boleh menumpang dalam kemah-Mu? Siapa yang boleh diam di gunung-Mu yang kudus?” Mazmur 15 :1
Senja adalah situasi peralihan, dari terang tanah, menuju gelapnya malam dan di saat senja menyapa,  ada sebuah situasi yang menghampiri kebanyakan manusia. Letih, itu sebuah kepastian yang menghampiri siapa saja ketika seharian sudah beraktifitas. 

Dan aktifitas yang dikerjakan, bukan sekedar fisik, namun juga melibatkan sisi psikis, maka keletihan adalah sebuah kemestian. Ketika letih, maka yang muncul adalah keinginan untuk beristirahat, melepaskan seluruh kehidupan demi pulihnya raga dan juga  energy. Nah, dalam keadaan seperti itulah, sering terjadi kealfaan dala kehidupan spiritual manusia. 

Jikapun ada “ritual” doa, pastilah hanya sekedar rutinitas yang kering makna.
Saat letih menyapa, manusia sering membangun situasi tawar menawar, juga dengan Tuhan. Apa buktinya? Saat letih menyapa, dan biasanya senja, maka aktifitas keimanan nampaknya mulai menurun dan bahkan mungkin menghilang. Dan alasan yang dimunculkan adalah keletihan  selepas bekerja sepanjang hari dan aktifitas itulah  yang bisa dipakai sebagai alasan bahwa bekerja itu merupakanbagian dari kehidupan spiritalitas. 

Maka, senja adalah situasi di mana manusia berjarak jauh dengan Sang Khaliq. Berbeda dengan malam atau pagi, karena hendak menutup dan membuka hari.
Mungkin sore ini, ada yang disapa secangkir kopi sesampainya di rumah, dengan iringan senyum istri atau suami yang menawan, canda ria anak-anak, maka kopi panas bisa menjadikan keindahan senja. 

Dan kopi senja pulalah yang bisa semakin menjauhkan manusia dari Sang Khaliq. Oleh karena itu, belajar dari Pemazmur, yang senantiasa mepertanyakan tentang SIAPA yang layak menghadap Tuhan, maka baik kalau kita semua, yang membaca tulisan ini, juga menanya diri sendiri, layakkah kita menghadapnya, jika sering mengabaikanNya?
Cobalah temukan pesan Tuhan diantara kopi senja saudara semua.

Salam
Wisma Keheningan



KENA GODHA


BENINGE EMBUN ESUK
KEMIS PAHING 30 AGUSTUS 2018


PANGENTASAN 32            :1-14
JABUR 15
LUKAS 7 : 36-50

“……..Mila mangga kula panjenengan damelaken allah ingkang saged ngirid kita.”
Harun banjur ngandika marang wong-wong mau, “Anting-anting emas sing dienggo bojo lan anak-anakmu copoten lan gawanen mréné.”  Pangentasan 32 :1b-2 


“Peteng dedet rasaning atiku..Bareng keprungu kabarmu..Nyatane sing kondur mung layangmu
Ora ngiro keno godho
.”, Lik Ndoleng rengeng-rengen karo merem-merem sajak ngematke isining lelagon karo kahananing uripe, Njur kaget nalika Dalijo nggeplok pundak’e.
“Ngopo Jo, ngganggu wong ngrasakne tembang sing pas karo kaananing atiku”, Lik Ndoleng muni karo sajak ora kepranan.

“Dal, aku nembang rengeng-rengeng iki sinambi ngrasak-ngrasakne, yen sejatine bab godha kuwi isa nemahi sapa wae. Kaya nggon Kitab Suci wacane dina iki Dal, lan koe nduk I’In. rama Harun kuwi kayane pengen disubya-subya kaya Nabi Musa, mulane nalika Nabi Musa nembe wae manembah dewe, sowan Gusti kang digambarake lagi “munggah gunung”, banjur wong ngisrael ora sabar. Kudune Rama Harun kuwi ngelikne, nalika kon nggawekne allah sesembahan, menggak. Lha iki kok malah ngetiging, ngakon wong akih nglumpukne mas picis raja brana, njur digawe pedet mas banjur disembah?Kuwi kabeh kan mratandani yen rama Harun lena, banjur kena godha”, Lik Ndoleng wasis banget njlentrehke bab Kitab Suci.

“Lha salahe Nabi Musa ta lik, ndonga kok ya suwiiii temen”, Nduk I’in cluluk, sajak mbelani Rama Harun nggawekne sesembahan wong ngisrael, merga Musa kesuwen ndonga sowan Gusti.
“Iyo lik, kok ndonga wae kok ya suwi temen Eyang Musa kuwi, sing penting ketok ndonga, pormalitas wae lah lik, ketok yen uripe rohani, sholeh, rasah suwi-suwi”, Dalijo nimpali, mbuh kok tumben rukun penemu karo Nduk I’in.

“Nduk, I’in, lank owe Dal, sing ngati-ati karo uripmu,merga sing jenenge pangodha kuwi wewujutane jian isa memba apa wae, lan sing baku, isa memba samubarang sing apik, nyenengake utawa maremake. Babsing  maremake iki watak asline menungsa, njaluk’e kabeh marem. Wong bab maca tulisan iki wae okih sing maca maro nggedumel, jare  kedawan, jare basane ora alus, jare nyindir, jare ora jeo lan sakpanunggalane. Eling karo welinge Kitab Suci ing critane Rama Harun, merga diuyak wong okeh, istilahe “tuntutan massa” mula lena pangendane, njur  kena GODHA, noleh seka Gusti Allah. Awake dewe ya isa kaya ngono, merga tuntutan awak kesel lali ngibadah, lali rapat majelis, merga rumangsa sibuk, njur nglirwakne tanggungjwab bab kapercayane”, Kuwi penemuku lho Dal, In….

“Lha sampeyan kok ya kerek njaluk digodha ta LIk?”, Nduk I’in mangsuli semune ngece bapakne cilik. “Nyidrani sumpah lopyupul karo Yu Wasti, jare kelangan kontak, lost inpormasion, jebule katut bulik saiki”, Nduk I’In ngomong karo brabat mlebu pawon.
“Ooo..bocah..diwulang apik-apik malah ngece…”, Lik Ndoleng nyaut udute njur disumet, sajak gerr banget.
Mulane ay pada setiti tur ngati-ati bab urip sing kebaking panggodha iki, supaya aja kena godha njur lali karo Gusti. Wis ngono wae lur, critane brayate Lik Ndoleng…wilujeng makarya..


Mbah’e…


Rabu, 29 Agustus 2018

TETEG


BENINGE EMBUN ESUK
REBO LEGI 29 AGUSTUS 2018

Yesaya           33 :10-16
Jabur              119 : 97-104
Lukas                         7 :31-35

Wong sing betah yakuwi wong sing nglakoni kabeneran lan sing jujur. Pangwasamu aja kokenggo nganiaya wong miskin lan kowé aja nampani besel. Aja rerukunan karo wong sing ngrerancang gawé pati, utawa piala liyané. Yèn mengkono kowé bakal slamet. Kowé bakal krasa tentrem kaya wong sing ana ing bètèng sentosa. Kowé bakal ora kekurangan pangan lan ombèn-ombèn.” Yesaya 33:15-16


Teteg kuwi isa dipadakne karo wani, ning ya ora sembarang wani, opo meneh yen wanine mung gaco maju, kuwi sing diarani nekad. Teteg kuwi rasa wani sing njedul ana neng pribadining manungsa (sapa wae sing maca tulisan iki) sing didasari pertimbangan sing jian mantep temenan. Kabeh “Aspek” kehidupan dingo tetimbangan sakdurunge nglakoni sakwenehing tumindak. Sing isa nglakoni urip kanthi teteg kuwi biasane isa TATAG njur TUTUG nganti saklawase, ananging yen mung agutan nekad lan tanpa tetimbangan, biasane njur gampang MUTUNG utawa bali ndalan, ora bablas nglakoni panguripan sing wus dipilih. Sipat jujur lan lumaku neng dalaning bebener isa uga njalari tuwuhing sipat teteg , mulane ngapusi yen ana wong jujur ananging jirih, ngaku mlaku neng pranatan ning ora wani tumandang gawe,kuwi kabeh ngapusi.

Wacan Kitab Suci ing dina iki, rebo legi sangaikur agustus rongewu wolulas, mirunggane neng Kitab Yesaya bab 33, memulang bab TETEG kuwi mau. Ngedikane Nabi Yesaya, “Wong sing betah yakuwi wong sing nglakoni kabeneran lan sing jujur. Pangwasamu aja kokenggo nganiaya wong miskin lan kowé aja nampani besel. Aja rerukunan karo wong sing ngrerancang gawé pati, utawa piala liyané. Yèn mengkono kowé bakal slamet. Kowé bakal krasa tentrem kaya wong sing ana ing bètèng sentosa. Kowé bakal ora kekurangan pangan lan ombèn-ombèn.”. Sing kuwat utawa betah ngadepi urip sing sansaya ganas iki sing uripe ana ing kabeneran lan tansah jujur ana ing samubarang kahanan. Jujur kuwi ngakoni ana apane ora “ana apane”,ora sempulitan kokean alesan. Dene sing diarani nglakoni kabeneran kuwi ya uripe manut ing pranatan sing ana, umpamo nerak pranatan kuwi dudu kanggo senenge dewe ning kanggo mitulungi liyan sing jian butuh banget.

“Jo, ngko yen mulih rasah liwat Ndawung yo”, Ujug-ujug Lik Ndoleng semantha karo Dalijo naliko meh balik seka njagong.
“Weh, lha pripun ta lik, lha dalan niku sing paling caket, kula selak ajeng ngumbahi ten lepen”, Nduk I’in langsung nyamber cluluk, merga wedi kesuwen tekane ngomah.
“Liwat kono kuwi cen cedak nduk, ning dalan prapatan kae rada rusak, isa suwiineng kono mengkone”, Lik Ndoleng tetep ngeyel.
“Halahhh, padune  rawani liwat prapatan  Ndawung nggih ta Lik? Amargi mrika kedah ngliwati warunge Yu Tukini, sing wingi ngutang rokok sakpak, kamangka sing rongler yo durung disarutan”, Dalijo ngecipris, kojah melehke Lik Ndoleng.
“Asem, kok ya ngerti wae ta Jooo..jo”, Sambate lik Ndoleng karo raine guprut sajak kisinan.

Yen lumaku bener lan jujur, ara nutupi samubarang, arep liwato ngendi wae tetep teteg, arep ngopo wae mesti siap. Ayo lur, miwiti dina iki kanthi niatan apik, jujur lan lumaku neng bebener.


Mbahe..


Selasa, 28 Agustus 2018

ISIN


BENINGE EMBUN ESUK
SELASA KLIWON (ANGGARA KASIH) 28 AGUSTUS 2018

Nehemya       9 :16-31
Jabur              119 :97-104
Lukas                         7 : 11-17

Nanging para leluhur kawula sami angkuh lan wangkal. Dhawuh-dhawuh Paduka mboten dipun lampahi. Sami mboten mbangun-turut; kesaénan Paduka dipun supèkaken, mekaten ugi sedaya mujijat Paduka. Kalayan angkuh sami milih pemimpin, sami kepéngin wangsul dhateng Mesir, dados réncang tumbasan. Nanging Paduka Allah ingkang lubèr ing pangapunten, sabar, mahamirah lan welasan. Katresnan Paduka mboten limrah, ngantos mboten Paduka tégakaken.’ Nehemya 9:16-17


Isin, kuwi sipat sing makuwon ana ing uriping manungsa waras lan wis diwasa. Isin kuwi kahanan sing klakon ana ing manungsa nalika rumangsa ana sing ora patut klakon ana ing kahanan uripe, isa merga perkara sing katon, lan uga sing ora katon. Sing katon kayata, nalika pas neng saktengahing pasamuan, njur benik klambine ora pas, yen istilahe wonogiren cangco. Isa uga merga bab utawa kahanan sing ora katon, kaya ta, ora nepati janjine. Yen ijik nduweni rasa isin, kuwi tegese ijik dadi lumrahe menungsa, ning yen wis ora duwe rasa isin, watak kamanungsane perlu ditakokne.

Crita Kitab Suci neng Nehemya 9, mirunggan neng ayat 16-17, nggambarke kahanan sing kurang luwih ana gepok senggole karo rasa isin. Nabi Nehemya lagi ndonga, lan isine pandonga  kaya sing katulis neng nduwur kuwi. Nabi Nehemya sambat utawa wadul karo Gusti, yen leluhure padha ora nduweni rasa ISIN karo Gusti. Lha lire kepiye? Lha wong wis ditulungi meh sakuruting laku uripe, dicukupi, diayomi, dibelani, dituntun lan sakpanunggalane, ananging tetep wae ijik mbalela,muring-muring utawa  misuh-misuh nalika ngrasa rekasa sithik wae, nggone manembah ora sengkut malah nggawe reca sapi emas njur disembah. Ananging, kuwi kabeh ora ndadekne Gusti duka, Gusti tetep mbelani,nyukupi,ngayomi lan nuntun. Gusti ora esmosi njur ngendeg ambegane para menungsa. Jal yen Gusti njur esmosi, sing ora nurut disetop ambegane, klakon kukut menungsa saka ing jagad iki!!

Para sedulur, jan-jane isineng dongane Nabi Nehemya kuwi pas nggo awake dewe kabeh lho. Kemaki, kuminter,semuci-suci,njaluk’an, ngeyelan, nyepelekne kahanan,ngemehke liyan,kementhus lan kerep lali karo sih rahmate Gusti, ananging ya tetep wae kerep randuwe isin. Kok isa? Lha jikwegah dijak makarya Gusti kanthi mirunggan, nampik timbalane Gusti,kerep nglalekne pangibadah,malah mangun sesembahan liya kaya ta medsos,hobby,lan liya-liyane. Ananging sanadyan ngono’o tetep wae ora nduwe rasa ISIN, jik seneng nggae proposal saben eling ndedonga. Kok isa, nalare piye? Jal wae para sedulur ngelingi isining dongane, mesti persis proposal, isine mung bab PENJALUKAN kabeh, lha yen ngono kuwi pora yo kudune isin, kaya dene jik duwe utang rung nyaur kok nembung utang maning.

“Nduk, Iin….tulung nduk, jalukna 76 neng warunge Yu Tukini, kentek’an “mbako” iki”, Lik Ndoleng sore kuwi ngakon Nduk Iin nalika lagi santai neng lincak ngarep jendela.
“lho, lik, lha sing dek setu nika napa pun dibayar?NIka lho, 76 kalih ler lan ugi witkopi?”, Dalijo sluluk, nalika Iin meh mangkat.
“Haiyah, crigis Jo koe gi, iki urusanku, sesuk Tukini tak lirik wae mesti lali utangku!”, Lik Ndoleng mangsuli. Lan ralet suwe, Nduk Iin teka, nggawa 76 sebungkus karo raine prembak-prembik.
“Lik, kula lingsem, isin. Lha wau Yu Tukini meling,omongne neng paklimu Ndoleng, utange rongler 76 rung dibayar, kok iki wis nembung neh, ngoten Lik”, Nduk Iin ngomong.
“Lha rak tenan taa lik…jian NGISIN-ISINI tenan, wis tak elikne lho yoo..kok ya ora ISIN…”, Clulike Dalijo lan Lim ndoleng sajak kisinan.

Yen karo menungsa wae isa nduwe rasa ISIN, mosok ora isin karo Gusti. Ayo makarya karo sadar yen awake dewe iki sejatine ngisin-isini neng ngarsane Gusti. Ning yen wis pada ra nduweni rasa isin, yo kono…

Mbahe..





Senin, 27 Agustus 2018

TRENYUH


“BENINGE EMBUN ESUK”
SENEN WAGE 27 AGUSTUS 2018

NEHEMIA 9 : 16-31
JABUR 119 :97-104
LUKAS 7:11-17

Gusti Yésus trenyuh penggalihé, merga saka welasé, nuli ngandika: “Aja nangis, bu!” LUKAS  7 :13


Kabeh sing maca tulisan iki mesti wis nate ngalami apa kuwi sing diarani trenyuh. Apa ta trenyuh kuwi? Trenyuh kuwi kurang luwih tegese mrentuling rasa ati nalika nemoni samubarang kahanan, lan kahanan kuwi racak’e sing ndadekne ati sedih, ning rasa sedih durung temtu isa dadi trenyuh. Trenyuh kuwi isa ndadekne daya panyurung tumrap manungsa kanggo tumindak. Amarga trenyuh, manungsa bisa wae nangis, merga metuning luh kuwi isa dadi pratanda yen atine nembe kecenthok.  Dene bab trenyuh iki, pranyata iki kahanan sing lumrah klakon lan ora mung merga siji kahanan, ananging maneka warna kahanan sing isa ndadekne trenyuh. Lan uga, ora bisa digebug pada, siji kahanan isa ndadekne kahanan trenyuh marang kabeh wong.

Esuk iki, senen wage tanggal pitulikiur agustus rongewu wolulas, wacan kitab suci seka leksionari salah sijine seka Injil Lukas, mirunggane neng bab 7. Lha ing crita neng Lukas pitu kuwi, nyritakake kahanan nalika Gusti Yesus neng sawijining ndalan, pethukan karo rombongan para pelayat, sing meh nggawa layonne bocah nom menyang sarean. Eloke kahanan, jebul sing mati kuwi anak’e mbok randha sing mung siji kuwi. Para maos isa nggambarake kaya ngapa sedihe simbok randa kuwi, merga anake siji-sijine wis mati. Mrangguli kahanan sing kaya mengkono kuwi, Gusti Yesus trenyuh ing sajroning ati (ayat 13) njr ngendika “Aja Nangis bu”. Rasa trenyuhing Gusti Yesus ora mung mandeg tekan ngendika “aja trenyuh “, ananging trus tumindak. Apa kang katindakake Gusti Yesus? Ndadekne kahanan supaya mbok randa kuwi ora trenyuh meneh, yakuwi NGURIPKE anake sing wis mati. Bareng bocah sing mati kuwi urip, njur mbok randa dadi bungah.

Pasinaon kanggo awake dewe (sing maos tulisan iki) yakuwi kepiye tumindak sakwuse tuwuh rasa trenyuh. Merga yen mung ngalami rasa trenyuh wae kabeh wong kerep ngalami, merga kahanan apa wae. Ana wong lara trenyuh, ana sripah trenyuh, ana bencana trenyuh, ana kecelakaan trenyuh, ananging tumindak apa sing kudu dilakoni sakwise njedul rasa trenyuh kuwi. Wong lara ditrenyuhi ora mari, wong lue (ngelih) ora mung cukup tuwuh rasa trenyuh, wong kena ing bencana, ora mung cukup tuwuh rasa trenyuhe. Kudu ana tumindak sing nyata, jare Dalijo kudu eksion (action). Mulane, sapa wae sing maca tulisan iki, lan sinambi nagapa wae macane , aja mung mendeg neng rasa trenyuh, ananging nuladha’a Gusti Yesus, trenyuh njur tumindak supaya sing trenyuh ora trenyuh maneh.

“Jo, kok aku pengen niru tumindak’e Gusti Yesus kaya neng Injil Lukas kuwi ya, pengen tetulung sing nyata”, Lik Ndoleng ujug-ujug ngomong pas nonton poli neng ngindosiar, nalika esengems.
“Wah, aku kok ya pada ta lik, pengen kaya tumindak’e Gusti Yesus kuwi”, Dalijo semaur karo nyumet Djarum Supere sing gari separo, merga mau dicecek nalika mlebu ruang nonton tipi.
“Halahhhh, yen Paklik Ndoleng kui padune mung pengen cedak karo mbok randane we, alesan pengen kaya Gusti Yesus”, Nduk Iin, karo dondom sarunge bojone semaur,lan ndadekne atine lik Ndoleng mrekatak.
“Asem..kok ya ngerti tujuanne omonganku ta In,,,,jian kowe kiii”, Lik Ndoleng semaur,karo nyruput the neng gelase.

Lur, ayo nulada Gusti Yesus, tumindak sing nyata, sakwise ngrasakne trenyuh neng ati. Apa tumindak’e? Ya sederhana wae, yakuwi supaya sing trenyuh ora trenyuh meneh.

Mbah’e

Sabtu, 25 Agustus 2018

NYEPION


BENINGE EMBUN ESUK
SETU PAHING 25 AGUSTUS 2018

Yusak 22: 21-34
Jabur 34 : 15-22
Matius 1 :1-16,18-23

“Dadi saka Bapak Abraham tekan Prabu Dawud, kabèh ana patbelas turunan, saka Prabu Dawud tekan jaman pembuwangan menyang tanah Babil ana patbelas turunan. Semono uga saka jaman pembuwangan menyang tanah Babil tekan wiyosé Sang Kristus ana patbelas turunan. “ Matheus 1:17

Saben kendaraan bermotor, mbuh kuwi roda loro,telu, papat lan sakteruse, mesti ana perlengkapane kang karan  spion, menawa  ilat jawa mesti unine sepion. Alat iki fungsine kanggo nyawang arah mburi, kanggo mengerteni kahanane. Tujuanne, supaya luwih waspada lan ngati-ati nalika meh menggok utawa nyalip kendaraan sing ana ngarepe. Sing jenenge migunaake spion uatawa sepion iki ora terus-terusan,ananging mung kala-kala wae, merga yen nalika lagi nyopiri kendaraan mung nyawang sepion wae kuwi isa mbebayani, isa nubruk kendaraan sing ana ngarepe, ananging yen ora nyawang sepion nalika meh menggok utawa nyalib, ya isa ndrawasi. Lumantar nyawang sepion, tegese isa nyawang sing ana mburi, kaya ngapa kahanane, sing paling krasa nalika parker utawa nyetir arah mundur, tinimbang awak mengo mburi marak’e tengeng, aluwung nyawang sepion utawa nyepion. Dadi isa disimpulke, yen NYEPION kuwi ya banget dibutuhke.

Waosan Kitab suci ing dina iki, setu pahing selawe agustus rongewu wolulas, sing seka Injil Matheus, ngajak awake dewe NYEPION. Lho nalare kepriye? Crita ing Injil Matheus bab 1 ayat 1-16 lan 18-23 ngandarake silsilah utawa leluhure Kanjeng Gusti Yesus Kristus. Ing kana dicritakae kanthi gamblang lan ora ana sing ditutup-tutupi. Silsilah utawa leluhure Kanjeng Gusti Yesus Kristus kuwi saka maneka warna trah lan yen disawang kanthi permana, ora kabeh karan  “trah priyayi”. Tegese, Gusti ngersakke sapa wae dadi pilihane minganka leluhure lan iki uga ngemu suraos utawa piwulang, kabeh menungsa (sing dudu menungsa aman iki) kudu siap, sumadya yen kakersakake dadi pirantine Gusti. Sakliyane kuwi, lumantar ayat neng Matheus  iki, awake dewe ora usah cilik ati menawa NYEPION urip sing kawuri, njur ing kono katon sing ala utawa sing ora pantes. Gusti ora nguthik-uthik bab kuwi, Gusti ngersakake nyawang mengarep kanggo ancas pakaryane klakon kabeh. Mulane kuwi, bab nyepion utawa nyawang urip sing kawuri kuwi kudu nuwuhke paedah, ben isa mawas diri lan nuwuhke sikep pamaturnuwun karo Gusti, awit sanadyan ana lelakon sing mbiyen ala kuwi tetep diagem Gusti kanggo pakaryane.

“Kang Dal, kowe po iyo sok ijik kelingan karo “si dia”, sing saiki neng njakarta?”, Cluluk’e nduk Inah naliko kerja bekti neng nggrejasore kuwi.
“Yen kangmu Dalijo kuwi ora mung kelingan nduk, malah ngeling-eling. Kuwi malah  senengane nyepion wae gek”, Ujug-ujug lik Ndoleng mangsuli  sakdurunge Dalijo mangsuli.
“Halahhh, sampeyan yo ngono lho lik, ngger mangkat neng “sawah” mesti ngliwati ngarep mae Yu Wasti sing lemu ginuk-ginuk, njur rekak-rekak’e watuk lan singsot-singsot”, Dalijo mangsuli sajak kisinan merga diolok-olok Nduk Iin..
“Crigis Jo, sing miwiti nduk Iin kok malah ngoso aku ki payee?”, Lik Ndoleng  yo sewot.
“Wis…wis,,,mpun.mpun..niki kopine pun siap. Sing pait nggo kowe kang Dal”, Wangsulane Nduk Iin.

Malku nyang ngarep kuwi, kepiye’o wae butuh nyepion ananinging yen mung nyawang sepion wae, isa marahi bahaya. Ayo pada makarya, sinartan eling yen ing jaman mbiyen uripe dewe iki yo kebak dosa, ning ora dianggep dening Gusti.

Mbah’e



Jumat, 24 Agustus 2018

ALIHAN


JEMUAH LEGI 24 AGUSTUS 2018
BENINGE EMBUN ESUK



YUSAK 22: 10-20
JABUR 34:15-22
LUKAS 5 :33-39

Yèn wilayahmu kéné kokanggep ora pantes kokenggoni kanggo ngibadah marang Allah, pindhaha menyang wilayahé Allah, sing ana ing Kémah Suciné. Nyuwuna sapérangané wilayahku, nanging aja nyingkur marang Allah utawa gawé dukané Allah, srana enggonmu ngedegaké mesbèh liya, merga mesbèhé Pangéran Allah kita, wis ana. Yusak 22:19


Sing jenenge urip neng ngaam donya iki, ana maneka werna kahanan, lan kabeh tinitahke jankep. Tegese, kabeh duwe pasanganne dewe-dewe. Contone, yen ana adoh mesti ana cedak, ana padang ana peteng lan sakteruse. Uga ana sing karan krasan utawa jenak lan oran krasa utawa ora jenak. Krasan kuwi tegese isa manggon ana ing sabarang kahanan lan betah saumpama kudu suwe ana ing papan kuwi, dene ora krasan kuwi kahanan sing ndadekne titah (klebu menungsa) ora isa ngrasakne manggon ing sadengan panggonan kanthi enek lan kepenak. Yen kahanane krasan, isa ing wektu kang tanpa winates, ananging kosok baline, yen ra krasan mesti mbudidaya murih isa pindah utawa ALIHAN. Mulane kuwi, tegese ALIHAN yakuwi pangupayaning titah murih isa pindah seka papan dununge merga ora krasan, tumuju papan liyane sing isa ndadekne krasan.

Esuk iki, Jemuah Legi patlikur agustus rongewu wolulas, awake dewe dijak ngrasakne pangandikan Gusti, bab kepriye mernahke urip supaya luwih kepenak. Neng usak 22 ayat 19 dicritakake, yen wong Israel ora krasan neng papan sing dipanggoni  kanggo manembah marang Gusti, bisa ALIHAN marang papan kang rinasa enak lan kepenak. Dene sebab musababe ora kepenak kuwi akeh, isa merga kahanan kiwa tengen utawa Aspek eksternal, ananging isa uga kahanan seka sakjroning ati menungsane, utawa aspek internal. Sing baku, Gusti lumantar Yusak wis maringi pilihan, supaya isa ngrasakne kahanan kang luwih kepenak.

Saiki tumrap awake dewe, sing jarene titah sing paling sampurna kang karan menungsa. Apa anggone dewe nglakoni ngibadah utawa laku manembah iki wis dadi enak lan kepenake urip? Apa anggone dewe anggone nindakne lakuning percaya iki wis jumbuh karo kersane Gusti? Tegese kabeh sing awake dewe lakoni iki cen tumuju marang Gusti sing murbeng dumadi, ora mung nguyak mareming  kapribadene dewe? Menawa nggon Yusak 22 ayat 19 bab ora krasan kuwi merga kahanan seka njabaning urip, lan kuwi ndadekne menungsa ora krasan, isa wae bab awake dewe sing “oran krasan” karo lakuning urip kaimanan kita malah Gusti? Merga awake dewe mung lamis nindakne lakuning percaya, lais ben diarani wong mituhu, ananging jik kemaki, kementhus,adigang adigung adiguna, sempulitan lan sakpanunggalane. Mula yen kahanan iku sing kalakon, njur Gusti ngraoske ORA KRASAN karo tumindak ngibadahe dewe, njur Gusti ngersakne ALIHAN, apa ya awake dewe siap? Alihan seka memungsuhan, skea tukar padon, seka ngremehke wong liya lan sakpanunggalane?? Yen siyap ya enggalo pada alihan..

“Nduk, Iin (Saiki Inah nesu yen diundang ngono, njaluk’e diundang mileniel yokui Iin), iki kok gelas kopi kawit wingi rambok pindah, jojo gek nggere ngegekne kopi ben sore kae ora mbok cuci gelase?”, Lik Ndoleng cluluk sinarta ngundan Nduk Iin.
“Anu lik, cen ngoten niku kerep-kerepe Iin niku, mung diclupne banyu, njur nggge damel kopi melih”, Dalijo semaur.
“Weeee,, ngawur koe kang Dal, sing ngono kuwi kowe yooo, malah aku sing disalahke…”, Karo prembah prembih Nduk Iin, metu seka pawon.
“wis..wis, aja padu, yen ana sing ora pas dipaske, ora kepenak dipenakne, ora krasan ya pindaho utawa ALIHANo…”,Lik Ndoleng ngendek padudone Dalijo karo Nduk Iin.

Ayo makaryo, lan yen ana sing ora kepenak utawa ndadekne ora krasan, pindah utawa ALIHANA.

Mbahe..

Kamis, 23 Agustus 2018

ELING


KEMIS KLIWON 23 AGUSTUS 2018
BENINGE EMBUN ESUK

YUSAK 22:19
JABUR 34:15-22
LUKAS 5: 33-39

“Nanging diéling! Kowé padha nglakonana dhawuh-dhawuh sing diparingaké déning Musa, yakuwi: Tresnaa marang Allahmu; èstokna kersané, lakonana dhawuh-dhawuhé; sing setya enggonmu ngabdi marang Panjenengané kanthi ati sing mantep.” Yusak 22: 5


Eling kuwi kahanan sing dialami menungsa, sing tegese  isa tetep kelingan bab apasing wus klakon. Eling kuwi sebrangan karo tembung lali, merga yen lali kuwi wis ora ngerti utawa ora kelingan baba pa wae. Babagan iki, yakuwi eling lan lali, ora ana sing salah siji lan sijine, merga kabeh kuwi kahanan sing kudu ana cikben jankeb kahanan ing donya iki. Coba wae para pamaos rasakne yen isane mung eling wae, kabuuueh kahanan sing kawuri jik tetep eling, mesti rekasane ora njamak. Semono uga bab lali, iki ya gede mupangate, amarga yen ora isa lali, pomeneh nglalekne samubarang sing kawuri lan kuwi dadi lantaran laraning ati.  Mulane, bab e ling lan lali iki kudu dipapanke sakmestine  neng  uripe awake dewe kabeh (sing jik rumangsa menungsa lho nggih..hehehe), cikben jangkeb kahanan uri neng jagad padang iki.

Bab ELING kuwi nate diwelingke dening Yusak, marang bangsa Israel, nalika meh mlebu Kenaan lan nalika bakda ditinggal Musa seda. Yusak kanthi cetha wela-wela ngendika, Nanging dieling, kowe padha nglakonono dhawuh-dhawuh sing diparingke dening Musa.. Lha apa wae ta dhawuhe Gusti lumantar Musa kuwi? Siji, tresna marang Gusti lumantar ngestokne kesane Gusti. Iki ngemu teges, yen uripe menungsa kuwi kudu tresno marang Gusti dadi perangan nomer siji,dene tresna marang Gusti kuwi isa luamntar tresna marang kabeh titahe Gusti. Nomer loro, sing setyo ngabdi. Urip iki sejatine ngabdi marang samubarang, ngabdi marang Gusti, brayat, pasamuan, Negara, pakaryan lan sak panunggalane.

Mulane, ayo ing esuk iki, Kemis  Kliwon telulikur Austus 2018, awake dewe miwiti makarya adedasar rasa sadar yen iki kabeh minganka cara Eling karo Gusti lan kersane Gusti. Mulane, kabeh kudu dinasaran iki, kerja ya didasari pangerten minangka srana lan pratelan eling karo kersane Gusti, sekolah yo ngono, masak, resik-resik omah yo mengkono, kabeh minangka tandha eling karo Gusti.

“Lik, yen sampeyan sok kelingan karo yu Wasti kae, brarti kuwi kosokbalene lagi lali karo bulik Tinem ya?”, Dalijo  takon karo Lik Ndoleng, nalika nonton badminton neng omahe Lik Ndoleng.
“Hus, kowe kui ana-anak wae Jo. Aku kuwi yen eling “si dia” kuwi malah sansaya tresna karo mbokmu cilik Tinem, sansaya ilapyu pull”, Wangsulane Lik Ndoleng.
“Kang, Kang Dalijo, lha koe pojik sok eling karo roro jonggrangmu sing saiki neng Njakarta?”, Ujug-ujug nduk Inah metu seka pawon karo nggawa kopi lan the.
“Crigis Nah, kuwi kenangan masa silam je..isa nggo penyemangating urip!”, wangsulane Dalijo sinambi mencereng medeni.

Lur, ayo pada eling karo tanggungjawabe dewe-dewe, merga kuwi  sranane dewe ngestokne kersane Gusti.
Mbahe..


Rabu, 22 Agustus 2018

NUNDUNG LARA


REBO WAGE 22 AGUSTUS 2018

BENINGE EMBUN


PURWANING DUMADI 47 :13-26
JABUR 36
LUKAS  4 :38-44

“Panjenengané nuli nyelaki peturoné sing lara mau, banjur ngusir lelarané. Wong mau dadi waras, nuli tangi sanalika lan ngladèni para tamuné.”Lukas  4: 39


Sing jenenge ketundung kuwi kepiye’o wae, ora kepenak. Lho kok ora kepenak kuwi nalare piye? Ketundung kuwi tegese dipeksa ninggal seka papan sing nembe dipanggoni. Sing marakne dadi ora kepenak, babagan dipeksa kuwi, merga yen lunga utawa pindah dewe mesti rasane ya penak-penak wae.  Para pamaos tulisan renungan beninge embun esuk iki, mesti ana sing nate ngrasakne kepiye larane tinundung.

Waosan utawa wacan Kitab Suci dina iki, ngepasi dina kurban, kapethik saka Lukas 4 ayat 39, nyritakne bab Kanjeng Gusti Yesus nundung dhemit sing ndadekne lelara. Neng alam pikire Yahudi, lelara kuwi merga kedunungan dhemit, mula yen ana sing lara, sing kawitan kudu ditundung yakuwi dhemite ben larane ya melu lunga. Dene wewujudane dhemit kuwi maneka warna, opo meneh neng jaman saiki. Dhemit isa memba awujud pelit, iri,srei,drengi sing ndadekna hubungan siji lan sijine rusak. Dhemit isa uga memba neng rasa keminter, pengen menang dewe, kemaki, rumangsa pinter dewe, ngeyel merga rumangsane wong liya bodo kabeh, uga mawujud lumantar sikep nyepelekne liyan. Kuwi kabeh lelaraning manungsa sing tansah ana neng sauruting jaman.

Dhemit sing makuwonneng mertuane Petrus nadadekne ora isa tumindak apa-apa,mula mung ana paturon wae. Njur ditundung lunga karo Kanjeng Gusti. Bubar lunga, njur mertuane Petrus isa makarya,lan pakaryan kuwi leladi marang sapa wae sing cedak karo dewekne.

Seka critane Injil Lukas 4 ayat 39, akeh pasinaon sing isa didadekne paugeraning urip. Sepisan, sanadyan cedak karo wong sing dadi abdine Gusti (kaya mertuane Petrus), ning bab kapanjingan dhemit kuwi isa-isa wae. Mulane sing rumangsa sok aktipis greja, kerep muni babagan karohanen, durung temtu ora kepanjingan dhemit. Kaping pindo, dhemit kuwi kudu ditegasi, mula kudu katundung. Aja diopeni, tundungen lunga ben isa ucul seka pangwasane, dene tandane uculing dhemitkuwi nalika gelem leladi marang sapepada.

“Lik, saiki aku paham lik, ngapa sampeyan saiki rajin rapat  mejelis”, Dalijo ujug-ujug nyaruwe Lik Ndoleng nalika lagi nonton renang wedon neng esiengem.
“Apa sing mbok ngerteni Jo?”, Wangsulane Lik Ndoleng.
“Ben ora diarani kepanjingan dhemit, merga yen kepanjingan dhemit kuwi ora gelem leladi”, Dalijo nyauri karo menthelengi atlik Korea sing putih mlenuh cecawis lomba renang.
“Jo, cen wasis kowe kuwi, ning menenga wae, kuwi sawangen perenang Korea kuwi, aku wareg ramadang setahun yen ditunggoni sing kaya kuwi”, Lik Ndoleng semaur karo ngewaske tipi.
“Nah..nduk Inah, kopine ndukkkk….!”, Pambengok’e Lik Ndoleng ngundang Nduk Inah kon nggawekne kopi.

Para sedulur, ayo pada nyadari yen sejatine jik akeh dhemit sing dumunung neng awake dewe. Rapaercaya? Iki sing maos njur mbesengut, kuwi tegese jik dikendaleni dhemit kenesonan..hehe

Mbahe..


Selasa, 21 Agustus 2018

TATU NING MALAH ISA NGGUYU


SELASA PON, 21 AGUSTUS 2018
BENINGE EMBUN

PURWANING DUMADI 45 :1-15
JABUR 36
LUKAS 4 : 31-37


“Allah wis ngutus aku ndhisiki lakumu mréné supaya nylametaké kowé, mengkono uga anak-turunmu kabèh, srana patrap sing élok iki.   Purwaning Dumadi 45 :7

Sapa wae mesti wegah yen uripe kuwi kena ing tatu. Merga sing karan tatu kuwi mesti nuwuhake lara lan kadang larane kuwi suwi marine, apa meneh yen sing tatu kuwi ora raga ning ati utawa rasa pangrasa. Akeh perkara sing isa njalari tatu, yen bab tatuning raga, isa kena peso,arit,kejentos tembok,kena waty lan sakpanunggalane. Dene yen sing tatu kuwi ati, isa merga rembug liyan sing pedes tur landep, isa merga sikep sing ora enak neng ati, isa uga merga katampik katresnane, utawa katampik ide utawa asil pemikirane.

Sing maca tulisan renungan basa jawa ngoko iki, mesti sinambi mesam-mesem, merga nate ngalami siji seka sing sinebut neng nduwur. Lha kae sing kulina tinampik, lagi mesam-mesem dewe, uga kae, sing saben rapat idene ora ditampa njur cengkelak bali, ya lagi maca sinambi mbesengut. Lha yen mbesengut kaya ngana kae, jian memper nini Sarpakenaka lho..

Jejer tulisan ing nduwur kuwi sejatine arep ngajak para pamaos sinau karo Yusuf. Sinau piye carane ngrumati tatuning urip sing ngedap-edapi dadi dalaning kapercayan, yen kabeh kuwi dadi “carane ‘ Gusti nata samubarang luwih apik lan nengsemke. Lire kepiye kok isa ngono? Lha Yusuf kuwi digethingi dulur-dulure, dipilara,disiksa, diguwang neng sumur njur didol menyang Mesir. Tekan Mesir jik dipitenah, njur kinunjara, njur bar kuwi, merga wasis njarwakne impen, winisuda dadi “Kepala Urusan Logistik”.  Nalika pageblug nempuh wilayah negarane bapak lan dulur-dullure, njur pada nggolek bahan panganan, Yusuf isa ketemu kakang-kakange,lan ora pangling, sanadyan kang-kange pada pangling. Yusuf isa wae males tatuning ati merga wis disebratke seka wongtuwane, ananging Yusuf isa ngrumati tatuning ati.  Kanggone Yusuf, kabeh kuwi wis dadi kersane Gusti, mula ya kabeh rinasakne penak wae. Jian patuladan sing joss tenan Yusuf kuwi.

“Nah, po bojomu ndisik midak kodok?”, Dalijo takon marang Inah, ponakane LikNdoleng ngepasi dolan neng omahe Lik Ndoleng, naliko lungguhan neng lincak sor rambutan ngarep omah.
“Lho, Jo, apa urusane midak kodok karo bojoku?”
“Nduk, Nah cah ayu kaya widodari tuku buku, sing dikarepke Dalijo kuwi unen-unen semu ngece. Lire piye? Yen wong lanang midak kodok sakdurunge nikah kuwi, mesti entuk sing (jarene) ora patio ayu”, Jlentrehe Lik Ndoleng.
“Dai aku kuwi isa diarani bencana ngono yo lik tumrap bojoku?Bojoku bagus njur aku elek ya lik?”, Inah prembeng-prembeng meh nangis, njur njupuk asbak meh diuncalne Dalijo, nanging dipenggak Lik Ndoleng.

“Nduk, Inah cah ayu, kuwi maca’a  piwulang seka Yusuf, aja mbok tampa dadi tatu neng atimu gojekane Dalijo kuwi, ning yen kuwi bener, ya rapopo, dadekne dalaning berkah. Merga cen bojomu bagus kaya Janoko tenan “ Lik Ndoleng mabcutne ngendikane.
“Sory yu, gojek..ciusss….”, Dalijongomong karo plengah-plengeh neng Inah, njur Inah jik sajak nggrantes mung nyoba mesem.

Lurr..sapa wae pernah ngalami tatu merga kahanan, ning ayo dipapnke menawa kabeh kuwi kinersakake Gusti, mula isa kepenak anggone nampa kahananing urip.  Ngerti kaya ngapa laraning ketaton mula aja pada natoni liyan …Ning yen wis kebacut ngrasakne tatu, sinauo karo Yusuf….

Mbahe…

Senin, 20 Agustus 2018

PANGLING


SENEN PAING 20 AGUSTUS 2018


BENINGE EMBUN

KEJADIAN 43 :1-15
MAZMUR 36
LUKAS 4 : 31-37


“Priyantunipun tlesih sanget enggènipun takèn bab brayat. Nakèkaken, ‘Apa bapakmu isih urip? Apa kowé isih duwé adhi lanang liyané?’ Kula sami kepeksa mangsuli sedaya ingkang dipun takèkaken. Kula rak mboten sami nginten, bilih piyambakipun badhé akèn kita ngejak adhi kula sowan mrika?” Kejadian 43:7

Saben wong isa ngalami apa kui pangling, yakui nalika wis ora isa meneh nyepadakne sabarang kabeh sing sejatine wis tau ditepungi. racak’e sing ndadekne pangling kuwi merga owah-owahan sing kalkon lan uga wektu sing suwe, ndadekne lali marang kahanane. Ana sing pangling merga suwe banget ora ketemu, ana sing pangling merga owah-owahane awak, mbiyen lencir utawa langsing, njur saikine luemu tur ya ginuk-ginuk. Kuwi sakperangan perkara sing isa ndadekne wong siji karo sijine pangling.

Sedulur kuwi sejatine ora bisa lali siji lan sijine, apa wae kahanane, yen nganti lali, isa merga masalah sing gede lan uga masalah sing kliwat gede, isa uga merga wedi marang kahanan. Crita Kitab Suci sing dadi wacan leksionari dina iki, senen paing 2018, khusus perjanjian lawas, crita bab kahanane paseduluran para putrane Yakub. Yusuf sing digething kakang-kakange, njur didol,saiki mulya neng Mesir, dadi Gubernur bab pangan. Mula nalika ana pageblug neng Israel, akeh sing pada lunga menyang panggonane Yusuf, klebu para sedulur-sedulure. Anehe, para sedulure babar blas ora isa eling marang dewekne,para sedulure PANGLING karo dewekne. Ananging Yusuf ora pangling. Njur apa sing ndadekne Yusuf ora pangling, kamangka para sedulure pada pangling?

Yusuf nyawang kabeh kanthi tulusing manah, nyawang kanti ati kang wening kaya beninge embun wayah esuk sing tansah jumedul, apa wae kahanane. Kaya kang tinulis ing Purwaning Dumadi 43 ayat 7, Yusuf isa takon bapakne lan adine merga atine ijik manjing katresnan, mula mokal yen lali. Iki beda karo para sedulure, merga atine mung kadunungan srakah lan gething marang adine, mula tega ngedol lan milara, mula mata batine katutup, katresnane dikrangkeng lan kabeh ndadekne pangling marang kahanane.

Mulane, ayo padaasah tresna marang sakpepada, aja nduweni rasa gething, sujana,drengk,srei lan apa wae sing ala, cikben ora lali utawa pangling marang kahanan apa wae. Sinau seka Yusuf, sanadyan digething, ora digatekne utawa dicueki, ditampik,diendani, dipilara, disiksa lan apa wae sing ala, ananging merga atine kadunungan tresna, mula ora isa ndadekne lali utawa pangling. Lha sing mbebayani kuwi yen pangling karo sih rahmate  Gusti, lan rumangsa kabeh merga usahane dewe, iki sing mbebayani.

“Lik, dekwingi jagong ra sampeyan?”, Dalijo takon karo Lik Ndoleng nalika mangkat nyang kali dul ndesa.
“Weh, yo jelas jagong Jo, rumangsamu aku ki wong asocial!”, Wangsulane Lik Ndoleng nganggo basa duwure kaya tower, ndadak ngrembug asocial barang.
“Ketemu lik Wasti pora lik?”, Dalijo sik sareh takon, ning sejatine semu ngece, merga lik Ndoleng kuwi duwe “kisah lama” karo yu  Wasti.
“Ketemu Jo, biyuhh saiki lemune ngayang gek, kaya grobag ndongkrok”, Wangsulane Lik Ndoleng karo mlengeh.
“Ooo..brarti rapangling yo Lik, Berarti jik nyimpen rasa ya lik?”, Dalijo nrocos takon karo tetep karo semu ngece.
“Menengo Jo, crigis wae tak sampluk eketan ewu meneng!”, Kandane lik Ndoleng karo nyampirke anduk neng pang garing wit duwet kali kidul ndesa.

Mulane, rumatana katresnan kanthi tenanan ben ora pangling marang samubarang, klebu katresnane Gusti, ben aja pangling karo pakaryane.

Mbahe..

FIKSI Di Malam PASKAH