Selasa, 29 Oktober 2019

NGEBAK’I


Selasa Pahing 29 Oktober 2019
BENINGE EMBUN ESUK

KEBAK TENAN


Yoel 3:9-16
Jabur 87
Lukas 13:18-21
Lan pangandikane maneh mangkene: “Kratone Allah iku, kena Dakupamakake apa? Iku upamane kayadene ragi kang dijupuk dening wong wadon lan dicarubake ing glepung trigu telung taker, nganti kemrasukan kabeh.” Lukas 13:20-21

NGEBAK’I kuwi asale saka tembung Kebak, sing tegese kabeh papan wis kaisi lan wus ora ana papan sing suwung. Saka tembung Kebak mau sabanjure ana tembung-tembung liyane sing linggane seka tembung Kebak. Ana dikebaki,ana NGEBAKI. Mulane tembung NGEBAK’I kuwi isa diartekne kabeh pambudidaya supaya dadi kebak utawa kahanane papan kang wis kaisi karo apa wae nganti ora ana papan meneh. Sakumpamane ruangan, yen wis dikuwasani dening gandaning enthut, mula isa diarani gandane enthut wis NGEBAK’I ruangan. Lan ora mung enthut sing isa NGEBAK’I ruangan, akeh isa dadi lantarane ruangan kuwi kebak.

Bab kebak lan NGEBAK’I kuwi nate diwulangake dening Gusti Yesus marang para sekabate. Ing kahanan sing tinulis neng Lukas bab 13, salah sijine piwulang bab kratone swarga kuwi kaya dene sawab’e ragi. Lho kok isa ragi?Iya, merga daya kekuwatane ragi kuwi jian ngedab-edab’I temenan. Sanadyan mung secuil,ananging isa gedene ngeram pengaruhe. Ragi kae mesti luwih sithik tinimbang bahan pokok’e, merga yen akeh ragine tinimbang bahan pokok’e, njur kaya ngapa kahanane. Tegese, sanadyan sithik, ananging daya kekuatane ragi kuwi jian ora isa diukur.
Saka gegambaran kratanone swarga lumantar ragi kuwi, isa dimangerteni kersane Gusti, yakuwi sanadyan sithik jumlahe,kudu isa ndadekne kahanane rinasa apik lan enak. Lan uga sing penting, aja nganti “ragi” kuwi luwih akeh tinimbang bahan dasare.

Lumantar piwulange iki, aja nganti dadi kendoning semangat nalika rumangsa “ragine” mung sithik. Merga kereb klakon ora wani ngaloni tumindak apik, merga rumangsa sithik. Lumantar piwulang bab ragi, kudune ora wedi meneh tumindak apik, sanadyan mung sithik.

“Ududmu ijik Jo?Yen ijik njaluk..”Lik Ndoleng takon bab udud marang Dalijo,merga kentek’an udud.
“Lha kok gampang temen entek ta Lik?” Dalijo semaur lumantar takon.
“Tanggal tuwek Jo…tur ya sewengi ronda didadekne rokok sempel” Semaure Lik Ndoleng sareh.
“Gayamu kaya pegawe wae Lek, ndadak ngurusi tanggalan! Biasane ya njaluk wae..” Nduk I’in melu nanggepi kahanane Lik Ndoleng.
“Mbok ben wae In..rasah dipaido. Ayo tumindak apik samangsa jik isa tumindak apik..cilik utawa sithik ora apa-apa, sauger isa NGEBAK’I kahanan. Aku iklas kok, ududku diduduti paklik..” Dalijo wangasulan sinambi nyumet djarumsupere lan uga nglirik Lik Ndoleng sing klecam-klecom kaya Manuk Derkuku bar ngendog..

Mbah’e..




Sabtu, 26 Oktober 2019

DIENTUL


Setu Wage 26 Oktober 2019
BENINGE EMBUN ESUK


Yoel 2:12-22
Jabur 65
Lukas 13:1-9
Gusti Yesus banjur paring pasemon mangkene: “Ana wong kang duwe wit anjir, kang katandur ing pakebonane anggur, banjur diparani digoleki wohe, nanging ora oleh. Tumuli calathu marang kang ngurus kebon anggur iku: Iki wis telung taun aku golek wohe, kok ora ana. Mulane tegoren bae wit iki! Kanggo apa urip ana ing lemah kene tanpa guna!  Wangsulane wong mau: Bendara, kajengipun gesang sataun engkas, siti sakubengipun badhe kula paculi lan wit punika badhe kula rabuk, bokmanawi taun ngajeng saged awoh; manawi boten, inggih lajeng kategora kemawon.” Lukas 13:6-9

Tembung DIENTUL kuwi asalmulane seka tembung Mantul, sing tegese mencolot saka papane. Iki biasane kanggo nyandra barang sing bahan dasare karet, mula isa mantul. Yen barang liyane, nalika ditibakne ora adoh nggesere seka papan tibane, beda karo barang sing bahan dasare karet, yen ditibakne mesti pindahe utawa mantul adoh saka papan tibane. Mula saka kuwi, DIENTUL kuwi diupayakne supaya tibane dadi Mantul, lan supaya gampang nyebute ya diarani wae DIENTUL, sing tegese digawe mantul. Akeh babagan sing isa DIENTUL ing saindenging jagad iki,, seka urusan wektu lan uga rega. Bab wektu, wis kaping pira wae sing pada maca tulisan iki Ngentul, kudune patangndina kok dadi nemndina? Kudune wiwit jam lima kok DIENTUL wiwit jam setengah pitu?Lan jik akeh meneh  sing isa DIENTUL ana ing urip iki.

Bab “entul-entulan” kuwi ya nate dadi pokok piwulange Gusti Yesus, yakuwi nalika mulang babagan wektuning urip. Intine para menungsa kudu sadar yen dawaning urip kuwi durung temntu merga apik’e polah tingkahe, ananging malah kosokbaline. Merga polah tingkahe sing ora manut kersane Gusti,merga ora isa ngetokake wohing kabecikan, mula diparingi wektu tambahan utawa DIENTUL uripe, supaya isa ndang sadar lan sakbanjure isa ngetokne wohing panguripan. Ana ing pasemon dijlentrehne, sanadyan  wis diancam dening sing nduwe pakebonan, ananging sing njaga kebon nyuwun wektune DIENTUL, lan bakalan dirumat tenanan cikben ngetokake woh kang apik.

Seka crita ing andharan nduwur kuwi, ayo saiki pada nyadari, yen dawaning wektu kanggo urip ing ndonya iki durung temtu merga “apiking” tumindake awake dewe, isa wae kuwi kabeh malah merga wektune nembe DIENTUL dening Gusti, merga nganti seprana-seprene urip jian babarblas ora ngetokake wohing kabecikan.  Sing isa mbiji dudu wong liya, ya awak’e dewe-dewe. Mula ayo pada ngilo ana ing ngareping kaca benggaling panguripan, njur ngerti kahanane awak kanthi jujur. Lan sakwise sadhar, ayo pada mranata urip ing tembe kanthi patrap sing luwih apik,cikben ngetokne woh sing uga luwih apik.

“ Lek,DIENTUL kuwi penak ora ta jan-jane?” Sore kuwi pas lagi ngopi neng lincak sor Talok, Dalijo nakoni Lik Ndoleng.
“Kari sing ngrasakne Jo, merga penak apa ora kuwi gumantung sing ngrasakne” Semaure Lik Ndoleng sajak pilosopis.
“Biyuh..biyuh..saiki gayane sampeyan tik memper eyang Plato ta Lik..pilosopis tenan..mangan menyan ya?” Nduk I’in melu nyoal-nnyael.
“Mbuh cah..aku dewe ya ora ngerti apa sing takomongke..mung aku sinau nampa kahanan kanthi eklas, ora merinan,ora nesunan..sanadyan pada lamis karo aku, aku tetep lopyu pul nyang sapa wae…kabeh kudu isa dientul-entul..ben luwih apik. Pada dieling, yen kowe pada diparingi urip tekan saiki kuwi aja rumangsa uripmu apik, ning elinga kuwi nembe DIENTUL dening Gusti.” Semaure Lik Ndoleng sareh.
“Ya aku sengtuju Lik…rasah merinan, rasah nesunan, ditampa urip ak’anane. Kuwi sing dadi nutrisining urip..Aku kulina dibulpus, neng ngarep ketok’e apik, jebule sejatine gethinge raumum..tapi ya tak tampane kanthi esem’, Dalijo ya melu baperan.

Mbah’e..


Jumat, 25 Oktober 2019

NITENI


Jemuah Pon 25 Oktober 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yoel 2 :1-11
Jabur 65
Lukas 12:54-59
Heh, wong lamis, semuning bumi lan langit kowe padha bisa niteni, yagene kowe ora bisa niteni kaanane jaman saiki?” Lukas 12:56

Salah siji bab sing mbedakne menungsa karo titah liyane yakuwi bab nalar utawa pikiran. Lumantar nalar utawa pikiran kuwi menungsa isa mranata urip sansaya suwe sansaya apik, mulakna yen ana menungsa sing ngrancang uripe marang bab kanga la, isa wae kuwi wis ora lumrahe menungsa, merga kabeh menungsa mesti ngenerake uripe marang kahanan kang luwih apik. Mbalik marang bab nalar utawa pikiran kang dadi kaluwihane menungsa mau, ya lumantar nalar utawa pikiran mau sing marakne menungsa isa NITENI samubarang lan sakbanjure njupuk kesimpulan saka sing “dititeni” kuwi.

Bab NITENI kahanan kuwi nate dadi pokok piwulange Gusti Yesus, yakuwi nalika mulang bab tanda-tandane jaman. Yen menungsa isa maca obah osiking jagad, ya kudune isa uga maca “alarm” sing dikirim dening Gusti Allah. Dene alarm kuwi isa kanggo werna-werna tujuan, sing baku, kuwi dadi bahasane Gusti kanggo menungsa lan menungsa nduweni tugas NITENI sabarang basa sing diagem dening Gusti. Ana ing Injil Lukas bab 12, Gusti duka merga para sekabat ora isa NITENI pratandane Gusti lumantar obah mosikng jagad. Mula saka kuwi, apik yen saiki pada mbaleni sinau meneh supaya isa NITENI apa wae kahanan sing ana ing njagad iki, supaya ya isa maca kersane Gusti kang dikirim lumantar bahasaning kauripan.

Kaya ing jamane Gusti Yesus, ing jaman saiki, ing jaman sing jarene serba instan iki, arang sing gelem sinau bab ngelmu Titen lan sakbanjure isa NITENI obah-osiking jagad. Kamangka Gusti nulis basaning kauripan kuwi ora nganggo abjad ananging lumantar apa wae kahanane jagad iki. Mula saka kuwi, ayo mbaleni meneh, sinau bab kepiye carane isane NITENI kahanan sing kelakon ing sakiwatengene urip iki.

“Jo, ngapa kae dulurmu wedok mrengut wae?” Lik Ndoleng nakoni Dalijo bab I’in sing mbesengut kata Trenggiling ngemut eskrim.
“Haiyah..seprana-seprene kok ya ora isa NITENI ta Lik, wong wedok ben sasi kan ya mesti ngalami sing kaya mengkono..”Semaure Dalijo, sinambi nyumet djarumsupere.
“Weh, titen temen awakmu bab donyaning wong wedok? Jik apal karo “rutinitase “Tarsi Jo?” Lik Ndoleng ngalem Dalijo, ning ya nyemes bab Tarsi.
“Duss..malah tekan Tarsi…”Dalijo ya mbesengut krungu jeneng Tarsi sinebut dening Lik ndoleng.
“Aku ya isa NITENI jo, nggere krungu jeneng Tarsi, kupingmu njepiping…”Semaure Lik Ndoleng sinambi njupuk ududte Dalijo, dene II’in ora njedul merga lagi anu…hehe

Mbah’e..


Selasa, 22 Oktober 2019

MELEK


Selasa Kliwon 22 Oktober 2019
BENINGE EMBUN ESUK


Yeremia 39:1-18
Jabur 129
Lukas 12:35-38
Begja para abdi kang sarawuhe bendarane ketemu melek. Aku pitutur ing kowe: Satemene bendara mau bakal sabukan, abdine padha didhawuhi mangan bebarengan, bendarane bakal nyedhaki ngladeni.”Lukas 12:37

MELEK kuwi kahanan paningal sing jumaga lan isa kanggo nyawang kahanan apa wae. Dene tembung kosokbaline MELEK kuwi Merem, sing tegese kahanane pangingal sing katutup lan kuwi ndadekne ora isa kanggo nyawang kahanan apa wae. Nalika MELEK, lumrahe isa mangerteni kahanan kiwa lan tengen, ananging nalika Merem, mesti ora isa nyawang apa wae. Saliyane nduweni arti sing asli, ana kalamangsane tembung MELEK lan uga merem kuwi nduweni arti semon, sing tegese isa diwenehi arti sing beda.  Ukara iki isa dinggo conto,”Jaman saiki mbok aja kolot banget pikirane, mbok ya MELEK teknologi”. Tegese ukara kuwi ora ko isa nyawang nganggo paningal, ananging tegese isa paham bab teknologi.

MELEK kuwi isa uga diartekne Jumaga, sing tegese njaga kahanan ora keturon lan merga jik sadar mula isa mangerteni obah mosiking kahanan. Wong sing MELEK mesti beda bab kawaspadane tinimbang sing nembe Merem. Mula saka kahanan kang kaya mengkene kuwi, mula ana ing Kitab Suci Gusti Yesus nate memulang, supaya kabeh tetep siyaga utawa jumaga sing digambarake lumantar MELEK. Kuwi kabeh digambarake kaya kahanane para Batur sing dikonkon nunggu tekane bendarane. Merga tekane bendarane ora genah jam pirane, mula syarat utamane ya kudu jumaga, lan jumaga kuwi MELEK. Ing sakjroning kahanan MELEK kuwi mesti luwih waspada tinimbang sing merem.

BATJERAWAT


MELEK isa uga diparinge arti bab kawaspadan, awit nalika MELEK mesti isa makarya liyane minangka “strategi” nglawan ngantuk.  Yen mung MELEK tanpa makarya, tanpa ngobahke awak, isa wae tumiba ing kahanan ngantuk sing marakne kahanan MELEK dadi Merem. Mula sakakuwi, apik yen nalika MELEK kuwi didisi lumantar makarya, ben ora ngantuk lan sakbanjure Merem, utawa turu. Yen turu kuwi mesti Merem, lan nalika merem mesti ora isa ngerti obah mosiking kahanan.

“Jo, lunga ngandi wae dikau kuwi, patangndina ora njedul? Apa semedi kanggo nggolek gentine Tarsi?” Lik Ndoleng sore kuwi sajak kaget, nalika ujug-ujug Dalijo ngetok meneh, awit wis patang ndina ngilang tanpa kabar.
“Iyo Lik, aku nggolek sing ana “si..si ne”, ning dudu bab Tarsi, ananging nggolek inspirasi” Semaure Dalijo sareh.
“Lha ngandi paranmuta kang..aku ya melu kalang kabut..”Nduk I’in kaya biasane nyoal-nyael.
“Aku neng Sor Wit Ringin In, Paklik…ngisi energining urip. Aku krasa energine meh entek, merga wis krasa “NGANTUK” utawa bosen. Aku wedi keturon, ora isa MELEK, mula ya kudu “isi ulang” energi” Semaure Dalijo.
“Oalah, yawis yen mung ngono..lha kira-kira meh nggolek gentine Tarsi kanggo ngisi ati kapan?” Lik Ndoleng jik nguyak takon bab Tarsi.
“Suk kliwon..” Semaure Dalijo sinambi nyumet djarumsupere…


Mbah’e..

Jumat, 18 Oktober 2019

DICENCANG


Jemuah Legi 18 Oktober 2019
BENINGE EMBUN ESUK

DICENCANG


Yeremia 26 :16-24
Jabur 119 : 97-104
Lukas 10 :1-9
Suku kawula kawula pekak tumrap sakathahing margining piawon, supados ngestokaken pangandika Paduka. Kawula boten mengeng saking sarak-sarak Paduka margi Paduka ingkang mulang dhateng kawula.” Jabur 119:101-102

Jaman mbiyen, nalika jamane jik kenal karo gawean sing jenenge angon, ana salah siji gawean pangon sing diarani nyecang, yakuwi naleni kewan sing dingon nganggo dadung. Dadung dawane udakara lima tekan sepuluh meter, dikalungke neng gulune Kewan, njur poncote dadung ditalekne ana ing wit sing ana ing pangonan. Denen tujuane nyencang kewan sing dingon yakuwi supaya ora ngandi-ngandi, lan uga pangon sing wicaksana mesti nyencang ana ing papan kang akeh sukete. Dene nalika papane akeh suket tur ya ijo ananging ora ana wit sing isa dinggo nyencang, isa nancepke pathok. Dene kewan sing dipasangi dadung lan ditalekne ana ing wit utawa pathok kuwi isa diarani DICENCANG.

Bab DICENCANg kuwi nate dadi paseksine iman saka prabu Dawud kang nganggit kitab Jabur. Pernahe ana ing Jabur 119 ayat 1001-102, dene ing kene sing dirasakne prabu Dawud DICENCANG kuwi supaya ora polah lan lunga adoh-adoh. Anggone Gusti Allah mapanke utawa nyencang para kagungane kuwi mesti ing papan kang apik. Dene bab apik ing uripe titah kagunganNe kuwi nalika tumindak apik lan ora polah neka-neka. Isa uga diarani anggone DICENCANG kuwi supaya menungsa (klebu sing maca tulisan iki) ora mrana-mrena umbaran ora tumata. Sapa wae sing njajal “nglawan” saka CENCANGANE Gusti Allah mesti nandang karubedan lan ngalami lara ana ing uripe, kuwi kabeh wis dadi pengalamane prabu Dawud.

NYENCANG NGANTUK


Ing jaman saiki, sejatine kabeh kagunganNe Gusti kuwi ya DICENCANG, ananging akeh sing ora sadar lan malah nerak utawa mberot seka cencangan, mula ya ora sithik sing nandang sengsara. Wis dipapanke ana neng papan sing kepenak, malah ngupaya papan liya sing durung jelas kahanane,mula ya nemahi rekasa lan ora sithik sing nemahi bilahi. Mula saka kuwi, sing kudu dilakoni  yakuwi, sadar yen uripe menungsa kuwi wis DICENCANG dening Gusti. Dene papan kanggo nyencang kuwi papan kang apik, luwih apik tinimbang papan liyane, mulane aja pada mberot lan nyoba mbedhol saka cencangane Gusti.

“Jo, nyedak’i natalan mestine akeh  kegiatan ya?” Lik Ndoleng nakoni Dalijo bab nyedaki wulan Desember.
“Biasalah Lek, kuwi minangka carane Gusti lumantar greja ngrumati keslametan” Wangsulane Dalijo sajak relejies.
“Malah isa kerep ketemu Yu Wasti lho Lik, kan pada-pada neng tim paduan Koor ta?” Nduk I’in kaya padatan, njedul tur ya nyoal-nyael.
“Lambemu In, mesti Wasti wae awakmu kuwi..ning ya esip..jik isa nyawang..hehe” Semaure Lik Ndoleng, sinambi mesam-mesem.
“Tapia was lho Lek, mbokcilik Trinil ya melu Kur, uga kang Markun..” Dalijo melu urun rembug.
“Blaigg cah..iki pada wae aku DICENCANG..” Sambate Lik Ndoleng, sinambi kukur-kukur sirah, sanadyan kayane ora gatel.


Mbah’e..

Kamis, 17 Oktober 2019

DENDAM


Kemis Kliwon 17 Oktober 2019
BENINGE EMBUN ESUK

DALIJO NESU


Yeremia 26:1-15
Jabur 119:97-104
Lukas 11:47-54
Bareng Gusti Yesus wis jengkar saka ing papan kono, para ahli Toret lan para wong Farisi padha ngincim-incim marang Panjenengane lan ngebyuki Panjenengane kalawan prakara warna-warna, apadene padha ngudi mancing-mancing, supaya krungu pangandika kang mijil saka ing lesane, kang kena kanggo dhadhakan nangkep Panjenengane. “ Lukas 11:53-54

DENDAM, saben wong mesti wis kenal karo tembung iki, malah yaw is nate ngrumati  tembung iki ana ing uripe. Lho mosok ta DENDAM kok dirumati?Iya, merga sanadyan DENDAM kuwi dudu kahanan sing ngener marang kabecik’an, ananging isa marakne marem utawa lega, mulane ya dirumati saknjedote. Lha sejatine apa ta DENDAM kuwi? DENDAM kuwi kahanane ati sing ora nrima marang kahanane dewe merga saka liyan lan ngupayakne supaya isa males apa kang dialami marang liyan. Watak utawa sipate DENDAM kuwi ora mesti katon ana ing urip padinan, merga isa wae ana ing urip padinan apik-apik wae, ananging ing ati ngikit-ikit meh males liyan. Iki sing mbebayani, merga (mirunggan wong jawa) ana ing ngarep katon apik, ananging ing mburine tansah nggoleki wektu sing pas kanggo nyuntak gethine kang njerum ana ing ati.

Bab DENDAM kuwi nate klakon nalika jamane Gusti Yesus, lan nempuh marang Panjenengane. Kuwi klakon nalika Gusti memulang bab kabecikan lan ngepasi ngelikake bab tumindak sing isa diarani munapik. Lho kok munapik?Merga  nglakoni tumindak sing ora pas, mateni para nabine ya maesi sareane. Krungu diwelehake kaya mengkono, akeh sing pada nesu (mirunggan golongan Parisi lan Saduki).  Nesu ananging ora wani, mula njur dadi lara ati lan DENDAM. Dadi dendam kuwi asal-usule seka lara ati. Merga lara ati lan ora wani “adu argument” njur ngrumati lara ati kuwi, nunggu kahanan sing pas kanggo nyuntak “pangikit-ikit” kuwi mau. Yen wis DENDAM kuwi, apa wae isa dadi lantaran kanggo malesake  lara atine, mula gaweane wong sing ngrumati DENDAM kuwi mung nggoleki salahe liyan.

NUWUHKE RAMBUTE LEK NDOLENG


Mula saka kuwi, yen saiki pada maca tulisan iki, sing pada ngati-ati. Yen ana sing “hobbyne” mung nggoleki salahe liyan, kuwi isa-isa atine nembe kadunungan lara utawa kuwi nembe ngingu DENDAM. Yen nganti ngingu DENDAM, njur gede lan  jedot, isa mbenbayani lan ngrusak isining alam ndonya iki. Dene bab hobby nggoleki lupute liyan kuwi akih banget sing isa kanggo conto, manga para pamaos “nginpentaresi” piyambak-piyambak. Yen para wong Parisi lan Saduki lara ati merga luput lan dielekne njur tuwuh DENDAM, ing jaman saiki sing nduweni pokal kaya mengkono ya akeh, isa wae sing maca tulisan iki ya klebu golongan kuwi..hehe. Mulane sing pada ngati-ati, pada rumaten uripmu.
“JO, kabare Tarsi piye?” Sore kuwi ujug-ujug mak bendunduk Lik Ndoleng nakoni Dalijo bab Tarsi.
“Hambuh Lik, lha kok takon aku, lha apa aku kuwi sing angon Tarsi!!” Sajak sugal anggone Dalijo nyauri pitakone Lik Ndoleng.
“Saiki wis bahagia yak’e Lik…lan uga sibuk, dadi rakober ngabari kang Dalijo..” Nduk I’in melu nyoal-nyael.
“Duss..iki cah wedok siji iki jan-jane mbelani sapa ta ya..kok kabeh sing kena siku mesti melu nyiku..”Gembrneng Dalijo olehe muni.
“In, kuwi dulurmu lanang jik nduweni DENDAM, run iklas ngeculne Tarsi bahagia..” Lik Ndoleng nyauri sinambi nglirik Dalijo.
“Iya Lek, ji rung Iklas..Kae coba pirsanni, wajahe kang Dalijo sajak erosi..”Semaure nduk I’in lan Lek Ndoleng mung manthuk-manthuk.
“Asemb kecutt…titenana, sesuk-sesuk takwales kabeh!!”Ngikit-ikit Dalijo marang dulur-dulure.

Mbah’e..


Selasa, 15 Oktober 2019

DONDONG


Selasa Pon 15 Oktober 2019
BENINGE EMBUN ESUK

DONDONG MESIR


Yeremia 29:24-32
Jabur 102:1-17
Lukas 11:37-41
Nanging Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kowe para wong Farisi, kowe padha ngresiki jabaning tuwung lan pinggan, nanging ing jeromu kebak isi rampasan lan piala.” Lukas 11:39

Saka akehe jinise woh -wohan, ana salah siji sing klebu unik. Unike kuwi ora mung babagan kahanane woh-wohan kuwi, ananging uga akehe sing pada seneng, sanadyan ora legi lan malah kepara kecute oranjamak.  Woh sing ndakkarepake yakuwi DODONG, wernane ijo, ana kalane yen mateng dadi kuning. DONDONG kuwi sanadyan wite isa gede,ananging Woh’e ora nate isa ngluwihi gedene woh semangka,sing wite mung cuilik. Woh DONDONG kuwi nduweni isi, kaya lumrahe woh-wohan ing njagad iki, mung wae bedane DONDONG kuwi nduweni isi sing mbrusang ora nggenah. DONDONG kuwi kahanane walik’an karo Duren, yen Duren njabane ora apik babar pisan ananging isine dadi senengane wong akeh, yen DONDONg njabane alus lan isa kinclong,ananging njerone medeni.

Bab Duren lan DONDONG iki isa didadekne gegambarane watake menungsa. Ana wong sing katon apik,alus lan sumeh ananging njerone mbrusang kaya DONDONG. Lan ana wong sing katon nggilani merga kahanane mbrusang kaya Duren,ananging aten-atenane jian apike ora umum lan dadi klangenane wong akeh. Bab watak menungsa kang awatak nduren lan NDONDONG iki nate dadi pokok piwulange Gusti Yesus. Nalika kuwi ana wong-wong Farisi sing nyaruwe marang Gusti Yesus nalika meh dhahar ora wijik. Kuwi kabeh disawang luput dening para wong Farisi. Mrangguli kahanan kaya mengkono kuwi Gusti Yesus paring pepeling yen urip kuwi kudu nduweni totalitas utawa integritas. Aja mung katon apik njabane ananging njerone nggilani, yen isa njaba ala ora papa, sing penting njerone jos ananging yen isa ya njaba apik lan njero ya apik.

IKI DUDU DONDONG


Ing urip iki akeh sing senengane nyawang lan mbiji liyan mung manut “kacamatane’ dewe. Salah bener mung manut pikirane, mula ya ora nggumunake yen wong Farisi mbiji ala marang sing pada mangan ora wijik ndisik. Ananging Gusti mirsa yen sing dilakoni wong Farisi kuwi mung lamis,mung ben diarani apik lan soleh, kamangka sejatine babarblas ora ana paedahe. Sanadyan katon seka njaba apik, ning isine kaya DONDONG.

“Lik, kon dadi seksi acara suk acara natalan” Dalijo ngabari Lik Ndoleng.
“Ashiappp…mathuk aku yen mung dadi seksi acara…” Wangsulane Lik Ndoleng.
“Josss Lik..esipp…oiya..sampeyan sakseksi karo Kang Markun…sing kompak, rasah nagajak rapat neng mae kang Markun..malah mbathi ngko..”Nduk I’in sing wis mari kesele seka hunimun nyang Sumatra kaya padatan, nyoal-nyael..
“Duss..kok ya sakseksi karo Markun!!” Sanadyan lirih, ananging apa sing diomongke Lik Ndoleng kuwi keprungu Dalijo lan Nduk I’in.
“Oooo..jebule saksuwene iki ora tulus ta Lik, apik karo kang Markun? Jebul mung awatak DONDONG..apik seka njaba,jebul njerone mbrusang..” Dalijo  nyemes Lik Ndoleng sakkayange, dene Lik Ndoleng mung plengah-plengeh kaya Pitik kelangan ndog’e merga dijupuk sing maca tulisan iki..

Mbah’e..

Senin, 14 Oktober 2019

KWALIK


Senen Pahing 14 Oktober 2019
BENINGE EMBUN ESUK

JOKWALIK


Yeremia 28;8-23
Jabur 102:1-17
Lukas 11:29-32
Besuk ing dina pangadilan, wong-wong ing Niniwe bakal padha tangi bebarengan karo jinis iki, lan bakal ngukumi wong-wong iki. Amarga wong-wong Niniwe iku bareng ngrungokake pituture Nabi Yunus banjur padha mratobat, mangka satemene kang ana ing kene iki ngungkuli Nabi Yunus.”Lukas 11:32

Kabeh kang ana ing alamndonya iki wis tumata apik utawa teratur manut kawicaksanane Gusti sing dadi underaning urip. Merga wis katata kanthi apik lan prayoga,mulane nalika menungsa lair cenger ana ing njagad iki lan isa nyawang lan ngrasa samubarang kang tinemu, njur tuwuh ing pikiran yen kabeh kuwi kudu kaya mengkono. Lan nalika ana ing lakuning jaman, njur meruhi kahanan kang beda karo sing wis dimangerteni lan dipercaya apik, mesti tuwuh pitakonan. Dene pungkasaning pitakonan mau merga tuwuh penemu yen sing klakon kuwi klebu kananan sing kinaranan KWALIK.

Cara gampang kanggo mangerteni baba KWALIK iki isa digambarake kaya mengkene. Ana ing masyarakat wis pada sepakat yen “kepala keluarga” kuwi wong lanang,lang merga dadi “kepala keluarga”, mula sing kudu makarya minangka pokok sumbering urip ya wong lanang utawa bapak. Lha nalika sing klakon kuwi wong wedok utawa ibu, mesti sing pada nyawang mbiji, yen sing klakon kuwi KWALIK. Isa uga diarani bab KWALIK kuwi diarani lelakon kang ora ilok, ora lumrah. Merga ora ilok utawa ora lumrah, mula ya yen isa ja nganti kahanan kuwi KWALIK. Ananging bab KWALIK kuwi dudu bab sing ajaib, kuwi isa klakon neng ngendi wae.  Ing jamane Gusti memulang, ya nate bab KWALIK kuwi klakon, nalika ana sakperangan penderek’e sing ngeyel lan lan mbandele ngeram, Gusti ngelikake yen ing titi mangsane kahanan kang KWALIK bakal klakon. KWALIK’e kahana kuwi merga para wong ngisrael sing “rumangsa” pilihane Gusti, ora nate manut lan nglakoni kersane Gusti. Merga ora manut, mengkone ing wektune dina pengakiman, bakal diakimi dening Gusti, lan sing mrihatinake merga sing bakal melu ngakimi malah wong Niniwe, sing dianggep bangsa sing ora slamet.

Sinau saka piwulange Gusti Yesus, ayo pada nglakoni apa kang dikersakne dening Gusti, supaya mbesuk’e ora klakon kahana n sing diarani KWALIK kaya judul renungan ing dina iki. Bab KWALIK iki isa nemahi sapa wae, ora pilih kasih,mula ya kabeh kudu waspada, supaya ing mangsane mbesuk, ora bakalan klakon kang KWALIK.

“Jo, kancamu esempe sing mbiyen mangkat sekolah mlaku lan sepatune mung siji nganti suwek kaya cangkem baya kae saiki uripe kepenak ya?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo.
“Iyo Lek, yakuwi wolak-walik’e njaman. Yen mbiyen rekas njur prihatin,m mesti saikine kepenak, dene sing mbiyen kepenak njur wegah laku prihatin ya saiki ngundhuh pakertine, dadi rekasa. Kuwi sing jarene “mbahe” diarani KWALIK..”Dalijo semaur sinambi nyruput kopi, wis kaya padatan sing nggawekne kopi Nduk I’in sing wis mulih seka hunimun neng Andalas.
“Wah, tumben mletik polomu Jo?” Takone Lik Ndoleng.
“Kan wis kawit mbiyen Kang Dal mesti mletik pikirane Lik..emange sampeyan, kabeh KWALIK. Ora nggagas Bulik Trinil, bojone dewe malah mikir Yu Wasti, bojone wong liya..”Nduk I’in muni  ngono sinambi mak klebat menyang pawaon.


Mbah’e..

Sabtu, 12 Oktober 2019

NGUKUR


Setu Kliwon 12 Oktober 2019
BENINGE EMBUN ESUK

NGUKUR BERKAH


Yeremia 28:1-17
Jabur 66:1-12
Lukas 11:27-28
Nalika Gusti Yesus isih ngandika, ana sawijining wong wadon saka ing satengahe wong akeh kang nguwuh marang Panjenengane, unjuke: “Rahayu ibu ingkang sampun nggarbini Paduka saha payudara ingkang sampun Paduka sesep.” Nanging Gusti Yesus banjur ngandika: “Kang rahayu iku wong-wong kang padha ngrungokake pangandikaning Allah lan digatekake.” Lukas 11:27-28

Saben wong kuwi racake seneng NGUKUR utawa mbiji. Apa wae yen isa diukur utawa dibiji, ananging emane anggone NGUKUR utawa mbiji mau mung sederma manut pamawase utawa mung manut ukurane dewe. Pancen NGUKUR utawa biji kuwi dudu gawean sing ala, malah kepara apik menawa tinampa lumantar pikiran sing positif. Ananging ya ora isa diselaki yen ora kabeh seneng nyawang samubarang nganggo panyawang positif. Sing isa didadekne conto ya kaya apa sing dadi pambukaning tulisan iki, seneng NGUKUR utawa mbiji “Liyan” ananging emoh diukur utawa dibiji. Dene anggone NGUKUR liyan mau akeh sing mung babagan kurange utawa aspek negatipe, arang sing gelem kanthi blaka sutha blak kotang terus embuh..eh saah terus terang menawa kudu NGUKUR utawa mbiji bab sing apik tumrap liyan.

Piwulange Gusti Yesus ana ing Lukas 11 ayat 27-28 ngajak sapa wae sadar bab NGUKUR utawa mbiji manut petungane menungsa nalika digathukne karo kersane Gusti. Ing jamane Gusti Yesus akeh ukuran-ukuran sing isa dianggo NGUKUR, salah sijine bab “Rahayu”. Manut kacatingale wong Yahudi lan budayane wong jamane Gusti Yesus, wong sing nduwe anak kuwi binerkahan, dene sing ora duwe kuwi siniku utawa kena sikune Gusti Allah. Lha merga saka penemu sing kaya mengkene iki, nalika ana wong wadon sing cluluk ngalembana kanjeng Ibu Maryam, Gusti njejegne penemu kuwi. Kersane Gusti cetha, ka-Rahayu-nan kuwi sing pinunjul utawa sing nomer siji ya mung sing ngrungokne  pangandikane Gusti lan dilakoni (digatekne). Lha njur bab nggarbini tumrap wong wadon kuwi apa ora oleh diarani rahayu? Oleh, ananging NGUKUR karahayon kuwi aja mung merga nggarbinine para wadon. Ana sing luwih utama, yakuwi nindakne kersane Gusti.

Sinau seka piwulange Gusti ana neng Lukas 11 ayat 27-18 kuwi, ayo pada eling lan waspada bab NGUKUR. Oleh wae NGUKUR marang kahanane liyan, ananging ya gelema diukur. Sakliyane kuwi, menawa nemahi yen apa sing dadi ukurane dewe kuwi ora gathuk karo ukurane liyan, apa meneh ukurane Gusti Yesus, aja mutungan, tetep sareh lan sumarah kanthi biingah. Uga sing dadi paugeran, nalika awake dewe nembe “diukur” dening liyan, tampa wae minangka basaning katresnan, orasah nesu, orasah ngamuk, orasah mutung..woles wae bro..sis…hehe

KUNCI SEHAT


“”Lik, aku krungu sruwing-sruwing, jare sampeyan kerep mompar-mampir warunge Yu Wasti?” Dalijo sore kuwi semanta marang Lik Ndoleng.
“Badalaaaa..lha sapa sing crigis kuwi?Kok kurang gawan,aku mung saderma mampir warung wae kok diarani sing ora-ora..sapa Jo sing nggambleh kaya mengkono kuwi, njaluk tak klethag bun-bunane po!!?” Sajak Nesune pol Lik Ndoleng.
“Orasah nesu Lik, sareh wae..kuwi kan wong liya sing NGUKUR polahe njenengan. Yen ora kaya mengkono ya sante wae, woles..ananging yen iya, lan kuwi luput,aja dibaleni, ndang diowahi..”Dalijo kanthi sareh nuturi Lik Ndoleng, lan merga saka kuwi, Lik Ndoleng mendo nesune, njur nyruput kopi sing nggawe Dalijo, lan uga njupuk djarumsupere Dalijo.
“Jo, kok dulurmu wedok rongndina ora ketok, apa masuk angina?” Lik Ndoleng nakokne I’in sing ora ngetok.
“Lagi pikenik, hunimun jare, neng Sumatera.”Semaure Dalijo bab Nduk I’in.
“Weh, po arep kulak Gajah?”Takone Lik Ndoleng.
“Mbuh raruh Lik, takono dewe, WA’o kana, yen randuwe paketan, tetringa wekku” Semaure Dalijo, sinambi nyumet djarumsupere.


Kyai Tu Pong JI


Jumat, 11 Oktober 2019

KUMAT


Jemuah Wage 11 Oktober 2019
BENINGE EMBUN ESUK

PITIK KUMAT


Yeremia 27:1-22
Jabur 66:1-12
Lukas 11:15-26
“Samangsa dhemit iku wis metu saka ing wong, banjur nglembara menyang ing papan-papan kang mluwa golek palereman, nanging sarehne ora oleh, nuli muni mangkene: Dakulihane tilas omahku. Banjur bali, omahe ketemu wis disaponi resik lan tumata becik. Tumuli metu lunga ngajak dhemit pitu liyane kang luwih ala katimbang karo dheweke, sarta banjur padha mlebu lan manggon ana ing kono, satemah wong mau alane ngungkuli sakawit.” Lukas 11:24-26

Tembung KUMAT kuwi tegese bali marang kahanan sakdurunge. Menawa sakdurunge nandang lelara lan njur sakwetara sehat utawa waras, ananging mung sedela anggone waras utawa sehat, merga bubar kuwi banjur lara kaya wingi uni, kuwi sing diarani KUMAT. Anadene kok isa mbalikmeneh utawa KUMAT kuwi merga mbokmenawa olehe mertamba utawa brobat kurang tapis lan sejatine duru mari utawa sehat sampurna, mula ya KUMAT meneh. Utawa sejatine wis sehat satuspersen, ananging sakwise sehat njur ora isa njaga kahanane dewe, mulane njur KUMAT lan isa wae larane pas KUMAT luwih nggegirisi. Anadene bab lara kuwi ora mung kang awujud pisik, ana liyane, klebu lara piker lan uga merga kadunungan demit. Mirunggan bab kadunungan demit, sakwise ditundung demite lan dadi waras, isa wae KUMAT, lan si demit nggawa bala sing akehe oranjamak.


Piwulange Gusti Yesus neng Injil Lukas bab 11 ayat 15 tekan 26 maringi pangerten bab anane “lelara” sing mbalik utawa KUMAT. Ing piwulang  kuwi Gusti Yesus menehi pengerten, supaya sapa wae tansah ngati-ati marang polah tingkahe si demit, merga sanadyan wis tahu katundung, yen ora jumaga kanthi permana lan waspada, isa wae si demit balik nggawa bala akeh. Lumantar piwulang kuwi Gusti ngersakne para kagungane tansah wling lan waspada, supaya tansah jumaga. Dene gawean njaga kuwi jian gawean sing rekasane ngeram, luwih gampang nguyak tinimbang njaga. Ananging  kepiyea wae, merga urip iki wis direngkuh dening Gusti, mesti ana kekuatan supaya kuwat anggone para kagungane jumaga, mung kari gelem apa ora. Diaringi kekuwatan kaya ngapa lan gedene pol-polan wae, yen ora eling lan waspada ya isa KUMAT, kamangka yen KUMAT kuwi dayane luwih nggegirisi lho..hehe

Mulane, aja nganti lali apameneh nglali, tansah jumaga’a supaya si demit ora bali,merga yen nganti bali, kuwi sing kinaranan KUMAT. Yen wis KUMAT biasane angel pulih, merga daya kekuatan si demit wis tikel tekuk lan sansaya kuwat. Sepisan meneh, dieling lan waspada, ben aja si demit mbalik lan ndadekne KUMAT.

“Rep ngandi Lik?” Takone Dalijo, nalika sore kuwi sanadyan grimis Lik Ndoleng malah klunuh-klunuh arep lunga.
“Nggolek..udud Jo, kentekan..” Semaure Lik Ndoleng.
“Sapa sing ngguwang udud Likm mosok nggolek. Udud ya tuku..”Nduk I’in kaya padatan, nyoal-nyael, lan sajak raine sumringah merga arep dolan nyang Sumatra.
“Nggolek kuwi karepku ya tuku In..crigis kowe gi…kana gek tata-tata, jare arep pikenik nyang Sumatra..”Semaure Lik Ndoleng.
“Haiyah..iki ana udud Lik, rasah nggawe-nggawe alesan, padune arep nyawang Yu Wasti, ngerti kan yen kang Markun lagi dines luar kota?Aja sembrana Lik, ngko ndak KUMAT..”Dalijo ngomong kaya Begawan seka ngarit.
“Asem..apa wae sakparipolahku diwaca bedes-bedes iki..dusss..”Batine Lik Ndoleng, meh muni wedi dipenthelengi sing maca tulisan iki..

Kyai Tu Pong Ji

Kamis, 10 Oktober 2019

ALAREM


Kemis Pon 10 Oktober 2019
BENINGE MEBUN ESUK


Yeremia 25: 1-14
Jabur 66:1-12
Lukas 11:5-13
Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi: Sarehne sira ora ngrungokake pangandikaningSun, lah Ingsun bakal nimbali sakehe para umat saka ing tanah lor -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, lan dhawuh marang Nebukadnezar, raja ing Babil, abdiningSun iku; Ingsun bakal nekakake para wong iku nglurugi nagara kene, wong-wonge kang padha manggon lan bangsa-bangsa ing sakubenge, kang bakal padha Suntumpes, Sundadekake pagiris, dadi lesaning panacad lan dadi ludhesan ing salawase. Ingsun bakal nyingkirake swaraning kasenengan lan kabungahan, sabawaning penganten lanang lan wadon, kumrusuking gilingan lan padhanging damar. Saindenging nagara iki banjur bakal dadi jugrugan lan bera sarta bangsa iki bakal ngawula marang raja ing Babil pitung puluh taun lawase.” Yeremia 25 :8-11

Saben HP anyar mesti ana piture sing diarane alarm utawa cara ilate wong Jawa ALAREM. Dene fungsi utawa manfaate ALAREM kuwi mingka cara ngelingake bab wektu. Biasane yen wus ana jadwal lan uga minangka alat kanggo nandani wektu. Yen sing angel tangi esuk, biasane mapan turu nyetel ALAREM, supaya isa tangi ora telat. Dene unine ALAREM kuwi beda-beda, ana sing unine kewan, kayata jago kluruk, kodok ngorek lan uga ana sing nganggo swarane pacare pas lagi nggugah klawan mesrane ngeram. Kabeh kuwi tujuane supaya lumantar ALAREM bisa eling, sadhar lan sakbanjure waspada.


Bab AlAREM kuwi Gusti Allah kawit jaman mbiyen temekan saiki lan bakalane nganti saklawase, mesti tansah “ngunekne” ALAREM kanggo para titah kagungane, klebu menungsa lan uga sing maca tulisan iki. Dene wujud’e ALAREM mau beda-beda, gumantung kahanan lan kersane Gusti. Ana ing Kitab Yeremia dicritakne, yen Gusti Allah wis ngunekne ALAREM kanggo bangsa Yehuda lan ngisrael, ananging ora digagas babar blas. Merga ora nggags ALAREM saka Gusti Allah kuwi mulane banjur diukum dening Gusti, sanadyan lumantar bangsa liya.

Ing jaman saiki bab ALAREM saka Gusti kuwi yaw is akeh banget, dene wujud’e apa kuwi gumantung karo kahananing menungsa. Sing paling penting tumrap menungsa yakuwi sinau ben isa lantip maca ALAREM saka Gusti Allah. Menawa wis pada lantip maca obah mosiking kahananing urip, mesti ya isa maca ALAREM saka Gusti, lan kuwi isa didadeken pangeling-eling. Anane ALAREM kuwi meh pada sirine, bedane sirne kuwi mung magepokan kahanan bahaya. Ananging yen ora pada isa maca ALAREM saka Gusti, isa uga ALAREM kuwi malih dadi SIRINE. Lan sakbanjure tinumpes kahanan.
“Lik, wingi kae kenapa kok preksan neng ndokteran?” Takone Nduk I’in marang Lik Ndoleng.
“Arep brobat In, mosok meh mancing..”Semaure Lik Ndoleng sajak sugal.
“Weladalah, ditakoni apik-apik malah wangsulane empuk cor-coran..”I’in ya sajak nesu.
“Lha Paklik ngeyele ngeram In, dikandani yen meh mandeg udud aja ngeget..malah isa gaswat..eee….malah ngeget..ya kuwi kena sikuning udud..hehe” Dalijo nyoba netralke kahanan.
“Mulane ta Lik, yen dielingke dulur kuwi manuta. Kuwi jarene simbah Tu Pong Jie, minangka ALAREM. Yen ora isa krungu unine LAREM ya ngono kuwi kahanane..” Nduk I’in sajak wis ora nesu meneh.
“Sepurane In, aku jik mikir jantungku kiye..durung maksimal warase..” Lik Ndoleng semaur sinambi mesem.
“Ngko ben ndang sehat pull tak undangke Yu Wasti wae..Mesti langsung waras saknalika” Nduk I’in sajak njarag Lik Ndoleng.
“Dusss..iki lara jantung temenan ya..aja sembrana kaya kuwe..malah tekan Wasti..hmmm..dakdikdukserrr…” Lik Ndoleng semaur sinambi plengah-plengeh persis jangkrik Kasmaran.


Mbah’e..


FIKSI Di Malam PASKAH