Senin, 30 September 2019

BALA


Senen Pon 30 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 32:16-35
Jabur  119:49-56
Lukas 9:46-50
Yokanan tumuli matur: “Guru, kawula sami sumerep tiyang nundhung dhemit atas asma Paduka, lajeng kawula penging, amargi sanes patunggilan kita.” Gusti Yesus banjur ngandika: “Aja kokpenggak, sabab sing sapa ora nyulayani marang kowe, iku dadi nyarujuki.” Lukas 9:49-50

Kawit jaman mbiyen tekan jaman saiki, tumraping menungsa bab BALA lan dudu BALA kuwi ijik dadi perkara sing penting. Mula saka kuwi, bab BALAmu apa BALAku, kuwi ya kereb dadi sumbering pasulayan. Perkara iki, yakuwi bab BALA-BALANAN sansaya nggegirisi nalika lumebu ana ing “ruang” sing kinaranan Politik lan Agama. Ana ing donyaning Politik, BALA kuwi kayadene asset utawa kesugihan, sepira gedene utawa akehe BALA kuwi sing bisa nemtokne menang apa kalah nalika tarung ana ing gelangganging pamrintahan. Dene ana ing bab Agama, bab BALA kuwi ya wigati banget. Bab kuwi bener lan pener utawa ora, rapatio penting. Sing penting akeh BALAne, mula mbiyen para sesepuh lan pinisepuhe wong Jawa pada mulang lumantar unen-unen, Asu gede menang kerah’e, sing tegese sapa sing akeh BALAne, ya kuwi sing menang.

Lha sejatine, apa ta tegeses tembung BALA kuwi? BALA kuwi tegese kanca,sedulur,utawa sapa wae sing nyengkuyung marang awak’e dewe. Sing paling inti yakuwi bab “Nyengkuyung” utawa ndukung. Lambok sedulura, ya ora nyengkuyung ya dudu BALA. Dene nyengkuyung kuwi ora mikir kuwi apak utawa ala, sing penting Nyengkuyung.  Ing jagad’e politik lan Agama, sing ora nyengkuyung, sanadyan netral, tetep diarani mungsuh, dudu BALA. Merga mungsuh, mula ya kudu disingkirake, iki jian mbebayani temenan ana ing urip bebrayan agung neng jagad raya iki.



Bab BALA kuwi ya nate dadi kawigatene Gusti Yesus. Nalika semana ana sekabat sing wadul, yen ana sing tumindak apik banget, kamangka kuwi dudu “grup’e” 12 sekabat. Rumangsa linangkahan, mula Yokanan protes. Karepe lumantar protes njur dibelani, ananging pengarep-arepe Yokanan sirna, merga manut kawicaksanane Gusti Yesus, BALA kuwi ora mung sing sakgrup, ning luwih amba, yakuwi sing pada-pada tumindak apik. Dene soal kenal utawa ora, ora penting, sing penting pada-pada tumindak apik.

Mula saka kuwi, sejatine sing diarani BALA kuwi ora mung winates sing kenal, winates sedulur, winates sing cedak lan sakpiturute, ananging BALA kuwi sapa wae kang tumindak pada, sanadyan beda agama lan uga pilihan politik. Iki pancen angel lan abot. Kepriye nalare kok isa diarani angel lan abot? Merga ana ing babagan BALA kuwi mesti ana pengarep-arep, paling ora nampa keistimewaan. Ananging ana ing piwulange Gusti Yesus, kabeh sing tumindak apik,kuwi bakalane nampa bebulih kaistimewaan.
“Lik, saiki kayane dadi BALAne kang Markun ya?” Nduk I’in sore kuwi nakoni Lik Ndoleng nalika lagi mulih seka kali, adus.
“Wandamu In..jongasi aku sak BALA karo wong kae..” Sajak semu nesu olehe Lik Ndoleng wangsulan.
“Weh, jik dendam jebule…durung mop on ya Lik?” Dalijo melu nrambuli.
“Lambemu Jo..malah melu-melu..pora ngerti iki tanggal tuwek?!”Semaure Lik Ndoleng.
“Badalaaa…gaweane ngarit wae nggagas tanggalan Lik..mbok ya sareh wae. BALA kuwi ora kudu tansah cedak lan grudag-grudug. Sing penting pada-pada tumindak apik. Sampeyan tumindak api, ngrumati Lek Trinil lan anak-anak, kang Markun ngrumati kanti lopyu pul Yu Wasti, ya kanthi iklas..kuwi tegese BALA lek…”Jlentrehe Dalijo, sing marakne Lik Ndoleng mung manthug-manthug, sajak kisinan..

Kyai Tu Pong Ji


Minggu, 29 September 2019

PENGHASILAN AKTIF dan PENGHASILAN PASIF



Para sahabat , sampai saat ini masih banyak yang bingung dengan dua jenis penghasilan itu. Kalau “penghasilan aktif” atau  “earn income” sudah jelas. Anda bekerja, kemudian mendapat uang sesuai dengan kerja Anda. Berupa gaji, honorarium atau keuntungan bisnis Anda.  

Tetapi masih banyak yang bingung dengan “penghasilan pasif” karena ini bukan jenis penghasilan yang bisa mereka lihat sehari hari. Ada yang mengira bahwa penghasilan pasif adalah penghasilan yang diperoleh tanpa melakukan apa apa sehingga terlarang. Di setiap agama memang selalu ditekankan bahwa kita harus bekerja keras untuk menafkahi keluarga kita. “Bisa bekerja mencari uang seperti 95% orang atau bekerja membangun aset seperti yang 5% orang”  Asumsinya, sebagian besar orang sukses di dunia termasuk para nabi mendapatkan uangnya dengan cara membangun aset, sehingga dia bisa memperhatikan umatnya. Jika dia masih aktif bekerja mencari nafkah, apa ya mungkin diangkat menjadi nabi ? Kapan dia bisa memperhatikan dan membantu umatnya kalau masih disibukkan mencari nafkah untuk keluarganya?. 

Penghasilan pasif disebut juga residual income, atau laba residu atau disebut juga laba bersih kalau di sebuah perusahaan, yang kemudian dinikmati oleh pemilik perusahaan. Artinya harus ada kerjanya dulu sebelum laba itu diperoleh.  Secara individu, kerjanya bisa bermacam macam, misalnya :  

1.       Kita mengarang lagu. menyanyikan lagu atau menulis buku. Setelah itu mendapat royalty dari buku atau lagu yang dinyanyikan atau di dengar pihak lain.  
2.       Kita membangun perusahaan, menciptakan sistemnya sehingga perusahaan itu bisa berjalan sendiri. 
3.       Kita membeli bisnis waralaba, kemudian bisa menikmati keuntungannya. 
4.       Kita membangun sebuah bisnis networking, atau disebut juga jaringan konsumen loyal. kemudian kita menikmati keuntungan dari pembelian mereka atas produk perusahaan mitra. 
5.       Kita membeli sapi dan menitipkannya, kita membeli saham, kita menabung uang di bank dan sebagainya, kemudian kita menikmati hasilnya. 

Banyak juga orang yang mengira bahwa penghasilannya itu penghasilan pasif hanya karena bukan dia yang mengerjakan segala sesuatunya. Padahal sebenarnya masih penghailan aktif  karena membutuhkan pemikiran dari dia. Karena ketidak tahuannya ini, banyak pencari penghasilan pasif yang kemudian terjebak pada sesuatu yang sebenarnya penghasilan aktif. 

Jika Anda ingin mengetahui apakah yang Anda peroleh itu penghasilan pasif atau aktif, maka tinggalkan usaha atau investasi itu selama 1 tahun atau 2 tahun tanpa bisa dihubungi kecuali rekening yang terbuka. Jika selama ditinggal itu usaha Anda semakin maju atau masih hidup, berarti tanpa bekerja secara fisikpun Anda masih mendapat penghasilan dan itulah penghasilan pasif. Tetapi jika setelah ditinggal karyawan Anda seperti ayam yang kehilangan induknya, sehingga kinerja perusahaan menurun, maka sebenarnya itu bukan penghasilan pasif tetapi penghasilan aktif.. 

Untuk mengetahui darimana kita bisa mendapatkan penghasilan aktif dan pasif, video CASHFLOW QUADRANT  di atas bisa menjelaskan.

Dicopas dari Materi Bapak Sigit

Catatan:
Bagi yang tertarik meniti jalan mendapatkan penghasilan pasif 100 juta setiap bulan, silakan kontak WA 085870480039


PELIT


Minggu Pahing 29 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK


Amos 6:1-7
Jabur 146
1 Timotius 6:6-19
Lukas 16:19-31
“Ana wong sugih kang tansah manganggo jubah wungu lan kain kang alus, sarta saben dina mangun suka ngeram-eramake. Lan ana wong ngemis jenenge Lazarus, awake sakojur gudhigen; ngglungsar ana ing sacedhake regoling omahe wong sugih mau sarta banget kapengin ngilangake luwene kalawan gogrogan saka ing mejane wong sugih iku. Nanging malah diparani asu-asu sing padha ndilati gudhige. Kacarita wong miskin mau mati, banjur digawa dening para malaekat menyang ing pangkone Rama Abraham.” Lukas 16:19-23

Yen ing tanggal 18 Desember 2018 tulisan BENINGE EMBUN ESUK jejere LOMA, mula ing dina iki, minggu pahing sangalikur September Rongewu Sangalas jejere sewalik’e, yakuwi PELIT. Yen loma kuwi watak sing ora mikir awak’e dewe, ananging tansah mikirake Liyan, mula yen PELIT kuwi watak sing mung mikir butuhe dewe. Ana kalane mikirke Liyan kuwi mung nggo pantes-pantes wae, arang sing tulus lan iklas. Dene sing dadi sebab kena apa wong kuwi akeh sing mung kikir awak’e dewe, kuwi merga mikir butuhe lan karepe dewe kuwi sing marakne maram utawa lega, dene mikir liyan kuwi mung nekakne rekasaning ngaurip. Arane rekasa, merga wis soroh wektu, tenaga,pikiran lan bandha, ananging sing dikepenakne mung liyan, kuwi mbokmenawa sing dipikirake wong-wong sing nduweni watak PELT. Dene bab PELIT kuwi ora mung bab bandha, uga babagan wektum lan ora mung PELIT marang liyan sing awujud titah, kepara marang Gusti Allah sing nitahake menungsa lan jagad wae uga PELIT.

JOSS


Crita saka Lukas 16 ayat 19 tekan 31, bacute minggu wingi, arep maringi piwulang bab urip sing sejati. Dene ing perikop kuwi mirunggan bab urip lan mapanke bandha donya kanggo Liyan. Crita kuwi cetha, nalika wong sugih tansah pamer urip sing kepenak, la nasal-usule bandha kuwi mbokmenawa wae ya lumantar dalan sing apik, merga Lukas ora crita yen bandha kuwi asile korupsi utawa maling. Mula cettha, sejatine bab bandha kang dadi darbek’e jan-jane apik. Mung wae nalika kudu andum-inganduman lan uga nggatekne liyan, wong sugih kuwi kaya-kaya merem, mulane ora isa nyawang yen ing sakiwa tengene ana sing kesrakat lan butuh pitulungan. Tokoh kang aran Lazarus (basa Ibranine Eliezer) kuwi jian kesrakat banget, arep mangan wae angele ngeram lan malah mung nunggu rontokane panganan wong sugih. Merga ana ing regol gapurane, kudune wong Sugih kuwi tansah weruh, ananging ora tahu tumandang lan nyedhak, malah sing nyedhak kirik sak mbok lan bapakne. Jian mesakne temenan kahanane si Lazarus kuwi, lan cekaking crita, kabeh mati. Lazarus ana ing Pangkone rama Abraham, dene wong sugih ana ing nraka.

Saka crita ing nduwur, sing dadi pasinaon penting yakuwi, sugih kuwi ora dilarang dening Gusti, malah kepara kudu sugih, ben ora ndremikih. Sing ora dikersakne Gusti kuwi PELIT. Sanadyan bener bandha kuwi merga polah lan usahane dewe, ananging kuwi berkahe Gusti, mula ya dumen karo liyan, aja mung diunthal dewe lan ora nggagas liyan. Lan menawa ana sing durung SUGIH, ya usaha wae sing cerdas, aja mung trima ing pandum. Usaha sing cerdas, ora mung keras lho ya..Lan yen wis pada sugih, aja PELIT!

“Kang,  ngandi paklik mang, kok durung njedul?” Sore kuwi, Nduk I’in semanta bab kahanane Lik Ndoleng, sing biasane bubar magrib wis thiluk neng sor Talok sinambi we’anan.
“Lha mbuh, aku ora ngerti In.”Wangsulane Dalijo. “Lha ana apa ta?”
“Wingi sambat, jare wektune entek nggo kegiatan greja..” Nduk I’in nyauri bab sambate Lik Ndoleng.
“Apa cah, kok lamat-lamat aku krungu yen mbok rasani? “Lik Ndoleng njedul lansung komentar.
“Jik Nduwe wektu Lik?” Takone Dalijo.
“Ijik, ngapa?” Semaure Lik Ndoleng.
“E…e..jare wektune entek kanggo nggreja..” Semaure Dalijo.
“Lha pora iya Jo, meh saben wayah ropat-rapat-ropat-rapat wae, pora jian entek tenan!!” Sajak Erosi Lik Ndoleng.
“Haiyah, wong ya kereb ora mangkat wae sambat Lik..saiki pikiren, umpama sesasi kuwi 30 dina, sedina 24 jam, mula sesasi kuwi ana 720 jam. Lan menawa ana patang minggu brarti neng ngrejane ping papat, maksimal rong jam pas minggune, mula mung kalong 8j jam. Sarasehan seminggu pisan, sesasi ping papat, mung 6 jam. Rapat saben minggu, sakrapatan 3 jam, brarti 2 jam. Mula sesasi entuk wektu 8+6+12=26 jam, sesasi ana 720 jam. Ndang etungen lik..mbok ya aja PELIT-PELIT..”Dalijo mungkasi kotbahe marang Lik Ndoleng, sinambi klepas-klepus, dene Lik Ndoleng mung cengengas-cengenges wae..


Kyai Tu Pong Ji


Jumat, 27 September 2019

SENGSARA


Jemuah Kliwon 27 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK

TIRUNEN KUWI



Yeremia 23:9-22
Jabur 91:1-6,14-16
Lukas 9:18-22
Gusti Yesus ngandika maneh: “Putraning Manungsa iku pinesthi nandhang sangsara akeh sarta katampik dening para pinituwa lan para pangareping imam apadene para ahli Toret, nuli disedani, lan ing telung dinane bakal kawungokake.”Lukas 9:22

Akeh wong sing mung gelem “kinaranan”, ananging pada wegah yen tumeka ing babagan tumandang. Akeh sing seneng jenenge sinebut, ananging wegah nyambut gawe, akeh sing gelem malah kepara seneng nampa bebulih, ananging wegah makarya, mulane ya ora nggumunke yen njur pada korupsi lan sakpanunggalane. Kabeh kuwi klakon amarga akeh sing ora gelem nglakoni kahanan kang sinebut SENGSARA. Lha apa ta sejatine SENGSARA kuwi? Manut panemuku, SENGSARA kuwi kahanan kang kalkon ananging ora jumbuh karo kekarepane menungsa, beda antarane pangimpen lan kasunyatane.

Ora sithik menungsa sing seneng diarani Kristen, lan malah akeh uga sing ngaku-aku minangka wong “Kristen”. Ananging  mbuh kepriyen penemune bab tembung Kristen kuwi, apa mung winates minangka agama, tanpa lelaku sing apik,apa mung sing penting ora diarani atheis, merga neng negara +62 iki, bab agama wae wong liya melu ngurusi lan isa dilapurna neng polisi, merga ora nduweni agama. Mbalik neng bab Kristen, kuwi sejatine kanggo ngarani wong-wong sing tumindake memper karo Pawongan sing uripe kurang luwih rongewu tahunj kepungkur. Pawongan seka dusun Nazareth, putra pembarepe simbok Maryam lan bapak Yusup,sing kinaranan Yesus Kristus. Yesus kuwi seka tembung “Yosu’a”, sing tegese Sang Yehuwah Kuwi sing Nylametne, ilate wong Yunani angel ngomong Yosu’a, mula munine njur  ‘Ιησούς Iesous..njur dadi gampange ya Yesus, merga ilate bangsa melayu (jawa klebu rumpun melayu) angel muni iesous.. Dadi Kristen kuwi tumindak kaya Gusti Yesus, kamangka slawase uripe, Gusti Yesus kuwi 99,9% SENGSARA.

Mula saka kuwi, yen saiki sing maca tulisan iki kebeneran (agamane) Kristen, lan nganggo ubarampe kristen, kaya kalung salib, tato salib, tindik Salib lan sabarang kang nengeri yen kuwi antribut kristen, apa ya wis pda wani SENGSARA? Wis wani nundung pepinginaning kamanungsan lan netepi kersane Gusti? Apa wis siap ngayahi pagawean sing nekakne rasa SENGSARA ana ing urip?Wis siap SENGSARA merga wani ngedum bandane luwih seka 60% kanggo liyan? Yen durung isa nglakoni kaya kang tinulis ing nduwur, apa ya jik pantes sinebut Kristen?


“Lik, sasi iki greja arep tuku ase lho,merga panase raumum nalika ngibadah. Kamangka danane kurang lho..” Dalijo mbukak rembugan nalika wedangan karo Lik Ndoleng neng Lincak Sor Talok.
“Yo ben, lha aku kon ngapa Jo?” Semaure Lik Ndoleng sinambi jigang nyawang Lintang.
“Ya melu umbruk Lik, ben gek cukup duwite nggo tuku ase” Nduk I’in kaya biasane, melu nyoal-nyael..
“Rasudi..ngapa kok mikir nggreja, omahku dewe wae ora tak aseni kok ngrekasa temen mikirke greja..” Semaure Lik Ndoleng tanpa momotan.
“Wangsulanmu persis kaya sing maca tulisan iki lho Lik, wegah rekasa ananging seneng diarani Kristen. Seneng lan njaluk dislametke Gusti, ananging wegah tumandang gawe. Kuwi ya isa kinaranan iman sing Korup..” Semaure Dalijo sinambi klepas-klepus, dene Lik Ndoleng plengah-plengeh, sajak kisinan, mbok menawa kaya sing maca tulisan iki..hehe


Kyai Tu Pong Ji..



Rabu, 25 September 2019

CENGKIR


Rebo Pon 25 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK


Yeremia 10:17-25
Jabur 106:40-48
Lukas 9:1-6
Kacarita Gusti Yesus nimbali sakabate rolas, padha kaparingan kasekten lan panguwasa misesani dhemit lan marasake lelara. Banjur padha diutus martakake Kratoning Allah lan marasake wong lara, sarta padha dipangandikani mangkene: “Aja padha nggawa apa-apa kanggo ana ing dalan, aja nggawa teken utawa sangu roti utawa dhuwit, utawa klambi rangkep.” Lukas 9:1-3

CENGKIR kuwi klapa sing jik nom banget, meh di degan durung patia enak, mula yen meh didol ya arang isa payu. Sakliyane ngener marang woh sawijining wit, yakauwi klapa, tembung CENGKIR kuwi isa dadi cara utawa srana minangka piwulang. Dene wujud’e piwulang kuwi nalika CENGKIR kuwi diwenehi arti utawa teges, kenCENGing piKIR, sing tegese focus utawa pikiran kang  golong-gilig marang siji kahanan. Sing diarani golong-gilig, kuwi ateges nglakoni utawa mikir marang siji kahanan sing pancen dadi tanggungjawab’e. CENGKIR utawa kencenging piker kuwi salah siji syarat supaya apa sing dadi ayahane isa lancer tur ya rancak.

Bab CENGKIR kuwi nate dadi underaning piwulange Gusti Yesus, yakuwi nalika nimbali lan ngutus rasul sing cacahe rolas. Sakdurune dikon budhal, “dibriping” ndisik. Salah siji pokok “bripinge” Gusti kuwi supaya mangkat adedasar sangu sing saka Gusti Yesus, ora usah neka-neka. Merga sing nyangoni Gusti Yesus dewe lan mesti kuwi jangkeb, mulane para rasul diweling supaya pikirane kenceng, utawa nduweni watak CENGKIR, kenCENGing piKIR. Yen wis isa nduweni pikiran kang kenceng utawa lempeng, mesti bakalane ora isa kna godha, lan apa wae gawean mesti bakal rampung lan ngetokne hasil.

Saiki tumrap sing pada maca tulisan, apa yawis pada nduweni kencenging piker nalika ngayahi apa wae kang dadi tanggngjawabe? Apa malah nglalekne lan kena panggoda, njur lali karo tugas peparinge Gusti? Kuwi kabeh mbalik marang siji lan sijine. Sing penting, sepisan sing kudu dipahami yakuwi bab “ Apa tugas saka Gusti”, dene nomer lorone, “Apa kang bakalane dadi godaning ngaurip”. Yen isa mangerteni loro perkara iki,lan sakbanjure nduweni watak utawa sikep CENGKIR, mesti bakalane apik ing sakabehe.

LEK MON


“In..tulung nduk..iki arep dondom kok nglebokne dom wae angele ngeram..” Swarane Lik Ndoleng, nalika sorekuwi, sakdurunge mangkat arep gol-gol nyang tegal ndadak dondom “sragame” mbut gawe.
“Sik lik…arep ngombor sapi ndisik..” Semaure Nduk I’in, lan bubar ngombor sapi,njur ngrewangi nglebokne dom kanggo dondom Lik Ndoleng.
“Mosok mung nglebokne dom wae wis ora isa Lik?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng, nalika teka seka kali, ngangsu kanggo ngunoni tanduran sing neng triris.
“Angel Jo, mlesat-mleset wae..” Semaure Lik Ndoleng santai.
“Anu kang, paklik kuwi kurang pokus..”Nduk I’in semaur sinambi ngelungke dom sing wis isi benang kanggo dondom.
“Oalah..yen ben pokus wae mayar..ngene Lik,sesuk-sesuk sawangen dom kuwi awak’e Yu Wasti, mesti isa pokus, isa ngencengke piker, CENGKIR” Dalijo semaur sinambi nyumet djarumsupere.
“Dussss….kok ya tekan kuwi meneh ta Joooo…lha po awakmu jik sok mbayangke Tarsi yen mbut gawe, ben pokus, ben kenceng pikiranmu?” Lik Ndoleng mbalek nakoni Dalijo, dene Dalijo mung gluwah-gluweh sinambi klepas-klepus.

Kyai Tu Pong Ji



Selasa, 24 September 2019

PRAKTEK


Selasa Pahing 24 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 10:1-16
Jabur 106:40-48
Lukas 8:19-21
Gusti Yesus banjur dipurugi dening kang ibu lan sadherek-sadhereke, nanging marga saka akehe wong, ora bisa padha ketemu. Tumuli ana wong kang ngunjuki uninga, ature: “Ingkang ibu saha sadherek-sadherek Paduka wonten ing jawi badhe kepanggih kaliyan Paduka.” Nanging Panjenengane mangsuli, pangandikane: “IbuKu lan sadulur-sadulurKu iku wong kang padha ngrungokake pangandikaning Allah lan banjur dilakoni.” Lukas 8:19-20

Ana unen-unen basa Jawa sing kayane ora asing ana ing pangrungone wong akeh, yakuwi “gedang wong pakel…..ngomong gampang ananging nglakoni angel..” . Pancen luwih gampang omong, tinimbang nglakoni. Ananging sanadyan angela kaya ngapa, kuwi dudu bab sing mustahil, mulane isa dilakoni. Mung siji syarat utamane, gelem utawa kareb. Ngomong kuwi mung agutan utawa modal lambe, mula gampang, dene nglakoni kuwi mbutuhke akeh syarat. Ing tulisan iki, bab nglakoni kuwi isa diarani PRAKTEK, sing tegese nindakne utawa nglakoni apa sing dadi pangertene.

PRAKTEKNA IKI


Bab PRAKTEK kuwi nate diwulangake Gusti Yesus nalika para sederek lan kanjeng ibu pengen ketemu Gusti Yesus. Ananging merga akahe wong, ora isa nemoni Gusti Yesus. Mengerteni kahanan kaya mengkene iki, njur ana sing matur yen ibu lan para sederek’e Gusti kepengen ketemu. Mirsa kahanan kang kaya mengkene iki, Gusti Yesus njur maringi piwulang lumantar pangandika, yen bab sedulure kuwi ora mung winates bab tunggal trah, ananging sapa wae sing NGRUNGOKNE lan NGLAKONI apa wae sing diwulangake dening Gusti Yesus. Saka crita iki, isa dijupuk piwulang kang apik, yen sapa wae (klebu sing maca tulisan iki) isa dadi sedulure Gusti Yesus, sauger gelem PRAKTEK ana ing uripe apa sing nate “dipraktekne” Gusti Yesus.  Ing kahanan iki isa dimangerteni yen paham piwulange Gusti iku penting, ananging sing luwih penting ya nglakoni utawa PRAKTEK bab pangandikane Gusti.

Sing mung ngerti lan isane mung ngomong bab kersane Gusti Yesus durung isa diarani sedulure Gusti Yesus, tegese jik wong liya, utawa malah mungsuhe Gusti. Mulane ayo pada sinau mangerteni kersane Gusti Yesus, lan sakbanjure PRAKTEK apa wae sing dikersakne Gusti. Mung syarat kuwi sing isa ndadekne menungsa dadi sedulure Gusti Yesus.

“Jo, mraktekne kersane Gusti kuwi abot ora ta?” Lik Ndoleng nakoni Dalijo bab nindakne kersane Gusti.
“Abot lan ora kuwi mung bab karep kok Lik. Yen karep, aboto kaya ngapa mesti dilakoni” Semaure Dalijo sareh.
“Kaya karepmu yen kepengen ketemu Yu Wasti kae lho Lik..ana pepalang apa wae ditabrak..”Nduk I’in njedul nggawa kopi sinambi nyemes Lik Ndoleng.
“Duss..kok mesti Wasti ta In..marakne teringat aku iki..” Lik Ndoleng sajak baper, yen krungu bab Yu Wasti.


Kyai Tu Pong Ji



Senin, 23 September 2019

PAMER


Senen Legi 23 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK


Yeremia 9:12-26
Jabur 106:40-48
Lukas 8:16-18
“Ora ana wong nyumed diyan, kok banjur ditutupi ing wewadhah utawa didekek ing longan, nanging mesthi tumuli ditumpangake ing jodhog, supaya kabeh wong kang lumebu ing omah padha bisa ndeleng padhange.” Lukas 8:16

Ana ing alam pikire menungsa, ora sithik sing wis milah-milah samubarang ana ing panggonan manut karo kekarepane dewe-dewe. Sing dimaksutke yakuwi, apa wae sing ana wis kagolongake marang perangane dewe-dewe. Dene sing kereb klakon bab milah-milah kuwi kayata, ana sing apik uga ana sing ala, ana sing akeh ana sing sithik, ana sing padhang lan uga ana sing peteng. Sakliyane kahanan, bab tembung ya mengkono uga, sanadyan sejatine tembung kuwi artine netral, ananging merga wis mlebu alam pikire menungsa sing kulina milah-milah, ana uga tembung sing wis kadung dilebokne marang kahanan sing ala, sanadyan sejatine ora kaya mengkono.

Tembung PAMER kuwi sejatine ora nduweni teges utawa arti sing negative, ananging ana ing alam pikire wong jawa, isa dadi nduweniarti utawa teges sing miring utawa negative. Dene tembung PAMER kuwi sejatine tegese tumindak  utawa kahanan sing marakne pihak liya dadi magerteni. Ora ana sing salah karo rumindak supaya liyan isa dadi ngerti, merga kotbah kuwi ya tumindak sing marakne liyan dadi mengerti, uga wartawan kae ya tumindak supaya liyan dadi mengerti. Mula sejatine bab PAMER, sing tegese tumindak murih liyan ngerti,   kuwi tembung sing netral lan malah kepara apik. Dene bab ora apik lan apik kuwi mung gumantung karo pikirane sing menehi arti.


Piwulange Gusti Yesus ana neng Injil Lukas bab 8 ayat 16 kuwi sejatine babagan PAMER, yakuwi bab nyumet diyan utawa dilah. Tumrap Gusti Yesus, ora lumrah menawa nyumet diyan kuwi njur didelikne, mulane kudu di-PAMER-ake, supaya wong liya dadi mengerti lan antuk tuntunan saka padhange diyan kuwi mau. Menawa nyumet diyan njur ditutupi srana tutup kang isa awujud apa wae, kuwi malah tumindak kang luput. Mulane, manut penemu, bab PAMER kuwi ora dadi masalah, ora isa diarani sombong utawa bab liyane. Bab sombong lan ora kuwi gumantung saka sing arep menehi arti. Diyan sing mamerne padhane kuwi ora isa diarani sombong lan PAMER, merga pancen kaya mengkono fungsi lan sifate. Semono uga menawa ana ing urip bebarengan iki ana sing nunjukne kaluwihane, nunjukne kapinterane,ana sing nunjukne kekuatane, sauger kanggo bab sing apik, ora usah pada baper lan sakbanjure ngarani kuwi PAMER. Dene menawa tujuane sing tumindak kwi pancen arep PAMER, yo ora apa-apa, wong ya kuwi hak’e, sing pada nyawang lan ngrasakne (klebu sing maca tulisan iki) ora usah merinan lan njur nggething sing padha PAMER.

“Jo, aku jik ngikit-ikit karo Markun, kaya dewek’e dewe wae sing isa Vokal, saben kebaktian kok nyanyi. Senengane kok PAMER!!Jian njelehi!!”Sambate Lik Ndoleng sore kuwi  nalika lungguhan neng Lincak.
“Mulane mbiyen Yu Wasti milih kang Markun Lik..hihi..”Nduk I’in kaya biasane, njedul lan melu nyoal-nyael sinartan sajak ngece.
“Lha mbok ben, wong pancen kuwi bakate Kang Markun, ora usan nesu lan meri Lik..lan ora usah ngarani PAMER, wong akeh sing seneng..” Semaure Dalijo sareh.
“Duss..kabeh malah mbelani Markun!” Grundelane Lik Ndoleng.
“Rasah nesu Lik, mbok njajal nyanyi, njur duet mbek kang Markun, ben Yu Wasti mesam-mesem..” Nduk I’in sansaya ndadi olehe ngece Lik Ndoleng.
“Weh, ide apik kuwi In, kan paklik kuwi senengane “Nyumbangke” lagu, lagu apik yen paklik melu nyanyi dadi ora karu-karuan..hehe” Dalijo uga sandaya ndadi oleh ngece, dene Lik Ndoleng mung klecam-klecom kaya Walang Gambung ketemu jodone..


Kyai Tu Pong JI..

Minggu, 22 September 2019

SUGIH


Minggu Kliwon 22 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Amos 8:4-7
Jabur 113
1 Timotius 2:1-7
Lukas 16:1-13
Gusti Yésus nuli ngandika: “Tembungku iki rungokna. Bandha kadonyan kuwi enggonen golèk mitra, supaya yèn bandha mau entèk, kowé banjur ditampani ana ing omah sing langgeng. Lukas 16:9

SUGIH, tembung iki mbokmenawa sing paling akeh ndekem ana ing pikirane menungsa, klebu sing maca tulisan iki. Dene tembung SUGIH kuwi tegese kurang luwih wis ora mikir meneh babagan duwit. Iki kaya dene wong ambegan, nalika sirah dikrubuti karung utawa plastic, mesti ambegane angel lan sing dipikir mung piye isane ambegan, ananging yen ora ketutupan apa-apa mesti isa ambegan. Semono uga bab SUGIH, saben wong sing wis ora mikir bab mlebu-metune duwit, kuwi sing diarani SUGIH, dene sing jik mikir seka ngendi tumekane duwit, kuwi rungisa diarani SUGIH.

Crita neng Kitab Suci, mirunggan nggon Injil Lukas 16 ayat  siji tekan telulas, luwih mirunggan meneh ayat sanga, isa dadi kaca pengilon kanggo sapa wae, bab migunakne kahanan urip sing SUGIH. Juru gedhong ing crita kuwi diagem dening Gusti Yesus minangka tuladha, ananging ora bab sing ora jujur, ananging bab kawicaksanane migunakne duwit utawa banda. Juru gedhong migunakne bandane kanggo mbangun sesrawungan apik karo sakpepadane. Dene wujud sesrawungan mau yakuwi tetulung.  Lumantar sesrawungan apik, isa dadi srana tinampa lan nalika ngadepi kahanan kang ruwet, sing nate ditulung kuwi isa gentenan nulungi.

Saka crita iki Gusti Yesus mulang, yen migunakne nalar utawa pikiran kanthi wicaksana kuwi bab sing penting ana ing urip. Aja nganti dikuwasani dening bandha, ananging kuwasanana badha kuwi lan gunakna kanggo srawung sing pas,supaya nalika ngadepi aboting urip isa genti nulungi uripmu. Iki mbokmenawa minangka srana ngamplengi sapa wae sing pelit utawa dikuwasani dening bandha. Merga saking dikuwasani dening bandha, mula wegah andum bandha lan kuwi sing ndadekne pola srawunge angel tinampa dening liyan. Merga angel tinampa dening liyan, mesti wae liyan ya ora ngirim energi apik, malah supataning urip sing klakon.  mula saka kuwi, ayo pada migunane ka-SUGIH-an iki kanggo dalaning srawung karo liyan kanthi luwih wicaksana, supaya ing tembe uga katulung lumantar bandha kuwi.

“Jo, SUGIH kuwi nalika bandane akeh po nalika uripe bebas merga wis ora mikir bandha meneh ya?” Lik Ndoleng esuk kuwi takon Dalijo bab SUGIH.
“Aku kaya pituture Kyai Tu Pong Ji kuwi Lik, SUGIH kuwi nalika uripe wis ucul saka mikir bab duwit” Semaure Dalijo.
“Weh, apa ya isa kang kaya kojahe Kyaine Untu Ompong Siji kuwi?” Nduk I’in ya sajak mbingungi.
“Ya isa ta In, anggere diniati lan dilakoni. Yen ora diniati lan dilakoni, ya mokal isa” Semaure Dalijo sinambi nyumet djarumsupere.
“Weh..pora ya angel yo Jo?” Lik Ndoleng jik sajak bingung.
“Angel yen mung digagas neng ndas Lik, mula kudu dilakoni. Njajal saiki undakna pisungsungmu, wani ra?Aja mung patimuranan wae..”Wangsulane Dalijo, sinambi nglepus, sajak segere ngeram..


Kyai Tu Pong Ji..

Sabtu, 21 September 2019

MELU


Setu Wage 21 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 8:14-17,9:2-11
Jabur 79:1-9
Mateus 9:9-13
Bareng Gusti Yesus nglajengake tindake, banjur mirsa wong kang jenenge Mateus linggih ing pabeyan, iku nuli dipangandikani: “Melua Aku!” Mateus banjur ngadeg lan ndherekake Panjenengane.” lMateus 9:9

MELu kuwi tumindak, mbuh kuwi srana awak pisik lan uga srana pikiran. MELU sing srana awak pisik yakuwi tumindak kang memper sapa sing dietutne utawa sing dadi panutan. Dene ing babagan pikiran, siang diarani MELU kuwi ya nduweni pola piker sing pada utawa memper karo sing ditutne utawa dieloni. Bab MELU kuwi isa diarani mayar ananging ya isa diarani gampang, gumantung karo niyate. Lho kok gumantung karo niyate, ora gumantung apa kang dieloni? Iya, merga yen wis niyat MELU, angel lan gampang kuwi wis ora dadi masalah, dene yen ana sing ijik mikirke bab gampang lan angel kuwi merga niyate sing durung golong-gilig.

Crita ana ing Mateus 9 isa dadi kaca pangilon kanggo sapa wae, mirunggan sing maca tulisan iki, yakuwi bab MELU. Ing crita kuwi diandharake bab Mateus sing juru mupu bea, dijak Gusti Yesus. “MELUa Aku!”. Sing kudu dimangerteni Gusti Yesus ora ngajak Mateus pindah agama Kristen, merga jaman kuwi agama Kristen rung lahir, malah ditengne wae durung. Uga Gusti Yesus uga ora ngajak Mateus menyang (gedung) greja, merga ya durung ana gedung greja.  Lha njur Mateus karo Gusti dijak ngapa yen ora dijak melu agamane Gusti Yesus? Mateus dijak mlebu agama katresnan, agama cinta kasih. Mateus dijak Gusti Yesus “berziarah” nandur wijining katresnan, ora penting agama ritual apa. iki sing penting, merga ing jaman saiki, tumindak apik marang “liyan” kuwi ora patia penting, luwih penting nggaya relejies..hehe..


Mateus dijak lan akhire MELU Gusti Yesus. Kudu dieling, MELU lan ora ela-elu! MAteus MELU tumindak lan matrapi urip memper Gusti Yesus, ing bab welas asih, katresnan,kapedulen lan kabeh bab apik sing katindakake dening Gusti Yesus. Dene tujuan MELU Gusti Yesus kuwi ora mung kanggo mereme dewe, ananging supaya isa ndadekne Liyan nampa kabar karahayon. Iki sing angel, merga akeh wong (jarene) MELU Gusti Yesus, ning ora nggenah bab apa sing dieloni. Mulane, kanggo sing (sok) maca renunganesuk “dalijondoleng”, ayo pada ngilo, apa wis temenan anggone MELU Gusti Yesus, apa mung ela-elu?

“Jo, saiki kok apa-apa kegiatan nggreja mung duwit wae ta?” Lik Ndoleng sajak kemrngsung ngadepi kahanane urip, uga bab panguripane greja.
“Lha saiki apa ana sing mlaku tanpa srana duwit Lik?” Dalijo mangsuli sinambi nyumet djarumsuper.
“Wong ora nate  umbruk wae kok kokean sambat ta Lik?Jarene arep nderek utawa MELU  Gusti Yesus. Wong Gusti wae ora nate sambat anggone mikirke Liyan, lha sampeyan ratahu persembahan wae sambat kok ngaru-ara!” Nduk I’in ya kaya biasane, nyoal-nyael..
“Bener I’in Lik..rasah kokean sambat, ayo tumandang…aja pelit-pelit,,ngko malah sulit..hehe” Dalijo sajak entuk pluru nyemes Lik Ndoleng sing sejatine sugih, lan kereb ngomong MELU Gusti, ananging pelite ngeram…

Kyai Tu Pong Ji..


Jumat, 20 September 2019

KAREP


Jemuah Pon 20 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 8:1-13
Jabur 79:1-9
Mateus 8:1-3
Gusti Yesus nuli mulung astane, ndemek wong mau sarta ngandika: “Aku karsa, birata najismu.” Padha sanalika kabirat budhuge temahan dadi resik.” Mateus 8:3

Yen ana daya kekuatan sing paling gede ana ing jagad iki, mbomenawa ora ana sing isa ngalahake apa sing diarani KAREP. Menungsa, mbuh kuwi apa lan sapa kahanane, yen wis nduweni KAREP, mesti diupayakne nganti tumeka sakkelakone. Apa wae kang dadi pepalang lan reribet, mesti bakal digoleki cara nelukne pepalang nganti tumeka ing kahanan sing ndadekne ke-KAREP-ane isa klakon. Tembung KAREP kuwi basa kramane KARSA, sing tegese mbokmenawa isa kaya mengkene, sabarang kang kuwat, kang mrentul saka ing atining menungsa, lan merga saking kuwate, mulane kudu klakon sanadyan kudu ngadepi sadengah pepalang lan anceman. Lan uga, ora ana apa wae sing klakon ing jagad iki tanpa diwiwiti seka anane KAREP.

Ana crita ana ing Kitab Suci, ing kana dicritakne kaya ngapa samubarang isa lumaku utawa klakon merga saka kuwat lan gedene KAREP. Crita kuwi bab Gusti Yesus, sing nembe tumindak neng Gunung. Ing sawijining kahanan, ana wong lara budhugen lan wong kuwi njaluk supaya didadekne waras utawa mari seka larane. Ing kene ana rong KAREP sing bakalane tinemu. Siji nduweni KAREP supaya larane enggal  sehat utawa waras, dene sijine ditantang supaya nduweni KAREP kanggo marekne. Ing kene sejaine aja kahanan kang lumrah, lan siji lan sijine nduweni kebebasan bab pilihan sing kudu dilakoni. Ora ana larangan nduweni ke-KAREP-an, ananging sing penting aja nganti meksa ke-KAREP-an kuwi. Lan ing crita Kitab Suci, jebule pihak sijine yakuwi Gusti Yesus ya nduweni KAREP, kanggo ndadekne waras sing nembe nandang lara budhugen.

Daya kekuwatan KAREP saka crita Kitab Suci ing nduwur pada gedene, ing antarane sing butuh lan sing disambati. Gusti Yesus kagungan KAREP kanggo maraske sing lara lan uga sing lara nduweni KAREP kanggo waras. Mula sing klakon sakbanjure ya WARAS. Saka crita iki, isa dijupuk pasinaon apik, menawa bab KAREP kuwi nduweni underan sing paling utama. Yen wis ora KAREP, apik kaya ngapa, mesti ora bakalan dilakoni, yen yen wis KAREP, elek kaya ngapa ya bakalan digayuh. Lha sing isa kanggo bahan “permenungan” kanggo awak’e dewe  (sing maca tulisan iki), apa wis pada nduweni KAREP kang bener lan pener ana ing urip iki?Yen durung ndang nduwenana, yen wis cek’en sik wis temenan dadi KAREP apa mung  wewayanganing panguripan?


“Lik…kawit mengko bengi, aku nitip ingon-ingonku ya, nganti tekan seminggunan..”Dalijo ngomong karo Lik Ndoleng.
“Lha apa sida nglakoni ke-KAREP-anmu Jo?” Lik Ndoleng mbalik nakoni Dalijo.
“Iyo lik…ikiwis dadi KAREP ana ing atiku, apa wae pepalange arep tak tatag’I” Semaure Dalijo sinambi nyumet djarumsupere lan seka pawon njedul Nduk I’in sinambi nggawa telo pohong goring.
“Iki contone Lik..merga aku nduwe KAREP nggoreng, sanadyan kesel ya klakon, aja kaya sampeyan, ratahu nduweni KAREP mula ya mung mbingungi wae. Menungsa kuwi kudu nduwe KAREP sing gumathok, ben jelas uripe..” Nduk I’in malah ngotbahi Lik Ndoleng, dene Lik Ndoleng mung plengah-plengeh kaya Jangkrik ditinggal pasangane..


Kyai Tu Pong Ji..


FIKSI Di Malam PASKAH