Kamis, 31 Januari 2019

NGRENOPASI


Kemis Legi 31 JAnuari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

2 Babad 34:1-7
Jabur 71:1-6
Lukas 4:14-22a
“Yosia banjur ngobong ing mesbèh mau balungé para imam sing biyèn padha ngladèni para brahala. Mengkono Yosia enggoné nucèkaké Yéhuda lan Yérusalèm manut pranatané agama.” 2 Babad 34:5

Istilah kuwi beda-beda, seje istilah seje artine. Kaya bab mbangun omah lan ngrehap utawa renovasi, arane gawean meh pada ning beda arane. Mbangun kuwi seka nol,saka durung ana njur dadi ana, dene renopasi kuwi kahanan sing wus ana ananging ora wangun mula banjur didandani, mula diarani renovasi, dene ilat Jawa angele ngeram ngarani renovasi mula ben gampang njur renopasi. Dene NGRENOPASI kuwi tumindak sing tujuane  ngayahi gaweaan babagan renopasi, yakuwi ndandani bangunan sing wis dirasa ora apik, ora wangun,ora mungguh meneh. Dadi cekak’ing tembung, NGRENOPASI kuwi pagawean dandan-dandan supaya lueih apik. Dene pas ndandani ana sing ora pener,ora pas, ya kudu siap diguwang, siap ditugel lan siap diobong.

Raja Yosia nalika jamanne,mempeng anggone nindakne pagawean NGRENOPASI tata uriping masyarakat ing Yehuda. Dewekne rishi ngrasakne lan nyawang tata uriping masyarakat ora bener,tata kapercayan sing babar blas kleru utawa luput. Kabeh sing nyingkur saka pranatane Sang Yehuwah disikat, diresiki, diobong. Kabeh tujuanne supaya ilang seka panguripane wong Yehuda, merga yen mung dielikne wae, mesti mengko nalika Yosia wis ora jumeneng nata, mbalik maneh, mula tumrap’e Yosia sing ora manut karo kersane Gusti kang tinulis neng Toret ya kudu diresik’i. apa sing ditindakne Yosia mestine ora lancer, ora muls-mulus wae, mesti akeh sing nampik lan kepara nglawan, ning tetep ditrajang merga meh ngedekake kabenenran.

Mbokmenawa apa sing diadepi Yosia kuwi memper jaman saiki, khususe bab tata kapercayan. Akeh sing wegah sinau maneh marang Kitab Suci, ana’a sing sinau paling mung sing tinulis, dene pesen saka sakwalik’e tulisan  kuwi arang sing gelem sinau. Kamangka akeh piwulang Kitab Suci kuwi ora mung sing “Tersurat”, ananging ana ing sakjroning kang “Tersirat”. Ora gelem sianu ora apa-apa, nggere yen ana sing sinau njur dikandani manut, dijak maju gelem, ora mung alesane kawit mbiyen ngene nyatane ya jik anal an sakpanunggalane. Mula saka kuwi, apik yen sing pada maca tulisan iki,mbuh sapa wae lan nengndi wae parane, siap NGRENOPASI diri, bab urip lan pangertene. Yen kleru utawa luput, ya siap-siap wae dimbrukne, diobong lan diguwang nyang segara, ben sing anyar kuwi sing bener ana ing ngrasane Gusti. Mula njo NGRENOPASI diri..

“Lik, coba saiki cek’en lik, rata-rata umur majelis kuwi pira?Kok kayane manula kabeh, mula grejane ya dunak-dunuk mlakune, lha sepirite ya tuwek..”Dalijo takon ning sajak semu ngece Lik Ndoleng.
“Mbuh Jo, ra apal aku, ning kayane luwi seka 58nan, lha kabeh sing wis pengsiung..Mung aku sing nomdewe” Lik Ndoleng mangsuli sareh.
“Nom dewe wis gundul prucul kaya mengkono..hihi”, Dalijo jik njarag.
“Lha wingi diusulke calon kudu enom, ning ana sing cluluk, rasetuju yen majelis enom, jare rung diwasa, aja sembrana ngurus greja,lan mbuh unine ngebak’i jagad..” Lik Ndoleng semaur meneh.
“Pangerten kaya mengkono kuwi kudu DIRENOPASI lik, meskane grejane, ramaju-maju..”Dalijo urun rembug.
“Aja ngono kang Dal, ngko yen usule raditampa nesu lho..”I’in njedul karo nggawa kopi kemedul seka pawon..
“Nesu mbok ben,pakakne Jingklong wae rakwis..”Semaure Dalijo saja magol…


Rabu, 30 Januari 2019

SUWUK


Rebo Kliwon 30 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Yeremia  36:27-32
Jabur 119:89-96
Markus 6:45-52
“Saking wediné nuli padha njerit, sebab kabèh padha weruh sing dikira memedi kuwi, mulané kabèh padha kagèt. Nanging Gusti Yésus banjur énggal-énggal ngandikani murid-murid mau: “Hé! Aja wedi! Iki Aku!”Markus 6:50

Kanggone sing lair sakdurunge tahun 1980an, mesti ora bingung yen krungu tembung SUWUK, yakuwi tumindak sing dalakoni dening pawongan kang tujuane kanggo nyirep kahanan ben luwih anteng. SUWUK biasane kanggo bocah cilik sing nembe panas apa rewel. Merga teknologi medis durung majune kaya saiki, mula jaman mbiyen  arang sing digawa nyang puskesmas utawa rumah sakit, sakliyane adoh ya merga regane brobat larange ngeram, mula siji-sijine dalan kanggo maraske sing lara lan sing nembe rewel njur di SUWUK’ne. Biasane yen bar disuwukne banjur luwih apik utawa luwih anteng. Dene SUWUK dewearang sing ngerti kepriye isine unen-unen sing diomongke sing tukang Nyuwuk, sing genah ana rapalane dewe lan rakabeh wong isa entuk ngelmu SUWUK.

Sanadyan rada beda kahanane, ning bab “NYUWUK” kahanan ben owah saka elek nyang apik ya nate klakon neng Kitab Suci, malah sing ngayahi gawean per-SUWUK-an kuwi malah Gusti Yesus piyambak. Critane nalika bar marakne wareg wong lanang mangewu (bayangke wae yen kabeh nggawa anak bojo siji lan anak siji, njur pira sing diwareg’I  Gusti), njur para murid  meh “dolan” nyebrang Tlaga Galelia, dene Gusti meh dewek’an, mbuh arep ngapa, pa mungkin arep apel?Hehe..
Lha ndilalah pas wis wengi, tekan tengahing Tlaga njur ana angina gedene ngeram, kuwi ndadekne prahune oling lan kahanan sansaya nggegirisi. Ning kahanan kaya mengkono kuwi ujug-ujug mak pethutug, njedul  wewayangan sing mlaku neng nduwure banyu. Kabeh para murid pada njerit,wedi yen kuwi setan. Jebul para murid’e Gusti wong akeh jik wedi karo memedi, jik kendel Dalijo, ora wedi memedi, jare nggantheng memedine, mula sing wedi malah memedine..hehe. bareng pating Jlerit, njur wewayangan kuwi ngomong, “Aja wedi, iki aku..”
Sakwise cedak, njur munggah prahu, njur angine menda, kuwi merga wis di SUWUK dening Gusti.  Lumantar pangandikaNe, angina wae kalah lan manut, mula sanadyan mung sakkecap,kuwi kabeh manut,kuwi merga dayane SUWUK saka Gusti. Intine, arasah pada kuatir, sajeg’e nindakne kersane Gusti. Perlu dimangerteni yen numpake prahu para murid kuwi merga didawuhi Gusti, mula ya Gusti sembada, nguwalake saka bebaya.

“Lik, yen maca critane Gusti Yesus nyirep, eh NYUWUK angin barat dadi anteng, aku dadi yakin yen programe grejane dewe bakal klakon”, Esuk kuwi, karo ngeteh pacitane karag aking goring Dalijo miwiti obrolan.
“Cen iyo Jo, ning akehe pada ora gelem percaya, akeh sing pada keweden,njur nglalekne Gusti, kamangka iki kabeh dikersakne dening Gusti”, Wangsulane Lik Ndoleng.
“Pokok’e nggere wis diSUWUK Gusti,kabeh sing dilakoni awake dewe mesti binerkahan ya Lik?”, Nduk I’in malah takon.
“Iyo” Cakak wangsulane Lik Ndoleng.
“Mbiyen Yu Wasti pora tak SUWUK lik, kok wurung?”, Dalijo sidane njarag pakne Cilik, sing baguse kaya irus gosong.
“Dussss..sidane ngece aku kowee Jooo..taksuwuk dadi bagus, klakon rabi kowe..”,Lik Ndoleng jik sempet males pangecene Dalijo..

Mbahe.

Selasa, 29 Januari 2019

NESU


Selasa Wage 29 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Yeremia 36:11-26
Jabur 119: 89-96
Markus 6:34-44
“Yehudi enggoné maca lagi entèk telu patang kaca, bareng Sang Prabu mundhut sing wis kawaca mau, nuli disuwèk nganggo péso lan dicemplungaké ing geni. Mengkono saterusé nganti kitab gulungan mau entèk kobong kabèh.” Yeremia 36:23

Salah siji gawean neng ndonya iki sing ora butuh sinau yakuwi NESU. Saka bayi ceprot tekan wong tuwa botak gundul tanpa rambut, sing jenenge NESU kuwi isa dilakoni, rasah meguru, rasah kuliah, rasah mertapa neng kali tempur lan rasah pasa, kabeh isa.  Aku yakin, sing maca tulisan iki, anggere macane serisu lan pokus, mesti mesam-mesem ngguya-ngguyu dewe merga lagi NESU’nan karo bojo, karo calon bojo lan mbok menawa mantan bojo..hihihi.. Balik neng bab NESU, kuwi sebab musabab’e sejatine mung sederhana alias sepele, yakuwi nalika sing klakon ora gathuk karo kekarepane. Yen ngarepke dialem malah diece utawa dikritik, kuwi wae isa marakne NESU, yen bayi kae nalika ngelak njur pengen  Menthil, lha jebule mbokne malah ngrumpi karo pakne, isa ndadekne NESU, njur nangis gero-gero, beda yen sing NESU Pakne, ora nangis ning lunga nyang pos ronda…

Saiki serius ahhh… Bab NESU kuwi jebul kawit mbiyen mula wis ana, lha neng jaman Nabi Yeremia ya klakon. Critane Gusti Allah meling marang nabi Yeremia, supaya ngelikna raja Yoyakim supaya mertobat, ben ora kena paukuman saka Sang Yehuwah. Lha kena apa kudu mertobat?Merga lakuning uripe wis nyingkur adoh saka kerane Sang Yehuwah. Anane Sang Yehuwah ngelikne lumantar nabi Yeremia kuwi sejatine malah pratanda tresna, ora merga gething. Ananging panampane ratu Yoyakim beda, dielikne kuwi rumangsane ngece, mula njur nyuwun Kitab Suci sing diagem Gusti, Sang Yehuwah ngelikne kuwi. Kitab Suci disuwun kuwi ora arep disinaoni luwih jero, ananging malah diobong, lha pora jian ngece tenan, kamangka sing diece kuwi Sang Yehuwah piyambak.

Apa kang klakon ing jamanne Nabi Yeremia, lelakone Ratu Yoyakim kuwi ya jik kerep klakon ing jaman saiki, yakuwi watak sing gampang NESU. Dielikne ngamuk, usule pas rapat ora disetujono NESU, kekarepane ora dituruti NESU, kleru dielikne ramung NESU malah ngamuk. Iki kaya paribasan, ngilo dandane (ora raine lho) elek, eee..malah kacane sing dikepruk..lha kan kaca kuwi jujur, ora ngapusi, mosok awak luemu nalika ngilo pengen langsing?Hehe..NESU, kuwi jik dadi pirus sing medeni ing saben jaman lho..

“Jo, iki ngko aku nitip”, Lik Ndoleng esuk kuwi ujug-ujug masrahke kertas sebendel..
“Iki apa lik, apa sertipikat, isa nggo jaden utang ra lik?”, Dalijo semu bingung takon.
“Sertipikat dengkulmu mlocot..iki laporan seksiku pas dadi panitia wingi, ngko bengi jare meh pembubaran. Aku gah mangkat, wong anane do maido kabeh, liwat we’a..aku ya mung jare, tapi aku moh…wegah ketemu sapa-sapa”, Unine Lik Ndoleng karo Ulate padang njero guwa tanpa cahya..
“Weh, jebul sampeyan NESU ta lik?”, Nduk I’in nrocos takkon, ora ngerti yen pakne cilik serius NESU’ne.
“Sssstt…menenge, likmu lagi NESU, merga wingi sore Kang Markun jalan-jalan sore nggadeng Yu Wasti”, Alok’e Dalijo..

Mbahe..

Senin, 28 Januari 2019

NULAR


Senen Pon 28 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Yeremia 36:1-10
Jabur 119:89-96
Markus 6:34-44
“Gusti Yésus ndangu: “Kowé isih padha duwé roti pira? Coba, tilikana!” Para rasul padha niliki, banjur padha matur: “Wonten roti gangsal, lan ulam kalih.” Markus 6:38

Ora kabeh sing diarani NULAR kuwi elek, sanadyan ya ora kabeh apik. Yen babagan penyakit mesti kabeh pada gigrik yen ana penyakit sing NULAR, merga sing durung kesawaban penyakit kuwi isa wae ing liya wektu kena pokal gawene pirus sing ndadekne penyakit kuwi. Ananging yen babagan sing apik, takkira perkara NULAR kuwi kudune diupayakne, supaya sing apik isa NULAR utawa nulari wong siji lan sijine. Yen perkara apik kkuwi isa NULAR ana neng saktengah masyarakat, mesti sing bakal klakon mung sabarang kang sarwa apik, ananging iki dudu perkara sing gampang, mergane bab sing apik wae kala-kala jik angele ngeram NULAR’e.

Crita bab Gusti Yesus maringi pangan wong limangewonen neng Kitab Suci kerep dadi crita idola, crita sing nggumunake lan malah pengen kuwi klakon ana neng uripe, yakuwi ngalami mujijat. Aku yakin kinnn…yen sing maca tulisan iki ya pengen ngrasakne mujijat, ananging yay akin yen kon “Nyuwil” rotining urip utawa sanguning urip ya abote ngeram.
Crita bab Gusti Yesus maringi pangan wong limangewu kuwi sejatine oramung bab mujijat, 5+2 dadi uakehe ngeram, ning ya ana aspek gerakan kesadaran kolektif, jare wong-wong pinter  kolektip konsignes mopement (logat jawa ben ilate ra kecakot..hehe). lire kepiye? Nalika wong akeh pada luwe, njur adoh warung, njur Gusti Yesus ndangu murid’e kon nggolek pangan. Ananging para murid alesane entek amek kurang golek. Ning wis sore,adoh,kesel,butuh duwit akihh…jian persis alesane wong gekaje yen mbutuhake samubarang, enda siji lan sinne..hiihi..
Sakwise kabeh pada alesan, njur Gusti takon, ana sing nggawa roti pira, jebul sing blaka, blakkotang terus mbuh mung siji, njur Gusti nyuwun roti lan iwak kuwi, didongakne, njur dicuwil-cuwil..
Kabeh wong sakdurunge didumi roti karo iwak kon lungguh, kuwi mratandakne pasrah,lan bareng didumi cuwilan-cuwilane roti, kabeh warer..malah turah 12 wakul..pora jian poll Gusti kuwi..kuwi kabeh merga Gusti nuwuhake kesadaran ben pada gelem ngedum rotine,NYUWIL rotine. Gusti ngersakne tumindak apik kaya dene ngedum roti kuwi NULAR marang siji lan sijine..
“Mang mbengi mulih jam pira lik seka mae Wo Merto?”, Dalijo nakoni pakne cilik, bab mulihe mau bengi seka mbayen putune Siwo Merto.
“Jam sewelas Jo, lha wong Markun rabetah melek, mung ungapangop wae, jebul kuwi malah NULARI aku, ya njur tak jak mulih”, Wangsulane Lik Ndoleng.
“Wah, mesti ngeterke kang Markun, njur nglirik Yu Wasti?”, Dalijo takon semu ngece.
“Dus..ora Jo, mung tekan prapatan, njur aku bablas mulih…iki kuwi aku mung gumun, jebul bab angop wae isa NULAR ya, pomeneh yen sing NULAR kuwi bab sing apik, mesti urip bakal esip..” Lik Ndoleng semaur, karo sajak ngarep.
“Ning angel Lik, saiki sing akeh malah pada jib-jib’an, bab nggreja ya mengkono, wea pada NYUWIL rotineing urip. Kae buktine,pada tuku mobil sakdeler kabeh, inpestasi lemah neng ngendi-endi, nggawe omah neng akeh nggon, ning mung arep tuku Honda nggo pak pendeta wae, biyuhh…angele pol..wegah do ketularan sing apik”, Karo mecucu Nduk I’in muni-muni..
“Innnnn..jongamuk, kingko diwaca warga greja nek nesu piye??”, Dalijo muni sajak kuatir..

Mbahe..

Minggu, 27 Januari 2019

PANCATAN


Minggu Pahing 27 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Nehemia 8:1-10
Jabur 19
1 Korintus 12:12-31a
Lukas 14:14-21
“Sang Roh Suci dumunung ana ing Aku. Awit Pangéran wis milih Aku supaya ngabaraké. Injilé Allah marang wong miskin. Pangéran ngutus Aku mertakaké pangluwaran marang wong sing dikunjara, lan mulihaké pandelengé para wong wuta; sarta ngluwari wong sing ditindhes,”Lukas 4:18

Saben titah urip, klebu menungsa, arep  obah, alihan, mingket, mingker apa meneh mlumpat, mesti mbutuhake PANCATAN, supaya luwih lancar. Yen ora percaya,coba wae para sedulur sing maca tulisan iki kon mlumpat seka blethok’an utawa lendut, kra-kira isa apa ora anggone mlumpat. Umpama’a isa mesti rekasane ora ukur. Sing baku, PANCATAN sing pas dibutuhke kanggo ngayahi samubarang kanthi luwih apik, yen PANCATAN’e apik mesti hasile apik, ananging yen PANCATANE ora pas, apa meneh tanpa PANCATAN, jo ngarep isa mlumpat luwih apik.

Nalika miwiti piwulange, Gusti Yesus murwakani lumantar mbukak Kitab Suci, ndilalah ya pas wacan sing kdu diwaca Kitab Yesaya, sing intine yen Panjenengane wis kadunungan Roh Suci. Kadunungane Roh Suci kuwi ora mung kanggo pamer,dicritak-critakna nengndi-ndi papan, ananging kuwi diagem Gusti kanggo PANCATAN anggone Gusti makarya. Denen nats kuwi negesake yen Panjenengane didapuk ngayahi gawean sing abot. Gawean kuwi areane Ngabarake Injil,  dene teknise ngabarke Injil kuwi ngluwari sing kinunjara, mulihake sing pada lara lan nuwuhake pengarep-arep sing apik bab urip sing bakal klakon ing tembe. Kuwi kabeh dadi tugase Gusti, lan kuwi wis ana PANCATANe, yakuwi kadunungan Roh Suci.
Sang Roh Suci sing dumunung kuwi kayadene SANGU, sing bakal nyukupi kabeh butuhe sing makarya martak’ake Injil utawa kabar apik, mula Gusti ora was sumelang yen ngadepi apa wae perkara. Ora wedi dianiaya, ara wedi kapiran, ora wedi dewek’an lan ora wedi kelangan..

Mula saka kuwi, kudune wong-wong sing ngaku kressssten, kalunge salib, ngger natalan nggaya ngeropa nganggo phon natal, sadar yen wis duwe PANCATAN, yakuwi Gusti Yesus piyambak. Sejene wis diparingi PANCATAN, kabeh sing kresssten kuwi yaw is disangoni, ben lancar anggone makarya. Yen wis disangoni njur wegah nyambut gawe, iki apik’e diarani apa jal?Aja-aja gek sing maca tulisan iki ya akeh sing kaya mengkono..wis disangoni Gusti lan diparingi PANCATAN ning wegah obah,mingket apa meneh mlumpat?

“In, kok paklik esuk iki gasikmen, entuk sawab apa kae?”, Dalijo tangi turu, karo ngucek-ucek mripate mala ngrasani Lik Ndoleng sing wis klimis dandan, meh mangkat kebaktian.
“Jare piket esuk kang, mula rajine ngeram”, I’in mangsuli.
“E…ya sokur, nggere ora mung meh mampir ngopi warunge yu Wasti wae”, Grenenge Dalijo.
“Lambemu crigis Jo, minggu  kuwi Wasti op,libur, prii, ngabekti..mula rasah sujanan. Iki aku sadar wis disangoni Gusti, wis duwe PANCATAN nggo urip luwih apik, mula mangkat gasik”, Lik Ndoleng semaur karo nyruput wedah the sing jik kemebul, dene Dalijo klunuh-klunuh nyang kali, mbuh meh adus po mung raup..

Mbahe..



Sabtu, 26 Januari 2019

NGINTHIL


Setu Legi 26 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Nehemia 5:1-13
Jabur 19
Yokanan 1:43-51
Ésukè Gusti Yésus ngersakaké tindak menyang tanah Galiléa. Ana ing kana ketemu karo Filipus. Pangandikané Gusti Yésus marang Filipus: “Mèlua Aku.” Yokanan 1:43

Ora ateges yen wong melu liyan kuwi ora mandiri, ananging isa uga merga rasa percaya sing dhuwur. Dene wong sing melu wong liya isa diarani wong sing lakune NGINTHIL ana ing sakmburine sing ditutke. Mula saka kuwi tembung NGINTHIL kuwi bsa diartekne sabarang tumindak kang klakon kanthi niru utawa nulada liyan lan saumpama kuwi bab lakuning urip, NGINTHIL kuwi tumidak ana ing sakmburine pawongan kang didadekna panutan.

Nalika miwiti pakaryane, Gusti nimbali para-para sing dikersakne mirunggan
ngrewangi pakaryane. Ana pawongan cacah rolas kang pinilih tinimbalan mirunggan kanggo nderekne Gusti. Kabeh dtimbali jumbuh karo jenenge sowing-sowang lan sakwise ditimbali banjur pada diajak nderek Gusti. Anggone nderek kuwi mestine wae ana ing sakmburine Gusti, mula isa diarani NGINTHIL. Amarga lumaku ana sakmburine Gusti, mula mesti kudu manut lan niru sakparipolahe sing ana neng ngarepe, ora bisa nsisik’i lan ora kena kadohan jarak’e, merga yen kadohan mesti kelangan andulu, lan isa ilang ora ngerti sangkan parane.

Mula saka kuwi, yen wong urip neng ndonya iki ora duwe panutan, bisa ilang saka punjering urip. Dene pilihan sapa sing bakal dadi panutan kuwi terserah siji lan sijine. Ananging yen ana sing pengen manut lan NGINTHIL Gusti, ya kudu siap melu saktindak’e gusti. Kudu siap “Kesel” merga dijak ngandiwae kersane Gusti,kudu siap urip winates kaya gayane Gusti, kudu siap ngapura marang sapa wae, malah kepara sing natoni ati lan uripe, kudu gelem tetulung marang sapa wae, kudu ndongakne sapa wae lan sakteruse, pokokne kabeh kudu NGINTHIL Gusti, pisan wae lali utawa kadohan saka tindak’e Gusti, ngalamat ilang.

“Lik, tak takon ya, aja nesu?”, Dalijo sore kuwi nakoni Lik Ndoleng sing jik maca kalawarti basa jawa.
“Takon wae, rasah kokean protokoler…”, Sareh Lik Ndoleng lehe mangsuli.
“Lha janjane sampeyan k iwis ngapura kang Markun rung ta Lik?”, Pitakonane Dalijo sing ngagetke Lik Ndoleng, merga sejatine ya jik lara ati, jik cemburu lan sakpanunggalane.
“Sing jenenge ngapura kuwi total lik, satus persen, ora ana syarat siji-sijio. Jare sampeyan kresten,sing tegese kaya Gusti Yesus. mula kudu NGINTHIL utawa nulada 100% Gusti. Ngapura sing serius, rasah masang rai ditekuk-tekuk saben kahanan, ora becik..”Dalijo Ngoceh kaya nabi salah urip.
“Kang Dal, mang mbengi mangan apa tik kojah ngalah-alahke nabi?”, Nduk I’in melu kaget.
“Mbuh iki, ning ngger aku nyawang praenan mbekethut kaya Kiriq raisa kawin, pikiraku  ora semeleh In, kaya paklikmu sing mbagusi kae, nggere bar ketemu kang Markun mesti njekethut..njelehi..ngono kok jare muridte Gusti Yesus”, Dalijo semaur karo  klepas-klepus karo djarumsupere..

Mbahe..

Jumat, 25 Januari 2019

IMSERGNAYAL


Jemuah Kliwon 25 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Nehemia 2:1-10
Jabur 19
Yokanan 1:35-42
Aku banjur nyuwun layang kanggo para gubernur ing propinsi Éfrat, supaya nyepetaké lakuku tekan Yéhuda.” Nehemia 2:7

Ana kalane sing babagan resmi lan ora kuwi dadi perkara sing wigati. Ana pagawean sing mbutuhke laying resmi minagka tanda ananging ana uga pagawean sing ora mbutuhke layang resmi. Sing magayutan karo gawean pribadi, ora ana gandeng cenenge karo liyan,ora mbutuhke laying rsmi, dene sing ana sesambungane karo wong akeh, kuwi mbutuhake laying sing resmi, supaya ora diprotes dening liyan.

Crita saka kitab Nehemi 2 ayat 1-10 menehi piwulang marang sapa wae sing gelem maca, yakuwi bab strategi utawa trik lan laying resmi. sadar daerah asale lagi ajur mumur ora karuan, Nehemia nalika nyugata bendarane masang praienan suntrut, ora sumringah. Perkara iki ndadekne ratu Artahsasta bingung, njur takon. Bareng ditakoni bendarane nabi Nehemia njur blaka suta, blak kotang terus embuh..eh terus terang yen mikirke daerah asale sing  ajur mumur. Mireng ketrangane Nehemia, ratu Artahsasta njur trenyuh lan ngijini Nehemia mulih kanggo mbangun (yen renungan wingi NGREHAP) Negara utawa kutane. Bungahe ora njamak Nehemia, njur siap-siap meh balik, ananging dekne sadar,yen mung mlaha mulih njur arep mbangun, mesti ditampik akeh wong, mulane njur njaluk LAYANG RESMI. tujuane ben nglancarke sabarang kalir..

Nabi Nehemia mbutuhake LAYANG RESMI kanggo  ndadekne atine teteg mbangun Negara utawa kutane. Bareng wis entuk LAYANG RESMI, njur mbangun kuta utawa negarane kanthi semangat sing ngedab-edabi, ora mung mbangun babagan pisik, ning kabeh aspek dibangun, mula sakbanjure Yehuda jamane Nehemia dadi Negara utawa kuta sing luwih apik tinimbang sakdurunge.
Awak’e dewe iki kabeh sejatine luwih unggul tinimbang nabi Nehemia bab LAYANG RESMI kanggo mbangun ben luwi apik. Yen Nehemia ndadak ngempakne kapinteran kanggo ngrayu ratu ben oleh ijin, awake dewe sakdurunge njaluk malah wis diparingi. Dene sing maringi malah RATUNING URIP, kanggo mbangun lan mangun urip ben luwih apik. Sing dadi masalah mung siji, saiki awake dewe iki gelem po ora mbangun lan mangun urip supaya luwih apik? Yen gelem mesti klakon ning ye ora gelem, diparingana LAYANG RESMI saka Gusti piyambak, ya mokal klakon. Mula kabeh gumantung awak’e dewe, ya sing maca tulisan iki, rasah thingak-thinguk, tolah-toleh, isin kae diinjen Cecak bar”dines” malem jemuah..hehe..

“Dal, aku kok mikir, mesakne…”, Lik Ndoleng esuk kuwi karo ngopi ngudarasa karo Dalijo.
“Weh, ana apa Lik, sajak sengrius?”, Dalijo ya sajak kagete poll..
“Lik..mbok nggih enggal blaka kemawon, ampun disimpen, kula malah nderek bingung”, Karo nyuguhke kimpul bakar Nduk I’in sing biasane srota-sroto ndadak basa karma sing alus kaya putri kraton.
“Tak critane ya, ananging aja melu bingung lan trenyuh..ning kudu janji, pisan-pisan aja melu trenyuh”, Sajak melas Lik Ndoleng njawab’e.
“Inggih Lik,inggih…”Bebarengan Dalijo karo Nduk I’in mangsuli, tur ya nganggo basa karma, jian nganeh-anehe tenan..
“Kuwi lho Jo, In..sing maca judul BENINGE EMBUN ESUK iki kira-kira isa maca pora ya?”, Jawabe Lik Ndoleng..
“Weladalahhhh..mung kuwi ta jebule…” Dalijo nyauri karo misuh-misuh neng ati, meh muni pekewuh .

Ayo mbangun kutane dewe lur, kaya Nehemia…

Mbahe..

Rabu, 23 Januari 2019

LESEHAN


Rebo Pon 23 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Musthakaning Kidung 4:9-5:1
Jabur 145
Yokanan 1:19-28
“….nanging nguculi taliné trumpahé waé aku ora patut.” Yokanan 1:27b

Jaman modern ngene iki, kabeh kaukur karo sepira kesugihan sing diduweni. Ajining kamanungsan ora diukur karo kahanane yen menungsa kui tinitahake dening Gusti, ananging ajining kamanungsan kuwi dikur lumantar sepira bandane sing diduweni. Mula saka kuwi, kabeh wong njur ngukur samubarang kalawan akehe banda sing diduweni lan uga sing isa diusahakne. Ana bab sing isa dingo gegambaran bab ngene iki, yakuwi bab wong nduwe gawe. Sansaya gumebyar dekorasine sansaya kewaca ajining kahanane. Liyane kuwi, saiki wis mokal ana wong nduweni gawe njur mung LESEHAN, ora nyugata dayoh kanthi luwih apik. Saiki kabeh kursinan lan kepara malah neng gedung. Alesane praktis,

LESEHAN kuwi sejatine gegambaraning urip,yen menungsa kuwi pada kabeh neng ngarsane Sing Akarya Jagad. Ora ana menungsa sing beda neng ngarsane Gusti, mula greja ben minggu mratelakne kapercayan kuwi srana Sahadhat Rasuli. Neng sahadhat kuwi disebutke yen pasamuan (menungsa) kuwi kabeh pasamuan sing suci sarta Wradin, sing tegese sejajar/setara/pada. Sing neng nduwur ya mung Gusti, ora mberduli kaya ngapa bagus lan nggantenge, ora mberduli sepira sugihe, ora mberduli sepira seksine..hehe..kabeh pada neng ngarsane Gusti. Ana ing ngarsane Gusti kabeh kudu LESEHAN, ora pareng trunyukan neng nduwur, kaya Laler sing randuwe anggah-ungguh. Lan  kabeh kuwi  dadi gegambaraning piwulang, supaya menungsa kuwi andhapasor lan lembah manah, ora kumlungkung kaya Jago butuh babon..klurak-kluruk wae..

Piwulang bab andhap asor  kuwi nate dipratelakne Yokanan, nalika nyawisi dalan kagem Gusti Yesus. Yokanan sanadyan populer, nduweni bolo utawa pendukung akeh, ananging moh sombong, malah mratelakne gayane urip sing andhap asor, kuwi dibuktekne nalika ana sing ngarani dewekne Mesias . Yokanan ora gelem diparingi gelar kinurmat kuwi, dewek’e adoh neng ngisor, mung LESEHAN, malah kepara sadar yen mung ngudari talining sendale Gusti wae ora prayoga. Kuwi kabeh piwulang andhap asor.supaya saiki isa diconto. Kabeh kuwi kahanane mung ana ing posisi LESEHAN neng ngarsane Gusti.

“Gawean anggere aku ramelu, blass ra pakra, pating penthalit ora karuan..”Esuk Kuwi Nduk I’in muring-muring kaya Kirik kawin njur digoda cah cilik-cilik..
“Ngapa Nduk, esuk-esuk kok ngamuk, pilangmbara esuk-esuk nggawe gethuk..” Lik Ndoleng nyoba nyaruwe ponak’ane sing kemayune ngungkuli ngartis kui
“Ngapa piye ta lik, genah kabeh acara aku sing ngurusi, kamangka panitiane ya ake” .Wangsulane I’in.
“Yen gelem dilakoni yen wegah ya tinggalen...njur yen gelem, ora usah umuk, sombong,pamer…santai wae”, Dalijo melu-melu nanggepi gremengane I’in.
“Tumben mlethik pikiranmu Jo, ngombe apa kowe mau awan?”, Lik Ndoleng ya njajal ngalem Dalijo.
“Haha..isa njawil Yu Wasti Lik..pas tuku udhud, nyusuki tak jawil…kowe rawani ta?” Kalah mbek aku lik..haha..” Karo dolanan HP Dalijo mangsuli sinambi semu ngece pakne cilik.
“Kamprett..Duss…malah ngece bocah siji iki…njaluk disunati neh cah iki” Batine Lik Ndoleng, meh muni wedi dirasani sing maca tulisan iki..

Mbahe..


Selasa, 22 Januari 2019

MENITI JALAN IMAN YANG BERKELIMPAHAN


Sebuah Satatan Ziarah Iman Selasa 22 Januari 2019


Cara berpikir yang benar sangat menentukan irama dan arah hidup setiap manusia. Apa yang dipikirkannya tentang sesuatu, itu yang akan mempengaruhi seluruh aspek kehidupannya. Jika di dalam pikirannya yang ada hanya keuntungan semata, maka dia atau mereka hanya akan bertindak demi keuntungan. Semua hal yang tidak ada kaitannya dengan keuntungan, pasti akan ditinggalkannya. Dan yang lebih ironis lagi, perihal keuntungan itu hanya disekitar harta.
Jika manusia dalam kehidupannya dikuasahi cara berpikir berbagi, dengan dasar falsafah bahwa manusia adalah keutuhan, maka dia atau mereka akan menempatkan “yang lain” sebagai bagian dari dirinya. “engkau” adalah “aku” yang lain, ketika “engkau melukai “aku” maka sejatinya “engkau” sedang melukai diri sendiri. Pun demikian, jika “aku” menipu” yang lain,yang seolah bukan dirinya, sejatinya dia sedang menipu “aku”nya sendiri atau dirinya sendiri.

Ingin Seperti Ibu dalam Video di atas? Klik INI

Dengan cara berpikir ini, maka semestinya kesejahteraan “dia” adalah kesejahteraannya juga, kesedihannya adalah kesedihanya juga, kelukaannya adalah kelukaannya juga. Ini semua yang mesti diubah untuk siapapun, dengan CARA BERPIKIKIR seperti ini, tidak aka nada yang saling melukai atau menyakiti, mengingkari atau meninggalkan, karena semua sadar bahwa dia atau mereka adalah aku yang lain..

Hidup Berkelimpahan sebenarnya bukan terletak pada seberapa yang dimiliki, melainkan seberapa dia atau mereka mampu dan bersedia membagi untuk yang lain. Hidup Berkelimpahan bukan seberapa perhatian yang diterima melainkan seberapa perhatian yang diberikan, ini semua syarat atau kunci kehidupan yang berkelimpahan. Sepanjang berpikir bahwa aku harus memiliki maka di sana yang ada hanya ketidakpuaan,namun ketika berpikir aku akan berbagi apapun yang kumiliki, di sana ada keadaan terlepas dari “rantai” pikiran yang membelenggu.

Ada kisah menarik yang ada di Lukas pasal 2, khususnya di ayat 16-21. Di sana kita akan belajar, akan bercermin bagaimana “pola hidup” berkelimpahan. Ada kawanan gembala, yang pasti secara harta mereka miskin, karena mereka hanya bekerja dan bukan menjaga miliknya. Mereka sedang ada di padang, tempat yang jauh dari pemukiman. Mereka nampaknya sedang beristirahat karena malam, mereka nampaknya tidak memiliki harapan yang muluk-muluk, mungkin hanya butuh makan kenyang dan anak istri mereka juga demikian, meski karena sedang dalam penjajahan mereka juga berharap akan terbebaskan. Dalam situasi yang tserba terbatas itu, muncullah peristiwa Illahi, hadirnya rombongan Malaekat yang memberi. Apa yang diberi oleh Malaekat itu?Emas,perak,kemenyan,mur,uang,fasilitas?Bukan, Malaekat itu memeberi berita atau kabar. Lalu apa reaksi para gembala?Cuekkah mereka, marahkah mereka, meremehkankah mereka?Tidak, mereka merespon dengan serius. Respon itu tidak sekedar manggut-manggut, namun kemudian ada tindakan, yaitu mencari sesuatu yang dikabarkan kepada mereka.

Solusi Jitu Migrain KLIK INI


Apakah para gembala itu DISURUH atau didhawuhi?Tidak, para Malaekat hanya memberi kabar,memberi informasi. Lalu mengapa mereka bergegas mencari apa yang dikabarkan? Karena mereka memiliki cara pandang tentang HIDUP YANG BERKELIMPAHAN. Bagi mereka, informasi adalah karunia, bagi mereka sapaan adalah anugerah dan bagi mereka kehadiran Illahi adalah mujijat. Sementara para Malaekat (utusan raja) berkabar karena memang tugas mereka menyampaikan warta. Dua golongan yang ada dalam narasi lukas 2 ayat 16-21 adalah gambaran cara pandang Hidup Berkelimpahan, tidak harus uang dan harta di sana.

Sekarang, apakah bisa memiliki cara pandang seperti mereka?Bisa, asal mau. Bisa asal berniat. Namun itu juga sulit,membaca tulisan sependek ini saja sudah pada sambat..Iya kan? Kalo mau sambat, tulis di kolom komentar, gasah WA,esemes atau telpon..hahaha..

Selamat mengubah cara pandang tentang hidup…(Berambung)



BISNIS ANAK MUDA MILENIAL


SUSU


Selasa Pahing 22 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Musthakaning Kidung 4:1-8
Jabur 145
Lukas 2:16-21
Payudaramu kaya anak kidang kembar sing padha nyenggut ana ing tengahing kembang bakung.” Kidung Agung 4:5

Urip neng tengah masyarakat  kuwi isa diarani angel, ning ya diarani gampang. Gampang nalika kabeh pada isa pada-pada ngerti siji lan sijine, beda ora masalah. Dene sing diarani angel kepiye contone?Ya nalika kabeh kudu diatur, ditata,dicocokne. Ananging emane durung temtu kabeh kuwi isa dadi lan apik’e.
Urip isa diarani angel nalika apa-apa kleru, nalika apa-apa diarani salah utawa luput. Saiki jajal pada dibayangke lan dirasakne, arep ngarani kewan sing sejatine wis cetha yen kuwi aran utawa jenenge wae, wedine ora umum. Ora mung ngarani jenenge kewan, saiki meh ngomong sing dirasa ora pas, kamangka kuwi ya jenenge asli, wedine poll.

Sebenere sakdurunge ngarani apik apa elek kwi kudu disinaoni. Kabeh supaya wong liya bisa ngerti lan paham apa kang dikarepake .Saiki ayo pada digagas, ngarani SUSU wae merga tradisi, mesti angel banget, mesti diarani saru. Meh ngarani SUSU sing sejatine kuwi kaendahan titahe Gusti, dadi ora ana artine. Ngaranine dadi dislamur-slamurke kanthi aran sing mbingungi. Ora mung SUSU, kabeh organ menungsa sing sejtine nduweni jeneng sing khas utawa unik, dadi ilang merga diarani sing ora kaya sing dipahami. Apa abote ngarani SUSU utawa liyane? Sing ngebot-boti kuwi pikiran, dene pikiran kuwi kebangun merga piwulang lan pengalaman. Yen piwulange bener lan uga didepne karo dunia sosial sing pas, mesti ora bakal klakon kaya mengkene.

Kanggo ngerti luwih jero bab aran ingaranan apa titahe Gusti kanthi sakbenere (sing dadi kesepakatan umum), ayo sinau saka Kidung Agung. Neng kana, meh ngarani apa wae kepenak, meh ngarani SUSU sing kulina dingo nyusoni bayi, ya penak wae ngarani Payudara. Kuwi  kabeh klakon merga cara berpikire wong Yahudi positif, ora tansah negative. Lumantar pikiran positif,kabeh sing tumitah iki isa dadi srana memuji Gusti,ora malah srana maremke kekarepan kamangsan. Yen pikirane positif ngarani apa wae kanthi kepenak, ora wigah-wigih, mula sing kudu ditata ora liya kejaba cara berpikir. Yen pikirane bening kaya BENINGE EMBUN ESUK, ngarani SUSU ya penak wae, ngarani MANUK utawa planangan ya biasa wae, rasah ndadak thithit, dedek kecil lan liya-liyane, sebut wae lumrahe ananging kudu tujuane kanggo mulyakake Gusti sing nitahke.

“In,yen caramu mulangke pangerten seksualitas neng anakmu piye?”, Mbuh kencokan apa esuk kuwi Dalijo ujug-ujug takon sing neka-neka.
“Ale saruu kang, takon kok ya sing aeng-aeng, takon liyane wae, aja takon kuwi. Saru,railok,ngeres sing mbok pikir..”Nesu I’in lehe mangsuli.
“Wong au mung takon,sebab aku rung ngerti, malah nesu kaya Kinjeng Kasmaran”, Dalijo gah kalah lehe mangsuli.
“Bener dulurmu lanang Dalijo nduk, wulangen sing sakbenere, ngarani orang wigatine wong wadon, ya arani wae sing umum, rasah Bakpao, Bothok lan sakpiturute. Ajarana jujur anakmu…malah kudune lumantar kabeh kuwi isa mbok gunakne kango mulang nyang anak-anakmu”, Lik Ndoleng bar maca buku Tata Gereja njur sesorah.
“Bar rapat, ketemu Yu Wasti, mesti bening penggalihe ya lik?”, Dalijo nakoni Lik Ndoleng.
“Dusss..kabeh kok mbok gathukne karo Wasti ta Joooo? Wong nyatane yora gathuk..” wangsulane Lik Ndoleng..

Mbahe..

Minggu, 20 Januari 2019

MENITI JALAN IMAN YANG BERKELIMPAHAN


Sebuah Satatan Ziarah Iman Minggu 20 Januari 2019

Ketika menyebut kata BERKAT dan BERKELIMPAHAN, maka angan kita semua langsung melambung ke sesuatu yang berbentuk benda atau materi. Dan bisa jadi pula kebanyakan orang (termasuk yang membaca tulisan ini) langsung membayangkan uang dalam jumlah yang banyak,uang yang tanpa ada nomor serinya. Berkat  dan konsep berkelimpahan seringkali dibonsai maknanya hanya di sekitar uang dan segala sesuatu yang bersifat material. Kesuksesan juga sering diberi makna seberapa materi (lebih tepatnya uang) yang dikumpulkan. Jumlah yang dikumpulkan akan menjadi instrument pengukur seberapa orang itu dinilai berkelimpahan atau dalam bahasa umum KAYA. Untuk materi yang lain, semisal benda-benda lain seperti tanah,mobil,hewan,emas dan yang lain juga menjdi alat ukur, namun tidak sehebat uang. Orang tidak akan pernah berteriak tidak punya emas,hewan,tanah atau benda yang lain,namun akan selalu mengatakan “Tidak punya uang..” atau “Ra nduwe duit..” dalam mengungkapkan kebradaan hidupnya,meskipun ia bisa jadi punya tanah berhektar-hektar, mobil banyak,hewan takterhitung dan perhiasan emas taktertimbang..

Di luar uang, sepertinya belum termasuk dalam kategori berkat,dan karenanya jarang orang yang sehat mengatakan berkelimpahan, amat jarang orang memiliki saudara dan sahabat yang banyak mengatakan berkelimpahan, amat jarang orang yang memiliki banyak saudara mengatakan berkelimpahan. Demikian juga dengan kesehatan,kesempatan atau waktu, itu juga belum masuk ke dalam kategori berkat, sehingga berkelimpahan waktu tidak pernah dipakai untuk dibagikan kepada orang lain melalui diskusi, berembug,menyapa dan yang lainnya. Karena dalam pikiran sebagian besar orang, waktu ini adalah waktuku, kesempatan ini adalah miliku,maka untuk apa aku memberikan atau membagikannya kepada orang lain? Dan pada akhirnya,sebenarnya tentang kelimpahan atau kekayaan itu bukan terletak pada situasi yang Nampak, namun pada situasi yang tidak Nampak.

Berkelimpahan atau Kaya adalah CARA BERPIKIR, sementara cara berpikir dipengaruhi banyak factor. Ketika manusia berpikir bahwa hidupnya adalah bukan dari dirinya, bahwa hidup yang dimilikinya adalah dari Sang Khaliq, maka seharusnya ia (manusia itu) sadar, bahwa Sang Khaliqlah yang akan menguasahi kehidupannya, sehingga pasti akan dicukupkan. Tugas manusia adalah bekerja serta mengerjakan apa yang menajdi bagiannya, karena dengan bekerjalah Sang Khaliq akan mengalirkan apa saja yang menjadi kbutuhannya.
Ini semua tentang cara berpikir. Ketika cara berpikirnya dikuasahi oleh paham bahwa semua yang ada dalam dirinya adalah miliknya yang mutlak, maka semua yang di luar dirinya adalah murni perjuangannya, meskipun hidupnya 100% anugerah.

CARA BERPIKIR pada diri manusia tidak turun langsung jadi dari langit, namun ia hasil dari sebuah proses yang melintasi aneka waktu dan keadaan. CARA BERPIKIR adalah kombinasi produk dari pengalaman perjumpaan, pengetahuan dan juga doktrin-doktrin kehidupan. Ketika seseorang lahir dan tumbuh dalam lingkungan sosial yang keras dan brutal, bahwa sebelum dimakan harus memakan lebih dahulu, maka dalam alam ppikirnya hidup adalah pertarungan, makanan yang ada ditangan orang sebelum dimasukkan ke dalam mulut adalah sah untuk dirampas.
Demikian pula ketika seseorang terdidik dalam kondisi yang penuh toleransi, penuh kesadaran saling pengertian, bahwa yang menjadi miliknya adalah sesuatu yang mesti dibagi dengan sesamanya, maka ketika ia melihat makanan dipegang orang lain, dalam pikirannya, itu adalah hak dia, dan aku tidak berhak akan barang itu, sementara yang sedang memegang makanan akan berpikir, dia seperti aku, sedang membutuhkan makanan seperti yang aku pegang, maka akan baik kalau aku membaginya.

Mengapa orang sering mengeluh miskin atau tidak punya uang?
Jawabannya sederhana, karena dalam alam pikirnya uanglah kehidupannya, tanpa uang dia akan merasa kesepian, tanpa uang dia tidak akan bisa melakukan apa-apa. Dan uang akan menjadi virus super kejam yang tertanam dan tumbuh dalam pikiran manusia, kemudin meresap serta mengkristal di bawah alam sadarnya, sehingga semua kehidupannya (yang banyak dikendalikan oleh alam bawah sadar) dikendalikan oleh uang. Uang menjadi segalanya dalam hidupnya, sehingga sulit membagi “uang” itu untuk sesame. Dalam pikirannya, uang pulalah yang akan meuntun, mengantarkannya mendapatkan segala yang didambanya, yang ironisnya keabadian pun sering dikiranya mampu dibeli dengan uang.

CARA BERPIKIR berkelimpahan menempatkan dirinya seutuhnya, 100%, sakkabehe dalam lingkup pemeliharaan Tuhan. Ubarampe kehidupan yang ada padanya bersifat “bonus”, karena yang menjadi pusat adalah KEHIDUPAN itu sendiri. Orang yang memiliki CARA BERPIKIR BERKELIMPAHAN menempatkan hidup di atas segalanya, uang dan harta yang lain bukan pokok, itu semua adalah instrument atau alat, itu semua bukan sparepart namun aksesoris. Orang yang berpikir demikian akan bahagia menikmati hidupnya. Semua adalah pengalaman yang indah, karena semua bukanlah milik yang mesti dirangkul dan dimiliki sepenuhnya. Orang yang demikian, ketika mendapatkan akan bersyukur dan menanamkan pikiran dengan siapa saja aku membagi berkat ini. Berbeda dengan yang berpikir semua yang dimilikinya adalah miliknya, ketika mendapatkan sesuatu dia akan berpikir bahaimana menyembunyikan semuanya atau bagaimana menghabiskan semuanya demi dirinya. Hal yang sebaliknya juga demikian, orang yang memiliki CARA BERPIKIR BERKELIMPAHAN, manakala kehilangan sesuatu yang ada dalam dirinya, baik waktu,tenaga,pikiran dan juga harta benda termasuk uang, ia akan bersyukur karena sudah bisa berbagi untuk sesame. Ini berbeda dengan yang berpola pikir miskin, ketika sesuatu yang dimilikinya terhilang, ia akan marah dan menghabiskan banyak enenrgi untuk memaki kejadian yang menimpanya.
Hidup ditentukan oleh CARA BERPIKIR. Cara berpikirlah yang menentukan kehidupan manusia. Jika cara berpikirmu curiga, maka anda akan menghabiskan banyak energy hanya demi memuaskan hasrat curiga itu. Orang yang dikuasahi pikiran curiga, yang menjadi bahagia dalam dirinya adalah ketika menemuka sedikit informasi tentang yang dicurigainya. Energinya dihabiskan demi mendapatkan sesuatu dari yang dicurigainya, maka hidupnya akan dipenjara oleh curiga itu, lama kelamaan, dalam pikirannya tumbuh dan berkembang bahwa bahagia itu adalah ketika yang dicurigainya ternyata benar.

Hidup ditentukan oleh CARA BERPIKIR. Ketika uang anda tempatkan di pusat kehidupanmu, maka hidupmu sejatinya bukan milikmu lagi, uanglah yang telah merampas hidupmu. Demi uang anda bisa mempertaruhkan seluruh hidup, demi uang anda bisa rela kehilangan persaudaraan, demi uang orang bisa kehilangan iman. Ketika CARA BERPIKIRmu adalah tentang uang, maka sejatinya yang anda maksut berkelimpahan adalah ketika punya uang dan ketika sedang tidak punya uang, maka kiamat seolah sedang menyapa kehidupan.

BERKELIMPAHAN dimulai dari cara berpikir….(bersambung)

MBLUDAG


Minggu Kliwon 20 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Yesaya 62:1-5
Jabur 36:6-11
1 Korinta 12:1-11
Yokhanan 2:1-11
“Gusti Yésus ndhawuhi marang para peladèn: “Genthong-genthong kuwi padha isènana banyu.” Para peladèn nuli ngisèni genthong-genthong mau nganti kebak.” Yok 2:7

Yen ana barang, njur diwadahi,lan merga akehe barang,mula isa ndadekne barang kuwi MBLUDAG. Mula saka kuwi, yen oleh diartekne, MBLUDAG kuwi kahanan kang linuwih lan ndadekne wadahe ora cukup. Mula saka kuwi MBLUDAG kuwi sejatine laporan kahanan yen barang sing ana luwih akeh tinimbang wadahe. Sakliyane kuwi MBLUDAG kui ya isa dadi pratanda kaya ngapa sikep lan tumindak’e menungsa, merga sejatine kabeh wis diparingi berkah sing MBLUDAG. Yen ora gelem andum berkah (berkah kuwi ora mung awujud barang/banda, merga kesehatan lan wektu ya berkah), mesti uripe ora nate tentrem..

Bab kahanan MBLUDAG kuwi nate klakon nalika Gusti Yesus miwiti pakaryane, ana ing susun Kana, ing Galelia. Nalika ana wong ewuh mantu, njur kentek’an anggur.perlu dimangerteni kabeh, yen anggur ing jaman biyen dadi minuman pokok,mula nalika kentek’an anggur kuwi isa dadi prahara. Pirsa anggure entek ibu Maryam pirsa, mula njur nimbali Gusti. Ananging Gusti Yesus ora kersa diatur sapa ae, klebu ibune piyambak. Ning Gusti tetep nindakne apa sing dibutuhke wong akeh, mula njur nimbali para laden, dikon ngiseni genthong kabeh,cacahe enem. Njur sakwise diiseni kanthi kebak, kon ngicipi,lan anehe banyu kuwi wis dadi anggur.

Mestine sing kagungan gawe pirsa yen anggure meh entek, njur anane banyu dadi anggur sing esip. Anggur apik dewe. Sing dadi pasinaon apik bab MBLUDAG kuwi nalika sing duwe gawe ora ngeman anggur jos dewe kuwi didumke para tamu. Sing nduwe gawe sadar yen kuwi ana merga berkahe Gusti Yesus, mula ya ora didelikne ananging kudu didumke marang sapa wae sing rawuh,ben isa ngrasakne.
Kuwi kabeh sejatine piwulang, yen berkah kuwi kudu diddum, ora disimpen dewe, merga berkah kuwi asale seka Gusti,mula ya kudu diagem kanggo para kahungane Gusti..

“Jo, sesuk bengi rapat. Rasah alesan kesel, randuwe wektu,radiundang..iki aku ngomongi kowe ya minangka undangan”, Lik Ndoleng sore kuwi udud karo mrengut pas mulih seka rapat.
“Weh, aku mesti mangkat lik, nggere diundang lan ora ana alangan. Beda karo liyane, ora mangkat malah nggolek alangan..”Wangsulane Dalijo.
“Mesti mangkat dengkulmu amoh kuwi…ping pindo rapat ora njedul, jare kesel jebule malah remi neng mae kang Mitro”, Lik Ndoleng jik muni sajak esmosi.
“Iya kang Dal, berkah kuwi kudu diedum, ora dicekethem dewe, kuwi saka Gusti. Jenenge berkah kuwi oramung duwit, ning ya wektu, tenaga,pikiran lan sabarang kabeh. Gusti wis maringi kanthi MBLUDAG, mula ya deumen sakcukupe”, Nduk I’in melu urun rembug.
“Crigis In, kaya ngerti-ngertio wae..kana gek nggawe kopi, rasah nyoal-nyael wae..” Dalijo sajak nesu karo dulure wedok..

Mbahe..

Sabtu, 19 Januari 2019

SUNAT


Setu Wage 19 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Yeremia 4:1-4
Jabur 36:5-10
Lukas 2:22-35
“Padha netepana prejanjianmu karo Pangéran, Allahmu, lan uripmu pasrahna marang Aku, hé kowé wong Yéhuda lan Yérusalèm. Yèn ora, paukuman-Ku bakal murub kaya geni, merga saka sakèhé kaluputan sing wis koklakoni. Mangka urubé bakal ora kena disirep, iya jalaran saka penggawému sing ala” Yeremia 4:4

Yen ngomong bab SUNAT, mesti angen-angene akeh wong mung marang bab pucuk’ing kulit “manuk’e” wong lanang sing diiris,ditata lan (mungkin) dihias, supaya ora njendhel regetan sing kudune bablas mili nalika nguyuh. Mula saka kuwi, arang wong sing ngrembug bab SUNAT, pomeneh wong wadon.(eh mbuh ding, aja-aja wong wadon yen ngrumpi ya ngrembug bab SUNAT…), merga SUNAT kuwi dudu babagan sing lumrah dirembug. Paling-paling umpama’a ngrembug ya malah bab nyumbang’e wae, nalika wongtuane sing diSUNATi kepengen entuk bathi..

Ana neng Kitab Susi, eh Suci…SUNAT kuwi ora mung bab pucuk’ing kulit sing diiris,ditata lan diukir, ananging ana tegese sing luwih jero,yakuwi bab Prasetyane manungsa karo Gusti. SUNAT ana neng Kitab Suci didadekna perkara sing sinengker lan uga Tanda Pepeling. Nalika arep SUNAT, kabeh diwulang bab SUNAT lan maknane, dene sakwise diSUNAT, kudu mulangake bab SUNAT kuwi mau marang anak putune. Manut kapercayane wong Yehuda lan Israel, SUNAT kuwi ajine ngeram, mula ya diajeni. Merga lumantar SUNAT apa sing kudune ditanggung dening menungsa wis ditanggung dening Gusti. 

Lumantar SUNAT, Gusti Allah janji ngayomi, nentremke,nyukupi lan nuntun salakune wong Yerusalem. Ananging yen mblenjani janji, ora setya tuhu karo Gusti, ukuman sing ngenteni. Lumantar SUNAT, Gusti siap nyukupi apa sing dadi “kebutuhane” menungsa,ning yakuwi,menungsa ya kudu mbangun turut karo apa wae pranatan lan pepakone urip saka Gusti, nyleweng ya remuk ndul….

“In…bojomu kae SUNAT ra?”, Sore kuwi ujug-ujug Dalijo nakoni sing aeng-aeng karo Nduk I’in..

“Yo mbuh kang..lha aku dewe ya ora isa mbedakne endi sing sunat lan ora….Mung jarene kang Batani mantri tukang SUNAT kae, sansaya akeh sing SUNAT, sansaya akeh sabetane”,Wangsulane Nduk I’in sinambi nyiling kopi, lan raine katon rada nesu.

“Lha kowe poyo SUNAT ta Jo?”, Lik Ndoleng ujug-ujug njedul seka kamar, kaya biasane, metu kamar karo mbenerke sarungane sing tansah mete-mete.

“Yen aku genah SUNAT lik, mbiyen pas lulus esempe, rapercaya,iki delok’en..”, Dalijo mangsuli, sajak esmosi merga rada diece Lik Ndoleng.

“Biyuhhhh..esempe lagi SUNAT kang Dal? Lha mendah ulete kang…”Nduk I’in rasida nesu malah bungah isa ngece Dalijo.

“SUNAT kuwi yen saiki maknane wis bea karo jaman Kitab Suci. Saiki mung pantes-pantes, lan kanggo kesehatan. Ananging mbiyen kuwi nggo tanda prajanjiane Gusti Allah karo menungsa, ora bain-bain. Mulane sanadyan saiki ws rada beda maknane, ayo tansah dieling, yen lumantar SUNAT kuwi mbiyen Gusti nate janji karo menungsa,yen arep tansah ngrumati saklawase urip. Ora mung lumantar SUNAT, apa wae ayo dipapanke minangka carane Gusti ngrumati titah’E”, Lik Ndoleng sesorah,karo ngelus-lus brengose sing mung kaya sungut Lele..

Mbah’e..

FIKSI Di Malam PASKAH