Rabu, 27 Juli 2022

MBEGAL

 

Rebo Wage 27 Juli 2022

BENINGE EMBUN ESUK




Hosea 6 : 11- 7 : 16

Jabur 44

Mateus 5 43-48

Pangandikané Pangéran mengkéné, “Saben-saben Aku arep marasaké umat-Ku Israèl lan gawé makmuré, Aku mung pirsa penggawé nistha lan piala sing dilakoni. Wong padha apus-apusan; padha mbabah omah lan nyolong; padha mbégal ana ing dalan-dalan. Ora padha mikir yèn piala-pialané kuwi bakal tansah Dakèngeti. Nanging wong-wong mau bakal dikepung déning pratingkahé sing ala, mangka kabèh kuwi ora luput saka pamirsa-Ku.”

Hosea 7 : 1-2

 

MBEGAL kuwi asale saka tembul Begal sing tegese pawongan kang panggaweane ngrampas darbeke liyan kanthi sengaja. Mulane MBEGAL kuwi tegese tumindak kang ancase njupuk kanthi meksa apa wae kang dadi darbene lliyan. Racake kang dibegal kuwi babagan banda donya, ananging menawa digatekake kanthi permana, kabeh kahanane urip iki isa dibegal lan uga ora sithik menungsa sing nduweni klangenan MBEGAL apa kang dadi darbek’e liyan. MBEGAL kamardikan liyan , MBEGALhak’e liyan, MBEGAL kalodangan liyan lan sakpanunggalane. Mulane lumantar BENINGE EMBUN ESUK iki, mbokmenawa wae yen ana sing krasa nate MBEGAL liyan, ndang mertobat lan mbalik lumaku neng dalaning katresnan.

 

Neng kitab Hosea, ana piwulange Gusti Allah babagan tumindak MBEGAL, yakuwi tumindak kang dilakoni dening bangsa ngisrael nalika nembe polah-tingkahe adoh saka dalaning katresnan kang dadi kersane Gusti. Ing wektu kuwi bangsa ngisrael nembe antuk bebendu, merga digecak lan didadekne babu kro bangsa liya, lan sejatine Gusti Allah meh nulungi, ananging merga tumindake ora bener neng ngarane Gusti, kanthi tumindak kang mblunthah kayadene MBEGAl, mulane Gusti ngendeg sedya kanggo nulungi utawa ing basane kitab Hosea mrasake. Kabeh ora amarga Gusti ora tresna, ananging merga pola-tingkahe bangsa ngisrael dewe. Ing pikirne wong ngisrael ora eling yen kabeh tumindake kuwi dipirsani lan tansah diengeti dening Gusti,kabeh merga polah-tingkahe kang wis murak-sarak, babar-blas ora liwat dalan katresnane Gusti.

 

Apa ya ing jaman saiki jik ana kang nglakoni tumindak MBEGAL? Ya tetep wae ijik, malah sing  akeh, kang dibegal ing jaman saiki ya kaya kang tinulsis ing ndhuwur, ora mung babagan banda-donya. Ing jman saiki, ora sithik kang tumindak MBEGAL lan kang dibegal yakuwi bababgan kalodangan, babagan wektu lan kesempatan, babagan hak, babagan informasi lan sakpanunggalane. Lan sing aneh, sing nindakne ayahan MBEGAL kuwi dudu wong sing ora tepung karo piwulang agama, malah sing jan-janane para winasis bab agama. Ora sithik para tokoh agama sing MBEGAL hak lan darbeke kancane kanthi rasa kang kayane malah ketok marem lan seneng banget isa ndadekne liyan rekasa. Muga-muga wae nalika ana sing maca tulisan iki lan rumangsa nate  MBEGAL hak lan darbeke liyan ndang eling lan njur mertobat.

 

“Jo, apa bener yen si Markun rasido dadi erte merga usule  blantik wedus?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo nalika nembe wedangan neng Lincak Sor Talok.

“Iya Lik, bener. Nalika pilihan erte, blantike ngojok-ojoke warga lumantar grup WA, ben ora milih kang Markun” Semaure Dalijo sinambi nglinthing udud.

“Sanadyan aku nate ora gathuk karo Markun, ananging aku ora setuju karo kahanan kang lumaku Jo.. Wong pinter kok malah tumindake ora cetha ya Jo?” Unine Lik Ndoleng meneh.

“Aka meneh nggon umum Lik, lha wong nggon babagan keagamaan wae ya ngono, yen nembe ora mathuk, biyuh mropokasi wong lya dikon nampik utawa nulak..pora njembleng Lik” Iin melu cawe-cawe.

“Bener Lik, saiki wong ketoke beragama utawa soleh, ananging seneng MBEGAL hak’e liyan, kaya kuwi piwulange mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK dina iki Lik..” Dalijo nimpali meneh kang dadi uneraning rembug. Lik Ndoleng mung thengor-thengor mbuh nembe mikir apa.

 

Mbah’e

Selasa, 26 Juli 2022

WANUH MUNGSUH PISUNGSUNG

 

Selasa Pon 26  Juli 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Hosea 6 : 1-10

Jabur 44

Rum 9 : 30-10:4

“Aku mundhut katresnanmu sing tetep, dudu kurban kéwan. Aku luwih seneng yèn umat-Ku wanuh karo Aku, ketimbang karo kasaosan kurban obongan.

Hosea 6 : 6

 

Saben menyang papan-papan kang isa kinaranan keramean, ing wektu iki wis jamak ana sing dadi tukang njaga kahanan. Lan uga, menawa ing papan kuwi ana panggonan kanggo kendaraan bermotor, mesti ana sing njaga lan sakbanjure diarani tukang parker. Dene gaweane tukang parker kuwi sakliyane njaga uga nata cikben luwih rapi lan enak disawang tur ya gampang nalika sakmengkone arep mlebu lan metune kendaraan kuwi. Yen tugase tukang njaga utawa tukang parker kuwi natal an njaga, njur ya nduweni hak, yakuwi  nampa bebulih kang wujude duwit kang gunggunge kurang luwih sewu repis yen kanggo kendaraan roda loro lan rongewu repes kanggone kendaraan roda papat.

 

Yen dirasak-rasakne, apa ya sing padha rawuh lan sakbanjure parkir kiwu paham utawa WANUH kanthi permana karo tukange parkir? Apa ya ora mung sing penting tekan, parkir, mlebu neng papan kang dituju,ngayahi tujuane dolan lan sakwise rampung njur mulih? Lan sakdurunge kuwi mbayar ongkose parkir kang gedene kurang luwih antarane rongewu tekan patangewu repes kuwi? Lan sakbubare kuwi, ya ora nggagas karo tukange parkir, sapa jenenge (sanadyan ana kalamangsane tinulis neng sragame), omahe ngendi, brayate pira lan sakpanunggalane? Ing kene tetepungan karo tukang parkir kuwi mung winates ngerti, bablr blas ora WANUH.

 

Neng kitab Hosea Gusti Allah nate ngendika yen Panjengane sing utama ora ngersakne Korban utawa ing jaman saiki PISUNGSUNG,  Panjenengane ngersakne WANUH, kenal sing sakmestine, ora mung kaya sesambungane pengunjung papan keramean karo tukang parkir, kang anane mung teka, parkir, njur mbayar pirang repes njur mulih, babarblas ora WANUH ananging wis rumangsa netepi wajib merga wis PISUNGSUNG sakjatahe kang lumaku.

 

“Jo, manut penemumu bedane tukang parkir karo wong manembah karo Gusti kuwi apa?” Takone Lik Ndoleng, nalika jejagongan neng Lincak Sor Talok.

“Weh, yo genah beda ta Lik, papane beda, tata-carane beda..kabeh meh beda kuwi Lik..” Semaure Dalijo sinambi nyumet udude, sing saiki kayane tanpa merk.

“Sampeyan kuwi aneh-aneh wae Lik, mosok mbandingake tukang parkir karo wong manembah..”Iin melu rembugan, nalika nembe nguntingi cipir panenan tegale sing okehe ngeram.

“Jan-jane aku ya sarujuk karo penemumu cah,ananging ana kalamangsane aku ngrasa ora kepenak, lha saiki okeh-okehe wong ngibadah ora WANUH karo Gusti, mula ya ora manut kersane, saiki wong ngibadah kaya wong parkir lan Gusti mung didadekne kaya tukang parkir..” Ngendikane Lik Ndoleng sinambi nyumet udud duweke Dalijo.

“Porung kober tuku Udud Lik?” Takone Iin.

“Haiyah, aku kuwi wong beriman In, aku nyawisi rek, mesti Gusti mengko nyawisi..”Semaure Lik Ndoleng, Iin lan Dalijo mung mesem, wis apal lakune pakne cilik.

 

Kayi Toe Pong Jie

 

 

FIKSI Di Malam PASKAH