Minggu, 05 Mei 2019

JEPE’ES


Minggu 5 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Para Rasul 9:1-20
Jabur 30
Wahyu 5:11-14
Yokanan 21:1-19
“Gusti Yésus nuli ngandika: “Jalamu tibakna ing satengené prau, mengko kowé rak olèh iwak.” Para sekabat nuli nibakaké jalané ana ing sisih tengené prau. Jala mau banjur ora kena digèrèd, jalaran saka akèhé iwak.” Yokanan 21:16

Kemajuan teknologi jian ora umum bantere, saiki meh kabeh kahanan kena sawab’e kemajuan tekonologi. Salah siji kemajuan teknologi sing ngedab-edab’i yakuwi teknologi informasi lan komunikasi. Saiki kaya-kaya wis ora ana jarak babar blas ing saindenging jagad iki. GPS, ilat jawa macane “JEPE’ES” kuwi salah siji hasiling teknologi informasi lan komunikasi sing gunane jian pol banget kanggo kamulyaning menungsa. Ning yakuwi, kaya kahanan sing ana ing jagad iki sing mesti ngemu rong perkara, semono uga hasil-hasil teknologi. Isa kanggo sing apik lan sing ora apik.


Mbalik neng salah sijine hasiling teknologi informasi mau, yakuwi Jepe’es. Alat iki isa kanggo ngecek posisi sapa lan apa wae sing wis dipasang lan isa dikontrol. Alat iki akeh-akehe dingo pengusaha rental,mbuh mobil apa motor. Kanggo ngawekani supaya ora digondol mlayu, mula para pengusaha rental mesti masang Jepe’es ana neng kendara’ane, mula isa dimonitor neng ngendi wae papan panggonane.

Sanadyan kayane tekonologi saiki hebate ora njamak, ananging sejatine kuwi jik kalah karo teknologine Gusti. Adoh sakdurunge menungsa ngasilke JEPE’ES,  Gust iwis luwih ndisik nyiptakne iki lan wis digunakne kawit njaman mbiyen. Crita nggon Kitab Suci akeh sing nyritakne bab iki. Ana pawongan-pawongan sing meh mlayu saka timbalane Gusti,ngupaya ndelik, ananging ora isa, tekano ngendi wae tetep isa dimonitor dening Gusti. Yunus neng Perjanjian Lawas nate meh ndelik seka timbalan Gusti, tetep dicekel lan akhire nglakoni apa sing dikersakne Gusti.

Neng Prajanjian Anyar, ana Petrus lan Paulus (sakdurunge dicandak Gusti jenenge Saulus) meh mlayu,nyelak’i timbalan lan pakaryan peparinge Gusti, ning ya ora isa. Paulus meh mbledik para penderek’e Gusti, eee..malah dicandak Gusti lan dadi ABDI, dene Petrus ya meh ngono, merga pengarepa-arepe ora klakon,njur meh mbalik nggolek iwak meneh. Karepe Petrus meh mlayu seka tanggungjawab’e, ananging ora isa ndelik seka pamirsane Gusti, lan akhire nalika sewengi nggolek iwak ora entuk, njur dikon Gusti nglakoni kersane,banjur entuk iwak, ora sida mlayu. Petrus bali ngayahi pakaryan peparinge Gusti.
Seka crita kuwi, isa dipethik pasinaon apik, sepisan sapa wae sing dikersakne Gusti mesti ora bakal enda lan selak,mbuh kepiye kahanane. Kaping pindone,Gusti mesti kagungan cara sing unik lan aneh kanggo “ngetrek” sapa wae sing dikersakne. 

Kabeh sing dadi kagungane wis dipasangi JEPE’ES, sing awujud panebusing dosa, mula mesti ora bakal isa mlayu seka pamirsane Gusti. Mula saka kuwi, ayo pada eling lan sadar, yen sejatine awak’e dewe iki wis dipasangi JEPE’ES dening Gusti. Ora isa mlayu ora isa ndelik merga ngendi wae papane Gusti mesti pirsa, lan Gusti mesti nggunakne cara sing unik lan ajaib kanggo nimbali sapa wae sing ditresnani,sing wis dipasangi JEPE’ES dening Gusti.

“Lho, kok wis nganggo kaos merk’e awak’e dewe lik?”, Sore kuwi Dalijo kaget, nakoni Lik Ndoleng bab kaos merk “dalijondoleng”.



“Iyo Jo, jebul aku ora isa enda, ora isa selak. Aku disadarke yen tujuan kaos iki digawe jian mulya tenan. Turahane seka biaya nggawe meh dinggo ngawe buku BENINGE EMBUN ESUK, njur didumke marang sapa wae sing mbutuhke, gratis tis..” Semaure Lik Ndoleng.
“Lhaaa..kuwi carane Gusti ngelikne sampeyan Lik, wong sampeyan kuwi wis dipasangi JEPE’ES’e Gusti, mula ya ora isa enda” Nduk I’in melu cawe-cawe.
“Muga-muga kabeh njur kaya sampeyan Lik. Oiya, Yu Wasti tukokna wae Lik, mesti gelem lan dinggo terus. Cepet, selak ditukokne kang Markun lho..” Dalijo jik isa njarag paklik’e.
“Hmmm..malah mbalik nyang Wasti meneh….”Lik Ndoleng ngrememeng.

Mbah’e

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH