Tampilkan postingan dengan label Inspirasi Kehidupan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Inspirasi Kehidupan. Tampilkan semua postingan

Senin, 02 Oktober 2023

MBACUTAKE PAKARYAN BECIK


Senen Legi 2 Oktober 2023

BENINGE EMBUN ESUK

MBACUTAKE PAKARYAN BECIK

Wacan Kitab Suci Padinan

Para Hakim 14:1-20

Jabur 28:1-9

Filipi 1:3-14

Tumraping iku aku yakin banget, manawa Panjenengane, kang miwiti pakaryan becik ana ing antaramu, iku bakal mbacutake nganti tumeka ing wekasane ing dinane Sang Kristus Yesus.” Filipi 1:6

 

Yen ana sing ijik nyepadakake neng “panggung dramane politik” Indonesia wektu-wektu kawuri, mirunggane gegeyutan karo nyedaki “pesta politik”, mesti ana sing jik eling babagan iki, yakuwi bab unen-unen “koalisi perubahan” , sing ngrasa ora marem karo koalisi inkamben, mula kudu ana sing diowahi. Kanggo nanggepi babagan iki njur ora sithik sing ngungelake penemu, kanthi erah-erahan “MBACUTAKE PAKARYAN BECIK”, amarga apa sing wis diayahi, sing wis dilakoni dening koalisi inkamben kabeh apik, merga ana bates masa jabatan presiden sing mung paling suwe rongperiode utawa sepuluh tahun, mula apa kang dirasakake becik kudu dibacutake.

 

Para sedulur, ana 

Jumat, 29 September 2023

NGREMEHAKE

 

Jemuah Pon 29 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK



Wacan Kitab Suci Padinan

Yehezkhiel 18:5-18

Jabur 25:1-9

Para Rasul 13:32-41

Dieling, heh wong kang padha watek seneng ngremehake, padha erama lan sirnaa, sabab Ingsun nindakake pakaryan ing jamanira, sawijining pakaryan, kang ora bakal sira andel, saupama dicaritakake marang sira.” Para Rasul 13:41

 

Tembung NGREMEHAKE kuwi linggane remeh, kang kosokbaline aji, dene artine remeh yakuwi sabarang utawa kahanan kang ora ana utawa kurang aji utama nilaine. Dadi NGREMEHAKE kuwi isa ndakwenehi arti, sakabehing tumindak kang disengaja kanggo mapanake sadengah kahanan ana ing papan kang asor. Racake sing “berbakat” tumindak NGREMEHAKE kuwi wong kang awatak sombong, kumenthus utawa gumunggung. Saben pawongan kang rumangsa paling pinter,paling soleh, paling suci, paling ayu,paling bagus, paling sugih lan paling-paling liyane, kuwi sing kulina NGREMEHAKE.

 

Pangandikane Gusti lumantar rasul Paulus babagan tumindak NGREMEHAKE cetha neng Para Rasul telulas ayat patangpuluh siji, “ Dieling, Heh wong kang padha watek seneng NGREMEHAKE…padha erama lan sirnaa…” Gusti Allah teges banget marang pokal polahe wong sing seneng NGREMEHAKE liyan, amarga yen ana wong sing tumindak NGREMEHAKE, mbuh sapa wonge kuwi, mbuh kuwi pendito, aktipis, donatur mesti ora dadi kersane Gusti. Lho kok isa kaya mengkono kepriye larah-larahe? Cetha banget, amarga Gusti lumantar rasul Paulus ngersakake para wong matrapi patraping urip kang andhap-asor, ora malah sombuuuong poll, dupeh rumangsa aktipis karohane wae, rumangsa liyan remeh kabeh, mulane njur tumindhak NGREMEHAKE.

 

Ing jaman saiki babagan NGREMEHAKE kuwi jik okehe ngeram, beda sekolah padha ngremeh-iNGREMEHAKE, beda lepel ekonomi, njur NGREMEHAKE sing luwih asor, beda komisi neng pasamuan ya NGREMEHAKE, beda penemu ya NGREMEHAKE, beda trah utawa tedhak-turun ya NGREMEHAKE, sing rumangsa priyayi njur ndaksiya marang sing mung pidak pedaraan. Lan sing nglakoni tumindak NGREMEHAKE mau malah kayane banggane ngeram. Mulane, muga-muga lumantar tulisan lan pidio yutup BENINGE EMBUN ESUK lumantar Kyai Toe Pong Jie, padha eling kabeh, njur uripe padha rukun, ajen-ingajenan ora malah padha NGREMEHAKE, amarga  sing sapa NGREMEHAKE titah, ateges NGREMEHAKE sing nitahake.

 

Wis ya Lur, emene ndisik, Kyaine arep ngetrake anake bojone sekolah..

 

Salam Rahayu

Kyai Toe Pong Jie

Kamis, 28 September 2023

KEBLASUK

 

Kemis Pahing 28 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK



Wacan Kitab Suci Padinan

Yehezkhiel 12:17-28

Jabur Jabur 25: 1-9

Yakobus 4:11-17

Sang Yehuwah iku becik lan adil, mulane wong kang kesasar padha ditedahi dalan. Wong kang lembah manah padha dituntun lakune ana ing kabeneran, wong kang lembah manah padha ditedahi margine.” Jabur 25:8-9

 

KEBLASUK kuwi kahanan nalika wong utawa titah apa wae ora mlaku ana ing dalan kang sakbenere, kudune ngener mengulon malah ngidul,ngalor utawa malah ngetan. Arane wae KEBLASUK, mesti ora bakalan tumeka ing papan kang katuju. Ing jaman saiki, mbokmenawa babagan KEBLASUK kuwi wis sansaya suda, amarga ana aplikasi gugelmep (google map), sing bakalan nuntun tekan panggonan kang dituju, sauger alamate pas. Ananging sakdurunge ana gugelmep, lan durung ngerti panggonan kang dituju, njur takon wong, sok-sok ana sing usil, diarahake ben KEBLASUK.

 

Urip iki dalane okehe ngeram, mula yen ora ana tuntunan lan sing nuntun, ora sithik menungsa sing KEBLASUK. Begja dene kitab suci menehi paseksi babagan Gusti Allah kang wus dadi Panuntun, cikben ora KEBLASUK lakuning menungsa iki,klebu aku lan sampeyan lho lur. Neng kitab Jabur bab selawe ayat wolu lan sanga dicethakake, “Sang Yehuwah iku becik lan adil, mulane wong kang kesasar (KEBLASUK) padha ditedahi dalan. Wong kang lembah manah padha dituntun lakune ing kabenenran, wong kang lembah manah padha ditedahi lakune..”

Wis cetha banget, kaya ngapa katresnane Gusti marang menungsa, apa meneh sing lembah manah, mesti lakune urip ora bakalan kesasar utawa KEBLASUK.

 

Njur lakuning urip kaya ngapa sing kinaranan KEBLASUK kuwi? Ya pokoke sing ora matrapi urip kaya kang wus dadi Kersane Gusti, yakuwi urip ing sakjroning kahanan tresna-tinresnan cikben jagad iki kebak ing katentreman lan karahayon. Yen ing jagad iki durung ana katentreman lan karahayon, lambok kabeh wong ngaku beragama, papan pangibadah okehe ngeram, unine wong yen ketemu padha muni basa-basa karohanen, kayata:” sholam-salom angger ketemu, salamualakikum lan sakliyane, kuwi babarblas durung mlaku neng dalaning kabeneran, durung dituntun dening Gusti, merga jik seneng nyengsarakne liyan, seneng nggawe pasulayan lan liya-liyane.

 

Semene ndisik ya Lur, yen kokean mengko malah KEBLASUK, sakliyane kuwi aku ya meh nggawe omben kang bahan dasare seka kopi.

 

Salam Rahayu

Kyai Toe Pong Jie

Selasa, 26 September 2023

ELING

 

Selasa Kliwon 26 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK

 JOLALI IKI GAMBAR KALI


Wacan Kitab Suci Padinan

Purwaning Dumadi 28:10-19

Jabur 106:1-12

Rum 16:17-20

Bareng Yakub tangi saka anggone turu, banjur ngucap: “Satemene Sang Yehuwah ana ing panggonan kene, aku ora ngreti.”Yakub wedi lan ngucap: “Saiba angkere panggonan iki, iki ora liya padalemane Gusti Allah lan iki gapurane swarga.”Esuke umun-umun Yakub njupuk watu kang kanggo bantal mau lan diedegake dadi tugu lan ing dhuwure diesoki lenga.Panggonan kono mau diarani: Betel; maune kutha iku aran: Lus.” Purwaning dumadi 28:16-19

 

ELING kuwi tembung kang tegese mangerti kanthi sadhar kahanan ing sakia tengene, dene kosokbaline tembung ELING kuwi lali, sing tegese babarblas ora mangerti kahanan sakiwa tengene. Lali kuwi beda karo nglali, merga yen lali kuwi pancen ora disengaja, dene yen nglali kuwi sejatine ngerti ananging ethok-ethok ora ngerti. ELING, kuwi kahanan kang ndadekake uripe menungsa tinuntun lan tumeka marang kahanan kang sejati, amarga lumantar ELING manungsa dadi mangerti jati lan sejatining urip.

 

Ana critaning kitab suci babagan ELING, kang tinulis ana ing Purwaning Dumadi bab wolulikur ayat sepuluh  tekan sangalas. Ing kana dicritakake bab lakuning rama Yakub sakwise ngalami pengalaman urip karo kangmase, Pakde Esap. Ing sawijining papan,merga wis kesel Rama Yakub arep sare, nggolek watu dingo batal..(Biyuh, mendah atose..) Ing sakjroning turu kuwi rama Yakub ngimpi, weruh ana andha dhuwure ngeram tekan langit la nana para malaekat munggah mudun lan Sang Yehuwah jumeneng cedak rama Yakub. Sang Yehuwah ngaku yen Panjenengane kuwi Gusti Allah eyang Abraham lan Iskak. Mangerti kang kaya mangkono kuwi, rama Yakub njondil lan tangi, ngucek-ucek mripat njur njupuk HP arep nyetatus WA…opsss, lali aku,rama Yakub durung kagungan androit fing..hehe. Rama Yakub banjur ELING, yen papan kuwi gapuraning Swarga, mula njur menehi tandha lan ngganti jeneng daerah kuwi Betel, “Omahe Gusti Allah”.

 

Rama Yakub ELING yen sadengah papan lan kahanan kuwi Gusti Allah ana, ing sadengan pengalamaning urip Gusti Allah dumunung. Pancatan pangerten kang kaya mengekene iki kudune isa dadi sarana tumrap sapa wae, klebu sing maca tumisan iki cikben tansah ELING, yen ora ana papan sing dudu kagungane Gusti Allah, ora ana tumindak kang tanpinirsan dening Gusti Allah, sanadyan kuwi ijik ana ing sakjroning batin. Mula saka kuwi, payo tansah ELING, yen ngendi wae papan kuwi Gusti dumunung, ing kahanan kang kaya ngapa wae, Gusti nunggil.

 

Lumantar ELING iki, muga-muga wae okeh para sedulur sing njur seneng nuladha rama Yakub, seneng menehi monument utawa tanda saben lakuning uripe, yen Gusti ora nate ninggal, yen Gusti tansah ngreksa lan nganti ing saklawe.

 

Salam Rahayu

Mbah’e..

Senin, 25 September 2023

PITULUNGAN

 

Senen Wage 25 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK


Gambar Menehi PITULUNGAN


Wacan Kitab Suci Padinan

Purwaning Dumadi 27”1-29

Jabur 106:1=12

Rum 16:1-16

Aku nglantarake marang kowe sadulur kita Febe, sadulur wanita kang leladi ana pasamuwan Kengkrea,supaya koktampani ana ing patunggilane Gusti, kanthi patrap kang samesthine tumrap para suci, sarta wenehana, pitulungan samangsa dibutuhake. Sabab dheweke wus aweh pitulungan marang wong akeh, klebu aku dhewe.” Rum 16:1-2

 

Tembung PITULUNGAN (isa ditulis 7 lungan) kuwi linggane Tulung..(sssttt…ana kanca sepuhku sing jenenge nganggo Tulung, muga-muga wae maca tulisan iki sinambi mesam-mesem, lan sing padha kenal dewekne yam aca kanthi gluwah-gluweh merga seneng..hehe), sing tegese menehi samubarang kang marakake kahanane urip luwih kepenak. Mula, tembung PITULUNGAN kuwi tegese sawernane tumindak kang nduweni acas ngentheng-enthengi sanggan tumrap liyan. Dene wujude PITULUNGAN kuwi kaperang dadi loro,ana sing awujud pisik, kayata menehi mangan, menehi ngombe, menehi udud lan liya-liyane, pokoke sing awujud benda material. Dene PITULUNGAN kang awujud non pisik kuwi kayata pandonga, panglipur lan liya-liyane.

 

Kitab Suci nate memulang babagan PITULUNGAN, lumantar rasul Paulus lumantar layange marang pasamuan ing kutha Rum. Neng Rum bab nembelas ayat siji lan loro diandharake cikben pasamuan nampa lan menehi PITULUNGAN maran sedulur nunggal peladosan sing jenenge Febe. Rasul Paulus kepengen pasamuan Rum nampane mbakyu Febe kang leladi ing pasamuan Kengkrea, cikben ditampani.Ora mung ditampani wae, ananging yakuwi dikon menehi PITULUNGAN jumbuh karo apa kang dibutuhake dening mbakyu Febe. Anane rasul Paulus ngakon pasamuan Rum nampa kuwi cikben patunggilane para kagungane Gusti  tuwuh ngrembaka.

Rasul Paulus uga kepengen pasamuan Rum dadi patuladan kepriye anggone padha nampa para sedulur nunggal percaya, apa meneh sing mirunggan leladi.Pasamuan Rum ora dikeparengake nyawang kahanane urip mbakyu Febe sing kawuri, merga kuwi wis klebe “masa lalu”,  amarga urip kuwi ora neng masa lalu, ananging ana ing mangsa kanga rep kapapag.

 

Yen ing jamane rasul Paulus pasamuan dikon nampani lan menehi PITULUNGAN marang sapa wae kang makarya mirunggan ana ing pakaryane Gusti, semono uga ing jaman saiki. Aja nganthi nampi para suci sing wus masrahake uripe kanggo pakaryan mirunggane Gusti. Padha tampanen lan wenehana PITULUNGAN, aja mbok golek-goleki salah lupute, amarga  ora ana menungsasing sampurna, kabeh wis kena sawabe dosa, mula lumrah yen ana sing luput lan kleru.

 

Mulane, payo saiki padha lomba menehi PITULUNGAN marang sapa wae, apa meneh marang para wong sing wus masrahake sakabehing uripe kanggo pakaryan mirunggane Gusti. Sepisan meneh aja pisan-pisan nampik para utusane Gusti, eleka kaya ngapa kuwi utusan mirungganne Gusti, yen wani nampik lan milara mesti bakalane nampa bilai.

 

Wis ya, semen ndisik, aku arep nggawe kopi lan ngaso, merga sedina mumuput anggonku mider-mider ngayahi ayahaning urip.

 

Salam Rahayu

Mbah’e

Jumat, 22 September 2023

NGILO

 

Jemuah Legi 22 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK


Gambar KUPU


Wacan Kitab Suci Padinan

Nahum 2:3-13

Jabur 145:1-7

2 Korinta 13:5-10

Dadaren awakmu dhewe, apa kowe padha lestari dumunung ing pracaya. Titinen awakmu! Apa kowe ora yakin tumraping awakmu, manawa Sang Kristus Yesus dumunung ana ing kowe? Awit yen ora mangkono, kowe dadi tampikan.” 2 Korinta 13:5

 

NGILO ing andharan iki dudu babagan ukuran abot lan entheng, dudu nimbang sepira abote barang, ananging babagan madeb ngadepi diri pribadi ana ing sakngarepe kaca paNGILOn. ayahan NGILO iki racake dilakoni dening para wong wadon nalika arep lelungan, cikben katon luwih ayu merga nganggo wedak lan sakliyane minangka perangat “kecantikan”. Dene menawa wong lanang arang anggone ngayahi ayahan NGILO, merga racake ora patio perduli karo babagan bagus lan orane..

 

Salah sawijining wacan kitab suci ing dina iki,manut wacan leksionari, yakuwi ing jemuah pahing rolikur September rongewu telulikur saka layange rasul Paulus marang pasamuan Korinta kang kapindho,pernahe neng loro korinta telulas ayat lima. Ing layange kuwi rasul Paulus ajak neglingake marang pasamuan babagan NGILO bab diri pribadine, apa ijik lestari anggone percaya marang Gusti Yesus, lan uga babagan kahanan Gusti Yesus ijik dumunung ana ing uripe apa ora! Pepelinge rasul Paulus cetha banget, yakuwi pasamuan Korinta cikben ndadar kapercayane marang Gusti Yesus lan uga apa kapercayan kuwi gegayutan karo dumununge Gusti ana ing uripe, amarga ora sithik wong sing ngakune percaya marang Gusti mung winates neng lambe, ing tumindak durung nelakake.

 

Anane rasul Paulus nulis layang kaya kang mangkono kuwi amarga pasamuan ing Korinta okeh sing laku percayne ora becik, mula ndadekake pasamuan ora babr tumangkar. Ora sithik sing uripe mung lamis, ragelem NGILO neng ngarp kaca paNGILOn yakuwi pangandikane Guti, amarga iya ing sakngarepe pagandikane Gusti kuwi isa niti priksa kaya ngapa adeging urip ing sakjroning percaya, aja NGILO marang liyan, apa meneh njaluk dibiji menungsa liyane, merga yen seneng mesti diarani apik sanadyan elek, lan kosokbaline, yen sengit apika kaya ngapa mesti diarani elek.

 

Babagan NGILO kuwi ora mung neng jamane rasul Paulus lan pasamuan Korinta, ing jaman saiki ijik “relepan”, jik cocok yen dilakoni, amarga patraping uriping percaya pasmuan ya kurang luwih kaya jamane rasul Paulus, okeh sing lamis,ora gelem NGILO karo pangandikane Gusti. Urip mung saka rumangsane dewe, rumangsane wis apik, rumangsane wis nglakoni “pelayanan”, rumangsanewis pisungsung, rumangsane wis…..

 

Hehe, mangga dibacutake dewe-dewe, sing jujur lho nggih…Kula tak NGILO….lan  ngopi rumiyin… 

Salam Rahayu

Rabu, 20 September 2023

BABAGAN NGANDEL

 

Rebo Wage 20 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK


WACANEN "MOBILKU!"


Wacan Kitab Suci Padinan

Purwaning Dumadi 50:22-26

Jabur 133:1-3

Markus 11:20-26

Mulane Aku pitutur marang kowe: Apa bae kang koksuwun lan kokdongakake, padha ngandela yen kowe wus kaparingan, dadi iku mesthi iya bakal kaparingake marang kowe.lan yen kowe padha ngadeg ndedonga, mangka ana panggresahmu marang wong ing sajroning atimu, iku apuranen dhisik, supaya Ramamu kang ana ing swarga iya ngapura sakabehing kaluputanmu.” markus 11:24-25

 

Ora sithik wong sing maca andharan BENINGE EMBEN ESUK kang wus bola-bali ndedonga, bola-bali nyenyuwun ananging njur apa kong disuwun raklakon utawa (rumangsa) ora nampa apa kang kasuwun. Lan nalika ora nampa apa kang disuwun, njur ndakig-ndakig anggone nggawe alesan “teologi”, ana sing merang dadi pirang-pirang kahanan, sepisan apa kang mbok jaluk durung tekan wektune, kapindho dongane sing luput lank aping telu apa kang mbok jaluk lumantar pandonga ora bakalan diwenehne. Jian ketok yen teologis alkitabiyah…. Njur kepriye piwulange Gusti Yesus ana ing kitab suci?

 

“Mulane Aku pitutur marang kowe: Apa bae kang KOKSUWUN lan KOKDONGAKAKE, padha NGANDELA yen kowe wus kaparingan…” Kudu diwaca temenan, diwaca kanthi eling, Gusti ngendika APA BAE KANG KOK SUWUN…padha NGANDELA yen wus nampa! Dadi sejatine dudu masalah wektune durung tekan, dongane salah apa meneh panyuwunmu ora dikersakne Gusti, ananging kabeh mung BABAGAN NGANDEL. Sepira anggone sing padha Ndonga kuwi NGANDEL yen sing wis disuwun kuwi wus tinampa.Lho lha nyatane cen durung nampa, mosok kon apus-apus wus nampa? Lha ing kene manut penemu lan pengalamanku, menungsa kuwi jinaret karo “ilusi wektu”, kamangka kanggone Gusti, wektu kuwi ora ana, ora ana saiki lan mbesuk, anane mung siji. Babagan “ilusi wektu” ing tulisan lya takjlentrehake, iki tetep pokus neng NGANDEL yen wus NAMPA nalika Ndonga!!

 

Dieling meneh, babagan pandonga kuwi dudu masalah dikeparengke Gusti apa ora, ananging Gusti dewe sing ngendika, apa wae kang koksuwun, ngandela yen WUS NAMPA! Kabeh iki mung BABAGAN NGANDEL, ngandel yen sing disuwun lumantar donga kuwi wus tinampa, njur ngrasakne bungah merga kang disuwun wus ditampa lan dirasakake. Njur ana sing protes, kompain..lha nyatane pancen durung nampa. durung antuk apa kang takjaluk ing sakjroning donga! Eling piwulange kitab suci, sepisan pracaya kuwi padha karo iman, dene iman kuwi ngugemi sabarang kang durung utawa ora katon, kapindhone ing andharan dina iki, apa wae kaong koksuwun lan kokdongakake, NGANDELA  yen WUS KAPARINGAN. Dadi mayar wae, kabeh kang disuwun menungsa marang Sang Rama, mesti diparingi, sauger ngandel, siji thokthil syarate, NGANDEL!!

 

Mulane, ora usah regejegan babagan pengalaman iman, ora usah nekoneko nyawang lan mbanding-mbandingke liyan, payo dialami dewe pangandikane Gusti iki. Payo NGANDEL yen apa wae kang awake dewe suwun ing pandonga WUS KAPARINGAKE dening Gusti. Wis ora usah dipikir, orausah dianalisa ndakig-ndakig, ayo bareng-bareng dialami! Weh, malah ana sing maca sinambi mrengut, ora usah mrengut..ayo dialami yen apa kang wus mbokdongakne wus diwenehane dening Gusti! Taktunggu kesaksiane lho ya..rasah ngajak nyate utawa nongseng, mengko malah wedi karo Om Kolesterol..haha

 

Salam Rahayu

 

 

Selasa, 19 September 2023

MBIJEKAKE

 

Selasa Pon 19 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK

OMAH BERSEJARAH


Wacan Kitab Suci Padinan

Purwaning Dumadi 49:29-50:14

Jabur 133:1-3

Rum 14:13-15:2

Mulane kita aja padha adil-ingadilan maneh! Nanging luwih becik kowe padha manuta wawasan iki: Kita aja gawe sesandhungan utawa serike sadulur kita.” Rum 14:13

 

Tembung MBIJEKAKE kuwi linggane Biji, utawa winih,isa uga ana ing basa ngindonesa nilai.Tembung MBIJEKAKE kuwi racake dienggo neng donyaning bangku pasinaon, mirunggan neng teka utawa esde, yakuwii nalika guru maringi tugas, lan sakwise rampung diaturake marang guru cikben dibiji. Lha ayahan nagurake tugas menyang guru cikben dibiji kuwi kang kinaranan MBIJEKAKE, yen ayahane apik utawa manut kersane guru, mesti bijine apik. Kosokbaline, yen ayahane ora manut karo gurune, mesti bijine elek. Sing luwih mbebayani meneh nalika anggone siswa utawa murid mau anggone MBIJEkAKE ora menyang guru kang menehi tugas utawa ayahan, ananging menyang wong liya, mesti anggone mbiji ora tansah gumantung pakaryane ananging gumantung seneng lan ora seneng, iki gaswat lho lur….hehe

 

Babagan MBIJEKAKE kuwi nate dadi iwulange Gusti lumantar rasul Paulus, cethane neng layange marang pasamuan ing Rum. Neng Rum bab patbelas ayat telulas dicethakne, “Mulane kita aja padh adil-ingadilan maneh…..” Cetha banget piwelinge rasul Paulus, aja adil-ingadilan, utawa aja mbiji liyan, cikben sing ngadili kuwi Gusti,cikben sing MBIJI kuwi Gusti dewe, ora usah kemaki melu-melu mbiji utawa menilai, merga kuwi dudu hak utawa tanggungjawabe menungsa. Tugase mung sederhana, yen ana sing luput utawa salah aja diadili njur diukum, ananging benerna! Pancen menungsa kuwi sok-sok ngluwihi Gusti Allah, kaya duwe kwasa ngadili (MBIJI), njur nalika (saka rumangsane )salah utawa luput, njur dikukum.

 

Ayahan urip iki mung merga saka dhauh lan kersane Gusti, iki isa digambarake yen menungsa  (klebu sing maca iki sing sidhar lho nggih) paribasan murid lan Gusti Allah kuwi gurune. Apa wae ayahan urip iki peparinge Gusti,mula sing kwasa ngadili utawa MBIJI ya Gusti, menungsa mung nduweni hak ngayahi ayahan, ora nduweni hak ngadili. Yen rumangsa, rumangsa lho ya, ana sing luput utawa ora bener, aja diukum apa meneh diadili,ananging ewangana cikben bener, yen isa ngayahi urip sing kaya mengkene iki, jagad iki kebek ing tentrem lan rahayu.

Emane okeh wong sing rumangsa suci,ruamngsa pinter, rumangsa dadi wakile Gusti kanggo MBIJI lan NGADILI liyan, malah ana kalamangsane anggone ngadili sakwise mbiji kuwi lumantar ukuman sing babarblas ora manusiawi.

 

Mulane, payo saiki eling yen menungsa kuwi ora nduweni hak babrblas kanggo MBIJI njur ngadili, merga sing pirsa salah bener kuwi mung Gusti. Lho lha yen ana sing salah njur kepiye? Ya dibenerake, wis kuwi wae , ora usah melu ngadili. Sapa wae wonge, mbuh kuwi menungsa biasa tekan aktipis greja, ora nduwenihak ngadili liyan, yen nganti ngadili berarti wis nggeser Guti Allah. Hayo, sapa sing sok wani nggeser Gusti? Mulane, aja salah MBIJEKAKE, ayahan iki saka Gusti,mula cikben Gusti sing MBIJI.

 

Sik, semen ndisik, arep ngopi ndisik..hehe

Salam Rahayu

Senin, 18 September 2023

ANDHAP ASOR

Senen Pahing 18 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK

ISTANA KAURIPAN


ANDHAP ASOR

Wacan Kitab Suci Padinan

Purwaning dumadi 48:8-22

Jabur 133:1-3

Ibrani 11:23-29

Nalika Rama Israel mirsani para putrane Sang Yusuf, tumuli ndangu: “Iku sapa?”Ature Sang Yusuf marang kang rama: “Punika anak kula peparingipun Gusti Allah wonten ing ngriki.” Pangandikane Rama Yakub: “Cedhakna ing ngarepku kene, arep dakwenehi berkah.” Purwaning Dumadi 48:8-9

 

Tembung ANDHAP ASOR kuwi tegese mapan ana ing panggonan ngisor dewe. ANDHAP kuwi tegese ngisor utawa kosok-baline dhuwur, dene ASOR kuwi ya meh pada, panggonan utawa kahanan kang sejatine kosok-baline nginggil utawa ndhuwur. Mula sakbanjure ana ing andharan BENINGE EMBUN ESUK senen wolulas September rongewu telulikur iki, ANDHAP ASOR takwenehi arti mapanake urip ana ing panggonan kang ana ing ngisor, utawa nglakoni urip tanpa sombong utawa kumlungkung.

 

Wacan kitab suci saka Purwaning Dumadi bab patangpuluh wolu ayat wolu tekan rolikur  ngandharake babagan “reuni” ing antarane rama Yakub lan putrane kang wus kaanggep ilang, yakuwi Yusuf. Kahanane wis bedha,  rama Yakub wis lamur merga wis tua, dene Yusuf wis omah-omah,nduwe anak lan saiki sukses. Nalika pethukan, amarga wis rada lamur, njur rama Yakub takon gegayutan karo pawongan-pawongan sing ana ing sakceake, njur diwangsuli dening Yususf yen kuwi anake lan sing dadi piwulang ing dina iki yakuwi babagan ANDHAP ASOR sing dilakoni dening Yusuf. Lho nengndi ANDHAP ASOR’e? Nalika ngakoni yen anak-anake kuwi peparinge Gusti Allah.

 

Ing wektu kuwi Yusuf wis sukses, apa wae isa kagayuh lan apa wae diduweni, ananging kabeh kang klakon kuwi dudu duweke, kabeh kagungan lan merga diparingi dening Gusti Allah. Yusuf orarumangsa yen apa kang dadi darbeke kuwi duweke, Yusuf ora rumangsa yen kabeh amarga kapinteran lan kaprigelanne, kabeh mung PEPARINGE Gusti Allah.

 

Spirituaitas ANDHAP ASOR sing diduweni Yusuf kuwi apik banget ing sakuruting jaman, klebu ing jaman saiki. Ananging saiki spiritualitas ANDHAP ASOR kuwi wis sansaya ilang utawa kejepit kahanane jaman sing nyuburake spirituaitas kumlungkung, kemaki, gumunggung lan sakpanunggalane. Ing sadengah papan lan panggonan, oa nyawang kuwi papan sekuler apa spiritual, kabeh wus koncatan ANDHAP ASOR, anane  mung ethok-ethok, anane mung nggolek aleman, mula okeh sing senengane padha pamer lumantar media-media sosial. Ing pasamuan utawa rgreja ya semono uga, ANDHAP ASOR kuwi wis ditinggalake, wus ora payu meneh, mula yen ora ngati-ati, isa bubar merga ora sithik sing benthic merga rebutan nomer siji, kabeh merga wis lali karo ANDHAP ASOR.

 

Payo nguripi tata caraning urip kang kebak ing kahanan ANDHAP ASOR… Salam Rahayu

Sabtu, 16 September 2023

BABAGAN NGAPURA

 

Setu Kliwon 16 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK



Wacab Kitab Suci Padinan

Purwaning dumadi 45:1-20

Jabur 103:8-13

Mateus 6:7-15

Sabab, manawa kowe padha ngapura kaluputaning wong, Ramamu ing swarga iya bakal ngapura marang kowe.Nanging manawa kowe ora ngapura marang wong, Ramamu iya bakal ora ngapura kaluputanmu.” Mateus 6:14-15

 

Tembung NGAPURA kuwi tegese tumindak  kanggo nutup utawa mbusak  sabarang kang wus nate kelakon ing mangsa kang wus kawuri. Jenenge wae nutup kuwi ateges ora nganggep ana sanadyan wus nate kelakon. Jenenge wae nutup, artine babagan kang wus kelakon ing mangsa kang wus kawuri ora isa disawang maneh, kuwi kurangluwihe tegese tembung NGAPURA. Ngapura kuwi ayahan kang menawa diomongake mayar, ananging angel ing babagan nglakonine.

 

Piwulang kitab suci ing dina iki magepogan karo tembung NGAPURA, cethane BABAGAN NGAPURA. Tembung NGAPURA kuwi ana ing basa asline, basa Yunani, saka tembung charizomai kang salah siji makna utawa tegese mbusak utawa nutup kaluputan kang wis nate klakon. Jenenge wae mbusak, mesti sakbubare dibusak, wus ora isa ketok maneh, wus sirna lan mestine yen wis sirna ya ora isa disawang maneh. Menawa digathukake karo piwulange Gusti yesus BABAGAN NGAPURA, kaya jejere BENINGE EMBUN ESUK ing dina iki, jian pas temenan. Gusti Yesus mulang mangkene, “ sebab menawa kowe ora padha NGAPURA kaluputaning wong (liyan), Ramamu ing swarga ora bakal NGAPURA kowe. Nanging menawa kowe ora NGAPURA marang wong, Ramamu iya bakal ora NGAPURA kaluputanmu…” sejatine medeni banget lho ya piwulang iki, merga kabeh cetha wela-wela nyulek mata temenan.

 

Dadi, BABAGAN NGAPURA kuwi ora mung winates ana ing lambe, ora mung kanggo manis-manise rembug, ananging kudu dadi lakuning urip lan ora isa dilakoni minangka apus-apus. Iki urusane karo Gusti sing mahakwasa, mosok arep ngapusi Gusti Allah? Mula yen jik ana sing ngayahi ayahan NGAPURA mung minangka lamising lambe, kuwi sejatine ngece utawa njarag karo Gusti Allah, ora peduli kuwi sapa. Sanadyan aktipis keagamaan, aktipis greja, sanadyan wektune mung kanggo “Pelayanan”, sanadyan pisungsunge okeh dewe, ananging menawa ora isa NGAPURA liyan, ora isa MBUSAK luputing liyan, muspra tanpa guna.

 

Mulane para sedulur, payo eling karo piwulange Gusti Yesus BABAGAN NGAPURA, payo nutup  utawa mbusak luputing liyan, ayo ngrengga urip anyar. Dieling, menawa ora NGAPURA luputining liyan (wong) Sang Rama ya ora bakalan NGAPURA lupute awake dewe lho ya? NGAPURA kuwi mbusak kahanan ala sing  kawuri, menawa tetep durung utawa emoh ngayahi, sepira gedene lakuning keagamaan, kuwi ora ana gunane.

 

Mulane, payo niti preksa lakuning uripe dewe, wis  isa NGAPURA liyan durung, yen durung, ora uah sok rohani utawa sok relejies, kuwi muspra tanpa guna, kuwi mung lamis..missss.

 

Salam Rahayu

 

Jumat, 15 September 2023

WOHING DRENGKI

 

Jemuah Wage 15 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK

Gambar Manuk Sri Katan


Wacan Kitab Suci

Purwaning Dumadi 41:53-42:17

Jabur 103:8-13

Para Rasul 7 :9-16

Margi saking drengkinipun, para bapa-lajer kita wau lajeng nyade Yusuf dhateng ing tanah Mesir, nanging Gusti Allah nunggil kaliyan piyambakipun,”” Purwaning Dumadi 42:9

 

Saben Wit-witan ing sakindenging bawana iki racake isa ngetokake WOH, kang sejatine simpenan panganan kanggo mangsa angel kang bakalane dialmi ing tembe mburine. Racake WOH kuwi ora lansung dadi, kawiwitan saka kembang, njur dadi Pentil..(awas macane sing pener lho ya..hehe) lan sakbanjure dadi sawuhute WOH utawa isa kinaranan wowohan. Ora mung Wit-witan wae sing isa ngetokake wowohan, lha jebul lakuning urip utawa tumindak mau ya isa metokake wohing panguripan. Lukuning urip utawa paatraping urip kang becik isa panen wohing kabecikan, ananging patraping urip kang winengku ing kahanan DRENGKI, bakalan metokake WOHING pati ing sakjroning urip.

 

Ing dina kapungkur BENINGE EMBUN ESUK ngandharake babagan Yusuf kang  DIDOL, kuwi adedasar  sengite para sedulure, mirunggan kangmas-kangmase. Ing dina iki Jemuah Wage limolas September rongewu telulikur, andharanne magepokan karo rasa gething sing muntub-muntub kang sakbanjure sinebut DRENGKI.  Raa gething, sengit lan ora seneng sing dialami dening “komunitas anak-anak rama Yakub” marang SEDULURE dewe ndadekake DRENGKI kang sakbanjure metokake WOHING Pati. Lha ngapa kok para kangmase Yusuf ia nganthi nduweni rasa DRENGKI kang kaya mangkono kuwi? Apa salahe Yusuf? Sing cetha rasa DrENGKI kuwi dudu salahe liyan, semono uga babagan putra-putrane rama Yakub, DRENGKI sing mulat-mulat para kangmase Yusuf dudu salahe Yusuf, kuwi merga para kangmase ora isa Ngrumati rasa, merga ora trima karo critane Yusuf.

 

Merga ora trima karo kabeh kahanane Yusuf, mula njur ngrekadaya piye  “Si DRENGKI” mau ngalami rasa marem , Puas lan Lega. Cikben marem, Puas lan Lega, sasaran rasa DRENGKI mau kudu disebratake, disingkirake,diilangake saka ing pandulune, lan Yusuf njur diguwang menyang papan liyan. Jenenge wae diguwang, para kangmase Yusuf ora nggagas nasipe adine, arep mati apa urip ora urus, sing penting atine lega merga DRENGKIne wis klakon entuk papan nyuntak. WOHING DRENGKI kuwi mung pati, ora ana liya. Ananging Gusti Allah kagungan rancangan kang beda karo rancangane para wong sing dikwasani dening si DRENGKI, merga si sasaran DRENGKI kuwi kang bakalan nguripi lan nulungi ing mangsa Pailan kang nempuh.

 

Ing jaman saiki ora sithik lho ya sing jik ngrumati si DRENGKI nganti malah dikwasani dening si DRENGKI. Amarga wis dikwasani, mula uripe ora nate nemahi karahayon sanadyan sok pamer kahanan karahayon, mesti bakal tumeka ing titi mangsane PAILAN kuwi nempuh, memper kaya jamane Yusuf lan para sedulure. Lan nalika kuwi, mbokmenawa ya kaya para kangmase Yusuf, ora bakalan isin sambat lan njaluk tulung marang si korabn DRENGKI. Mulane para sedulur, payo reresik ati, aja ngrumati iri,srei lan DRENGKI, merga kabeh mau anenuntun marang pati. Payo ngumati katresnan sejati kanga sale mung saka Gusti, merga kuwi dalan lan kahanan kang nuntun marang kahanan Mukti..

 

Salam Rahayu

Kamis, 14 September 2023

DIDOL

 

Kemis Pon 14 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK

GAMBAR GROJOGAN


Wacan Kitab Suci

Purwaning Dumadi 37:12-36

Jabur 103:8-13

1 Yokanan 3:11-18

Anadene Yusuf didol dening wong Midian mau menyang ing tanah Mesir, marang Sang Potifar, punggawane Sang Prabu Pringon, panggedhening prajurit tamtama.” Purwaning Dumadi 37:36

 

Tembung DIDOL kuwi linggane Adol, yakuwi pakaryan mindahake barang marang liyan kanthi nampa bebulih, dene bebulih kuwi isa awujud barang liyane kang sapangaji lan uga isa awujud duwit. Anane ayahan “dodolan” kuwi merga anane kahanan kang padha butuhe, mula banjur ana kahanan Dol-Tinuku, ana sing adol la nana sing nuku. Anane kahahan DIDOL kuwi yen ditaliti lan dirasak-rasakake merga anane barang kang nduweni pangaji, amarga yen ora ana ajine, tangeh lamun ana kedadeyan Dol-Tinuku.

 

Ana crita babagan lelakon Dol-Tinuku neng kitab suci, pernahe neng Purwaning dumadi telungpuluhpitu ayat telungpuluhenem. Ing kitab kuci dicaritakake babagan rasa ora senenge para sedulure Yusuf, putra-putrane rama yakub. Amarga rasa ora seneng marang sedulure kuwi mau, sanadyan seddulur kang nduweni pangaji kang tanrinega, kudu disingkirake. Ing pungkasane Yusuf DIDOL dening para sedulure lan tinuku dening wong Midian kang dadi “makelar” babu ing wektu kuwi. Manut andharan ing ndhuwur babagan ayahan Adol lan Tuku kuwi gegayutan karo barang sing nduweni pangaji, njur kena apa para sedulure Yusuf ngedol adine yen ijik nduweni pangaji? Njur apa sing digoleki?

 

Sakliyane nampa duwit minangka bebulih regane Yusuf, para sedulure utawa para kangmase Yusuf antuk kahanan MAREM lan LEGA amarga isa ngesokake rasa gething marang adine. Dadi ayahan dodolan kuwi ora mung amarga butuh, uga isa amrga wis ora seneng utawa gething. Amarga rasa gethinge wis gedene ora ukur, mula para kangmase Yusuf pengen nguja mareming rasa lan kuwi isane klakon mung nalika Yusuf SUMINGKIR utawa basa karma aluse DIINGGATAKE, disirnakake saka ing urip. Ananging sanadyan mengkono, sing ngecet Lombok ora sare, rerancangan ala tumrape menungsa kuwi kaaem dening Gusti minangka srana kababaring Tentrem Rahayu lan mingka srana nylametake wong-wong kang wus nguja rasa gething srana NGINGGATAKE Yusuf.

 

Crita babagan gething lan banjar ngayahi ayahan Dol-Tinuku jik klakon ing wektu iki, sanadyan kanthi “wajah yang berbeda”. Ana wae sebutan utawa anggone menungsa njenengi ayahan Dol-Tinuku kuwi, ananging sing tetep padha, kabeh kawiiwitan saka kahanan Gething sing mulad-mulad. Gething kang mulad-mulad kuwi isa mlebu ing ngendi-endi papan lan kahanan, malah paling mayar neng paguyupan agama, apa wae agamane, yen wis tuwuh rasa gething, sapa lan apa wae isa DIDOL, disebratake,disingkirake. Lan sing nggumunake, nyingkirake kuwi dibungkus karo basa-basa sing sok ngrohani, iki sing mbebayani, jik kepenak njamane Yusuf, gething ya gething, lan banjur DIDOL,entuk duwit lan lega rasa sengit utawa gethinge.

 

Mulane para sedulur, dingati-ati karo rasa gething, merga isa ngedol apa wae. Saka andharan ing ndhuwur, payo sinau babagan urip bebrayan, urip bebarengan. Sing sepisan, aja ngrumati gething merga mengko barang sing pangajine gede klakon DIDOL marang liyan. Kapindhone, sanadyan ngrancang babagan kanga la marang liyan, yen Gusti ngersakake apik, kabeh isa dadi apik lan kang bakalan klakon marang sing nate ngedol mung getun, merga getun kuwi tibane mburi, yen tiba ngarep jenenge ndaftar..

 

Wis smeene ndisik, mengko kokean malah sing maos ngantuk..lhaaa..raktenan ta..kuwi ana sing keturon…ndang tang, yen ora ngko barange sing gede pangajine DIDOL marang liyan lhoo..

 

Salam Rahayu

Rabu, 13 September 2023

DAYANING PRACAYA

 

Rebo Pahing 13 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK



Wacan Kitab Suci

Kaimanan 16:1-5,20-28

Jabur  119:65-70

Mateus 21:18-22

Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe, manawa kowe pracaya ora nganggo mangu-mangu, kowe mesthi ora mung bisa nindakake apa kang Daktindakake tumrap marang wit anjir iki bae, nanging sanadyan gunung iki kokcalathoni: Mumbula lan ambyura ing sagara, mesthi iya bakal kalakon.Lan apa bae kang koksuwun ing pandonga kalawan pracaya, mesthi bakal kaparingake.” Mateus 21:21-22

 

Ana buku kang jejere The Secret kang njlentrehake salah sawijining piwulange kitab suci,, mirunggan piwulange Gusti yesus babagan DAYANING PRACAYA, yakuwi Njaluk utawa nyenyuwun, PRACAYA lan sing pungkasan ngrasa yen wis nampa. Ing buku The Secret utawa yen diterjemahake RAHASIA lan ing kitab suci kanthi cetha njarwakake piwulang suci babagan rahasianing PRACAYA, yakuwi babagan nggondeli samubarang tanpa mangu-mangu lan ewah gingsir.

 

Nats kitab suci sing dadi dasaring andharang BENINGE EMBUN ESUK ing rebo pahing telulas September rongewutelulikur iki nyritakake babagan DAYANING PRACAYA. Neng nats kuwi dicritakake kepriye nalika Gusti Yesus sajak kuciwa marang wit anjir kang ora metokake who, banjur dingendikani cikben dadi garing lan saknalika dadi garing. Kahanan kuwi kang dadi eram lan gumune para sekabat, lan kaladongan kuwi diagem dening Gusti Yesus  kanggo memulang babagan DAYANING PRACAYA. Gusti ngendika, Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe, manawa kowe pracaya ora nganggo mangu-mangu, kowe mesthi ora mung bisa nindakake apa kang Daktindakake tumrap marang wit anjir iki bae, nanging sanadyan gunung iki kokcalathoni: Mumbula lan ambyura ing sagara, mesthi iya bakal kalakon.Lan apa bae kang koksuwun ing pandonga kalawan pracaya, mesthi bakal kaparingake.”

DAYANING PRACAYA, pancen ngedab-edabi., sakabehing tembung utawa celathu bakalan kelakon. Iki memper piwulange leluhur babagan “Ilat Geni”, yakuwi sabarang kang diomongake bakalane klakon. Syarate mung sederhana, PRACAYA kang sejati, ora mangu-mangu. PRACAYA yen apa kang wus diomongake kuwi PANDONGA kang nduweni DAYA, Pracaya yan mesti kelakon, PRACAYA kang golong-gilig, memper unen-unen Sabda Dadi, kabeh kang diomongake bakalan kelakon. Njur kang kaya mengkono kuwi apa ijik “berlaku”” ing jaman saiki? Wangsulane cetha, kabeh jik berlaku nalika ana Golong-gilig’e PRACAYA, kabeh ijik ana nalik jik padha Nggondeli DAYANING PRACAYA.

Mulane, payo saiki nitipreksa marang anteping PRACAYA kang digondeli dewe-dewe, apa uwis golong-gilig apa malah mung minangka kembang lambe kang tanpa ana daya? PRACAYA kang diuripi lkuwi apa yaw is bener-bener nyata apa ya mung ela-elu? Kabeh isa dibuktekake ana ing lakuning urip iki. Mulane, ora usah kalah karo wedi, ora usah kalah karo kuwatir utawa was sumelang, kabeh kuwi sejatine wis ajur-mumur karo DAYANING PRACAYA, mung wae jik sithik wong sing “sadhar”, okeh sing durung NGLILIR saka turu, kaya jejering tulisan ing dina kapungkur.

 

Salam Rahayu

 

Senin, 11 September 2023

MBUNGKEM CANGKEM

 

Senen Kliwon 11 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK



Wacan Kitab suci

Kaimanan 4:27-31, 5:14-16

Jabur 119:65-72

1 Petrus 2:11-17

Sabab iku kang dadi karsane Gusti Allah, yaiku supaya kowe srana panggawe becik mbungkem cangkeme wong bodho kang kurang kawruhe iku.” 1 Petrus 2:15

 

Ing dina iki, pernahe senen Kliwon tanggal sewelas September rongewutelulikur, BENINGE EMBUN ESUK rada ngowahi padatan, yakuwi jejere nganggo rong tembung. Iki ora ateges BENINGE EMBUN ESUK mbalela, ananging cikben ana pariasi (variasi) anyar, dene  kang dadi jejer pancen tembung kang kurang kepenak dirungu, yakuwi MBUNGKEM CANGKEM, yen diungelake ing cecaturan padinan, mesti isa dadi rame, ananging yen mung diwaca, apameneh ing sakjroning batin, aman-aman wae. MBUNGKEM kuwi tegese nutupi kanthi setegah meksa, dene CANGKEM mesti kabeh sing maos tulisan iki wis dong, yakuwi piranti peparinge Gusti Allah kang fungsine kanggo mangan lan ngomong utawa celathu. MBUNGKEM CANGKEM ing andharan iki tegese ndadekake liyan meneng ora bisa nyaruwe amarga tumindak becik.

 

Sanadyan yen diungelake rinasa saru tur ya kurang patut, ananging tembung MBUNGKEM CANGKEM kuwi tinulis neng kitab suci,cethane ana ing layange rasul Patrus kang kapisan. Ing kana rasul Petrus memulang babagan tumindak kang tansah becik-apik, cikben wong-wong kang seneng nggibah utawa ngrasani, kecangar utawa kabungkem cangkeme amarga gawean apik kang ditindakake dening para kagungane Gusti. “Sabab iku kang dadi karsane Gusti Allah, yaiku supaya kowe srana panggawe becik mbungkem cangkeme wong bodho kang kurang kawruhe iku.

Cetha banget dhawuhe Gusti lumantar rasul Petrus, yakuwi babagan panggawe becik, isa MBUNGKEM CANGKEME wong bodho sing kawruhe minim utawa kurang. Ing kene ana rong perkara sing kudu dimangerteni, sepisan cetha yakuw babagan panggawe becik, dene kang nomer loro babagan wong sing senengane kokean omong utawa ngoceh, senengane mado utawa tukang kritik, jebule kuwi manut rasul Petrus klebu golongan wong bodho.

 

Saka andharan sakmadya ing ndhuwur lan uga saka piwulange kitab suci, saiki payo sengkut makarya jumbuh karo dhawuhe kitab suci, yakuwi ngayahi Panggawe Becik, cikben  isa uwal saka sakabehing pitenah. Kaping pindhone, payo sinau nahan omongan kang ora becik, omongan kang ancase mung ngrusak lan natoni liyan,  amarga sing kokean cangkem kuwi jebul klebu golongan wong bodho.  Saiki gumantung marang para pamaos milih sing endi, milih ngayahi Panggawe Becik lan dadi wong pinter, lumantar  ora kokean cangkem utawa arep dadi wong bodho kang ora tahu ngayahi panggawe becik?

 

Salam Rahayu

FIKSI Di Malam PASKAH