Selasa, 30 Maret 2021

DIREMEHAKE

 

Selasa Kliwon 30 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 49 :1-7

Jabur 71 :1-14

1 Korinta 1 : 18-31

Yokanan 12 :20-36

Nanging kang kaanggep bodho mungguhing jagad, kapilih dening Gusti Allah kanggo mirangake para wong wicaksana, apadene kang kaanggep ringkih mungguhing jagad, kapilih dening Gusti Allah kanggo mirangake kang rosa, lan kang asor sarta nistha mungguhing jagad, iku kapilih dening Gusti Allah, malah kang ora ana ajine kapilih dening Gusti Allah kanggo ngorakake kang aji, supaya aja ana manungsa sijia bae kang gumunggung ana ing ngarsane Gusti Allah.” 1 Korinta 1:27-29

 

DIREMEHAKE kuwi linggane “remeh”, sing tegese kahanan kang nduweni aji kurang. Saka tembung remeh kuwi njur isa dadi pirang-pirang tembung, kayata ngremehake kang tegese nganggep samubarang utawa liyan nduweni aji  kang ora sepiro’a, DIREMEHAKE kang tegese diajeni ora kaya asline. Sing maca tulisan iki mbokmenawa wis nate ngalami rong tembung saka tembung lingga remeh kuwi, isa nate ngremehake liyan lan uga nate DIREMEHAKE dening liyan. Ora sithik sing nalika DIREMEHAKE njur klara-lara atine,ananging ya ora sithik uga sing seneng  ngremehake liyan. Kuwi kabeh lelakon sing nate dadi pengalamaning urip sapa wae, sepisan maneh mbokmenawa klebu sing maca tulisan iki sinambi mesam-mesem ngguyu dewe.

 

Bab remeh, ngremehake lan DIREMEHAKE kuwi nate dadi pokok piwulange rasul Paulus ana ing surate marang pasamuan ing kutha Korinta. Ing surate kuwi rasul Paulus ngelikake menawa ngugemi kapercayan marang Gusti Yesus, mirunggan bab keslametan kang minangkah peparing, dadi bab kang bodho tumrape wong Yunani lan dadi bab kang muspra tanpa guna tumrape (saperangan) wong Yahudi. Merga saka penemu kang kaya mengkono kuwi, njur para pasamuane Gusti neng Korinta njur DIREMEHAKE, dianggep asor lan ora nduweni aji. Amarga kahanan kang kaya mengkono kuwi, njur ora sithik pasamuan wiwitan ing Korinta nglokro kapercayane lan males nindakake pakaryan keslametan. Mirsa kang kaya mangkono kuwi, rasul Paulus njur ngirimi “surat cinta”, kang isine menehi kekuwatan supaya ora nglokro sanadyan DIREMEHAKE.

 

Ora mung ing jamane pasamuan ing Korinta, bab DIREMEHAKE kuwi tekan saiki ya jik klakon. Ora sithik pasamuane Gusti sing njur ora “PD” nalika dadi para pengarsane pasamuan, amarga dadi pangarsane pasamuan kuwi ora nduweni prestis (prestise). Uga ora sithik sing nate DIREMEHAKE dening liyan nalika ngugemi kapercayan marang Gusti Yesus. Nalika nemahi kahanan kang kaya mengkono kuwi, aja pada nglokro, orasah isin lan baperan nalika DIREMEHAKE, kuwi perkara sing lumrah nalika nderek mlaku ana ing dalan kang mbiyen dipilih dening Gusti Yesus. Sepisan meneh, aja  cilik ati nalika ngayahi pakaryan peparinge Gusti, njur DIREMEHAKE, kuwi malah nembe netepi timbalan sing sakmestine. Wis, semene ndisik ya, arep melu jagongan neng Cakruk Sor Talok.

 

“Bo, jare arep ana pilihan majelis ya?” Takone Lik Ndoleng neng siwo Solebo.

“Yoi Leng…piye, siap apa ora sliramu?” Wansulan lan pitakonane Siwo Solebo.

“Hmm, anu Bo, aku kuwi janjane..anu..ananging aku kuwi,,anu lho Bo..” Grothal grathul olehe Lik Ndoleng mangsuli.

“Kokean alesan Lik, mbok ngomong wae wegah, wong sampeyan kuwi bola-bali ngendika yen dadi majelis kuwi ora ana untunge babarblas,mulane ya wegah nalika ditawani dadi calon majelis. Sampeyan kan ngremehake timbalan ke-Majelis-an ta?” Semprote Dalijo, nalika nembe teka mbuh seka ngendi.

“Oalah Leng, jebule awakmu ngremehake timbalan majelis ta? Aja klora-kleru Leng, aja ngremehake timbalan kuwi, mengko awakmu klakon diremehake dening Gusti..”Siwo Solebo menehi penemu kang sajak wicaksana.

“Wah, jebule aku kleru ya cah…ananging kenangapa yak ok neng ngendi-endi angel nggolek majelis?” Ujug-ujug Lik Ndoleng kaya gembreneng ngomong dewe.

“Kuwi merga okeh sing nduweni penemu kaya awakmu mau, ngremehake timbalan majelis, jajal wae ana apa ora para sedulur sing sok maca BENINGE EMBUN ESUK iki sing nate ngudang anake mbesuk yen gede dadia majelis?. Kuwi majelis kuwi gawean kang DIREMEHAKE..” Pakde Kento menehi pamawase.

“Lik, kowe palinga gelem dadi Majelis yen bareng karo Yu Wasti..”Iin, njedul seka pawon, nyuguhke kopi lan melu njarag Lik Ndoleng.

“Dusss…malah kuwi meneh Innnnnnn….Jirutt nan og kowe kui..” Grenege Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

 

Senin, 29 Maret 2021

DIUNDHANG

 

Senen Wage 29 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 42 :1-9

Jabur 36: 5-11

Ibrani 9 :11-15

Yokanan 12 :1-11

“Ingsun iki, Yehuwah, wus nimbali sira supaya ngundhangake kaslametan, wus ngasta tanganira; Ingsun wus ndhapuk sira lan maringake sira dadi prajanjian tumrap umat manungsa, dadi pepadhang tumrap para bangsa..” Yesaya 42 :6

 

DIUNDHANG kuwi linggane Undhang, kang tegese diceluk utawa ditimbali. Saka Lingga Undhang kuwi isa dadi pirang-pirang tembung, isa ka-undhang, isa Undhangan, isa uga DIUNDHANG. Mula saka kuwi, tembung DIUNDHANG nduweni teges utawa arti, yakuwi diajak nyedhak, dene wujud’e  undhangan kuwi macem-macem. Ana kang lumantar wara-wara utawa pengumuman, ana kang nganggo ulem, ana kang kongkonan wong njur sowan an ngaturake wosing gati lan uga ana kang mung lumantar swara. Sing baku DIUNDHANG kuwi dijaluk supaya nyedak, yen wis DIUNDHANG,sejatine krungu utawa ngerti, ananging ora nyedhak, kuwi sing luput dudu sing ngundhang, ananging sing DIUNDHANG.

 

Neng Kitab Yesaya ana piwulang bab DIUNDHANG, yakuwi nalika Gusti Allah nimbali utawa ngundhang bangsa ngisrael. Dene isine Undhangan kuwi, supaya manutkaro Panjengane lan kuwi kang isa dadi dalaning selamete. Ing wektu nabi Yesaya makarya, sakperangan bangsa ngisrael diboyong neng Babel, minangka “tawanan perang”, ing Babel wong-wong ngisrael ora dikepenakne,ananging malah didadekne babu, mula uripe rekasa lan nduweni kepinginan bali mulih neng negarane.

Pirsa kahanan kang kaya mengkono kuwi,Gusti Allah trenyuh lan njur kagungan sedya mitulungi.Amarga tresna mulane njur tuwuh trenyuh, saka trenyuh kuwi njur ngundhang sing ditresnani, mula kanggone sing dadi sasarane katresanane Gusti Allah, kuwi mesti DIUNDHANG cikben nyedak lan manut karo kersane Gusti. Dadine, ora mung DIUNDHANG thok, ananging dikon manut, supayane isa slamet lan mulih menyang negarane. Sing krungu lan banjur netepi undhangan lan manut, mesti nampa keslametan, ananging sing krungu njur oa nggugu, ya ora slamet.

 

Ora mung ing jamane nabi Yesaya leladi, ing jaman saiki jan-jane Gusti Allah kuwi ya tanah ngundhang menungsa. Klebu sing maca tulisan iki ya DIUNDHANG dening Gusti. Njur DIUNDHANG kuwi dikon ngapa?Ya kon manut kersane Gusti, ben nampa keslametan. Mung sapa sing sadhar wis DIUNDHANG dening Gusti lan netepi undhangan wae sing bakalan slamet, sing ora ya rasah bingung nalika ora nampa keslematan. Uga nalika menungsa nampa rekasaning urip,kuwi ora merga Gusti duka, kuwi amarga menungsane sing mbalela. Mulane, payo pada nyepadakne, supaya isa krungu Undhangane Gusti lan sakbanjure sadhar yen awake dewe iki kabeh DIUNDHANG dening Gusti.

 

“Suk setu jolali Lik, ana ibadhah Sabtu sunyi..” Ngomonge Dalijo,nalikasore kuwi ngobrol neng Cakruk Sor Talok.

“Weh, aku ramangkat Jo, aku rumangsa raentuk Undhangan…”Semaure Lik Ndoleng sakrasane.

“Iki informasi saka aku ya minangka Undhagan lho Lik” Dalijo sajak jik sabare ngeram.

“Kabeh radiundhang Jo, mung informasi kliwat media social” Siwo solebo melu nenggepi, sinambi klepas-klepus karo jisamsune.

“Patrahe ra arep mangkat wae, nddak kokean petingsing Lik? Lha wong ngibadhah kon kaya rapat, njaluk diundhang…jian aneh pol kowe kuwi Lik, “ Iin saka pawon melu nenggepi.

“Kabeh awake dewe iki DIUNDHANG dening Gusti, ananging baba rep mangkat apa ora,kuwi hak..wis ngono wae, aku arep mapan turu, ngancani mbahe sing kekeselen..” Ngendikane Pakde Kento.

 

Mbah’e..

 

Minggu, 28 Maret 2021

PASRAH

 

Minggu Pon 28 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 50 : 4-9a

Jabur 31 : 10-27

Filipi 2 :5-11

Markus 11 :1-11

Ingsun masrahake gegeringSun marang wong-wong kang padha nggebugi Ingsun, lan pipiningSun marang wong kang padha mbubuti jenggotingSun Ingsun ora nutupi wedaningSun nalika Ingsun diwewirang lan diidoni.” Yesaya 50 : 6

 

PASRAH, ketoke mayar nalika winates ing tembung, ananging angel nalika ing tataran lakuning urip. PASRAH kuwi paling ora isa disawang saka rong sisih, sisih positip lan sisih negatip. Sisih negatip kuwi nalika PASRAH kang tanpa pambudidaya, ora nyambut gawe ananging njagagne metu hasile, dene perangan kapindone PASRAH positip, yakuwi mbudidaya sakuwate ananging babagan hasil diaturne marang Kang Akarya Jagad. PASRAH, tembung kang kerep banget diomongake neng ngendi-endi papan lan uga saben wong mayar wae ngomong PASRAH, ananging durung ngerti sejatine PASRAH kang kinersakake dening Gusti Allah.

 

Neng Kitab Yesaya bab 50, ana crita minangka piwulang bab PASRAH. Nalikane kuwi nabi Yesaya maringi pameca bab kepiye samengka “para abdining Allah” ngayahi urip, yakuwi sanadyan tinampik lan rekasa ananging tetep kudu PASRAH marang pangrumate Gusti Allah. PASRAH manut paseksine “Abdining Allah” neng Kitab Yesaya kuwi PASRAH kang positip, yakuwi nalika wis makarya kanthi maksimal, sakuwate, ananging babagan hasil, dipasrahne sakwutuhe ana ing Pangwasane Gusti. PASRAH ing kene ora olih ngenyang, ora olih protes lan uga ura olih mutung. PASRAH total marang pangwasane Gusti.

 

Ing jaman saiki,mbokmenawa bab ngadepi ayahan lan masalahe urip ya pada karo jamane nabi Yesaya, semono uga bab “para abdining Gusti”. Sanadyan okeh sing percaya yen “para abdining Gusti” kuwi dipilih dewe dening Gusti (lumantar pranatane pasamuan), ananging ora sithik sing ngalami rekasaning urip. Dipaido, dirasani, dikritik,disengit,digething lan kabeh sing elek…malah kepara ora dirungokake..Manut paseksine nabi Yesaya, nalika ngadepi kang kaya mengkono kuwi,rasah baperan, rasah cilik ati, rasah mutung, cen kudu ngono klakone urip. PASRAH wae sakwutuhe kahanan marang Gusti, sauger wis ngayahi ayahan sakuwate jumbuh karo apa kang dadi tanggungjawabe.

Mula saka kuwi, kanggo sapa wae kang wus milih dalaning urip minangka Abdining Gusti Allah, lakonana apa kang dadi tugas lan tanggungjawab jumbuh karo kekuwatane awak, lan nalika wis nglakoni maksimal ananging jik entuk pamaido,entuk sawabing sengit, entuk pamoyok, entuk kritikan, tampa wae kanthi bungah sinartan nyenyuwun marang Gusti Allah, ben entuk tambahing kekuwatan. Lan uga sing kudu dieling, nalika ngadepi rekasaning urip nalika mundi dhawuhe Gusti, aja malah nglokro, bungaha amarga kuwi kang ing jaman mbiyen tansah diadepi dening para Abdining Gusti.

 

“Lik, kok mau esuk ora nggawa godong palma, kang iki mau minggu palmarum?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng.

“Haiyah, angel nggoleke Jo, mula aku ya mung PASRAH..” Semuare Lik Ndoleng.

“Lha wis nggolek ngendi wae?” Takone Dalijo meneh.

“Wis mider-mider sak kabupaten, blas ora nemu” Wangsulane Lik Ndoleng, sajak iyak-iyako anggone nggolek.

“Ale ndoblok Lik, wong kawit rebo diajak siwo Solebo nggolek, kokean alesan, bareng mau ora nggawa kok jare ora anak, njur muni sakpenake dewe PASRAH!” Iin melu nimbrung rembugan.

“Aja dolanan tembung PASRAH Leng, sembrono awakmu kuwi.Telungndina takjak nggolek wegah mangkat, malah bareng mau esuk ora nggawa ditakoni majelis, malah semaur sakrasamu, pora dicawiske majelise, kuwi karepmu piye Leng?” Siwo Solebo sajak erosi, ngerti alesane Lik Ndoleng.

“Pancen mayar lan nyenengake kok lur, nyalahake liyan, pomeneh nyalahake majelis yen urusan greja,ananging mbok ayo tepawak, nyawang diri pribadi, apa wis mbudidaya? Apa wis polah? Yen durung, ya aja sok soleh muni PASRAH..” Pakde Kento ngendika sajak serius,dene Lik Ndoleng mung klecam-klecom kaya Manuk Dara Bar Ngendog.

 

 

Mbah’e..

Sabtu, 27 Maret 2021

PENJALUK

 

Setu Pahing 27 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 33 :10-16

Jabur 118 :1-2,19-29

Markus 10 : 32-34,46-52

Gusti Yesus ndangu: “Karepmu Dakkapakake?” Wong picak mau matur: “Rabbuni, mugi kawula sageda ningali!” Gusti Yesus banjur ngandika: “Wis, mundura, pangandelmu kang mitulungi kowe!” Padha sanalika wong picak mau bisa ndeleng, banjur ndherekake tindake Gusti Yesus.” Markus 10 : 51-52

 

Wong nduweni penjaluk kuwi lumrah, amarga rumangsa butuh lan ora nduweni daya ngusahakne dewe, mula usahane ya mung Njaluk . Njaluk kang diungelake kuwi kang kinaranan PENJALUK. Menungsa kuwi paling berbakat yen dikon Njaluk, wasise ngeram, ananging yen dikon weweh utawa menehi, biyuh angele poll. Sanadyan nduweni PENJALUK kuwi bebas, ananging bab “etika njaluk” kuwi ya kudu dimangerteni.  Nduwenana PENJALUK kang jumbuh karo apa kang dadi kebutuhan, dudu kang dadi pepinginan.

 

Ana crita neng Injil Markus, bab pawongan kang uripe rekasane ngeram, amarga wuta. Amarga kahanane kaya mengkono, pawongan kang kinaranan Bartimeus kuwi nyambut gawene ngemis. Iki ngemis amarga kahanan, dudu amarga berbakat lan njr didadekne propesi. Bartimeus sadhar, kang dadi pepalang uripe njur ora isa makarya kaya lumrahe menungsa liyane amarga ora isa nyawang. Mula saka kuwi, nalika krungu Gusti Yesus miyos ing sakcedake, dewekne njur mbengok kanggo ngungelake PENJALUK’e. Lho, apa ta sejatine kang dadi PENJALUK’e Bartimeus? Apa amarga rekasa uripe merga dadi pengemis, njur njaluk marang Gusti kasugihan tanpa makarya? Jebul dudu kuwi. Bartimeus ngerti yen dewekne butuh isa nyawang, mula nalika nduweni PENJALUK marang Gusti supaya isa nyawang utawa ningali.

 

Bartimeus ngerti apa kang dadi butuhe, sanadyan ya nduweni pepinginan. Bartieus sajake paham karo kawicaksanane Gusti Yesus, yen mung arep maringi PENJALUK kang jumbuh karo kabutuhane menungsa, dudu karo pepinginane menungsa. Lan ing kasunyatan, ora let suwe, apa kang dadi kabutuhane Bartimeus lan kuwi kang dadi PENJALUK’e, klakon tinampa.

Ing jaman saiki, ora sithik menungsa sing angel mbedakne ing antarane Kabutuhan lan Pepinginan, mula ya kerep ngungelake kang dadi PENJALUK’e ananging ora klakon, amarga kuwi pepinginan, dudu kabutuhane. Sinau saka Bartimeus,payo saiki nyawang marang diri pribadi, apa kang dadi kabutuhan poko, njur ngungelake PENJALUK marang Gusti, aja mung njaluk apa kang dipengini.

 

“Dongakne Bo,panenku Porang musim iki isa molas ton?” Lik Ndoleng miwiti rembugan nalika sore kuwi jagongan neng Cakruk Sor Talok.

“Weh, setuju aku Leng, mung ndongakne wae mayar..Ananging olihme nandur bibitan pirang kintal?” Semaure Siwo Solebo, sinartan nakoni bab tandurane Lik Ndoleng.

“Haiyah..ngayawara pakde, lha wong paklik mung nandur mangkilo kok ngangah-angah panen molas ton, mokalll!!” Iin melu semaur pas ngetokne wedang lan pacitan.

“Isa Lik, tahun 2030, yen saiki ya mokal..” Dalijo melu rembugan.

“Oalah Leng, yen nduweni PENJALUK kuwi mbok sing realistis…aja utopis…nandur mangkilo ngarep mols ton kuwi ngimpiiii!!” Swarane Siwo Solebo.

“Mulane, ayo nduweni PENJALUK kuwi jinumbuhake karo butuh lan kahanane, ora sembarang Njaluk..” Ngendikane Pakde Kento.

“Kaya PENJALUKmu lumantar Ndonga Lik, jare Jik pengen pikenik berdua karo Yu Wasti, apa kuwi ora imposibel (impossible)” Dalijo nggaya nggango basa londo.

“Duss, jik tekan Wasti meneh cahh!!” Grenengane Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

 

Jumat, 26 Maret 2021

SESAMBATA

 

Jemuah Legi 26 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 33 : 1-9

Jabur 118 :1-2, 19-29

Filipi 2 : 12-18

Sesambata marang Ingsun, Ingsun mesthi bakal maringi wangsulan marang sira, lan Ingsun bakal paring sumurup marang sira, prakara-prakara kang gedhe lan kang sinamar, yaiku bab-bab kang ora sira sumurupi.” Yeremia 33 :3

 

SESAMBATA, kuwi linggane Sambat, kang tegese muni utawa ngomong kanggo nyritakake kahanane. Biasane Sambat kuwi bab kang dadi kekarepane, kayata kadang tani nalika hasile panen ora gathuk karo pengarep-arepe, mesti njur pada Sambat. Arang wong Sambat kuwi merga kahanan apik kang nempuh awake. Saka tembung lingga Sambat kuwi isa dadi tembung SESAMBATA, kang tegese prentah supaya Sambat. Dadi, kang muni SESAMBATA kuwi menehi kalodangan marang sing diajak rembugan supaya Sambat , bab kahanan kang nembe diadepi. Saben wong (klebu sing maca tulisan iki) nduweni “Bakat Potensial” yen urusane bab Sambat, malah ora sithik sing Sambate marang media social. Hehe..

 

Neng Kitab Yeremia ana dhawuh saka Gusti Allah, supaya menungsa Sambat, lan tujuane sambat kuwi dudu marang sapa-sapa, ananging marang Gusti Allah. “SESAMBATA marang Ingsun..!” Kuwi wujudte prentah utawa dhawuh, supaya bangsa ngisrael ora Sambat marang  kahanan sakliyane marang Sang Yehuwah utawa Gusti Allah. Lho, kok isa nganti Gusti ngendika mengkono? Isa wae, amarga ing jaman kuwi ora sithik perangane wong ngisrael sing Sambat marang brahala, marang patung, marang apa wae sakliyane Gusti Allah. Bangsa ngisrael mangro ing kapercayan nalika ngadepi kahanan kang rinasa abot, mulane njur nggolek papan Sambat liya. Mirsa kang kaya mengkono kuwi, Gusti njur paring dhawuh supaya bangsa ngisrael Sambat marang Panjenengane. Amarga mung Panjenengane sing isa ngudari kabeh kahanan lan masalah urip kang diadepi bangsa ngisrael.

 

Ora mung ing jamane bangsa ngisarel nalika jamane nabi Yeremia, ing jaman saiki bab Sambat kuwi jik dadi :hobyne” menungsa. Uga bab marang sapa Sambate, menawa jamane nabi Yeremia okeh sing pada Sambat marang brahala kang awujud patung lan rerekan liyane, ing jaman saiki Sambate marang media social (medsos). Sithik-sithik nyetatus, nyindiri liyan, malah kadang kala ndongane wae nganggo media social. Lha rumangsane Gusti Allah kuwi sosialita apa kepiye, wong ndonga kok mrang medsos. Uga ing jaman saiki Sambat ya marag media social, jian pol temenan. Lumantar crita BENINGE EMBUN ESUK ing jemuah legi iki, ayo padha ngelingi piwulange Gusti kaya kang tinulis ing Kitab Yeremia 33, bab tujuane Sambat, yakuwi mung marang Gusti Allah. SESAMBATA marang Pangeran Yehuwah, marang Gusti Allah, aja marang liyane.

“Leng, saiki kok patrapmu kaya ABG meneh?” Takone Siwo Solebo marang Lik Ndoleng.

“Weh, lha ana apa ya dhe, apa Paklik saiki dandan terus?” Lik Ndoleng durung kober mangsuli wis ketungka tekane Iin nggawa kopi lan pacitan, sisan takok marang Siwo Solebo.

“Crigis Bo..!” Semaure Lik Ndoleng.

“Kuwi lho nduk, In..paklikmu, saiki sithik-sithik nyetatus neng pisbuk lan we’a. Sambat wae neng media social kuwi..” Wangsulane Siwo Solebo.

“Sithik-sithik nyetatus, nyetatus sithik-sithik ya Wo? Nganti sedina isa ping seket nggawe setatus..”Dalijo melu nimbrung.

“Dus, lha Markun kuwi kapan kae malah pamer kemesraan gek cah..pora yo ngontor aku..”Lik Ndoleng njur jujur marang kahanane.

“Weh, lha mbok yo ben,, wong mesrane ya karo bojone dewe. Apa uruane karo sampeyan ta lik?” Takone Iin.

“Aku maklum kahanamu Leng, ananging aja Sambat marang media social, diguyu pithik. SESAMBATA marang Gusti..ananging mung Sambat thok lho ya, lhawong wasti kuwi bojone Markun, rasah mburucem Leng..” Cetha Pakde Kento olehe nuturi, lan Lik Ndoleng sajak isin, lan misuh njero ati.

“Bajiruttt…kenek terusss ikiii!!!”

 

 

Mbahe..

 

Kamis, 25 Maret 2021

NGEREM

 

Kemis Kliwon 25 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK

NGEREM NDADAK


Pangandaring Toret 16 :1-8

Jabur 118 :1-2,19-29

Filipi 2 : 1-11

Aja padha mangan sadhengah apa kang mawa ragi; pitung dina anggonmu kudu mangan roti tanpa ragi, yaiku rotining kasangsaran, marga kalawan kesusu anggonmu budhal saka ing tanah Mesir. Iku supaya sajegmu urip kowe elinga ing dina budhalmu saka ing tanah Mesir.” Pangandaring Toret 16 : 3

 

NGEREM kuwi asale saka tembung “Rem”, sing sejatine alat utawa srana kanggo ngendegake lakukne kendaraan, mbuh kuwi bermotor apa kang ora bermotor. Rem kuwi isa dipidak lan uda ditarik nganggo tangan, gumantung dipapanake ana ngendi, sing cetha anane Rem kuwi supaya ing sakjroning lumaku,isa dindegne, digawe mandeg saka laku utawa playune. Saka tembung Rem kuwi njur isa dadi pirang-pirang tembung, salah sijine NGEREM,, sing tegese tumindak kang nduweni tujuan supaya isa mandeg, paling ora luwih rindig tinimbang sakdurunge.

 

Sanadyan tembung NGEREM kuwi mula-bukane kanggo kendaraan, ananging isa uga kanggo kahanan liyane. Neng Kitab Suci ya ana dhawuh saka Gusti Allah, supaya menungsa isa NGEREM. Lho, apa ing jamane nabi Musa wis ana “honda” lan montor liyane? Durung, ananging bab NGEREM yawis ana, njur apa kang kudu direm? Kang kudu direm yakuwi bab sawernaning pepinginan kamanungsan. Cetha neng Pangandaring Tore bab 16 ayat 3, yen Gusti Allah lumantar nabi Musa ngelikake bangsa ngisrael, supayane “ora mangan sadengan panganan kang nganggo ragi..” Saka mbiyen tumeka saiki, ragi kuwi fungsine kanggo ndadekne panganan dadi luwih enak, yen tanpa ragi mesti ora ana rasane. Bangsa ngisrael ing jamane nabi Musa, saksuwene pitungndina sakdurunge paskah, dikon mangan panganan kang tanpa ragi. Isa dibayangake yen jaman saiki mangan sayur tanpa bumbi,blas ora ana enak’e.

 

Kuwi kabeh dhawuh saka Gusti Allah kang kudu dilakoni kabeh, ora isa dinyang. Seminggu pasa, NGEREM sakabehe pepinginan kamanungsa, ora mung mangan wae sejatine kang kudu direm kuwi. Kudud NGEREM klakuane urip mbarang, ora olih kemaki, ora olih sombong, ora olih nesunan, ora olih ngamukan lan liya-liyane. Aja rumangsa kumlungkung amarga nembe kepenak uripe, aja rumangsa penting dewe sakjroning urip bebarengan, kabeh kuwi nduweni pungsine dewe-dewe lan ajine padha neng ngarsane Gusti. Aja dupeh sugih mblegedhu, njur kemaki, nyawang liyan kaya kere pinggir ndalan, rumangsa ngwasani, ngluwihi Gusti Allah. Kabeh kudu NGEREM ben ora nabraki kahanan apa wae. Mulane,dieling lan waspada, “AJA DHUMEH”, aja kebanteren olehe mlaku, ana kalamangsane NGEREM lakuning kahanane urip, ben njur isa nyawang endahing kahanan kiwa tengen.

 

“Iki kok pait temen kopine Leng, apa Iin kentekan gula ya?” Takone siwo Solebo, nalika sore kuwi padhang mbulan, jagongan neng Cakruk Sor Talok.

“Hambuh Bo, kara iya kentekan Gula, wong Dalijo kae, saben ngombe kudu nganggo gula gek..” semaure Lik Ndoleng.

“Weh, aja ngabukne aku Lik, wong malah sampeyan lho…” Wangsulane Dalijo.

“In, mreneo Nduk…tambahana gula iki lho, Solebo sambat kepaiten..” Unine Lik Ndoleng.

“Sttt..iki cen mangsane kudu ngrasakne pait, merga wis nyedaki paskah lho Leng..” Unine Pakde Kento.

“Ngapa Lik, apa sing kurang?” Takone Iin.

“Kopine kepaiten “ Semaure Lik Ndoleng.

“Haiyah, mung kari ngombe wae mbok rasah kokean rembug Lik, ora usah crigis..kene kuwi sing nggolek lan ngladeni, ora mung mikir kopimu thok Lik..” Sengol Iin olehe njawab, lan sakdurunge kebablasen, diendeg Pakde Kento.

“Mandeg In!!!! Awakmu kuwi karo wong sing sepuh mbok ya aja kurang ajar, sing sopan. Kowe kudu NGEREM polahmu sing kaya ngono kuwi! Aja dupeh kowe isa nukokne kopi lan ngladeni, njur awakmu ndaksiya marang liyan, apa meneh paklikmu dewe. Ajenana wong merga kuwi titahe Gusti, aja rumangsa isa tur nduwe njur oa ngajeni babarblas. Aja mbok bacutne unimu kuwi In!!” Pakde Kento sajak erosi, merga Iin sing wis keladuk karo pakne Cilik Ndoleng. Kabeh pada meneng, mung Lik Ndoleng sing jik klepas-klepus karo pituneme.

 

Mbah’e..

Rabu, 24 Maret 2021

TUMANDANGA!

 

Rebo Wage 24 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK


Siwo Solebo Macul


Hagai 2 : 1-9,20-23

Jabur 119 :9-16

Yokanan 12 : 34-50

“Ewadene saiki sira disantosa atinira, he Zerubabel! -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- he, Imam Agung Yusak bin Yozadak, disantosa atinira! He sakehe para wong isine nagara, dipadha santosa atinira! -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah; padha tumandanga, marga Ingsun nganthi marang sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi” Hagai 2:4

 

Tembung TUMANGANA kuwi linggane Tumandang, kang tegese ngayahi gawean, mula sejatine tembung Tumandang kuwi dieloni (dudu dikeloni lho ya..) tembung liyane, yakuwi “gawe”, lan akhire dadi Tumandang Gawe, sing tegese melu ambyor ing sakjroning pakaryan utawa gawean. Saka tembung Tumandang kuwi isa dadi tembung prentah, yakuwi TUMANDANGA. Nalika tembung Tumandang kuwi ditambahi “a” ing mburi,kuwi dadi tembung prentah, yakuwi prentah kanggo melu ambyor ing sakjroning gawean. Tumandang kuwi ora mung prentah, ora mung tudang-tuding kaya calo terminal, ananging wani gluprut makarya sanadyan rekasa.

 

Tembung TUMANDANGA kuwi ketok cetha neng Kitab Hagai, ing Kitab kuwi kanthi gamblang Sang Yehuwah paring dhawuh supaya Tumandang. Tumandang kanggo apa? Kanggo mbangun Pedaleman Suci meneh sing wis ajur-mumur ora karuwan. Sakdurunge jamane Paklik Zerubabell lan Eyang Yusak bin Yozadak, pada neng pambuwangan, mula durung kober mbangun, lan nalika wis mulih menyang ngisrael lan Yehuda, durung ana sing wani mbangun, jk jirih kabeh. Dene ora wanine mbangun Pedaleman Suci kuwi sebabe apa, ora patia cetha lapurane Kitab Suci, isa merga rung kober, isa merga wedi mengko tiwas mbangun njur digecak bangsa liya, isa uga wegah  lan wedi mbangun amarga pelit lan wegah cucul kanggo Pedaleman Suci. Kabeh  isa wae dadi alesane, sing cetha nalika kuwi bangsa ngisrael lan Yehuda wedi arep mbangun Pedaleman Suci.

Pirsa kahanan kang kaya mengkono kuwi, Gusti Allah lumantar nabi Hagai paring dhawuh, supaya enggal Tumandang. Sebab wedi lan ora nglakoni apa-apa kuwi ora bakalan nekakne hasil, supaya metokne hasil ya kudu Tumandang. Wedi ora lulus , njur ora melu ujian, kapan luluse? Wedi ditampik njur wegah nembak, lha kapan klakone? Wedi mbangun Pedaleman Suci, njur ora ndang tumandang, njur kapan klakone?

 

Bab wedi njur moh Tumandang kuwi, ora mung klakon ing jamane nabi Hagai, ing jaman saiki jik nggladeg sing asipat kaya mengkono kuwi. Semono uga bab “Mbangun Pedaleman Suci”, angele ngeram. Mbangun pisik angele ngeram, mbangun mentalitas ya semono uga. Anehe jagad kuwi mengkene, nalika pribadi mabngun omahe dewe, tuku ya isa ding, saking sugihe, mula tuku pirang-pirang nggo, malah didadekne kos-kosan lan kontrakan mayae ngeram, ananging aja meneh mbangun Pedaleman Suci, saiki lagi ana gendenge Pedaleman Suci pecah wae, ora ana sing nggagas. Kuwi kahanan kang klakon ing jaman saiki, angel Tumandang yen kanggo pakaryane Gusti. Mula, nalika ing jamane nabi Hagai, Gusti paring dhawuh, supaya ndang tumandang, ing jaman saiki swarane luwih seru, ndang TUMANDANGA! Ora usah kokean teori, ora usah kokean rembug, ndang njegur ing jagading pakaryan.

 

“Leng, minggu sore wingi raketok kerjabaketi neng nggreja, ngandi awakmu?” Takone Siwo Solebo, nalika kaya padatan, jagongan neng Cakruk Sor Talok.

“Aku ujug-ujug ana keperluan Bo, raisa diwakilke..”Semaure Lik Ndoleng, sinambi mbenekne Benik Klambine sing maune “cangco”.

“Keperluan apa ta Lik, sakngertiku ndek minggu sore, sampeyan mung ngolo ayam alas karo Jebik, ipene Siwo Solebo” Dalijo melu nanggepi rembugane Lik Ndoleng lan Siwo Solebo.

“Weh, angu Jo..kae..anu..hmm..pokoke pas kae aku..anu..”Glagepan anggone Lik Ndoleng menehi wangsulan.

“Ora usah kokean alesan Leng, males mangkat ngono wae wis beres, cetha. Males Tumandang nyambut gawe yen dudu kanggo awake dewe, kuwi lumrah. Aku yakin mbolokin, sing maca tulisan iki, mesti okeh sing wegah Tumandang Gawe, nalika kuwi kanggo greja. Kokean alesa thok eneke!!” Ngendikan Pakde Kento.

“Jale isine pawarta kae dudu kerjabakti, isine andum sembako pogreja menehi BLT sejuta per KK, mesti antri saka jam siji mbengi ya dhe?” Siwo Solebo sajak erosi, mula ngendikane rada dawa.

“Kamangka wingi pas kerjabakti, Yu Wasti mangkat, kang MArkun ora…sajak clingak-clinguk, mbokmenawa ya nggoleki kowe kae Lik,,” Iin melu muni, nalika ngetokne wedang sakpacitane.

“Dusss..ngertio mangkat cahhh!!” Lik Ndoleng sajak kuciwa!

 

Mbah’e

Selasa, 23 Maret 2021

DIGROJOGI

 

Selasa Pon 23 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 44 :1-8

Jabur 119 : 8-19

Para Rasul 2 :14-24

Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah kang nitahake sira, kang mangun sira wiwit ing wetengan tuwin kang mitulungi sira: Sira aja wedi, he abdiningSun Yakub, sarta he Yesyurun, kang wus Sunpilih!Sabab Ingsun bakal ngesokake banyu ing tanah kang ngelak, lan udan deres ing panggonan kang garing. Ingsun bakal ngesokake RohingSun ig sirahe turunira, lan berkahingSun marang anak-putunira. Iku bakal padha tuwuh kaya suket ing satengahe banyu, kaya wit gandarusa ing pinggiring kali.” Yesaya 44 :2-4

 

DIGROJOGI kuwi tembung linggaku Nggrok, kang tegese mili kanthi linuwih. Biasane sing Nggrojok kuwi sing nduweni sipat cair, kayata banyu. Saka tembung Nggrojok kuwi isa dadi pirang-pirang tembung, kayata Grojogan, sing tegese papan anane banyu mili gede saka ndhuwur lan tumiba ing ngisor, mula njur ana papan kang kinaranan Grojogan Sewu. Ana uga tembung Nggrojogi, tegese ngileni banyu saka ndhuwur kanthi cacah kang akeh, uga ana tembung DIGROJOGI,kang tegese nampa ilining banyu saka ndhuwur kanthi cacah kang ngluwihi kahanan kang lumrah.

 

Bab tembung Nggrojog lan kanca-kancane mau, uga nate dadi piwulang neng Kitab Suci, cethane bab prasetyane Gusti Allah, kang arep tansah NGGROJOGI para kagungane kanthi berkah kang ngluwihi butuhe menungsa. Piwulang kuwi tinulis neng Kitab Yesaya. Nalika kuwi bangsa ngisrael nembe ngadepi kahanan kang ruwet tur ya abot banget. Lha lire kepiye ora abot lan ruwet, wong wis dadi budak neng panggonane bangsa mungsuh. Kahanan neng “tanah pengasingan” lan uga dadi budak kuwi kang dirasakne abot dening bangsa ngisrael, aboting kahanan ginambarake lemah kang garing tanpa banyu lan udan. Ing kahanan kang kaya mengkono kuwi, Gusti Allah lumantar nabi Yesaya, ngelingake bangsa ngisrael yen sejatine kabeh Kagungane Gusti Allah. Sanadyan abot lan rekasa, sejatine Gusti tansah NGGROJOGI ara kagungane, mula ya tetep jik kuwat ngadepi kahanan kang abot kuwi. Ing tembe, wujuding berkah kang NGGROJOGI kuwi bakal kabukten nalika Gusti Allah nuntun bangsa ngisrael bali mulih menyah tanah leluhure lan negarane.

 

Bab ngrasakne urip rekasa lan kokean momotan kuwi ora mung ing jamane nabi Yesaya, ing jaman saiki ya okehe ngeram sing rumangsa uripe rekasa. Mula nalika mbiyen bangsa ngisrael ngrasakne rekasaning urip. njur dielikake dening nabi Yesaya yen Gusti kuwi tansah NGGROJOGI para kagungane. Mulane, nalika ngadepi kahanan kang rinasa abot, oa usah kuwatir, janji utawa prasetyane Gusti kuwi tan nate mblenjani, mula ditatag wae ing kahanan kang sumarah lan sumende marang Gusti. Lan aja ngandi klalen, tetep nglakoni apa kang dadi ayahan tanggungjawabe, mesti bakalane tumeka ing kahanan kang nyenengake.

 

“Jo, kok tumben iki sepine ngeram, do ngandi?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo.

“Sembahyang Lik, nyuwun kekuwatan ben kuwat lan isa ngerti kersane Gusti” Wangsulane Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Weh, lha ana apa kok ora kaya biasane?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Arep mbuktekne yen jan-jane berkahe Gusti kuwi tansah NGGROJOG Lik” Omonge Dalijo.

“Kuwi jan-jane kaya tresnaku neng Wasti, jik tansah NGGROJOG,ananging saiki tak GROJOGne marang bulikmu  Trinil..” Unine Lik Ndoleng Lirih.

“Poiyo Lik, aja-aja mung alesan thok, ben ora disrawat sandal mbok Cilik Trinil..” Iin melu nimbrung rembugan.

“Dus, krungu wae kowe kuwi In..” Grenengane Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

Senin, 22 Maret 2021

LANGGENG

 

Senen Pahing 22 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 43 : 8-13

Jabur 119:9-16

2 Korinta 3 :4-11

Satemene apa kang biyen kaanggep luhur, iku dudu apa-apa manawa katandhingake karo kamulyan kang pinunjul iki. Awit manawa kang bisa sirna bae kinanthenan kamulyan, apamaneh kang tetep ora sirna yen oraa kinanthenan kamulyan kang ngluwihi iku.” 2 Korinta 3 :10-11

 

LANGGENG, kuwi tembung kang wis lumrah rinungu padinan kanggone wong akeh, klebu sing maca tulisan iki. LANGGENG kuwi kosokbaline Sakwetara, LANGGENG kuwi isa uga diartekne tan winates lan kosokbaline ya winates. Kanggone menungsa, LANGGENG utawa tan winates kuwi nduweni rong penemu, yen kahanane apik,mesti kepenging lumaku LANGGENG utawa tan winate, dene menawa kahanane ora apik,apameneh ngrekasa mesti kepengine winates, ndang gek rampung. Ana ing piwulang agama, mbuh kuwi agama apa wae, mesti ana piwulang bab kang LANGGENG lan kang winates, sing winates kuwi bab kadonyan lan mungsuhe bab kaswargan utawa kanrakan, lan kabeh kepenging lumebu neng Swarga kanthi LANGGENG.

 

Rasul Paulus nate maringi piwulang bab kang LANGGENG lan kang winates kuwi. Manut rasul Paulus, apa kang mbiyen kaanggep luhur lan nyenengake,menawa kuwi bab kadonyan, kahanane ora LANGGENG. Manut paseksine rasul Paulus, pangerten bab Sang Kristus kuwi kang nekakake kabar kabungahan. Ora mung nalika ana neng ndonya, ananging uga sakmengko sakwise ninggal jagading urip neng ngalamndonya iki. Yen bab kadonyan sing ora LANGGENG wae isa marakne bungah amarga kinaranan luhur, apa meneh iki kahanan kang LANGGENG, kudunenekakne kabar kabungahan kang gede temenan. Ananging kasunyatane cengkah, amarga okeh wong sing ora isa mangerteni bab kang LANGGENG, sing digagas lan mung tansah dipikir kuwi sing katon, kamangka sing katon kuwi ora LANGGENG.

 

Ora mung ing jamane rasul Paulus, ing jaman saiki ya klakon kang kaya mengkono kuwi. Menungsa yen dijak sinau piwulang bab kang LANGGENG, angele ngeram. Menungsa jik seeng mbledig kahanan  kang sejatine ora LANGGENG. Menungsa jik katutup mripate karo gebyaring jagad kang sipate mung sakwetara. Ora sithik sing mapanake bab kang LANGGENG kuwi ana ing “pekiwaning” uripe, lan bab kang ora LANGGENG kuwi malah ana ing pusating uripe. Ora sithik sing nggegegi bandhane, tinimbang andum bandha mau kanggo liyan sing luwih mbutuhake, ora sithik sing jik seneng numpuk bandha kadonyan (sanadyan kuwi ya apik) lan babarblas ora gelem “nyawang” liyan sing jik mbutuhake. Kanthi alesan kang ndakig-ndakig, ngapaya endha ngedum bandha, kuwi ora merga setiti, ananging amarga uthil,pelit lan mung nyawang kadonyan kang sejatine ora LANGGENG.

 

“Dalijo ngandi Leng?” Takone Siwo Solebo, nalika sore kuwi wis kaya padatan, jagongan neng Cakruk Sor Talok.

“Mae pamit, arep ngeterake wong kutha, jare kancane. Arep melu nandhur Porang jarene Dalijo” Semaure Lik Ndoleng.

“Weh, ya esipp kuwi Leng..aku maca neng nginternet, Porang kuwi kaya binukae “Kotak Pandora” sing saksuwene iki katutup. Lumantar Porang, para kadhang tani bakalane makmur..” Wangsulane Siwo Solebo.

“Yonek do gelem melu nandhur, yen mung nyawang lan ndelok, kendele mung alok-alok, apa ya isa makmur ta Bo?. Jarene Dalijo, angele pol ngyakinke para sedulur tani..”Omonge Lik Ndoleng meneh.

“Kudu gelem berkorban Lik, Wo…kuwi syarate ben para sedulur tani isa ngubah “mainset” (mindset)..” Dalijo kang nembe teka, langsung nranjul rembugan.

“Aku mathuk karo kang Dal, kudu ana sing berkorban, kaya aku sing tetep setya tuhu, nggawekne wedang njenengan kabeh, saben sore, kamangka babarblas ora nguruni gula lan kopi..” Unine Iin, nalika metu saka pawon.

“Santai wae In, berkorban  kuwi apik, kuwi tabungan kanggo lakuning urip sing LANGGENG, aja pelit karo bandha donya kang sipate ora LANGGENG. Aku mau ya bar ngaturi bibit Porang, sing takaturi ora ateges wong ora nduwe, sugihe ngeram. Ananging aku ngaturi kuwi iklas, ora nggagas bab sugih lan mlarat…kuwi urusane sing njaluk karo Gusti. Tetegna atinmu In..”Kotbahe Dalijo, mbuh nembe kencokan apa. Dene  Siwo Solebo lan Lik Ndoleng mung klepas-klepus karo jisamsune.

 

mbah’e..

Minggu, 21 Maret 2021

NYELAK’I

 

Minggu Legi 21 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 31 :31-34

Jabur 51 :2-13

Ibrani 5 :5-10

Yokanan 12 :20-33

Nanging prajanjian kang bakal Sundamel karo wong Israel, sawuse wektu iku, -- mangkono pangadikane Sang Yehuwah -- iku mangkene: ToretingSun bakal Sunparingake ana ing batine, sarta Sunserat ana ing atine; Ingsun banjur bakal jumeneng dadi Allahe lan wong-wong iku bakal padha dadi umatingSun. Apadene ora prelu wong aweh piwulang maneh marang pepadhane, utawa sadulure mangkene: Kowe wanuha marang Sang Yehuwah! Amarga wong iku kabeh, gedhe cilik, bakal padha wanuh marang Ingsun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah , awit kaluputane bakal Sunapura lan dosane wus ora Sunengeti maneh.” Yeremia 31:33-34

 

Tembung NYELAK’I kuwi asale saka lingga Selak, sing tegese ngendani utawa basa ngindonesane “memungkiri”. Biasane tumindak NYELAK’I kuwi amarga kang kelakon cengkah karo kang dadi pengerep-arepe. Sakliyane bab pengarep-arep, bab NYELAK’I kuwi isa uga amarga ora ngerti apa kang sejatine kelakon, ora sadhar yen kahanan kuwi kelakon. Ben mayar anggone para pamaos BENINGE EMBUN ESUK ngerti bab NYELAK’I, ndak gambarake bab kahanane tandhuran Porang. Mbiyen, kurang-luwih patang tahun apa limang tahun kepungkur, ora ana sing nggagas marang Porang (klebu sing nulis tulisan iki…hehe), muwi amarga durung nduweni pangerten babar pisan bab Porang. Sanadyan akeh tandhuran Porang, ananging ya mung ditokne wae, amarga durung ngerti manpate lan uga ajine, sepisan meneh sanadyan ana ing sakiwa tengene uripe.

 

Neng Kitab Yeremia bab 31, ana crita bab kahanan kang kurang luwih kaya kang wis ka-andharake ing ndhuwur. Nalika jamane nabi Yeremia, bangsa ngisrael yan Yehuda wis babarblas ratumata, sanadyan ya ngerti angger-anggering Toret kang tinulis ana neng Padaleman Suci lan saben Sabbat diwacakne (persis kaya angger-anggering katresnan). Ananging sanadyan kaya mengkono,  ora sithik wong-wong ngisrael lan Yehuda sing mbalela lan ora nggagas babarblas bab angger-anggering Toret. Pirsa kang kaya mengkono kuwi, Sang Yehuwah kagungan “setrategi” anyar, kanggo nganyarake prajanjiane. Yen angger-anggering Toret sing mbiyen kuwi tinulis neng watu lan “papyrus” (rung jamane buku lurr, pomeneh disimpen neng pail computer..hehe), janjine kang anyar arep DITULIS neng atine para kagungane. Jian, apa ora nggegirisi tenan lurr..

 

Ancase ditulis neng ati kuwi supaya menungsa (si menus-menus kebak dosa) ora isa NYELAK’I kahanan, yen durung ngerti bab angger-anggering Gusti, amarga wis tinulis ing ati. Dadi kabeh kang dadi kagungane Gusti, mbuh wong ngendi wae lan saka ngendi asale, kabeh neng atine wus katulisan bab Angger-anggering Gusti. Yen nganti nerak angger-angger kuwi, mung ana rong kemungkinan, siji pancen neng atine durung tinulisan angger-anggering Gusti, lank aping pindhone ya amarga NYELAK’I, wis ana ananging rumangsa durung ana, wis ngerti ananging ethok-ethok ora ngerti, wis nduwe ananging ethok-ethok rung nduwe. Yen sing “dibulpus” kuwi menungsa, mayar wae, lha iki sing diapusi Gusti, apa ya isa? Neng atine wis tinulisan angger-anggering Gusti, bab pangertening urip, ananging NYELAK’I, yen ngene kelakone, ya ben mengko diurus Sing Ngecet Lombok wae.

 

“ Lik, entuk weling saka Yu Wasti”, Iin ngomong nalika nyuguhne wedang lan pacitan neng Cakruk Sor Talok, lan ing kono wis jangkeb, anan Dalijo, Siwo Solebo, Pakde Kento lan Lik Ndoleng.

“Weh, WA wae In, aja seru-seru, konangan Solebo kojur kingko..” Lik Ndoleng sajak klesak-klesik marang Iin.

“Haiyah, palinga udud lan kopi  lehmu njupuk warunge Wasti rung mbok bayar Bo..” Siwo Solebo nanggepi.

“Jang ngedet kuwi yak’e Lik” Dalijo melu nimbrung.

“Aja-aja arep CLBK Leng?” Pakde Kento ya melu-melu nanggepi.

“In, jan-jane baba pa ta welinge kuwi?” Takone Dalijo.

“Bab kuwi lho kang, mosok Kartu Persembahan Wulanane Paklik kuwi tekan wulan maret ora diiseni babarblas…kang Yu Wasti bendaharam dadi ngerti..” Unine Iin.

“Bangbayikkkkkk…ngono kok kemakimu ngeram Lengg..”Swarane Siwo Solebo bantere ngeram.

“Weh, rumangsake kertuku ora ana..mula ya ajy rangleboni..”Semaure Lik Ndoleng.

“Rasah NYELAK’I kasunyatan Lik, ndek kapan kae, nalika rampung ngibadah, aku njupuk kertu wulanan, sampeyan ya ngerti, ananging ethok-ethok raweruh…” Dalijo ngomong kasunyatan kang klakon.

“Weladalah Leng, klakuanmu kuwi jebullll..” Ngendikane Pakde Kento,dene Lik Ndoleng mung klecam-klecom kaya Blekok dijarak precil..

 

Mbah’e..

 

 

Sabtu, 20 Maret 2021

WANGI

 

Setu Kliwon 20 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK




Habakuk 3 :2-13

Jabur 51 :1-12

Yokanan 12 :1-11

Maryam banjur njupuk lenga jebad nared tulen kang akeh ajine, bobote satengah kati, banjur dijebadake ing sampeyane Gusti Yesus, tumuli diusapi kalawan rambute. Ing sajroning omah kabeh kongsi kebak gandane jebad mau.” Yokanan 12:3

 

Yen dikon milih, mbokmenawa kabeh sing maca tulisan iki luwih milih gandha WANGI tinimbang gandha mbanger. Kuwi isane klakon amarga gandha WANGI kuwi tumrape lumrahe menungsa mesti nyenengake, mbuh yen wis ora seneng karo gandha WANGI,mbokmenawa wis klebu golongane wong kang ora lumrah. WANGI kuwi kahanan, yakuwi kahanan kang isane rinasa dening menungsa lumantar irung minangka indra pengambet, lan yen jik normal mesti isa mbedakne ndi sing WANGI lan ndi sing mbatheg. Ing jaman saiki malah isa kanggo titikan, yen wis raisa ngambet, kuwi isa klebu golongan kang kena serangane pirus “topik songolas”… Sepisna meneh, menungsa (lumrah),mesti luwih seneng gandha WANGI tinimbang mbanger.

 

Bab WANGI kuwi nate dadi crita lan piwulange Kitab Suci, yakuwi nalika ngepasi wektu nyedaki Gusti Yesus sinalib. Nalika kuwi wis padha ngumpul neng Betania, saperlu ngriyayakne Paskah. Nalika Gusti nembe dolan neng omahe Lazarus kang nate “koit” njur diuripake meneh dening Gusti. Ing kono ana wong okeh, lan nalika nembe asyike ngeram jejagongan, udad-udud lan ngopi, ujug-ujug teka Maryam (kang nate kaapura dosane), njur lungguh lan mbukak botol lenga nared utawa narwastu kang nduweni aji dhuwure ngeram. Sakwise mbukak lengan nared, Maryam njur njebadi sukune Gusti, amarga kuwi lenga kang WANGI banget, njur saisine omah dadi anggandha WANGI.Ngerti kahanan kaya mangkono kuwi, Paklik Yudas, sing pancen mikire mung bab dhuwit lan dhuwit, cluluk. “ Lenga pangaji semono gedene malah mung nggo nglomoti sikil, didol lan didumake wong miskin lak luwih maedahi..” Unine sinis, sajak ora trima karo tumindake Maryam.

 

Gusti Yesus pirsa atine paklik Yudas,mula njur dipangandikani. “ Das, rasah kokean guneman, tokna wae apa sing dilakoni Maryam, kuwi dilakoni kanthi iklas lan malah isa marakne sakisine ruwangan iki WANGI..” Yudas mung (sok) mikir liyan, kamangka iku mung arep nggolek bathi materi, dene Gusti mirsa samukawis kanthi pamawas kang wicaksana. Maryam ana ing pamirsane Gusti nglakoni kuwi kabeh kanthi iklas, lan wong kang iklas nglakoni kuwi ora mikir regal an bandha. Maryam misungsungake kang diduweki, lenga nared (narwastu) kang pangajine yen saiki atusan juta, iklas merga rumangsa diapura dosane. Ajine lenga nared kuwi ora ana apa-apane dibandingake karo Sih Rahmate Gusti kang menehi pangapura marang dewekne, mulane Maryam kepengin ndadekne kahanan papan kang ing kono ana Gusti dadi WANGI. Dadine, pisungsung kang iklas kuwi marakne WANGI ing samubarange.

Ing jaman saiki mbokmenawa angel nggolek pawongan sing kaya Maryam, misungsungake kabeh kang dadi darbeke. Saiki misungsungake kuwi mung saka “turahan” kang dadi butuhe uripe, arang sing mligekake kanggo pisungsung. Mulane, yen saiki gandhane rada kurang WANGI, kuwi mbokmenawa amarga niyate lan jumlahe ora padha karo Maryam, nalika njebadi Gusti Yesus.

 

“Jo, paklikmu Ndoleng ngandi kok durung ketok?” Takone siwo Solebo, nalika setu sore kuwi kerjabekti ngresiki pekarangan greja.

“Mbuh Wo, jarene sibuk, mau ngomong yen arep mangkat sakwise rampung olehe nderuki Katak Porange sing wis panen” Semaure Dalijo, sinambi ngesiki kaca.

“Wong ya ramesti sesasi pisan kerjabekti, kok ya isih dinyang ta yaaaa..ya..” Grundelane Siwo Solebo.

“Kuwi tegese rung ngimani Gusti kang Sol,merga jik nengenake butuhe dewe. sinau saka tulisane mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK, pisungsung kuwi kudu nomer siji, kaya Maryam kang misungsungake lenga nared asli, mula njur anggadha WANGI..Saiki yen niru Maryam kabeh mesti kahanane ya melu “WANGI”, aku yakin kuwi..” Pakde Kento lagi teko ya melu sesorah, njur ketungka tekane Lik Ndoleng.

“Jo, Dalijo…janjane sing bener kuwi kerjabekti apa kerjabakti ta? Kok sajake ana sing beda ya..” Muni ngono Lik Ndoleng sinambi nglirik Dalijo, dene Dalijone reka-reka rakrungu, klepas-klepus karo MLDne, lan ing batin muni,

“Trondoloolo, cah tuwek malah ngece…Jindullll!!”

 

 

Mbah’e..

 

FIKSI Di Malam PASKAH