Rabu, 22 Mei 2019

WELAS


Rebo Pahing 22 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Kaimanan 19:9-18
Jabur 133
Lukas 10:25-28
“Gusti Yésus nuli mungkasi critané mau srana ndangu mengkéné: “Manut panemumu, wong telu mau endi sing dadi pepadhané wong sing dibégal?” Ahli Torèt mau mangsuli: “Inggih tiyang ingkang nindakaken kawelasan dhateng tiyang ingkang dipun bégal menika.” Pangandikané Gusti Yésus: “Wis, mundura, lan nglakonana mengkono uga.”

SING PADA MIGREN, IKI LHO JAMUNE..JOSS

Tembung WELAS entheng yeng diomongake, ora abot lan uga gampang ngucapkene. Lan seka tembung iki banjur ana pirang-pirang tembung daden sing tegese ya isa beda. Ana tembung kawlasan sing tegese tumindak kanggo nunjukake rasa WELAS, ana tembung piwelas sing tegese sepira ajine tumindak WELAS, ana tembung memelas sing tegese kahanan sing isa ndadekne rasa WELAS tuwih lan njurung kangggo tumindak , uga tembung diwelasi sing tegesekahanan sing nrenyuhake banget sing ndadekne liyan tumindak WELAS lan sakpanunggalne. Seka akeh pranak’an tembung WELAS kuwi, yen dikon milih mesti akeh sing milih tembung DIWELASI, supaya entuk pambiyantu, yen nelakne rasa piwelas kayane ana ning ya arang.

Bab WELAS lan tembung pranak’ane mau nate dadi piwulang pokok saka Gusti Yesus, yakuwi nalika ana wong Parisi lan Saduki sing pengen nyoba Gusti Yesus. Sakjane wong-wong kuwi wis dong bab sapa sing dadi sakpepadane,ananging merga gethinge ngram karo Gusti mula ya nggolek-nggolek cara supaya bisa nyalahake. Tumindak kaya mengkene iki tekan saiki ya jik populer, seneng nggolek srana kanggo nyalahke liyan. Ananging Gusti Yesus wis pana arah lan tujuane pitakonan kuwi, mula njur mangsuli lumantar  crita. Critane bab wong tumndak apik, ndilalah dudu sing nganggo pakaean sing katon suci lan soleh, ananging justru “wong liya” tumrap para wong Saduki lan Parisi.


Seka crita kuwi nemplek pleggg sing pada takon, mula nalika neng pungkasane crita Gusti mundut pirsa, sapa sing isa diarani sakpepada, njur kanthi isin diwangsuli yen sing nindak’ake WELAS marang sing nandang rekasa. Saka crita kuwi sejatine Gusti kagungan ancas, nganggo pakean simbol agama kuwi ora kleru,ning ya nindakna katresnan,  nindakna rasa WELAS kuwi marang sing mbutuhne. WELAS kuwi mawujud nalika ditindakne, oramung dingerteni, yen mung dingerteni lan ora ditindakne, kuwi ora isa diarani Jarkoni, isa ujar ragelem (ora ko raisa lho ya) nglakoni.

Rasa WeLAS kuwi berkah, kabeh menungsa nduweni ananging durung temtu digunakne utawa dipraktene. Merga babar blas ratahu dipraktekne, mula ya kaya arit lan ladhing kae, suwening suwe kethul, babar blas ora isa dinggo nggawe. Jenenge ya arit lan ladhingm ning blas ora kanggo nggawe. Semana uga katresna, sing neng njerone ana WELAS, yen mung disimpen wae, suwening suwe kethul, muspra tanpa guna..




“Seka ngendi Jo, kok nyalawadi, dandan bagus men?” Pitakone Lik Ndoleng neng Dalijo sing awan kuwi mulih numpak ojek.
“Seka pasar lik…nggolek parsel” Wangsulane Dalijo cekak tur ya aos.
“Nggaya men, arep ngirimi parsel sapa Jo?”, Lik Ndoleng sajak penasaran.
“Biyuhhh, takone sampeyan kok nggrojok kaya banjir mangsa rendeng Lik?” Nduk I’in melu goreh merga Lik Ndoleng mung takonnnn wae.
“Mbok ben ta In, wong mung takon wae mbok rasah dipaido… Ngene lho lik, aku tuku parsell meh takirimke “mbahe”, minangka rasa syukurku tur ya ngepasi ngko bakdan”, Dalijo mangsuli kanthi sareh.



“Weh, kan biyasane ngko pas desemberan, ngapa ndadak saiki?”, Lik Ndoleng sajak sansaya erosi..eh emosi ding..xixixi..
“Lha wong tumindak apik wae kok ndadak dibatesi Lik, kuwi eae sampeyan pas mangsane desemberan palinga ya babar blas.. Ngene ya lik tumindak apik kuwi aja mbok batesi, WELAS kuwi berkahe Gusti. Wis mbatesi lha jebul ora tau ngaturi, biyuh lik..pora isinmu umpuk undhung?Mula rasah crigis bab parselku iki..yen isa melu wae, yen rasia nyawanga wae..”Dalijo ngoceh kaya manuk prenjak kasmaran…dene Lik Ndoleng mung ingah-ingin sinartan plengah-plengeh kaya sapi disuntik, merga ya babarblas rapernah nelakne sih piWELAS marang sapa wae, kamangka gayane jian..

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH