Selasa, 13 April 2021

PINAYUNGAN

 

Selasa Wage 13 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Daniel 6 : 1-28

Jabur 135

1 Yokanan 2 : 12-17

Allah kawula sampun ngutus malaekatipun mbungkem cangkemipun singa-singa punika, satemah boten saged nyikara dhumateng kawula, amargi kawula pancen boten kadunungan kalepatan wonten ing ngarsanipun; nanging ugi dhumateng panjenengan dalem kawula boten nandukaken piawon.” Daniel 6 : 22

 

PINAYUNGAN, kuwi linggane Payung, kang tegese alat utawa sarana kang nduweni kagunan utawa fungsi kanggo njaga saka udan lan panas. Saka tembung Payung, kang sejatine barang, isa dadi pirang-pirang tembung, isa Payungan, Mayungi, Kepayungan, Dipayungi lan uga PINAYUNGAN. Mulane, tembung PINAYUNGAN iku sakbanjure nduweni arti kahanan kang aman saka kahanan udan utawapanas kang nembe klakon, Yen PINAYUNGAN artine entuk sawab apik saka paying, mulane yen ora PINAYUNGAN tegese ora entuk sawab apik. Biasane sing ora PINAYUNGAN kuwi ya nampa apa kang dadi  lelakon kang lumaku, yen panas ya kepanasen lan yen udan ya kudanan.

 

Daniel, salah siji tokoh Kitab Suci kang nate ngalami pengalaman kang ngedab-edabi, yakuwi PINAYUNGAN karahayon nalika dilebokake neng saknjerone luweng kang isine Singa sing keluwen. Lumrahe Singa luwe, nalika ana mangsa teka, mesti diuntal nganti tekan wareg, ananging kang dialami Daniel ora kaya mengkono. Awit saka sawab pangwasane Gusti Allah, singa sing jan-jane keluwen kuwi blangkemen, nalika Daniel mlebu, dadi ora isa mangan. Oiya, Singane ora isa mangan Daniel kuwi mbuh blangkemen apa sariawan, aku kurang dong, sing cetha laporane Kitab Suci ora mangan ragane Daniel. Kahanan kuwi dadi gumune raja Darius, lan ora mung nggumun, ing sakbanjure malah melu menembah marang kang sinembah Daniel.

 

Apa kang dialami Daniel, yakuwi masalahe urip, tekan saiki ya jik klakon. Mung wae, kepiye “kadar” kasetyane marang Gusti Allah kang sinembah. Yen kadare sithik, mesti ana tantagan sithik wae njur mlengos saka kiblat marang Gusti, njur ora isa nduweni pengalaman apik kaya Daniel kan ucul saka panganceme singa-singa ngelih. Mula saka kuwi, yen pengen ngalami pengalaman kaya Daniel, aja owah gingsir anggone percaya lan setya marang Gusti Allah kang sinembah, aja nyembah sakliyane Gusti, mesti bakalane antuk karupekan. Wis, ngene wae, aku selak arep ngrungokake jagongan neng Cakruk Sor Talok.

 

“Leng, ngandi Dalijo?” Takone Siwo Solebo.

“Rung mulih, jik neng kebone” Semaure Lik Ndoleng.

“Cen cah kae sregepe ngeram gek, kawit cilik wis sregep angon lan ngarit.” Semaure Siwo Solebo.

“Gumunku, pora wedi cah kae, tekan mbengi ngene iki..” Unine Lik Ndoleng meneh.

“Aku rumangsa PINAYUNGAN Sihe Gusti kok  Lik, mula isa ngadepi rasa wedi…” Ujug-ujug Dalijo semaur saka pojokaning pekarangan, nembe mulih seka Kebone Porang.

“Emange kowe Lik, wedimu ngeram, saben nglirik Yu Wasti njur konangan Kang Markun” IIn, njedul, nggawa kopi lan kaya padatan, njengges Lik Ndoleng.

“Jrettt!!, isa wae kowe kuwi In..hmmm” Sambate Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH