Minggu
Pahing 31 Mei 2020
BENINGE
EMBUN ESUK
Para Rasul 2:1-21
Jabur
104:24-34,35b
1
Korintus 12:3b-13
Yokanan
20:19-23
“Manawa kowe padha ngapura dosane wong,
iku dosane diapura, lan manawa kowe padha netepake dosane, iku dosane
ditetepake.” Yokanan 20:23
NGAPURA
kuwi asale saka tempung Apura, sing tegese kahanan nutup lelakon kang wis
lumaku ing wektu kang kawuri. Dadi yen ana sing durung klakon ananging wus
njaluk Apura, kuwi ora pas. Saka tembung Apura kuwi njur dadi NGAPURA, sing
tegese sakabehing tumindak kang ngener marang kahanan nutup apa wae lelakon
sing wis kawuri. Neng basa ngindonesa ana rong tembung bab Apura lan NGAPURA,
yakuwi “memaafkan” lan tembung “mengampuni”. Memaafkan kuwi meh padha karo
mengampuni, ananging jik dituntut neng pranatan hukum, dene mengampuni kuwi
maafke tur ya ora nuntut neng pengadilan,wis rampun,tuntans..tas..sak
endog-endoge..hehe. Neng basa jawa mung
satembung, yakuwi Apura lan dadi NGAPURA. Sanadyan mung satembung lan ketone
mayar, sejatine NGAPURA kuwi rumpil temenan. Lha kepiye ora rumpil?Lha sabarang
kang nate natoni kon nglalekne lan ora oleh nuntut wales, pora yo abote ngeram.
Oiya,
jejer NGAPURA wis nate katulis neng BENINGE EMBUN ESUK, mula taktambahi angka
2. Yen durung percaya, ceka wae IKI LHO Mbalik neng bab NGAPURA, neng Kitab Suci
akeh banget piwulang bab NGAPURa, ananging ing dina iki, BENINGE EMBUN ESUK
arep ngajak sapa wae sing maca tulisan iki ngrasakne kersane Gusti bab NGAPURA
lumantar patrab saka diri pribadi. Tegese mengkene, kaya nats ing ndhuwur,
sabarang kuwi isane klakon merga pikirane awake dewe. Yen awake dewe NGAPURA,
apa wae luput lan salahe Liyan, kaapura, lan kosokbaline, cilika kaya ngapa
salahe Liyan, yen awake dewe ora NGAPURA, kuwi tetep salah utawa dosa. Dadi sejatine,
jagad iki arep apik apa ala,gumantung pikirane menungsa, si menus-menus kebak
dosa!
Saka piwulang Kitab Suci dina iki, sejatine yen gelem, kahanan njagad iki isa klakon tentrem rahayu, menawa kabeh mikir lan tumindak tentrem rahayu. Ananging kosokbaline, jagad klakon ruwet nalika kabeh mikir lan tumindak tentrem rahayu. Dadi, kabeh kudu digawe kepenak.sepisan meneh, kabeh kuwi mung gumantung saka pikiran. Yen mikir lan sakbanjure tumindak NGAPURA, kabeh mesti klakon apik,ananging yen jik ngumat lan ngingu lara ati utawa dendam, kabeh isa rusak,ajur-mumur ora kauruan.
“Jo, jare winihmu Porang ana sing dicolong nguwong ya?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo, nalika awan kuwi cangkrukan neng Cakruk, merga udan gembrejeh kaya neng wulan desember.
“Weh,
tik ngerti Lik?Biasane yen bab ngene iki sampeyan angel paham…” Semaure Dalijo,
sinambi dolanan Androite.
“Ditakoni
malah genti takon..hmmm..” Gembrenenge Lik Ndoleng, lan sakdurunge Dalijo
wangsulan, ketungka njedule Nduk Iin, saka warung sajak’e.
“Iyo
kuwi Lik, aku mau ngerti malah seka Yu Wasti..”Iin nimbrung.
“Ora
ana colong cinolong, kuwi mung ana wong butuh ananging ora wani nembung. Aku ora
ngarani nyolong, ben sapa wae sing njupuk ananging ora nembung aku ora
kinaranan tukang nyolong, kuwi pangerten bab NGAPURA sing takngerteni..” Dalijo
nyauri wasise ngeram, persis Begawan,sanadyan sejatine Josep, Joko Kasep.
“Tumben
mletik pikiranmu kang?” Iin sajak penasaran mbek Dalijo.
“Merga
bar krungu bab sliramu seka warunge Yu Wasti, mula pikiranku njur padhang In..”Muni
ngono, Dalijo sinambi nglirik Lik Ndoleng, sing njur sajak kaget lan muni..
“Trondolo
Bongkek!!, Malah aku sing kenek…!! Nggere bab Wasti, aku korbane cahh..Duss!!
Unine Lik Ndoleng ora patio seru.
Mbah’e..