Jumat, 15 Mei 2020

BANYU

Jemuah Legi 15 Mei 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Purwaning Dumadi 7 : 1-24

Jabur 66:8-20

Yokanan 15:12-17

“Anadene banjir gedhe mau anggone ngelebi bumi patang puluh dina; banyune saya agung njalari praune kangkat mumbul saka ing bumi.”  Purwaning Dumadi 7:17

 

BANYU, saben titah mbutuhake, ora ana sing isa urip ucul saka BANYU. Wujud’e BANYU kuwi mung sederhana lan mapan ana ing ngendi-endi panggonan. Sanadyan dibutuhake kanggo urip, ananging ana kalane menungsa lali utawa malah nglali marang BANYU, mula ya arang sing nengeri utawa ndokoni tenger marang apa wae kang ana sesambungane karo BANYU. Watak’e BANYU kuwi jian apik temenan, isa lumebu lumantar dala kang cilik utawa sempit lan secara natural, BANYU kuwi mung arep lumaku tumuju marang papan kang luwih endek. BANYU isane mili munggah, mung nalika ana sing nglantarake, menawa ora ya babarblas ora mungkin BANYU kuwi mili munggah.



                                                Bulbil Dorman Untuk Bibit. Minat WA 085870480039


 

Sanadyan BANYU kuwi anane neng ngendi wae panggonan, ananging tumekane BANYU kuwi kang marakne mbedakne menungsa olehe ngarani. BANYU sing tumeka bebarengan saka langit diarani udan, BANYU kang tumek ing wayah bengi lan esuk ngliwari gegodongan diarani EBUN, yen basa ngindonesane EMBUN. BANYU sing liwat lumantar menungsa malah uakehe pol jenenge, ana sing diarani Idu, Uyuh, Luh, Kringet lan okeh meneh. Dene BANYU kang tekane nginthil UDAN, lan cacahe jian okehe ora njamak, kuwi diarani Banjir.

 

Meh kabeh agama mapanke BANYU ana neng papan kang sinengker, ana sing dingo mbabtis, ana sing dingo wudlu, ana sing dingo wisuh lan adus, pokok’e kabeh nganggo BANYU minangka srana reresik. Neng Kitab Suci, uga ana akeh banget crita bab BANYU, salah sijine neng Purwaning Dumadi 7, neng kana BANYU diagem Gusti minangka piranti kanggo “Ndandani Jagad”, kuwi nalika jamane Rama Nuh. Merga saka polahe menungsa sing ora karuan, Gusti Allah ora trima yen jagadkang tinitahake kanthi ancas apik kuwi njur rusak, mula nalika kagungan krenteg “Ndandani”, Panjengane migunakne BANYU. Wiwitane dirusak sik, ngirid BANYU sakokeh-okeh, dikon nekani menungsa neng jagad, kuwi sing sakbanjure diarani banjir. BANYU sing tumekane ora karuan, isa ngrusak, sanadyan ana ing kawicaksanane Gusti,kuwi sejatine nembe “Dandan-dandan”.

 

Saka BANYU isa dijupuk pasinaon apik, sepisan, BANYU kuwi dibutuhake kabeh titah, ananging ya mung sakcukupe, nalika tumekane kokean lan bebarengan, malah isa ngrusak. Kapindone, samubarang kuwi kudu sakcukupe, kokean ora apik lan uga kesithiken ya ora apik. Dene kaping telune, lumantar critane Rama Nuh lan Banjir, menungsa ing jaman saiki isa eling, yen Gusti Allah isa ngagem apa wae kanggo lumakune karsane, lumantar BANYU Gusti Allah ngrumati,nguripi lan nyenengke menungsa. Ananging lumantar BANYU uga Gusti Allah isa nekakne bebendu kanggo menungsa, sanadyan kanggone Gusti kuwi mung srana anggone Dandan-dandan Jagad kagungane.

 

“Jo, apa kuwi yakin Porang sing mbok tandur kuwi dadi srana berkahe Gusti?” Lik Ndoleng nakoni Dalijo, nalika wis rada mbengi, merga wis peteng, Dalijo jik milihi Porang sing arep dingo bibit mungsa nandhur ngarep.

“Yakin lik, ngapa aku nglakoni pakaryan sing aku dewe ora yakin..” Dalijo semaur sinambi ndelehne bibit sing pungkasan, njur ngadeg lan njupuk MLDne, banjur disumet.

“Lha apa ora wedi ngko ora kaya sing mbok arepke?” Lik Ndoleng jik takon bab resiko ing mengkone.

“Urip yen mung dikwasani wedi lan kwatir, kapan lumakune Lik. Aku yakin, iki kabeh menawa ndak lakoni kanthi bener lan pener, bakalan dadi dalaning berkah..” Semaure Dalijo, njur linggih,lan ketungka tekane I’in, nggawa kopi kaya biasane.

“Mula dadi uwong kuwi sing yakin Lik..” I’in melu “mulang” Lik Ndoleng.

“Crigis In!!. Teka-teka melu rembug’an..” Umrenge Lik Ndoleng.

“Betul I’in Lik..” Dalijo melu mbelani I’in.

“Sampeyan kok saiki wis malih Kang, mbiyen yen nduweni keyakinan kaya mengkene mesti Tarsi ora ucul..” Ngomong ngono I’in njur mak klepat mlebu neng pawon.

“Asem kecut…bocah siji kuwiii…”Dalijo sajak nesu, sanadyan mung gojekan.

“Jik kangen Tarsi Jo?” Takone Lik Ndoleng.

“Crigis Lik!!”, Semaure Dalijo..

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH