Jumat, 29 Mei 2020

MBROBOS

Jemuah Kliwon 29 Mei 2020
BENINGE EMBUN ESUK




Pangentasan 19:16-25
Jabur 33:12-22
Yokanan 21:20-25
Pangeran Yehuwah tumuli tumedhak marang ing pucake gunung Sinai, sarta nimbali Nabi Musa menyang ing pucake gunung iku; Nabi Musa banjur minggah. Dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira mudhuna, bangsa iku elingna, aja ana kang mbrobos ing pager nyedhaki Pangeran Yehuwah arep ndedeleng, sabab mesthi akeh kang bakal padha tiwas. Pangentasan 19:20-21

Dina wingi rembugane BENINGE EMBUN ESUK bab PAGER, kang nduweni fungsi ora ukur akehe. Ing dina iki, BENINGE EMBUN ESUK arep ngajak sapa wae sing maca tulisan iki, mbuh neng ngendi paranne, sinau lan ngrasakne tegese tembung MBROBOS, jik ana gandeng cenenge karo PAGER, merga titah kuwi, klebu menungsa, akeh sing hoby MBROBOS utawa nrabas PAGER,cikben cepet tumeka ing tujuane. MBROBOS kuwi tumindak utawa lelaku kang ora ngliwati dalan kang sakmestine. Menawa kudune dalane mubeng, ananging merga pengen cepet njur MBROBOS kang sejatine dudu dalane. Jan-jane MBROBOS kuwi ora kabeh ala, ananging okeh ora becik’e yen bab MBROBOS kuwi.

Ana crita neng Kitab Suci,nalika Gusti Allah ngakon nabi Musa supaya ngelingake bangsa ngisrael, merga ana kang MBROBOS Pager. Yen mung Pager gaweane menungsa, mbokmenawa ora patia nggegirisi, lha ing jamane nabi Musa, menungsa MBROBOS Pager saka Gusti Allah. Ing kahanan kaya mengkene, Gusti ngelikake,”..sira muduna, bangsa iku elingna,aja ana kang MBROBOS ing pager, nyedhaki….sebab mesthi akeh kang bakal tiwas..” Wis cetha yen nalika nggawe Pager, diwenehi ngerti bab fungsune Pager kuwi, lha kok jik ngeyele ngeram, mula ya tinimbang ngeyel, Gusti maringi pengancem kang ora bain-bain, nyedhak oncat nyawane utawa  MBROBOS klakon ujurne ngalor!

Saka crita ing Kitab Suci kuwi, isa dipethik pasinaon bab tumindak nerak utawa MBROBOS kuwi ora apik. Yen wis ana Pager,aja padha dibrobosi, yen wis dicawisi dalan ya aja MBROBOS liwat kang dudu dalane. Ananging kaya menungsa ing jamane nabi Musa, ing jaman saiki ora sansaya suda sing seneng utawa hoby MBROBOS, malah sansaya akehe poll. Meh kabeh Pager yen isa dibrobosi. Iki ngepasi pandemic Topik Songolas, kon nganggo masker wae angele ngeram, kon wisuh sakdurunge mlebu omah,ya angele pol-polan. Durung ing babagan lyane, bab kapercayan, dikon tertib ngibadhah wae ya angele ngeram, senengane MBROBOS apa wae kang sejatine wis ana pagere. 
Ngelingi pesen lan pengalamane menungsa ing jamane nabi Musa, yen sapa wae kang MBROBOS Pager kang diyasa dening Gusti bakal nemahi bilahi, mula ing jaman saiki kudune pada wani manut karo sabarang kang wis ditata lan diatur. Aja seneng MBROBOS apa wae kang wis digawe, isa-isa mengkone nampa bebendhu saka Gusti Allah.

“Kang, jik nyimpen obat merah?” Iin sajak klaran, nakoni Dalijo sing jik ibut neng Kebon cedak omah.
“Walah, lali In, lha ana kena apa awakmu?” Takone Dalijo.
“Mau arep neng omahe Kang Kayun, arep njaluk Jamur, sirku wegah liwat dalan biasane, adohe pol, mula aku MBROBOS metu kebon kuwi. Lha kok malah kena paku, lecet…perihe ngeram kang..” Wangsulane Iin.
“Lha ngapa kok ndadak MBROBOS, wong liwat ndalan ya ora adoh..” Dalijo nanggepi.
“Wong karepku ben luwih cepet, malah…yungalah…perihe kang..” Iin ndremimil, sajak kelaran, njur Lik Ndoleng njedul.
“Lha ngapa In, sikilmu po dibrakot boyo?” Takone Lik Ndoleng sakkenane.
“Ora Lik..anu..aduhh….” Sambate Iin.
“Kuwi mau meh neng mae Kayun, arep njupuk Jamur, ora liwat dalan biasane, malah MBROBOS liwat kebon, njur kena paku..” Dalijo njlentrehake.
“Mula ya mula In, aja seneng MBROBOS, isa kena wewelak. Liwat dalan kang ya ora kleru ta?”Lik Ndoleng sajak menehi pangerten marang Iin.
“Iyo Lik, sampeyan ya aja sok MBROBOS pager brayate Kang Markun, ngko kena wewelak..” Iin jik karo pringas-pringis nahan lara jik sempat njarag pakne cilik.
“Weladalah..malah tekan bab kuwi meneh…jindulll In kowe kui..jiannn!!” Umrenge Lik Ndoleng.

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH