Kamis, 14 Mei 2020

KABEH

Kemis Kliwon 14 Mei 2020
BENINGE EMBUN ESUK







Purwaning Dumadi 6:5-22
Jabur 66:8-20
Yokanan 15:9-11
Nanging karo sira Ingsun karsa damel prasetyaningSun, sira bakal lumebu ing prau iku, sira lan anak-anakira, somahira lan somahe anak-anakira. Apamaneh samubarang kang urip, sarupane makhluk, iku sira nggawaa mlebu ing prau sajodho-sajodho, supaya padha kapitulungana urip bareng karo sira; saben jinis lanang lan wadon. Sawernaning manuk lan kewan nusoni, apadene sawernaning kewan kang rumangkang nlosor lan gumremet ana ing bumi, iku saben jinis ana sajodho kang bakal nekani sira supaya kapitulungana urip. Sabanjure sira nglumpukna samubarang kang kena dipangan, kagawe tandhon kanggo panganira lan pakane kewan iku mau kabeh.” Rama Nuh tumuli nglampahi, ngestokake apa sadhawuhe Gusti Allah mau kabeh. Purwaning Dumadi 6:18-22

Bab etungan, menungsa  wasise ngeram, apa meneh wong Jawa. Saka etungan nominal sing wis baku, kayata siji,loro,telu, papat lan sakbacuti,ananging jik ana etungan liyane. Ana etungan separo, seprapat, secuil,sebaon,sethik, akeh (okeh),lan uga KABEH. Separo tegese mung setengahe saka barang kang ana, saumpama barange ana sepuluh, separone ya lima, separate ya loro setengah. Dene menawa nalika etungan kuwi kinaranan KABEH, kuwi tegese sak’anane barang lan uga kahanan katut utawa klebu. KABEH kuwi negesake yen ora ana siji-sijia kang katriwal, kang luput saka etungan.

Tembung etungan KABEH kuwi nate tinulis ana neng Kitab Suci, cethane neng Purwaning Dumadi 6 ayat 22, neng kana nyritakne kepiye anggone Rama Nuh nindakne KABEH kang dadi dhawuh lan kersane Gusti Allah Sang yehuwah. Lha apa wae kang dadi etungan kersa utawa dhawuhe Gusti Allah kuwi? Akeh, ana bab nggawe prahu, kamangka neng nggunung lan wancine ketiga ngenthang-enthang. Bab nggawe prahu wae Gusti anggone ndhawuhi jian nrithil temenan, dawane semene,ambane semene, kudu nganggo candela,papane candela cedak payon lan jik uakeheee poll. Sakliyane kuwi Rama Nuh ya kudu nglumpukne kewan sakjodho-sakjodho dijak mlebu prahu, boba mbok dibayangke mendhah angele gaweane Rama Nuh, bab nglumpukne kewan loro mbokmenawa mayar, lha niteni lanang lan wedok’e piye jal? Ananging kuwi dilakoni KABEH dening Rama Nuh. Ora ana siji wae sing dinyang dening Rama Nuh, sanadyan rumpil, rekasa lan angel. Lan kuwi kabeh ndadekne Rama Nuh lan brayate nampa karahayon ing sakjroning prahara utawa pageblug.

Seje karo kang katindakake dening Rama Nuh karo apa sing saiki dilakoni dening menungsa sing jarene beriman,jarene percaya marang Gusti. Yen ana dhawuhe Gusti, sanadyan ora rumpil kaya nalika kamane Rama Nuh, ananging jik okeh sing dipithati,dipilihi, digoleki sing nyenengake, sing rekasa ditinggal, ORA KABEH ditindakne. Menungsa saiki wasise ngeram yen kon mithati dhawuhe Gusti, nggoleki sing cocok lan penak ya pintere ngeram. Menungsa jaman saiki ya berbakat yen nggolek  alesan, nggolek “Wedhus Ireng”. Lha cetha yen klakone beda wektu wae isa nggeret Wedhus Ireng, ora gelem ngakoni salah lan lupute. Jiann..menungsa..menungsa..MEnus-meNUs kebak doSA.

“ Kuwi apa Jo, wis wengi kok jik ubettt wae sliramu?” Takone Lik Ndoleng, nalika wancine wis mbengi, ananging Dalijo jik ngrumati suket sing bar dibabati, didokokne jugangan cedak Wit Mete, kulon Talok, cedak Lincak.
“Nggawe kompos Lik, nggo rabuk Porang musim ngarep. Iki suket, tinimbang diobong, takrumat KABEH, ben resik, arep tak permentasi” Dalijo semaur sinambi nyacahi suket,debog lan gegodongan liyane.
“Lha apa kudu KABEH dilakoni yen meh nandhur Porang tur kasil Jo?” Takone Lik Ndoleng meneh.
“Yo jelaslah Lik, KABEH kudu dilakoni,raoleh kurang. Kurang siji  ya ngko panene ora maksimal. Iki kuwi jumbuh karo pangandikane Kitab Suci, kae lho critane Rama Nuh, kang nglakoni KABEH dhawuhe Gusti”, Dalijo sinambi gobyos nyacah suket malah njlentrehke bab Kitab Suci, jian persi wong sing gulune ana putih-putihe kae.
“Mbiyen yen sampeyan nglakoni KABEH “Syarat Cinta” mbek Yu Wasti mesti ya klakon Lik, ora ngaplo, kalah karo kang Markun…” Ujug-ujug Nduk I’in njedul, nggawa wedang lan langsung nyemes Lik Ndoleng.
“Bajingukkk In..lha kok tekan Wasti meneh, lha wong iki bab nglakoni KABEH…bab nandhur Porang..!!!” Lik Ndoleng mbesengut, ananging ya njupuk gelas sing isine the panas, merga ora doyan kopi.

Mbah’e..

2 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH