Senin, 25 Mei 2020

PIRUKUN

Senen Legi 25 Mei 2020

BENINGE EMBUN ESUK

                                                              KITING IN ACTION

Kaimanan 9:1-11

Jabur 99

Yokanan 17:1-11a

Pangandikane Nabi Musa marang Imam Harun: “Nyedhaka ing misbyah, kurban pangruwating dosa lan kurban obaranmu olahen, sarta nganakna pirukun kanggo awakmu dhewe lan kanggo bangsa iku; sawuse mangkono kurbane wong akeh mau banjur olahen, sarta nganakna pirukun kanggo wong akeh iku, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah.” Kaimaman 9:7

 

Tembung PIRUKUN kuwi asale saka Rukun, sing tegese ora ana crah utawa pasulayan. Sakliyane ora ana ctah utawa pasulayan, Rukun kuwi kahanan kang apik, amarga ing kahanan rukun kuwi samubarang rinasa penak lan kepenak. Mula saka kuwi, tembung PIRUKUN tegese tumindak kanggo ngana’ake lan njaga supaya kahanane tetep rukun. Neng basa asli Kitab Suci, tembung PIRUKUN kuwi asale saka tembung “Kaphar” sing tegese sabarang tumindak kanggo nutupi lan ngapus kesalahan. Saka katrangan sing sederhana lan ya cekak’e ngeram iki, isa digawe kesimpulan, yen PIRUKUN kuwi papane ana neng sakdurunge Rukun, dilakoni supaya isa Rukun lan tetep ana ing kahanan Rukun.

 

Nabi Musa paring dhawuh marang para pinitua bangsa ngisrael, supya nganakne PIRUKUN, kang syarate ya ora mayar. Kudu anal an nggawa Kurban, mbuh kuwi Sapi apa Wedus. Kurban kuwi ora isa dinyang, wajib.  Yen ana sing ngenyang, urusane langsung karo Sing Pirsa Tapaking Kuntul (awas “U” lho ya…jokleru maca lan nulise) Mabur. Yen ing jaman saiki mesti pranatan kuwi dinyang, lan menungsa nggoleki kepenak bab tanggung jawabe, dene bab hak, njaluk sing paling apik…Cen njelehi menungsa jaman saiki kuwi..!! Klebu sing nulis lan sing maca tulisan iki lho…hehe. Mbalik marang bab ubarampe PIRUKUN ana neng Kitab Suci, kuwi kabeh dilakoni dening bangsa ngisrael, sing nembe dipimpin dening nabi Musa. Sanadyan (mbokmenawa abot, ananging tetep dilakoni, kuwi kabeh merga bangsa kuwi mapanake PIRUKUN lan Rukun ana neng papan kang paling duwur tinimbang bab liyane.

 


Mula saka kuwi, yen jaman saiki akeh wong sing ora gelem nggagas bab PIRUKUN lan Rukun, kuwi merga ora dadi nomer siji neng uripe. PIRUKUN, kang manut basa asline yakuwi sakabahing pambudidaya supaya Rukun, ora dianggep penting. Menungsa jaman saiki sing dianggep penting kuwi mung awake dewe lan brayat utawa sedulure, liyan leh-leh Luweh. Paribasan liyan arep nunjang palang lan godres getih, ora urus, sing aku lan brayatku aman lan isa mangan. Kuwi kabeh isa klakon merga menungsa ing jaman saiki sing digugu mung pribadine, ora ngurus liyan.

Sinau saka Kitab Suci, menawa urip kuwi bebarengan, mula bab Rukun lan PIRUKUN kudu dilakoni bebarengan, mula ayo padha ngupaya PIRUKUN sanadyan ragade larang, supaya kahanane tetep Rukun.

“Ya lagi tahun iki cah, aku nemahi bakda ora sonja neng omahe dulur-dulur..” Lik Ndoleng nggedumel neng Lincak, nalika sore kuwi lagi santai,bubar ngrampungi gawean tegal lan mulih nggawa sukit, nggo pakan Weduse.

“Lha apa salah ta Lik?” Semaure Iin sing nembe nyirami pot tanduran, merga mangsa ketiga wis teka.

“Ya jan-jane ora, mung rasane kepiye ngono. Ora kaya adat saben..” Wangsulane Lik Ndoleng.

“Malah beneran ta Lik, sampeyan ora ditekani ponakan lan anak putu, ora kelangan “yatra” nggo mitrahi, lumayan, ngirit sejutanan..” Dalijo sinambi dolanan androite wangsulan, ning ya semune sadis.

“Weh, aku ya ora mbok kek’e pitrah Lik?” Iin sajak kelingan yen durung dipitrahi Lik Ndoleng.

“Ora bab pitrah,mitrahi lan kelangan duwit cah..kuwi kabeh ora ana ajine apa-apa dibandingke kahanan rukun sing klakon nalika isa sanja-sinanjan..duwit kuwi minangka srana PIRUKUN, ben dadi rukun..”Wangsulane Lik Ndoleng.

“Weh, saiki jian jos tenan Lik sampeyan. Entuk wangsit seka ngendi ya Lik?” Iin sajak ngalem pakne Cilik, ananging tujuane mung ben entuk pitrah wae.

“Setuju Lik, ananging aku kok nemu tujuan liya saka nggresulamu bab ora ana sing sanja-sinajan iki. Kuwi merga sampeyan ora nduwe alesan kanggo nyawang Yu Wasti kan? Merga ora olih sanja-sinanjan..ya pora hayoo??” Dalijo muni sinambi nyawang Lik Ndoleng, dene Lik Ndoleng sajak kisinan, konangan lan ngukuri bathuke, nganti blangkone meh ucul.

“Kamprett..Dusss..malah konangan!!!” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH