Senin, 04 Mei 2020

GAPURA


Senen Kliwon 4 Mei 2020
BENINGE EMBUN ESUK

BIBIT PORANG
MINAT WA 085870480039


Yehezkhiel 34:17-23
Jabur 100
Yokanan 10:11-18
Padha lumebua liwat ing gapurane kalawan memuji asmane, lumebua ing platarane kalawan kidung pangalembana, ngaturna pamuji sokur lan ngluhurna asmane.” Jabur 100:4

GAPURA kuwi wewangunan kang di gawe ana ing dalan utawa lurung, ana uga sing ngarani embong, minangka tanda kang resmi, tanda menawa wiwitan saka GAPURA kuwi bakalane mlebu ana ing papan utawa tlatah kang anyar. GAPURA biasane digawe ana ing pinggir tlatah, isa desa lan uga kutha. Ing jaman mbiyen nalika omah durung okehe ngeram kaya jaman saiki, saben melbu desa utawa kutha mesti ana GAPURAne, lan ing kono mesti ana sing ngecek sing pada bakal mlebu. Ing jaman saiki, merga pandemic “Topik Songolas” patrap kang kaya mengkono dilakoni meneh,tujuane kanggo njaga kahanan.

Lumantar GAPURA isa dimangerteni bab niat lan tujuan pawongan utawa sapa lan apa wae tumuju marang papan kuwi. Menawa meh lumebu ing tlatah anyar lan ora ngliwati GAPURA, isa disujananai tujuane, isa wae kuwi nduweni tujuan utawa ancas kang ora apik. Sapa wae sing nduweni tujuan apik, mesti bakalane lumebu ngliwati GAPURA. Liwat GAPURA ateges liwat dalan kang apik, kang resmi,, kang ora sesideman. Liwat GAPURA ateges nduweni sedya kang mulya, merga tujuane apik, ora bakalan nduweni rasa kuwatir apa meneh wedi. Beda menawa nduweni tujuan ala, mesti ora bakalan wani ngliwati GAPURA.

BIBIT SIAP TANAM


Liwat GAPURA, ateges liwat dalan kang becik, lan nalika ngliwati GAPURA kuwi aja kalawan mbesesngut, ananging kudu kanthi bungah lan sukarena. Kaya paseksine juru Jabur, ngliwati GAPURA  kang dikersakne Gusti kuwi kudu kanthi memuji Asmane kang Suci, kudhu kanthi kekidungan kanggo memuji Gusti. Ora pareng ngliwati GAPURA, kang ateges netepi dalan timbalane Gusti kanthi nesu lan ngamuk. Timbalan makarya kanngo pakaryane Gusti kuwi ya isa diarani GAPURA ing patrap kapercayan ,mula aja nganthi dilakoni kanthi ati kang ora tentrem. Ngibadah kuwi GAPURA kanggo suwan Gusti, pisungsung kuwi GAPURA kanggo memuji asmane Gusti, netepi timbalan dadi pradata kuwi ya GAPURA kanggo netepi kapercayane marang Gusti, ateges sing nampik timbalan isa diarani ora liwat GAPURAne Gusti.

“Jo, iki kok aku krungu okeh sing pada sambat bab patrap greja sing jik ngibadhah onlen, gek kudu piye manut penemumu?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo, bab warga pasmauan sing nggresah merga kahanan topik songolas lan tata carane greja mranata pasamuan.
“Lumrah kuwi Lik. Ora ana pandemic topic songolas wae okeh sing kokean sambat. Ora ana ibadah online wae arang sing neng nggreja, bareng ibadah onlen, nggaya kangen ngibadhah neng nggreja. Kuwi mung nggaya, lebay..” Dalijo semaur sinambi dolanan androite.
“Njur kudu piye Jo, apa kudu ditokne wae?” Lik Ndoleng sajak kurang lega karo wangsulane Dalijo.
“Ya alon-alon dikandani, ben dong. Ben ora kokean sambat. Ibarate iki dalan, iki GAPURA kang kudu diliwati, merga iki dipirsani Gusti. Adepi kabeh kanthi linadesan percaya marang Gusti. Orasah nyalahke siji lan sijine. Mbuh kuwi kanca, majelis lan pendeta. Ayo ngrumangsani kahanan kanthi diwasa, yen mung nyalahke liyan wae gampange poll Lik..” Dalijo njlentrehke kanthi sengrius.
“Aku ya jane wis kangen kebatian bebarengan Jo..” Lik Ndoleng muni lirih,ning ya jik isa dirungokne.
“Iyo, padune ben isa nglirik Yu wasti…”Nduk I’in  njedul lan langsung nyemes Lik Ndoleng.

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH