Jumat, 22 Mei 2020

WARISAN

Jemuah Pon 22 Mei 2020

BENINGE EMBUN ESUK




2 Para Raja 2:1-12

Jabur 93

Yokanan 16:20-23a

Anadene bareng wus padha nyabrang, Nabi Elia tumuli ngandika marang Elisa: “Kowe njaluk apa, kang bakal daktandukake marang kowe, sadurunge aku kapulung saka ing ngarepmu?” Atur wangsulane Elisa: “Kula mugi kadunungana kalih bageaning roh panjenengan.” Pangandikane Nabi Elia: “Kang kokjaluk iku prakara kang angel. Nanging manawa kowe bisa ndeleng anggonku kapulung saka ing ngarepmu, kowe mesthi bakal kelakon kaya mangkono, dene manawa ora, iya bakal ora kelakon.” 2 Para Raja 2:9-10

 

Sing jenenge WARISAN kuwi racake saben wong seneng, kuwi menawa sing dadi WARISAN bab sing nyenengake. Beda menawa sing dadi WARISAN kuwi bab sing ora nyenengake, kayata: Utang, Jeneng Ala lan uga Masalah. Nalika ana WARISAN sing jenenge Utang, Masalah lan Jeneng Ala, mesti njur padha ngendhani,wegah nampa lan malah mennawa isa diguwang sakdoh-dohe. Beda menawa kuwi WARISAN sing nyenengake, kayata : Pekarangan, Tegal, Sawag, Deposito lan uga Jeneng Apik, mesti kabeh wong seneng nampa, malah yen ora nampa direwangi gelut utawa paling ora neng-nengan, eh ana sing ngarani nesonan. Hayoo, sing maca tulisan iki sing jik nesonan merga WARISAN, kudu sowan neng mae mbah’e, nggawa MLD sebungkus..hehe.

 



Bab WARISAN kuwi nate dadi crita neng Kitab Suci, cethane neng Kitab 2 Para Raja. Neng kana WARSIAN kang dadi crita yakuwi “Kasektene” nabi Elia. Dene sing kepengen nampani WARISAN kasekten kuwi, ora liya ya murid sing kinaranan Elisa, nalika kuwi durung resmi dadi nabi. Saking pengene nampa WARSIAN kasekten saka nabi Elia, mula apa wae syarat kang kudu dilakoni, ya dilakoni dening Elisa. Malah sanadyan diuneni, dipenggak,lan kudu ngliwati dalan kang rumpil, ananging Elisa tetep ora gelem mandeg. Elisa ngeyel,nekad kudu ngetutake satindake nabi Elia. Mbokmenawa sing ana neng pikirane Elisa kuwi bab wektu mengarep sing bakal dilakoni, merga kudu mbucutake pakaryane nabi Elia. Elisa ngrumangsani, mung kasektene nabi Elia sing isa njalari dewekne mikul gawean kuwi. Merga penemu kang kaya mengkono kuwi, mula apa wae pepalang kang malangi laku kanggo nampa WARISAN saka nabi Elia diterak, ditabrak,dimbrukne. Lan kabeh kang dadi pepinginane Elisa akhire klakon.

 

Ing jaman saiki sing diarani kasekten kuwi sakndayak abuh akehe lan uga jenise. Ana kasekten bab ekonomi, ana kasekten bab medis, ana kasekten bab hukum, ana kasekten  bab teologi, ana kasekten bab pertanian lan sakpanunggalane. Kaya jamane nabi Elia lan Elisa, ora gampang anggone nampa kasekten kuwi, kudu wani ngadepi sabarang pepalang. Kudu Teteg lan Tatag supaya Tutug. Mula saka kuwi, ing jaman saiki uga, sapa wae kang pengen nampa lan nduweni WARISAN kasekten bab apa wae, kudu wani nguyak sakkecandake! Aja mutungan, aja mangu-mangu, aja wedi, lan aja kokean sambat!!

 



“Hmm..ora ngono Jo, sliramu kuwi kok kayane ora nduwe kesel. Esuk umun-umun neng kebon, mulih seka kebon jik milihi bibit, bar kuwi ngiseni polybag. Ngko yen longgar maca buku, nanton pidio, lan kuwi kabeh mung bab Porang, apa ora bosen ta Jo?” Lik Ndoleng nakoni Dalijo, merga katon ora tahu leren nalika wancine nyambut gawe, malah kepara luwih-luwih wektune.

“Yen Kesel ngko tak leren Lik” Semaure Dalijo, sinambi nyumet MLDne.

“Hmmm..jian..ranguwati semangatmu Jo…” Unine Lik Ndoleng.

“Iki manut piwulange mbah’e neng BENINGE EMBUN ESUK kuwi Lik, aku ngrumangsani yen bab Budidaya Porang kuwi kaya WARISAN, kudu takuyak nganti entuk, mbuh kaya ngapa dalane” Semaure Dalijo.

“Emange sampeyan Lik..” I’in melu cawe-cawe, kamangka sinambi ngentasi jemuran.

“Ngapa I’in kae, muni ora cetha..” Lik Ndoleng sajak ora krungu omongane I’in.

“Haiyah, wis sudha rungu jebule. Kang Dal kuwi ngayahi kabeh kanthi serius Lik, nglakoni sinartan sinau. Ora coba-coba, kuwi gayane wong Jawa, njajal sik, ngko yen apik tak melu, tamba pengen! Kuwi sing marakne wong jawa angel maju, mung klolat-klelet kaya uler keket, kaya sampeyan kuwi..” Sembure I’in.

“Weh, kok malah nesu In?” Takone Lik Ndoleng,sajak bingung.

“Kaya jamane Yu wasti, mung inggrang-inggring, maju-ora,maju-ora, njur disikat kang Markun. Iki bab nandur Porang ya ngono, lahan semono okehe, wis cetha prospeke, lha kok jik mung meh njajal setengah kilo..” Unine I’in.

“Dusss..lha kok tekan wasti mbarang? Aku jik mendhing In, lha jare Dalijo ana sing mung nyawiske lahan, meh ngrumati. Wegah modal…” Semaure Lik Ndoleng gah kalah.

 

Mbah’e..

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH