Sabtu, 23 Mei 2020

NGRUMAT (2)

Setu Wage 23 Mei 2020

BENINGE EMBUN ESUK




2 Para Raja 2:13-15

Jabur 93

Lukas 1:39-56

Ageme jubah Nabi Elia kang wus tiba mau tumuli dicandhak tuwin disabetake ing banyu kalawan nguwuh: “Endi Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Rama Elia?” Bareng banyune kasabet banjur piyak ngiwa nengen, Elisa banjur nyabrang. Nalika pepanthan nabi saka ing Yerikho ndeleng Nabi Elisa saka ing kadohan, tumuli padha ngucap: “Elisa wus kadunungan rohe Nabi Elia!” Wong-wong mau banjur padha sowan marang ing ngarsane sarta padha sumungkem ing bumi,…” 2 Para Raja 2:14-15

 

Amarga bab NGRUMAT kuwi perkara sing becik, mula neng wulan iki BENINGE EMBUN ESUK wis nggunakne Judul kuwi ambal kaping pindho. Sepisan dek tanggal 2 Mei  lan saiki. Bedane yen tanggal 2 Mei sing dadi undheraning piwulang bab Gusti Allah anggone NGRUMAT para kagungane, lha ing dina iki, tanggal 23 Mei, undherane bab NGRUMAT “warisan”, sing ndek wingi nembe dadi undheraning piwulang.

 

Elisa anggone nguber “Warisan” marang nabi Elia jian ora umum, apa wae dilakoni, malah isa diarani nganti soroh nyawa. Lha sakwise Warisan kuwi ditampani lan dadi duwek’e, njur ora mung disimpen ana neng weteng wae, kudu ndang dingo makarya, kaya apa kang mbiyen dadi pakaryane nabi Elia. Sing ditindakne dening nabi Elisa (bareng entuk waisan njur munggah pangkat dadi nabi..hehe), nalika ngadepi pepalanging urip yakuwi nglakoni apa kang nate dilakoni dening nabi Elia. Nalika kuwi meh nyabrang kali Yarden, ananging ora ana Buk/Kretek utawa Wot, mula ya njur nyabetake jubahe nabi Elia, kang minangka Warisane. Bener wae, bar disabet jubahe nabi Elia, banyune njur asat lan isa dingo liwat nabi Elisa.

 

Sing diarani NGRUMAT kuwi ora mung nyimpen ana neng  lemari,ngaci,senthong utawa menawa kuwi duwit ditabung ana ing ngebank, ananging sakabehe pakaryan kang nduweni ancas supaya liyan isa melu ngrasakne sawab saka Warisan kuwi. Yen mung diseimpen dewe wae kabeh wong isa lan kuwi sing dilakoni. Sinau saka nabi Elisa sing nduweni cara NGRUMAT Warisan lumantar mraktekne “Ajian” saka nabi Elia, ayo saiki padha mraktekne apa wae kang dadi Warisan ana ing urip iki. Menawa para leluhur mbiyen tansah sumeh lan sumarah marang sapa lan apa wae, ayo diconto. Saumpama leluhur mbiyen kagungan patrap makarya kang tanpa etungan, bebasan Sepi Ing Pamrih Rame Ing Gawe, ya ayo padha dituladhani. Yen saiki dadi wong sing males, kuwi ateges ora isa NGRUMAT Warisane Leluhur, yen saiki dadi wong sing gampang nesunan lan mutungan, kuwi mratandani yen ora isa NGRUMAT Warisan saka leluhur.

 

“In, mau bengi kae, bubar mbok umreng bab Warisan, aku njur adus, lha bubar adus aku leyeh-leyeh, jebul bablas keturon”  Dalijo awan kuwi miwiti rembugan karo I’in sing nembe njemuri pakaean.

“Oalah kang…lha sampeyan kuwi kok ya jian wasis temen yen bab turu, paribasan nyawang bantal dijemur wae wis lier-lier..” Semuare Nduk I’in.

“Ssstt..dudu kuwi sing dadi undheraning perkara. Iki lho, mau esuk aku ketemu Wo Tumin, mau bengi jare bubar taktinggal adus, Lik Ndoleng deleg-deleg dewe, karo gembreneng dewe, jare nyebut-nyebut Yu Wasti..” Unine Dalijo sajak lirih-lirih, wedi keprungu Lik Ndoleng.

“Weladala…aja-aja Paklik malah serius kelingan marang Yu Wasti kang?” Takone Nduk I’in, sinambi nyelehne hanger jemuran.

“Ben wae, prest lope yak’e Yu Wasti kuwi kanggone Paklik. Salahe mbiyen, mung imbar-imir, ora wani nggetih…” Dalijo sajak melu kemropok.

“Dusss…ora awan ora sore, mesti anane mung nggrenengi aku wae…”Ujug-ujug Lik Ndoleng njedul saka wetan mbok menawa seka Warunge Yu Wasti.

“Lha kaya sliramu kuwi ta Jo…Jo. Apa ya pendeng olehmu nguber Tarsi? Wong nyatane ya buk..klepuk..” Lik Ndoleng mbacutke rembug lan banjur Linggih neng Lincak sing saiki nggo Cakruk minangka papan ngronda.

“Jindul..malah mbalik nyerang aku..dusss..” Dalijo sajak nesu, ning mung sithik.

“Aku karo Tarsi kuwi “memilih” jalan sendiri-sendiri Lik, ora bab gagal lan kasil..”Dalijo sajak endha.

“Haiyahh..padha wae Lik..Kang..padha-padha wong wurung..” Pangolok’e I’in.

“Cen tak akoni In, Jo..aku gagal, ananging aku jik NGRUMAT peparinge Gusti Allah, mula sanadyan ora karo Sing Nduwe Warung, aku nresnani Mbokmu Cilik Trinil, sanadyan geringe pol,ananging redene ngeram, wis mbrojol papat..Lha kanggo kowe Jo, aja kedlarung olehmu nggetuni Tarsi, ndang gek NGRUMAT tresna peparinge Gusti Allah..” Kandane Lik Ndoleng, sajak wicaksini kaya ahli..

 

Mbah’e..

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH