Minggu Wage 3 Mei 2020
BENINGE
EMBUN ESUK
WIJI PORANG |
Para
Rasul 2:42-47
Jabur
23
1
Petrus 2:19-25
Yokanan
10:1-10
Wong-wong mau padha ngantepi ing piwulange para rasul lan anggone
tetunggalan sarta padha tansah nglumpuk, prelu nyuwil-nyuwil roti lan ndedonga.
Wong kabeh padha kadunungan rasa wedi, dene para rasul iku padha nganakake
mukjijat lan pratandha akeh. Sarta kabeh wong kang pracaya padha lestari
manunggal, kabeh barang darbeke padha dianggep duweke wong akeh. Para Rasul 2:42-44
NYAWIJI kuwi asale saka tembung siji,
sing tegese ora ana tunggale. Siji kuwi tunggal,dewek’an. Saka tembung siji
kuwi njur isa dadi maneka werna tembung, isa ijen,sawiji lan NYAWIJI. Dadine
tembung NYAWIJI isa diartekne kahanan kang dadi siji, sejatine akeh
ananging wis saeyeg saekapraya manunggil
dadi siji. Sakjroning NYAWIJI mesti gathuk ing kahahann, mesti kompak lan
rukun. Tangeh lamun kahanan kang maneka werna isa NYAWIJI nalika ora gathuk,
ora kompak lan ora rukun.
Bab NYAWIJI kuwi nate dicritakne ana
ing Kitab Suci, kanggo nggambarake kahanane pasamuan wiwitan. Nalika semana
bubar ana pengetan paskahe agama Yahudi,
ndilalah ya paskah Sabat, saben pitung tahun sepisan. Ing paskah Sabat kuwi
kabeh bangsa Yahudi sing ngranto, kanggone bangsa Yahudi diaani diaspora, mulih
utawa mudik. Dene tujuane ya meh mengeti lan ngrayakne paskah. Mula saka kuwi,
kahanane kutha Yerusalem ya rame banget, gemah lan gayeng. Ndilalah kuwi
ngepasi “proses” kasangsaran, seda lan
wungune Gusti Yesus lan uga tumedha’e Sang Roh Suci. Nalika Sang Roh Suci
tumedak, ana mujijat, yakuwi para rasul pada isa guneman basa-basane para
perantau sing mudik, lan kuwi ndadekne para pemudik ngerti kotbahe para rasul. Kuwi
kabeh didadekne pancatan kanggo percaya marang pakaryane Gusti Allah.
Awit saka pracaya kuwi, mula kahanane
urip pasamuan wiwitan ing Yurusalem NYAWIJI, saeyeg saekakapti, kabeh kang dadi
duwek’e neng kutha kuwi dadi duwek’e bebarengan. Kabeh rumangsa tentrem lan
tansah ngrasa cukup ing kabutuhan. Siji lan sijine wani ngedol kang dadi darbek’e
ing kono lan diedum kanggo butuh bebarengan. Kuwi kabeh mung isa kelakon nalika
ati lan pikiran sarta kapercayan wis dadi siji, wis NYAWIJI. Siji lan sijine
padha percaya, ora ana cubriya babar blas ing antarane siji lan sijine. Adeging
pasamuan kuwi dadi gumune wong akeh, mula akeh uga sing padha melu patrap urip
kang kaya mengkono.
“Jo, kuwi ajarane Kitab Suci bener apa
ora? Mosok uripe pasamua wiwitan isa kaya mengkono?” TAkone Lik Ndoleng marang
Dalijo, nalika sore kuwi jagongan neng Lincak Sor TAlok.
“Sing endi Lik?” Takone Dalijo sinambi
nutuli androite lan ora keri, klepas-klepus karo MLDne.
“Kuwi lho, sing isa NYAWIJI, kabeh dadi
siji, duwek’e wong siji dadi duwek’e bebarengan..saben ndina ana sing ngedol
bandane lan diedum kanggo butuhe wong okeh. Yen kaya mengkono ranganti rongsasi
pora ludes kabeh bandane siji lan sijine?” Lik Ndoleng takon lan sajak kaya ora
pracaya.
“Kuwi “setting” critane kan mengkene
Lik, kahanan kuwi kanggo para pemudik ing Yerusalem. Ora saklawase, mung
kira-kira seminggu apa sepuluh dinonan, bar kuwi para pasamuan wiwitan njur
balik marang papane dewe-dewe. Mula nalika lagi ngumpul, NYAWIJI ya kabeh
NYAWIJI, ora dewe-dewe. Ora kaya pasamua jaman saiki, ketoke ngumpul,
grudag-grudug, ananging durung esti NYAWIJI. Kabeh jik ngugemi butuhe
dewe-dewe, yen dijak nyengkuyung butuhe bebarengan angele ngeram..” Wangsulane
Dalijo, lan ngepasi ambegan, njedul Nduk I’in, nggawa kopi lan pacitan.
“Entuk titipan seka Kang Markun kang,
titipan weling, sesuk arep mrene njupuk bibite Porang limolas kilo. Lan iki
peyek nggo kanca wedangan….” Unine Nduk I’in.
“Peyek’e seka Wasti po nggo aku In?”
Mak prucut Lik Ndoleng muni, sajak nalurine rung isa ucul karo Yu Wasti.
“Ora LIk, nggo kabeh…” Wangsuane Nduk I’in,
lan kuwi marakne Lik Ndoleng njluntrut.
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar