Senin, 11 Mei 2020

NGIRID

Senen Pahing 11 Mei 2020

BENINGE EMBUN ESUK





Pangentasan 13:17-22

Jabur 102:1-17

Yokanan 14:21-26

Kacarita bareng Sang Prabu Pringon wus nglilani wong Israel lunga, Gusti Allah anggone NGIRID lakune ora metu ing dalan kang anjog ing tanahe bangsa Filisti, sanadyan dalan iku kang cedhak dhewe, sabab pangandikane: “Bangsa iku manawa katempuh ing perang aja nganti keduwung, temah padha bali menyang ing Mesir.” Pangentasan 13:17

 

NGIRID kuwi tegese Ngenerake lumantar mandegani dewe laku tumuju marang papan kang dadi pepinginane. NGIRID kuwi meh pada karo “Ngarahake”, mung wae bedane menawa NGIRID kuwi ngarahake utawa ngenerake lan uga melu nglakoni, malahan lumaku ana ing ngarep dewe, dene Ngarahake mung menehi arahan utawa petunjuk, ananging ora melu nglakoni. Yen dipadakne karo donyaning terminal, NGIRID kuwi ngarahake lumantar ngeterake tumeka ing papan kang dituju, dene kang mung ngarahake isa diarani Calo. Calo kuwikerjane ya ngarahake, menehi petunjuk, ananging ora melu dewe, mung loap-laop lan entuk bayaran. Calo ora mokal gelem ngeterake tumeka papan kan katuju.

 

Crita Kitab Suci bab apa kuwi NGIRID lan DI’IRID cetha ana neng Kitab Pangentasan, merga pancen Kitab kuwi crita bab kaya ngapa anggone Gusti NGIRID sawijining bangsa kang nate katndes lan meh diulihake marang nagarane. Carane Gusti Allah NGIRID umate pancen sederhana lan lumantar kahanan kang ana ing alam iki. Merga kudu lumaku liwat papan kang angel lan rumpil lan supaya ora kokean mandeg, mula carane Gusti NGIRID kuwi lumantar pranatan jagad kang wus ana. Nalika awan, merga daerah gurun kuwi pananse ngeram, Gusti ngayomi lumatar “Tugu Mega”. Anane Tugu Mega kuwi ndadekne kahanan ora panas banget, lan kuwi ndadekne bangsa kang DI’IRID dening Gusti isa tetep mlaku. Dene menawa mbengi, merga peteng, mula Gusti NGIRID lumatar pepadhang, jare Kitab Suci ana “Tugu Geni” kang tansah madhangi nalika mlaku ing wayah bengi.



 

Carane Gusti NGIRID umate, ngenerake lan ngancani tumeka tujuaning urip kuwi ora kaya-kaya, ananging sing kerep klakon, menungsane wae sing ndablege ora ukur. Carane Gusti anggone NGIRID kagungane pancen sederhana, ananging kebak ing kaelokan. Sinau saka Kitab Pangentasan, ayo padha manut marang pranatane Gusti, sanadyan mung sinawang sederhana. Kaya bangsa kang ana ing Kitab Pangentasan, sanadyan kudu ngubengi lan ngliwati papan-papan kang angel lan rumpil ananging merga nduweni pengarep-arep bakalane tekan papan kang dadi pengarep-arep, mula ya tetep nduweni semangat nglakoni. Pengarep-arep lan Semangat kuwi kang njalari menungsa saguh ngayahi apa wae, lan kosokbaline, Ora nduweni pengarep-arep ndadekne ora nduweni semangat, lan nalika ora nduweni semangat, mokal menungsa gelem nglakoni.

 

“Sinau apa ta Jo?” Takone Lik Ndoleng, nalika esuk iki kayane sibuk neng kebon, lan nggawa buku uga nyawang hape.

“Iki lho Lik, mraktekne ilmu nandhur lan ngrumati tanduranku Porang. Wingi dikirimi Mbah’e tulisan, njur ya pideo, piye carane nyawiske lahan,ngresiki ,ngrabuk, milih lan tuku bibit. Iki takpraktekne, merga aku petunjuk iki minangka cara NGIRID aku tumeka papan sing bakal tak tuju..” Wangsulane Dalijo, sanadyan lumantar klepas-klepus karo MLDne ya tetep sajak serius lan uga semangat.

“Weh, kok padha karo renungan BENINGE EMBUN ESUK ta kang? Kui ya bab Gusti NGIRID bangsa ngisrael metu saka Mesir, dituntun awan lan bengi..” Nduk I’in melu rembugan, sinambi mepeni  kumbahan neng Lor Omah.

“Yen aku nunut sinau karo kowe olih ora Jo?” Takone Lik Ndoleng.

“Oleh wae Lik, anggere manut. Ora kemaki rumangsa isa, manut petunjuk, ora mlaku dewe…” Wangsulane Dalijo.

“Siap..” Lik Ndoleng semaur, semangat.

“Ssst…Lik, kang Markun ya nandhur Porang, sinaune ya karo Kang Dal..jale mbesuk endi sing kasil…aku wani toh-tohan, mesti menang Kang Markun..hehe..Kowe kalah kabeh lho Lik karo Kang Markun..” Nduk I’in ngoso Lik Ndoleng sing sajak mak prembeng raine.

“Bajindulll..cah siji iki njaluk dijajakne Kolak Tungkak kayane…” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH