Jumat, 01 Mei 2020

BOYONGAN


Jemuah Pahing 1 Mei 2020
BEININGE EMBUN ESUK

BULBIL/KATAK
BIBIT PORANG
MINAT WA 085870480039


Pangentasan 3:16-22,4:18-20
Jabur 23
Yokanan 6:52-59
Sang Musa banjur ngajak garwane lan putra-putrane, padha katunggangake ing kuldi wangsul menyang ing tanah Mesir; lan tekene Gusti Allah iku diasta. Pangentasan 4:20

BOYONGAN kuwi tumindak sing tegese pindhah saka papan siji menyang papan liyane. Dene pindahe ora mung awak thok, ananging apa wae sakdarbene digawa. Yen mung pindhah wae mayar, ora ruwet lan rekasa, ananging sanadyan tegese ya padha, pindah nggon, BOYONGAN ngemu teges kang luwih amba (rowa) lan uga jero. Wong sing BOYONGAN mesti mbutuhake papan kang cinawis, ragad kanggo ngragati, krenteg kanggo pinhah, semangat adaptasi lan kudu siap nemahi sabarang kahanan. Amarga “syarat” kang kaya mengkono, mula bab BOYONGAN kuwi tumrape sakperangan wong, angel lumakune. Ana sing wis nate BOYONGAN, ananging merga ora krasan, njur mbalik meneh.

Neng Kitab Suci ana crita bab BOYONGAN, yakuwi kang ditindakne dening nabi Musa. Merga semangate BOYONGAN, mula ya kabeh brayat lan banda donyane ya digawa pindhah. Mulane sakdurunge BOYONGAN, nabi MUa pamit mertuane, njaluk palilah supaya entuk berkah. Dene tujuane nabi Musa pindhah utawa BOYONGAN kuwi amarga timbalan saka Gusti Allah, kanggo nulungi para bangsane sing nembe tinindhes dening bangsa liya. Ora entheng kanggone nabi Musa kanggo ngayahi ayahan BOYONGAN, apa meneh kanggo ibu Zipora, merga kudu ninggal sejarahe sing wis rinakit semono suwene. Ananging merga kudu ngetutune bojo, kabeh dilakoni. BOYONGANE nabi Musa dalah brayat ora kanggo seneng-seneng thokthil, ananging meh diajak makarya, lan pakaryan kuwi kebak pengancem kang nggegirisi. Ananginga, kaya ngapa wae kahanane, nabi Musa wis golong-gilig, saeyek-saekokapti, kudu BOYONGAN.

UMBI BIBI PORANG SIAP DIBOYONG
MINAT WA 085870480039
STOK TERBATAS!!


BOYONGAN, tegese wani ninggal sing lawas, tumuju marang kahanan kang anyar. BOYONGAN kuwi mesti wani ngadepi kahanan kang seje, wani ngadepi apa wae sing bakalan tinemu. BOYONGAN kuwi mung kanggo para wong sing “WANI”, sing jirih mesti wedi. Nabi Musa wani, mula ya siap,sumadya “mboyong” brayate, Mboyong sejarahe lan kahanane sing lawas. Ing jaman saiki, bab BOYONAGN jik dibutuhka,malah tansah, mung wae ora okeh wong sing wani milih BOYONGAN, wanine mung mapan neng papane kawit mula, merga wedi nempuh samubarang anyar. Wong tani dijak BOYONGAN angele ngeram, cah enom sing kulina eng kutha, bareng kena pangamuke si Korona, ya ora wani “Mboyong” uripe marang bab-bab sing anyar. Sinau saka nabi Musa dalah brayate, ayo wiwit mikir lan njupuk putusan urip kanggo sumadyan sumanggem BOYONGAN.

“Jo, mangawan aku pethuk Si Sondhong, takon-takon bab tanduran Porang. Njur takjak nandur musim ngarep, malah wegah..”Lik Ndoleng miwiti rumpen ing wayah sore kuwi, kaya padatan, neng Lincak Sor Talok.
“Mbok Ben, Lik. Cen angel kanggone akeh wong kanggo BOYONGAN, saka patraping urip lawas neng patrap kang anyar..”Semaure Dalijo,sinambi nutuli androite, mbuh kok dingaren, rung nyumet MLDne.
“Kamangka hasile Kang Kris, jian mentes temenan. Nandura jagung, sangang windhu tangeh lamun kaya mengkono, pomeneh nandur pari..buuukkkkk klepuk..” Ungele Lik Ndoleng, sajak sora.
“Cen bener kandane kang Dalijo Lik, okeg sing wedi marang bab kang anyar. Akeh sing rawani ninggal barang lawas, barang lan kahanan kang wus kawuri..” Nduk I’in melu urun rembug.
“Weh, bajekno awakmu ndukung aku In?” Takone Lik Ndoleng.
“Horaa ndukung sapa-sapa Lik,, wong sampeyan kon Mboyong rasamu marang Yu Wasti we ya angele ngeram, moh alihan…moh pindhah. Sanadyan karo bulik Trinil, ning sok-sok jik nggagas Yu Wasti..”I’in  nyemes Lik Ndoleng sak kemenge..dene Lik Ndoleng mung gluwah-gluweh kaya Jentrung kademen, mung isa mbatin.
“Ndlogog Pethahkkk..kok ya jik isa ngoso aku iki!!! Dusssss….!”” Unine Lik Ndoleng neng batine..

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH