Rabu, 20 Mei 2020

ESTAPET

Rebo Legi 20 Mei 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Pangandharing Toret 31:1-13

Jabur 93

Yokanan 16:12-15

Nabi Musa nuli nimbali Sang Yusak lan dipangandikani ana ing ngarepe sakehe wong Israel: “Disantosa lan ditatag atimu, awitdene kowe kang bakal lumebu bebarengan karo bangsa iki menyang ing nagara kang wus diprasetyakake kalawan supaos dening Sang Yehuwah marang leluhure yen bakal diparingake; dene kowe kang bakal mimpin nganti padha ndarbeni nagara iku. Pangeran Yehuwah piyambak kang bakal ngirid lakumu, Panjenengane piyambak kang bakal nunggil marang kowe, kowe ora bakal ditegakake lan ora bakal ditilar, mulane aja wedi lan aja semplah.” Pangandharing Toret 31:7-8

 

Neng nggon olah raga mlayu (lari) ana pirang-pirang jenis. Ana sing jinise jarak adoh, uga ana sing jenise jarak cedak, ana sing lomba mlayu dewe-dewe, ananging ya ana uga kang bebarengan utawa kekancan. Lha lomba mlayu sing kekancan kuwi sing diarani Lari ESTAPET. Dene modele Lari ESTAPET kuwi racak’e jarak cedhak, sakgrup ana wong papan, kudu dieling lho, kudu wong utawa menungsa kabeh! Saben wong kudu mlayu lan nggawa cuthik sing mengkone dikekne sing arep nerusake playune. Saben wong kudu mlayu kurang luwih 100 meter, lan sakdurunge cuthik diwenehake kancane sing arep neruske palyune, kudu nyedhak utawa nyegat playune kancane kurang luwih 15-20 meter, kanggo adaptasi. Sakbanjure sing wis menehake cuthik minangka tandha bala kuwi ngaso,leren, isa ngomba-ngombe la udad-udud. Kuwi crita ringkes apa kuwi ESTAPET.

 

Neng Kitab Suci ya ana crita bab ESTAPET, yakuwi crita bab nabi Musa lan Yusak. Ngrumangsani wis ora kuwat neruske laku menyang Kenaan, nabi Musa njur nimbali Yusak, dikandan-kandani bab kepiye mandegani bangsa sing ngeyele ngeram kuwi. Sakdurunge kuwi, Yusak yaw is “nyantrik” marang nabi Musa ya ora sedela. Dene perlune nyantrik kuwi, supaya luwih dong, luwih wasis anggone mimpin bangsa kuwi tumeka janjine Gusti Allah. Sing diarani nyantrik sakdurunge tumandhang dewe kuwi ya rekasa, kuwi ya isa dipadakne kaya bocah sinau cikben pinter, kudu wani rekasa. Apa sing dilakoni Yusak lan nabi Musa kuwi isa kanggo patuladan, siji lan sijine wani ngalah. Nabi Musa ngrumangsani kahanane, dene Yusak ya ngrumangsani, mula kabeh lumaku apik, ana ESTAPET kepemimpinan sing esip lan josse ngeram.



                             PIDIONE LIK NDOLENG

Ing jaman saiki bab ESTAPET kuwi ya lumaku neng kabeh papan lan kahanan. Ana neng saktengahe brayat ana ESTAET, neng pola pemrintahan ngindonesa iki ya ana ESTAPET, sanadyan do rebutan cutik nganthi direwangi gelut. Malah (jare) ya ana, neng nggreja barang bab ESTAPET kepemimpinan direwangi godres getih..jian njijikii..

Mbalik neng ESTAPET sing umum. Kabeh kudu ngalami ESTAPET, mbuh ing bab apa, mula ya aja males anggone sinau,sing ndisik ya kudu paham karo sing meh mbacutke, sing mbacutake ya kudu ngajeni sing ndisiki, ora oleh kemaki lan gembelengan. Ning jik ana wae, sing enom kemakine ngeram, glela-glelo kaya uler keket kokean badogan. Hehe.. Sing cetha, kabeh nate lan kudu ngalami apa kuwi ESTAPET.

 

“Jo, sstt..apa bener, jare neng nggreja kuwi ya ana rebutan kekuasaan?” Lik Ndoleng sore kuwi ujug-ujug malah ngrasani greja lan kekuasaan.

“Hambuh Lik, tapi kuwi ya lumrah, wong isine nggreja kuwi menungsa, beda yen isine watu po tunggak..”Semaure Dalijo sinambi nggawe rabuk kompos kanggo tanduran Porang.

“Lho, kok lumrah piye ta Jo?” Takone Lik Ndoleng saak gumun.

“Lha kan urip kuwi kaya ESTAPET ta Lik. Sing ndisik kudu masrahke marang sing keri. Lha sakjroning pasrah iki kabeh kudu wani ngalah, sing ndisik lan sing keri. Yen salah siji ragelem, bubrah!” Dalijo leren seka olehe ngompos, kanggo nljentrehke.

“Ning bab Yu Wasti aja mbok piker isa ESTAPET seka Kang Markun lho Lik…” Nduk I’in njedul lan langsung nyemes Lik Ndoleng.

“Basioo..cah siji ikii..dussss!!!” Unine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH