Minggu, 17 Mei 2020

TRAH

Minggu Pon 17 Mei 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Lelakone Para Rasul 17:22-31

Jabur 66:8-20

1 Petrus 3:13-22

Yokanan 14:15-21

Sarehning kita punika trahing Allah, mila kita boten kenging gadhah pamanggih, bilih kawontenanipun Gusti Allah punika kadosdene jene utawi salaka utawi sela, ingkang kawujudaken dening kagunan saha kalangkunganipun manungsa.” Lelakone Para Rasul 17:29

 

Sing diarani TRAH kuwi tegese turun utawa leluhur. Nene patrap budaya Jawa okeh katrangan bab TRAH, kayata TRAH ratu rembesing madu, TRAH Priyayi, TRAH wli lan sakbanjure. Utawa menawa leluhur ya luwih mayar, leluhurku pahlawan, leluhurku tani, leluhurku dagang lan sakbacute. Mulane, sing dikarepke TRAH utawa leluhur kuwi sing ana gegayutane kato sejarah sing kawuri, lan sejatine nalika ngomong bab TRAH utawa leluhur kuwi mung arep ngomong bab tumindak. Yen tumindake apik, mesti sing pada ngomong mengkene, “Ya lumrah wae tumindake apik, lha wong dekne kuwi TRAH piyayi..”, lan uga ana sing maklum nalika ana sing tumindak ora becik, merga ya nyawang TRAH utawa leluhure. “Ora kaget, lha wong mbah tumekan buyut lan canggahe ya klakuane kaya mengkono..”

 

Dadi yen ngrembug bab TRAH utawa Leluhur, sing arep didadekne undheraning rembug kuwi sejatine tumindak, yen apik ya digathugne karo TRAH utawa leluhure, semono uga menawa ora apik. Piwulange Kitab Suci saka Lelakone Para Rasul 17 ayat 29 jian nyethakne bab tembung TRAH utawa leluhur kuwi. Manut katrangane Kitab Suci, lan kuwi piwulange Rasul Paulus, menungsa (klebu awake dewe) iki sejatine nduweni TRAH “Illahi”, sing tegese nduweni sesambungan langsung marang Gusti Kang Akarya Jagad. Wujud sesambungan kuwi mung isa dirasakne ana ing sajroning telenging batin, ora isa disawang liyan. Mula saka kuwi, bab sesambungan karu Gusti Allah kang awujud Roh kuwi ora isa dibiji, sanadyan gayane sok rohani, ananging yen tumindake ora apik, ya sejatine ora ngrumat TRAH Illahi.  TRAH Ilahi kuwi sing sejatine nyambungke menungsa marang klanggengan, ananging kerep menungsa nglalekne, merga dirasa ora ana ajine babar blas.



 

Manut piwulange Rasul Paulus, amarga awake dewe iki nduweni TRAH ILLAHI, mula ing sakmengko, sakwise ngrampungi urip neng alamndonya iki, mestine bali marang Gusti. Mula saka kuwi, sakjroning urip iki kudu tumindak utawa nglakoni tumindak kang didhawuhke Gusti Allah, ben isa dititeni yen kuwi minangka TRAH ILLAHI. Tumindak kuwi laku, ora mung omonga, ora mung status neng media social, ananging Lakuning Urip.

 

“Jo, wingi ora njedul ngandi?” Takone Lik Ndoleng, merga  wingi sedina ora ngetok babar blas.

“Kesele ngeram Lik, ngantuk’e poll..”, Wangsulane Dalijo, sinambi nyumet MLDne.

“Lha ngandi paranmu?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Netepi wajibing warga masyarakat, piket neng Posko Satgas Topik Songolas, mulih ngantuke ngeram gek Lik..” Dalijo njlentrehke kang dialami.

“Kuwi joss tenan Jo, sliramu nyontoni bab patrap urip neng masyarakat. Kudu mbok bacutke lho Jo..” Unine Lik Ndoleng.

“Kuwi merga Kang Dal rumangsa dadi TRAH ILLAHI lik, kuwi jare Mbah’e, mula sakparipolahe kudu apik. Sampeyan ya ngono Lik, aja mung mbija-mbiji apik lan ora, kudu melu tumindak. Aja mangkate ngronda mung yen neng pos papat, cedak warunge Yu Wasti. Yen kuwi wae, ora ndadak dikon mlayu banter lan disik dewe..” Unine Nduk I’in, sinambi ngladekne kopi lan gedang gorang.

“Bajindulll..kok ya tekan Wasti ta In??Hhmmmm…Jrett!! “Batine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

 

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH