Rabu, 06 Mei 2020

AMBYAR

Rebo Pahing 6 Mei 2020

BENINGE EMBUN ESUK


KEBUN PORANG


Yeremia 23:1-8

Jabur 100

Yokanan 15:9-17

 “Bilai para pangon kang ngetogake bae wedhus-wedhus ngonngonaningSun padha ilang lan AMBYAR!” -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. Yeremia 23:1

 

Tembung AMBYAR dadi populer merga digawe populer dening Alm. Didi Kempot. Lho kok isa mengkono kepriye? Merga tembung kuwi wis ana kawit mbiyen, aduuuuohhhh,sakdurunge dipopulerke dening Alm. Didi Kempot. AMBYAR tegese pecah,mawut,rusak utawa wis suda (utawa malah wis babar blas ora ana ) fungsine. Tembung AMBYAR ya nate dicritakne neng Kitab Suci, pernahe neng Yeremia 23 ayat siji, sanadyan LAI nerjemahke “Buyar”, mulane nggo nats Kitab Suci tak tulis hurup gede kabeh lan ditandani uirenge Polll.

 

Mbalik neng tembung AMBYAR. Kena ngapa tembung kuwi sanadyan wis ana sakdurunge dipopulerke dening Alm. Didi Kempot, ananging ora isa moncer utawa terkenal? Wangsulane sederhana, merga mbiyen durung makili kahanane wong akeh lan uga media komunikasi dalah informasi ora kaya saiki. Istilah AMBYAR malih dadi terkenal merga kuwi makili kahanane ati wong akeh, ora mung bab tresna ing antarane wong lanang lan wadon kang AMBYAR, ananging meh kabeh pranatan ing jaman iki ya AMBYAR. Tata kapercayan AMBYAR, tata politik luwih parah AMBYAR’e, tata ekonomi ya AMBYAR, pomeneh ing jaman pandemic “topik songolas” iki. Tembung AMBYAR sing sejatine ngemu teges (konotatif) negative, dadi digandrungi wong akeh, merga kuwi makili kahanan. Makili kahanane sapa wae, isa cah nom sing tinampik, isa bojo sing dicidrani, isa makili kahanane para bakul sing kelangan pelanggan lan sakpanunggalane. Pokok’e kabeh AMBYAR.

 

Gusti nate ngelikake menungsa , bab AMBYAR. Yakuwi sing sapa wae ndadekne kahanan AMBYAR bakal entuk paukuman. Pepelinge Gusti neng Yeremia 23 :1 ,cetha, para pemimpin sing ngetokne sing dipimpin ilang lan AMBYAR (buyar) bakalan nemahi bilai. Pancen neng Kitab Suci disebutake pangon, sanadyan artine sing asli pemimpin, ananging kuwi isa uga ditujokake kanggo sapa wae sing marakne kahanan AMBYAR, entuk Bilaine Gusti. Iki kabeh sejatine pepeling, yen kabeh menungsa kuwi (klebu sing maca tulisan iki..sing rumangsa jik menungsa lho ya..hehe) sejatine pemimpin utawa pangon, paling ora tumrap awake dewe. Mula isa diartekne yen kabeh isa marakne AMBYAR, ora mung “ngambyarke” liyan, ananging uga ngambyarke awake dewe.


KATAK/BULBIL SUPER
STOK TERBATAS
MINAT WA 085870480039


 

Sing sapa wae wegah tetulung, andum berkah, nampa timbalan lan ngendani kabeh pakaryan apik, kuwi sing sinebut ngetog’ake kahanan, lan merga ditogake mula isa ndadekne kahanan AMBYAR (buyar). Mula saka kuwi, payo pada “ngengon” urip iki, wiwitan saka awake dewe, njur brayat,lingkungan , pasamuan lan tumrap sapa wae. Aja gampang nyalahke kahanan, merga isa wae sing salah kuwi sejatine awake dewe, aja gampang nudhing amarga nalika nudhing kuwi driji siji ngener liyan lan sing papat mbalik neng awake dewe. Aja nggawe kahanane liyan AMBYAR.

 

Wis kebacut ambyar, remuk sing neng ati ,Apa ngene iki sing jenenge korban janji…..” Lik Ndoleng nembang AMBYAR, ananging durung nganti rampung ketungka swara panjerite Nduk I’in sing njedul ngetokne kopi.

“Biyuuhhh Lik..orasah nyanyi.. swaramu jian..lha sampeyan ki ngentut wae pales kok malah nyanyi, wis AMBYAR temenan iki mengkoo…” Pambengok’e Nduk I’in.

“Hambok ben ta In, kuwi carane Paklik Ngudha rasa kahanan atine, merga nembe AMBYAR. Bab apik lan ora kuwi ora gumantung saka swarane paklil, ning ya gumantung kahanane pikiran lan rasamu..”Dalijo sajak mbelani Lik Ndoleng, sing jik kukur-kukur sirah.

“Weh, tumben mbelani Paklik Kang?” Takone Nduk I’in.

“Weh, matur nuwun ya Jo, wis mbelani aku..”Lik Ndoleng sajak seneng dibelani Dalijo.

“In, mbok ngerti kahanan. Pancen om Didi Kempot wis seda, lan lagune AMBYAR dadi pas. Kuwi ya sing dirasakne Paklik, pepinginane sesandingan mbek yu Wasti ya AMBYAR….” Mak clebung Dalijo nyemes Lik Ndoleng.

“Bajindulll..takira mbelani aku Joo…jebul mung lamiss..”Batine Lik Ndoleng sing jian ngrasakne AMBYAR..

 

 

Mbah’e..

 

 

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH