Rabu, 13 Mei 2020

SAMBAT (3)

Rebo Wage 13 Mei 2020

BENINGE EMBUN ESUK




Wulang Bebasan 3:13-18

Jabur 102:1-17

Yokanan 15:1-8

“Mugi sampun nyingidaken wedana Paduka tumrap kawula ing dinten karubedan kawula. Mugi karsaa ngenglengaken talingan Paduka dhateng kawula; manawi kawula sesambat mugi enggal kersaa paring wangsulan!” Jabur 102:2

 

Iki kaping telune BENINGE EMBUN ESUK nggunakne jejer SAMBAT, sepisan tanggal 5 Agustus 2019, kapindhone tanggal 22 April 2020 lan ing dina iki, 13 Mei 2020. Kui kabeh ora merga disengaja, ananging merga kahanan lan kasunyatan. Sepisan, wacane Kitab Suci ya ngrembug bab SAMBAT lan wadule menungsa marang Gusti Allah, kapindhone ya pancen menungsa kuwi titah sing “Paling Berbakat” menawa urusan bab SAMBAT. Jian meh nemahi kahanan apa wae, menungsa kuwi SAMBAT. Nalika udan kesuwen, SAMBAT merga ora isa ngapa-ngapa, nalika panase ngenthang-enthang menungsa ya SAMBAT jare ngrasakne kahanane neraka lan sakteruse. Pokok’e yen urusan SAMBAT, menungsa sing konsisten dadi “Juara Bertahan” tinimbang titah liyane.

 

Saiki pitakonan kanggo direnung-renungake ing atine dewe-dewe yakuwi apa luput, apa salah ta menawa ing sakjroning urip iki SAMBAT? Wangsulane cekak la naos, ORA! Babar blas ora ana lupute, ora ana salahe menawa menungsa, mbuh kuwi lanang apa wadon, ayu apa ora, nggatheng apa ora, sugih apa mlarat, SAMBAT. SAMBAT kuwi hak, SAMBAT kuwi wujuding kamardikan,mula ya sumangga menawa arep padha sambat. Neng Kitab Suci malah akeh banget crita bab SAMBAT, yakuwi paSAMBATe para titah sing nemahi kahanan kang ora gathuk karo kekarepane. Sing keluwen SAMBAT, sing diuyak-uyak mungsuh SAMBAT, sing ngrasakne wedi SAMBAT, sing kelangan SAMBAT lan sakteruse. Dadi SAMBAT kuwi sejatine malah “Alkitabiah” , kuwi kandhane wong-wong sing yen nganggo klambi nggon gulune ana putih-putihe, mbuh apa kae jenenge.



 

Lha yen SAMBAT kuwi sah, ora luput utawa kleru, njur apa ya apik yen ing sajroning urip menungsa kuwi mung SAMBAT wae? Iki sing kudu ditata. Patuladhan neng Kitab Suci, SAMBAT sing “Sah” kuwi nalika SAMBAT marang Gusti Allah. Kaya crita neng Jabur 102, ing kana dijlentrehke kanthi cetha, yen sing tinulis kuwi sejatine SAMBAT sing nate dialami dening juru Jabur, lan SAMBAT kuwi mung katujokake marang Gusti Allah. Jabur 102 kuwi sejatine pandonga, lan ing sakjroning pandonga, SAMBAT kuwi apik merga nyuntak isining ati. Saka crita iki sejatine ngemu piwulang dalah pasinaon, yen SAMBAT kuwi ora luput lan uga yen meh SAMBAT ya SAMBAT wae marang Gusti, orasah marang liyane.

 

“Kang Dal, aku kok jian gumun karo Markini kae, wong kok kokean polah, kokean sambat..” Nduk I’in sore kuwi miwiti jagongan lumantar  nggresah.

“Lha ana apa karo Markini In?” Takone Dalijo.

“Kael ho, apa-apa kok SAMBAT, sithik-sithik kok ya SAMBAT..” Semure Nduk I’in.

“Mbok ben ta, wong SAMBAT kuwi ora paitan utawa modal apa-apa. mbok kowe yen pengen SAMBAT ya SAMBAT wae, rasah nggrundeli liyan In..” Semaure Dalijo, sinambi klepas-klepus karo MLDne lan uga milihi bibit Porange.

“E..lha iyo ding, wong SAMBAT kuwi ora nyalahi aturan…” Ujug-ujug I’in muni sajak pasrah, merga ngrasa Dalijo ora nanggepi.

“Ngene Lho In, bab SAMBAT kuwi sah-sah wae, ra salah, ora luput. Mung wae sambate sing tepat sasarane. Aja SAMBAT liwat WA,FB lan media social liyane.  SAMBAT wae marang Gusti, lan kuwi ana sakjroning ati, aja malah Ndonga dipamer-pamerke neng media social, Ndonga rumangsa apik dewe, resik dewe lan sakpanunggalane. Kuwi sombong sing dibungkus kasucen. Kuwi ora becik, kuwi ora lumrah In..” Dalijo malah ngoceh persis wong sing gulune ana putih-putihe kae.

“Iki jan-jane ngrembug apa ta cah?” Takone Lik Ndoleng sing nembe njedul.

“Ngrebug Yu wasti Lik, sing jare jik “menyisakan cinta” mbek sampeyan..” Sakkenane I’in mangsuli pitakonane Lik Ndoleng.

“Dusss…Wasti meneh..Wasti meneh….hmm…ning ya jik  rindu ding..” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH