Sabtu, 02 Mei 2020

NGRUMAT


Setu Pon 2 Mei 2020
BENINGE EMBUN ESUK


Bulbil/Katak Super
Minat WA 085870480039



Yehezkhiel 34:1-16
Jabur 23
Yokanan 6:60-69
Kang ilang bakal Sunpadosi, kang katriwal bakal Sunbekta bali, kang tatu bakal Sunblebed, kang lara bakal Sunkiyatake, apadene kang lemu lan kang rosa bakal Sunayomi. Bakal padha Sunengon samesthine.

NGRUMAT kuwi pagawean kang tujuane njaga lan ngayomi, ngresiki lan nyirami, makani lan ngobati, pokoke kabeh tumindak kang tujuane kanggo apik’e kahanan kuwi isa diarani NGRUMAT. Saka tembung NGRUMAT kuwi, isa dadi akeh tembung sing tegese ya beda-beda, sanadyan jik nduweni teges njaga kahanan ben tetep apik. Menungsa yen dikon milih, NGRUMAT apa dirumat, mesti milih dirumat, merga pancen kepenak, ora ngrekasa lan ngetokne tenaga. Nanging lumrahe wong, tinimbang dirumat utawa dadi rumatan, aluwung nindakne gawean NGRUMAT liyan, merga kahanan sing dirumat kuwi mesti luwih asor tinimbang sing NGRUMAT.

Neng Kitab Yehezkiel bab 34, dicritakake bab kaya ngapa anggone Gusti Allah olehe NGRUMAT  para kagungane. Sing ilang digoleki, sing ketriwak diparani njur jak mulih, sing tatu diblebed lan diobati lan sakteruse. Kabeh kang tinindakne dening Gusti Allah kuwi sing diarani pagawean NGRUMAT. Pancen rekasa, lire kepiye? Lha menawa ana sing ilang, kudu digoleki nganti ketemu, nalika ana sing ketriwal kudu diparani meneh, nalika ana sing tatu kudu diobati tumeka marine. Apa kang ditindakne dening Gusti Allah pancen nyenengke menungsa. Ananging Gusti Allah ora mung nindakne tumindak NGRUMAT, uga Panjengane ngersakne sing bubar dirumat ya kudu NGRUMAT liyan. Ora kenaendha, ora kena selak, ora kena alesan. Kudu siap sumadya ing sadengah kahanan!!

BIBIT PORANG ISTIMEWA
STOK TERBATAS
MINAT WA 085870480039


Kaya Gusti Allah anggone NGRUMAT menungsa, mula saka kuwi, ayo padha NGRUMAT urip iki, merga urip iki peparinge Gusti Allah. Dene carane NGRUMAT ya kaya kang wis tinindakne dening Gusti, nggoleki sing ilang, marani sing ketriwal, mbeled tatu sing nandang tatu lan sakpiturute. Sing saya gelem nampani paNGRUMATe Gusti, njur wegah NGRUMAT urip lan kapercayane, kuwi ora pantes kinaranan para penderek’e Gusti, mung simpatisane Gusti wae.

“Apa kuwi Lik?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng, nalika sore-sore, biasane ngobrol neng Sor Talok, kok malah nyangking kresek ireng.
“Hmm..Anu..hmm..anu Jo..” Wangsulane Lik Ndoleng sajak gragapan.
“Weh, cah tuwek tik jik gugup Lik, kaya remaja arep ngungkapke Cinta wae..” Unine Dalijo, sinambi nyumet MLDne.
“Lha anu kok Jo, anu iki lho..anu…hmm..critane kan aku arep anu…hmm…arep A…”Durung nganti rampung ngomonge Lik Ndoleng, ketungka njedule I’in, lan kaya padatan, langsung nggacar kaya babon ngarak.
“Lui po kado ulang tahune Yu Wasti Lik? Nggon ngegrup WA, sampeyan jare wis suiii ora mampir warunge Yu Wasti?” Takone Nduk I’in.
“Asemb..malah kowe ngerti ta In? Iki lak caraku NGRUMAT seduluran karo Wasti cah, mula nalika ultah ya takhadiahi..” Semaure Lik Ndoleng sajakwis isa ngwasani kahanan.
“O..apik Lik..ning ya  kuwi, aja mung Yu Wasti tok sing mbok hadiahi, yen ancase NGRUMAT seduluran. Sesuk si A, sesuk;e si B lan sakbanjure…” Dalijo nduweni ide joss, ben Lik Ndoleng isa andum berkah, merga bandane akeh mung didelikne…
“Yo Jo, aku tak manut..”Wangsulane Lik Ndoleng, sajak lungkrah…

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH