Sabtu, 09 Mei 2020

KAWICAKSANAN

Setu Kliwon 9 Mei 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Yeremia 26:20-24

Jabur 31:1-5,20-24

Yokanan 14:7-14

Nabi Uria digawa saka ing tanah Mesir lan diaturake marang ngarsane Sang Prabu Yoyakim. Sang Prabu tumuli dhawuh nyedani Nabi Uria kalawan pedhang, lan layone dibuwang ana ing pakuburaning rakyat lumrah. Nanging Nabi Yeremia diayomi dening Ahikam bin Safan, temah ora diulungake marang ing tangane rakyat lan ora disedani. Yeremia 26:23-24

 

KAWICAKSANAN kuwi asale saka tembung Wicaksana, sing tegese pangerten bab samubarang. Ora mung winates ngerti, ananging mangerti kanthi sakbenere. Saka tembung Wicaksana kuwi njur ana tembung KAWICAKSANAN, sing tegese tumindak kang tatetales pangerten kang sejati  tumrap kahananan apadene barang. Yen mung ngerti wae ora isa diarani wicaksana, ananging yen tumindak tanpa pangerten, ya ora isa diarani KAWICAKSANAN. Mulane, KAWICAKSANAN manut BENINGE EMBUN ESUK yakuwi sadengan tumindak kang tinalesan pangerten kang sakmestine, dene tumindak kuwi ancase mung marang kabecikan tumrap sakabehing titah.

 

Yen nyimak crita neng Kitab Yeremia 26 ayat 20-24, isa wae sing maca nudhing Gusti Allah ora tumindak adedasar KAWICAKSANAN, merga padha-padha ngayahi  pakaryan kang manut kersane Gusti, ananging nemahi “nasip” kang beda. Nabi Uria nemahi pati, dene nabi Yeremia diayomi dening Gusti Allah. Sepisan maneh, yen sinawang lumantar kacamata kamanungsan dalah kadonyan, pancen katon ora adil apa kang katindakake dening Gusti Allah, ora adedasar KAWICAKSANAN. Ananging menawa dirasakne lan disawang kanthi panyawang kang wening lan bening, sejatine apa kang dialami dening nabi Uria kuwi ya ana ing KAWICAKSANANE Gusti Allah. Lho kok isa? Iya, isa wae. Merga bubar dipateni, dewek’e wis purna ing karya, beda karo nabi Yeremia, merga jik kudu godres getih nindakne dhawuhe Gusti Allah.

 

Menungsa (klebu sing maca tulisan iki..), akeh sing mung seneng nalika slamet utawa jik urip neng ndonya. Sanadyan lambene sok nyanyi rohani “Aku Ingin Ikut Tuhan..” tapi yen mati mesti ditangisi. Kuwi kabeh isane klakon ya merga mung nyawang nganggo panyawang kamanungsan lan kadonyan. Yen isa nyawang kanthi luwih jero, luwi wening lan bening, mesti isa nemokne kasaenane kersane Gusti. Kudu dieling, wong tinimbalan kuwi tegese mbalik marang kalnggengan, mbalik marang Gusti.

 

“Jo, jaremu Katak utawa penthol, yen wong mbaran-mundu ngiromoko, ngarani mikropun, duwekmu ana sing bosok ya?” Takone Lik Ndoleng bab bibit Porange Dalijo.

“Iyo Lik…lumrah Lik..ora apa-apa..”Dalijo nyauri kanthi sareh..

“Pora rugi sliramu Jo?” Lik Ndoleng jik nguyak pitakonane.

“Horaa Lik..iki kabeh klebu KAWICAKANAN saka Gusti Allah. Awake dewe kudu nampa kanthi percaya lan pasrah, wong wis takrumat sing sakmestine jane gi..” Dalijo njur nyauri rada dawa..

“Kang Dal wis meneb Lik, ora gampang sambat lan nyalahke kahanan. Dekne wis sumarah, wis tumeka neng kahanan urip kang pas..Dadi yen mung kelangan bibit Porang sekilo tekane rongpuluh kilo, ora masalah..santai..esloww..” Nduk I’in  melu cawe-cawe.




“Ora kaya kowe ya In, sithik-sithik njerit, sambat. Nyetatus tur rumangsa bener dewe, nyalahke liyan, rumangsa paling bener dewe…” Unine Lik Ndoleng, lan I’in mung njethatut kaya Jangkrik arep menstruasi.

“Padha sampeyan Lik, ora entuk Yu Wasti, njur nyalahke kahanan..hehe..” Nduk I’in moh kalah, jik isa mbalik nyemes Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH