Kemis
Pon 7 Mei 2020
BENINGE
EMBUN ESUK
Purwaning
Dumadi 12:1-3
Jabur
31:1-5,15-16
Yokanan
13:16-20
Sang Yehuwah dhawuh marang Rama Abram:
“Sira lungaa ninggala tanahira, kulawangsanira lan omahe bapakira, menyanga ing
nagara kang bakal Suntedahake marang sira. Sira bakal Sundadekake bangsa kang
gedhe lan Sunberkahi, sarta jenengira Sundadekake luhur, tuwin sira bakal dadi
berkah. Sapa kang mberkahi sira mesthi bakal Sunberkahi, kang ngipat-ipati sira
bakal Sunipat-ipati, sarta sira bakal dadi jalarane para bangsa ing salumahing
bumi padha binerkahan.” Purwaning Dumadi 12:1-3
MIGRASI kuwi dudu basa asli Jawa,
ananging ya taknggo judul renungan iki, kuwi mergane nggoleki tembung basa Jawa
kang gathuk karo nats Kitab Suci kang dadi dasaring renungan iki jian angele
ngeram. Mula menawa mengko ana sing protes ya sumangga, menawa ana sing bakalan
demo nggawa sepanduk ya sumangga, arep wegah maca ya sumangga. Lha kepiye wong
pancen kahanane kaya mengkene..hehe..Oiya, rasah okeh-okeh alesan bab tembung
kang ora asli, wong nyatane kabeh yaw is campur bawur ora karuwan. Mbalik neng
tembung MIGRASI, kuwi tegese pindhah, aliyan, mingset saka papan siji menyang
papan liyane. MIGRASI kuwi ora kudu menyang papan adhoh, ananging sing baku
pindhah,aliyan lan mingset wae.
Rama Abram ing wiwitaning crita Kitab
Suci bab panjenengane uga babagan MIGRASI. Kitab Purwaning Dumadi rolas
nyethakne kaya ngapa wiwitaning rama Abram “kenalan” karo para pamaos Kitab
Suci langsung ditimbali kon MIGRASI saka papan dununge menyang papan kang adoh.
Dene anggone rama Abram MIGRASI kudu
ninggal tanah leluhure, kalawangsa utawa trah/sanaksedulur, omah lan uga
wongtuwane. Pancen yen dirasa abote ngeram, wis penak-penak manggon, nduwe
omah, nduwe sedulur, nduwe banda lan liya-liyane njur dikon MIGRASI. Ananging neng
Kitab Suci ya nyatane rama Abram ya gelem lan MIGRASI, mboyong apa wae kang
didhawuhake dening Gusti, lan ing pungkasane ya dadi lan mulyane.
Saka crita bab rama Abram iki, sejatine
akeh pasinaon kan isa dipethik kanggo urip ing jaman saiki, malah ing sadengah
jaman. Kaya rama Abram, sejatine saben wektu menungsa kuwi tinimbalan MIGRASI,
pindhah,boyongan,alihan,mingset saka papan wiwitan menyang papan kang anyar. Saben
wayah menungsa ditimbali lan didhawuhi supaya MIGRASI saka samubarang kang
lawas,patrab urip sing lawas. Sing biasane wegahan utawa males MIGRASI dadi
sregep, sing biasane mung kokean lambe tukang maido lan ngritik njur MIGRASI
dadi loma ing sabarang kahanan. Pokok’e sejatine menungsa kuwi saben wektu
tansah ditimbali dening Gusti supaya MIGRASI,ananging okeh sing wegah, ambudeg’i
ruka-reka ora krungu merga wegah repot, emoh MIGRASI.
“In, tumben Paklik Saiki sregepe
ngeram?” Takone Dalijo marang dulure wedok sing kemayune ngungkuli puthuk
dulndesa.
“Mbok ben kang, kuwi jarene mbah’e
MIGRASI, saka kahanan wegahan dadi sregep. Lha iki mau sedina jian poll sregepe
ngeram. Esuk renungan pagi sinambi nggitar,sanadyan mbuh gathuk apa ora, awan
neng tegal, macul, jare arep nandhur Porang, mulih wis tengah awan, njur jam
loronan wis mangkat meneh. Lagi semangat nyawiske lahan nggo nandhur Porang..”
Nduk I’in semaur sinambi ndondomi klambine anak’e sing suwek.
“Padha ngapa kok malah ngrasani aku?”
Lik Ndoleng Njedul saka senthong, jik nyekel Kitab Suci, sajake bubar renungan.
“Tumben sregep Lik?” Takone Dalijo.
“Lagi nduwe wektu maca renungan BENINGE
EMBUN ESUK, lan kudu matur nuwun karo sing nulis lho cah..ben ndina awake dewe
wis dicawisi “panganan rohani”, sederhana lan gampang dingerteni..” Lik Ndoleng
njlentrehke pengalamane.
“Aku rung maca Lik, dina iki baba pa?”
I’in takon.
“Bab MIGRASI, ngowahi patrap urip,saka
sing ora apik dadi apik..” Semaure Lik Ndoleng.
“Mathuk Lik..cen kudu ngono, kudu
MIGRASI. Kaya lahan sing nganggur kae, ayo digarap supaya dadi migunani..kabeh
kudu siap MIGRASI..” Dalijo muni snambi nyumet MLDne lan nyruput kopine.
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar