Minggu
Kliwon 24 Mei 2020
BENINGE
EMBUN ESUK
Lelakone
Para Rasul 1:6-14
Jabur
68:1-10,32-35
1
Petrus 4:12-14,5:6-11
Yokanan
17:1-11
Paring wangsulane: “Kowe ora prelu nyumurupi mangsa lan wektu,
kang katamtokake dening Sang Rama piyambak, manut panguwaose. Nanging kowe
bakal padha tampa kasekten, samangsa Sang Roh Suci wus nedhaki marang kowe
kabeh sarta kowe bakal padha dadi seksiKu ana ing Yerusalem lan ing satanah
Yudea kabeh, sarta ing tanah Samaria tuwin tumeka ing pungkasaning bumi.” Para
Rasul 1:7-8
Tembung MEMPENG kuwi tegese ngayahi
pakaryan utawa gawean kanthi serius, malah isa diarani kliwat serius utawa
tumemen. Sakumpama ana wong sing nduweni tenaga cacahe 50, sing diarani MEMPENG
kuwi nalika nggunakne 49-50 saka cacahe tenaga utawa energy kuwi. Kosok baline,
yen ana pawongan kang nduweni tenaga utawa energy 50 njur mung digunakne kanggo
makarya cacahe mung 10 tekane 15, kuwi ora isa kinaranan MEMPENG, malah isa
diarani klelat-klelet. Kesimpulan sederhana bab MEMPENG yakuwi, nggunaake
tenaga utawa energy tumeka ing pucuking wates.
Crita Kitab Suci bab “Elegi Perpisahan”
ing antarane Gusti Yesus lan para sekabat ana weling (disuwelke njur
dieling-eling) bab MEMPENG kuwi. Para sekabat arep ditinggal, sakdurunge nampa
kasekten dipenggak aja makarya sik, mengko sakwise nampa kasekten njur dikon
MEMPENG olehe makarya. Dene pakaryan
kang kudu diayahi utawa dilakoni dening para sekabat kuwi sejatine ora abot,
wong mung gari niru utawa nuladha apa wae kang nate ditindakne dening Gusti. Bab
nindakne apa kang wis nate katindakake dening Gusti kuwi ya manut “Kapasitase” dewe-dewe, siji lan sjine
ora padha, sing paling utama yakuwi Gusti ngersakne kabeh makarya kanthi
MEMPENG. Ora pareng klelar-klerus kaya Joko Leler, ora pareng klolat-klelet
kaya prawan kasep, kudu MEMPENG, ora kena kokean alesan.
Ing jaman saiki akeh wong kang magel,
tanggung ing sakabehe. Sekolah tanggung, nyambut gawe tanggung, netepi pakaryan
kapercayan utawa ana ing basane nggreja Pelayanan ya tanggung. Yen mung bab
bengak-bengok utawa loap-laop wae cacahe nggladeg, sakndayak abuh, ananging
kuwi mung MEMPENG bengak-bengok, jak makarya kokean alesan. Ana sing alesan
lali,ana sing alesan sibuk lan sik okeh alesan liyane. Ana uga yen dijak nandur
pengarep-arep, mung klelaT-kleleT kaya uler KekeT mangan senar rakeT, ya kokean
alesan. Mbokmenawa kuwi kabeh kang kudu dadi “bahan renungan” kanggo sapa wae, supaya
ing tembe, padha siap kanggo MEMPENG makarya.
“IN, wis jam semenen dulurmu lanang
Dalijo ngandi?” Takone Lik Ndoleng neng Iin sing nembe dondom.
“Durung mulih seka kebone Lik…sakplok’e
mbok sreneni pas bar tangi kawanrn kae, saiki MEMPENG nyambut gawe, mbuh anal
an orane gawean, mesti neng kebon Porange” Iin semaur sinambi jik sinambi
dondom.
“Atur ngono’a, apa jan-jane Porang kuwi
isa maedahi ta In? Aku wingi sirku meh njajal, nempil Dalijo setengah kilo..”
Lik Ndoleng semaur, ning malah ketok yen nggrememeng dewe. Sakdurunge Iin
nyauri, ketungka tekane Dalijo saka kulon ngomah, saka arah kebone.
“Kowe mono Lik, mbaut yen ngandani. Ananging
jak tumandhang ya angele ngeram…”Muni ngono Dalijo langsung nyelehke pacul lan
kresek ireng, mbuh isine apa, njur nyedak Lincak.
“Kabeh kuwi perlu dicoba Jo, ora
sembrana. Yen wis dong, nembe dilakoni…” Wangsulane Lik Ndoleng.
“Yo ora kabeh ngono Lik. Sinau lan
nggolek info seka papan liya kuwi penting, ora kabeh kudu dicoba ndisik..”
Dalijo menehi wangsulan.
“Setuju kang Dal aku Lik..”Iin melu
urun rembug, ning kaya padatan, mung ela-elu.
“Weh, yen durung dicoba apa ya ngerti
ta cah?” Lik Ndoleng sajak bingung.
“Lha aja-aja mbiyen Yu Wasti (meh) mbok
coba sik Lik, mula njur wegah?” Ujug-ujug Dalijo nyebut jeneng Wasti.
“Dusss..lha kok tekan Wasti malah iki
Joooo?” Pambengok’e Lik Ndoleng.
“Eeee..biasane yen bab Yu Wasti
sampeyan njur MEMPENG ing sakabehe Lik..yo pora kang Dal?” Iin melu ngoso Lik
Ndoleng.
“Bajindullllll…”Batine Lik Ndoleng.
Mbahe..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar