Rabu, 27 Mei 2020

NUCEKAKE

Rebo Pon 27 Mei 2020

BENINGE EMBUN ESUK



1 Para Raja 8:54-65

Jabur 99

Yokanan 17:11b-19

Ing dina iku uga Sang Prabu nucekake tengah-tengahe plataran ing sangarepe padalemane Sang Yehuwah, amarga iya ana ing kono iku anggone panjenengane nyaosake kurban obaran, kurban dhaharan lan sakehe gajihe kurban slametan, amarga misbyah tembaga kang ana ing ngarsane Sang Yehuwah iku keciliken manawa kanggo ndekekake kurban obaran lan kurban dhaharan sarta sakehe gajihe kurban slametan mau. 1 Para Raja 8:64

 

NUCEKAKE kuwi asale saka tembung Suci,sing tegese resik utawa babar blas ora ana regede. Suci kuwi tembung kang netral, dene NUCEKAKE kuwi pagawean utawa tumndak kang nduweni ancas supaya Suci. Dadi cekak-aose, NUCEKAKE kuwi tumindak utawa pagawean kang tujuan utawa ancase supaya dadi Suci.dene kang didadekne Suci kuwi ya isa apa wae, isa kahanan, isa barang, isa wektu lan lan sakpanunggalane. Dene gawean NUCEKAKE kuwi isa diayahi sapa wae, gumantung karep, yen nduweni karep mesti isa. NECEKAKE kuwi isa klakon merga “kesepakatan” utawa “konsensus’. Nalika ana paguyuban kang sepakat NUCEKAKE kahanan, wektu, barang  utawa papan, mula lumantar apa kang wis dadi kesepakatan lan dilakoni, kuwi isa dadi Suci, lan pambudidayane isa diarani NUCEKAKE.

 

Apa kang klakon neng Kitab Suci, nalika jamane Raja Soleman, cethane neng Para Raja 8 ayat 54-65 njlentrehake baba pa kuwi Suci lan NUCEKAKE. Prabu Soleman anggone tumindak NUCEKAKE papan lan kahanan lumantar patraping kapercayan, lan uga ana sranane, yakuwi Korban kang cacahe ya jian ora memper. Sranane NUCEKAKE kang diayani dening Prabu Soleman kuwi ana sapi rolikur ewu lan wedus satusrongpuluh eweu. Biyuhh, lha panggonane pora kebak tlethong lan srinthil yen cacahe kewan semono okehe? Hayo embuh, kuwi critane Kitab Suci. Sing cetha, Kitab suci mung meh crita yen ayahan NUCEKAKE kuwi butuh srana, butuh piranti, ora mung kothong-mlompong.  Dene tujuan utawa ancas NUCEKAKE kau ya supaya Suci, lan kasucen kuwi sejatine kahanan kang dadi pepinginane saben wong. Suci lan Kasucen kuwi padha karo sehat utawa waras. Sehat saka sakabehing penyakit, waras saka sakabehing masalah.

 

Sinau saka critane Prabu Soleman neng Kitab Suci, bab Suci, NUCEKAKE lan uga Kasucen, ing jaman saiki sejatine ya padha butuh. Umpamane wae bab NUCEKAKE kahanan saka  polahe Topik Songolas. Menungsa ing jaman saiki kudu wani tumindak kanggo NUCEKAKE kahanan, ben Suci,ben Sehat lan dadi Waras. Dene pambudidaya NUCEKAKE mau mbutuhake Korban. Yen ing jamane Prabu Soleman butuh sapi rolikurewu lan Wedus satusrongpuluhewu, kang ajine pol okehe, saiki ya kudu wani ngetokne Korban. Ora kudu Sapi lan Wedus, ananging ajine Sapi lan Wedus kuwi sing kudu dadi undheran. Ing Jaman saiki, wong-wong kudu wani “ngorbanake” apa kang dadi srana supaya kahanan isa Suci. Pakaryan NUCEKAKE iki kudu dilakoni bebarengan, ora dewe-dewe apamenah malah tukarpadu merga rebutan benere dewe-dewe. Sing jelas, gawean NUCEKAKE kahanan saiki, ora isa dinyang, kudu enggal dilakoni ing wektu iki uga.

 

“Jo, aku dek kapan kae pethuk wong, jenenge aku ora patio eling, ananging kulina diundhang Kang Siswo..” Lik Ndoleng  sore kuwi miwiti jagongan nalika ana neng Cakruk Pojokan omah.

“Njur ngapa wong bab pethuk wong wae ndadak crita, saben ndina kan ya kepethuk wong sakndayak abuh ta Lik?” Semaure Dalijo.



“Iya, bab pethuk wong okeh kuwi lumrah, merha cacahe menungsa neng njagad iki jian okehe ngeram. Sing arep dadi critaku dudu bab pethuk’e, ananging bab wong kuwi” Lik Ndoleng njajal njlentrehake.

“Lha njur baba pane?” Takone Dalijo.

“Wong kuwi, kang Siswo kuwi, jian yen ngomong apa anane, thok-lek, blak kotang terus terang. Yen ora kuwat, mesti nesu lan mutung,njur ngamuk kabeh dikepruki..” Lik Ndoleng njajal nyritakne bab wong sing diundhang Kang Siswo kuwi.

“Kuwi apik, Lik. Kuwi isa dadi Sranan Kahanane dadi apik, ora slinthutan. Manut mbah’e, kuw cara NUCEKAKE kahanan, dadi ya apik wae, kuwi cara ndadekne kahanan dadi resik utawa sehat.” Dalijo menehi wangsulan.

“Weh, kuwi apa ya sing gulune ana putih-putihe kae Lik?” Takone Iin.

“Iya..”Semaure Lik Ndoleng.

“Aku setuju Kang Dalijo Lik, butuh wong kaya ngono kuwi, ben Resik. Mula tresnamu neng Yu Wasti enggal resikana Lik, tinimbang ngregeti srawungmu mbek kang Markun” Muni Ngono Iin langsung cengkelak mlebu omah, dene Lik Ndoleng misuh-misuh.

“Jreett…malah tekan Wasti meneh!! Grundhelane Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH