Senin, 18 Mei 2020

KLUWUNG

Senen Wage 18 Mei 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Purwaning Dumadi 9:8-17

Jabur 93

Yokanan 15:26-16:4a

Samangsa kluwung katon ana ing mendhung, iku bakal Sunpirsani satemah Ingsun banjur enget ing prasetyaningSun kang langgeng ing antaraning Allah lan kabeh makhluk kang urip, kabeh makhluk kang ana ing bumi.” Purwaning Dumadi 9:16

 

Jaman mbiyen, nalika nyawang ana KLUWUNG njur akeh sing nduweni penemu kang beda-beda. Ana sing bungahe ngeram, merga ujaring kandha tekane KLUWUNG kuwi pratandha ana Widodari mudun saka Khayangan, meh adus. Lha jare Khayangan kuwi banyune akehe poll, lan ya beninge ngeram, lha kok ndadak yak-yak’an tekan ndonya arep ngapa jal? Cen Widodari kurang gawean yak’e.. Ana meneh sing nduweni penemu, mbuh bener apa ora aku ya ora weruh, yen kalamangsane njedul KLUWUNG, kuwi pratandha yen ana Naga sing meh ngombe, lan mbokmenawa jik okeh penemu kang maneka werna bab KLUWUNG. Ora ana sing salah, merga kabeh kuwi arep nyritakne lelakon kan ana ing sakmburine crita kuwi.

 

Ana ing “wilayah” ilmiah, sejatine KLUWUNG kuwi isa dijlentrehake, yakuwi anane pembiasan banyu udan/ngepyur dening sunare srengenge. Mula saka kuwi, KLUWUNG mesti njedule yen awan, mbengi blas ora wani, cen KLUWUNG kuwi sanadyan endah ananging jirihe ngeram. Merga pembiasan banyu udan dening cahyaning srengnge, mula KLUWUNG yen esuk mesti njedul neng sisih kulone Sregenge, lan yen sore, njedul neng sisih wetane srengnge, kuwi wis dadi pathokaning jadagraya iki. Kitab Suci ya nate crita bab KLUWUNG, sing paling popular ya crita KLUWUNG ana neng sejarahe Rama Nuh. Bubar udan sing derese ngeram lan uga suwene polpolan, njur Rama Nuh (sakwise terang) metu saka Prahune. Udan wis kesel sajake, mula njur leren. Lha ing kahanan pungasaning udan kuwi si KLUWUNG njedul. Njedule KLUWUNG kuwi diagem Gusti minangka tandha, menawa paukuman kanggo jagad lumantar udan lan banjir bandhang, wis rampung.



 

Tumrap Rama Nuh (Lan sing baku sing nulis Kitab Purwaning Dumadi), tekane KLUWUNG kuwi ora mung diwenehi teges mung bab fenomena alam, ananging ing kono ngemu piweling,ngemu tandha lan ngemu piwulang. Rama Nuh isa maca lan pirsa, yen kuwi dadi tandha purna utawa rampunge ukuman kanggo jagad. Lumantar KLUWUNG, menungsa dijak nyawang kaendahaning titahe Gusti, lumantar KLUWUNG menungsa diajak eling bab rampunge paukuman, lumantar KLUWUNG menungsa dijak sadhar yen samubarang kang ana ing sakiwa-tengene urip iki isa kaagem dening Gusti minangka srana. Mula saka kuwi, sinau saka pengalamane Rama Nuh, ayo padha sinau bab kang tansah obah lan owah ing jagad iki, merga sejatine kuwi bahasane Gusti Allah kanggo titahe. Bab isa maca lan orane, gumantung menungsa(ne), gelem sinau apa ora, yen gelem mesti isa, ananging yen wegah, ya tangeh lamun.

 

“Kang,iki ana inpo apik, serius..” Nduk I’in nyedaki Dalijo neng Sor Wit Nangka sing nembe ngiseni polibek sing meh nggo mbibit Porang, merga persediaan bibit Porang kang Dalijo jian akahe ngeram..

“Ana apa, sajak urjen lan emergensi” Semaure Dalijo, ngebritis-britis nggaya kae.

“Paklik entuk jadwal ronda karo kang Markun. Mesti gayeng, ngko lak mesti dijak remi po gaple, njur dimungsuhke..” I’in njlentrehke, sajak kaya tau-tau’a ngrondha kae.

“Wah..iki jian joss kabare, iki hotnyus In..entuk garapan anyar…”Dalijo sajak sumringah, lan sakdurunge mbacutake anggone ngomong, ketungka njedule Lik Ndoleng saka pojokan kebun, mbuh seka ngendi.

“Ana apa ta cah, kok sajak bungah temen?” Takone Lik Ndoleng.

“Iki lho Lik, jadwal ronda anyar iki lho..” Semaure Dalijo.

“Lha ana apa karo jadwal anyar Jo?” LIk Ndoleng sajak wiwit penasaran.

“Kowe bareng karo kang Markun Lik, mesti gayeng. Iki tandha, kaya KLUWUNG sing dadi piwulange mbahe neng renungan BENINGE EMBUN ESUK ing dina iki..”Unine Dalijo, sajak sumringah.

“Weladalah…lha tandha apa, kok wasis temen olehmu maca kahanan Jo?” Sajak bingung Lik Ndoleng mbacutake takok’e.

“Pas jaga, ronda, ngko main gaple po remi, mungsuhmu Kang Markun, mesti gayeng, arep takundhangi cah-cah nom-nom nggo supporter, jago surak..” Wangsulane Dalijo sajak senenge ngeram.

“Baindullll..kakekane, jadwal ronda wong tua malah nggo dolanan..dusss..” Batine LIk Ndoleng, sajak getem-getem.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH