Jumat, 08 Mei 2020

KAUTUS

Jemuah Wage 8 Mei 2020

BENINGE EMBUN ESUK


                                                                                   TANAMAN PORA DI KEBUN TERBUKA


Pangentasan 3:1-12

Jabur 31:1-5,15-16

Yokanan 14:1-6

Samengko pasambate wong Israel iku wus sumengka marang ing ngarsaningSun; sarta Ingsun wus nguningani kerasing panindhese wong Mesir marang umatingSun. Kang iku ing samengko sira mangkata, sira Sunutus nemoni Pringon, supaya umatingSun Israel iku sira irida metu saka ing tanah Mesir.” Pangentasan 3:9-10

 

KAUTUS utawa diutus kuwi tegese nampani pakaryan kang dudu mrenthul saka kekarepane dewe, merga kuwi dhawuh utawa kongkonan saka Liyan, isa saka wong lan dudu wong. Lumrahe menungsa kuwi paling seneng menawa nglakoni sabarang kang dadi kekarepane, dene menawa nglakoni sing dadi kekarepane liyan kuwi angel, malah kepara wegah lan ngendani. Lho, lha apa ta sebabe kok yen nglakoni gawean sing dudu kekarepane menungsa ora cekat-ceket mangkat? Kuwi merga apa kang dadi gawean kuwi biasane dudu kang dadi kekarepane.

 

Crita bab KAUTUS utawa diutus kuwi akehe pol ana neng Kitab Suci, sing jarene sumbering piwulang para wong kang ngantepi kapercayan. Salah siji crita bab KAUTUS utawa dutus kuwi isa ditemokne ana neng Kitab Pangentasan 3. Ing bab kuwi dicritakne kepriye mula-bukane Gusti Allah nimbali lan sakbanjure ngutus Musa ngayahi pagawean. Gusti Allah nimbali Musa lan sakbanjure Musa nampa timbalan lan gelem ngayahi timbalan kuwi. Dene timbalane Gusti marang Musa kuwi supaya ngentasake bangsane saka penindhese si Pringon. Geleme Musa nampa lan ngayahi timbalan utusan kuwi sing ndadekne Musa isa kinaranan KAUTUS. Dadine Musa kuwi merga KAUTUS dening Gusti isa diarani Utusaning Gusti.

 

BIBIT KATAK SUPER
MINAT WA 085870480039


Apa Musa langsung gelem lan mangkat ngayahi timbalan Utusan kuwi? Hora, babarblas ora! Musa jebule ya kaya wong jaman saiki, nalika ditimbali Gsuti lumantar sabarang kahanan, Nampik lan enda. “Kula punika sinten?”, kuwi aji endha pangendha sepisan sing diungelke Musa, merga kuwi ora mempan, njur Musa ngetokne ajian sijine meneh, “Kula lak mboten saget ngomong…”, Ananging Gust iwis nyawisi kanca kang wasisi ngomong,  lan ing pungkasane Musa gelem ngayahi timbalan pakaryan utusan, mula isa kinaranan KAUTUS. Musa KAUTUS supaya ngentasake bangsane saka panindhes, saka pepeteng, saka bebendu, saka kahanan kang rekasa, saka kahanan kang ora nyenengake. Ora gampang gaweane Musa, ananging merga dewekne mung Utusan, mula ubarampe pakaryan kuwi wis dijangkepi dening Gusti kang ngutus.

 

Bab ditimbali, didhawuhi lan diutus dening Gusti kuwi tekan saiki ya jik lumaku. Ing sakiwa tengene dewe saiki akeh kahanan kang nrenyuhake, lan kuwi sejatine “Timbalan” saka Gusti, supaya awake dewe tumandhang, ora mung nyawang wae, ora mung kokean alesan lan uga ora mung sambat wae. Ora usah padha kuwatir lan was sumelang, Gusti kang ngutus mesti wis njangkepi apa wae kang diperlokne, awake dewe mung kari mangkat. Yen gelem, mesti dijangkepi, yen gelem mesti disangoni. Ananging akeh sing mung njaluk sangu, ananging wegah ngayahi gaweane pangutusan kuwi.

 

“Sedina ora ketok ngandi ta Jo, apa ya melu kena lokdon?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo, merga sedeina muput jian ora ketok blass.

“Nglumpukne srinthil neng kandange Kang Wagiyo Kandhut, meh tak permentasi, ben suk wancine cecawis nggarap lahan nggo Porang wis bener-bener siap Lik…” Wangsulane Dalijo, sinambi nyumet MLDne.

“Weh, jaremu nandhur Porang kuwi mayar, ora ndadak ngrumati kanthi njlimet?” Lik Ndoleng jik takon wae.

“Kuwi sing ana neng pikirane wong okeh Lik. Njaluk mayar olehe ngrumati,ananging ngarep-arep hasile pol-polan. Okeh sing wegah tumandang ngrumat, kamangka ngrumati tanduran kuwi pada wae dadi utusan, isa diarani KAUTUS supaya ngrumat kanthi serius ben hasile apik..”Wangsulane Dalijo sajak serius.

“Kowe mbiyen diberkahi Gusti Lik, diparingi tresna marang Yu wasti, ananging merga ora mbok rumat ya AMBYAR..njur digondol Kang Markun..” Ujug-ujug Nduk I’in njedul saka pawon, nggawa wedang lan melu moyoki Lik Ndoleng.

“Bajindul…lha iki ngrembug Porang kok malah tekan Wasti…!!”Batine Lik Ndoleng, merga arep muni seru, wedi didemo karo sing maca tulisan iki..

 

 

Mbah’e..

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH