Selasa, 12 Mei 2020

KUMANDEL

Selasa Pon 12 Mei 2020

BENINGE EMBUN ESUK





Wulang Bebasan 3:5-12

Jabur 102:1-17

Yokanan 14:27-31a

“Kumandela marang Pangeran Yehuwah klawan gumolonging atimu, lan aja sumendhe marang pangretenmu dhewe. Ing salaku-lakumu ngakonana Panjenengane, temah Panjenengane bakal nglencengake dalanmu…” Wulang Bebasan 3:5-6

 

Tembung KUMANDEL kuwi asale saka tembung lingga Kandel, kosokbaline tembung tipis, kang tegese kahanan kang okeh,rowa lan isa murakabi. Saka lingga Kandel kuwi njur isa kadadekna pirang-pirang tembung “daden”, sing salah sijine yakuwi KUMANDEL. Mula manut penemuku, tembung KUMANDEL kuwi tegese nduweni tekat kan kuwat kang ndadekne sapa wae wani ngadepi apa kang kudu diadepi. Kosokbaline KUMANDEL kuwi jirih,, sing tegese babarblas ora wani ngadepi kahanan apa wae, klebu uga kahanan kang sejatine ora abot lan medeni.

 

Kang nganggit Kitab Wulang Bebasan ngalami kahanan urip kang maneka werna, saka sing rekasa tumeka kang kepenak, saka sing abot tumeka kang entheng. Lan ing sakabehing kahanan kuwi, Juru Anggit Wulang Bebasan isa nyimpulke. Menawa mung srana nduweni rasa percaya marang Gusti Allah wae kang njalari isa ngadepi sakabehing kahanan. Dene rasa percaya kuwi ya pirang-pirang kahanan, saka sing biasa-biasa tumeka kang luarbiasa. Lha ing kabeh kahanan kuwi, Juru Anggit Wulang Bebasan ngrasa yen mung srana percaya kang Kandel wae kang njalari dewekne isa ngadepi kabeh masalah-masalahe uri neng ndonya iki. Awit kuwi, mula sakbanjure, Juru Anggit Wulang Bebasan njur nulis kang intine crita bab percayane. Ikuwi kabeh minangka paseksi, lan paseksi kuwi isa diwarisi menungsa, klebu sing maca tulisan iki. “Kumandela marang Pangeran Yehuwah…” Kuwi oramung winates dhawuh, ananging paseksi, menawa mung nalika KUMANDEL marang Gusti Allah wae, kabeh masalahing urip isa diadepi kanthi kalis sing rubeda.

 

Sing jenenge masalah kuwi uripe bebarengan karo menungsa, mula saknalika menungsa kuwi urip, masalah ya tetep urip. Ora sithik menungsa sing wedi utawa jirih marang masalah, ananging ya ora sithik sing nduweni Kekendelan. Ana kang nduweni kekendelan gede, ana kang nduweni cilik, la nana kang nduweni kekendelan kang ngedhap-edhapi. Juru Anggit Wulang Bebasan dewe ngrasa yen uripe merga nduweni pengandel marang Gusti kang ora cilik, mula nalika ngrasa kabeh kuwi, dewekne ngripta seratan kapercayan. “Kumandela Marang Pangeran Yehuwah..!” Nduwe’a rasa Kendel kang gede marang pangrumate Gusti Allah, merga mung kuwi kang njalari urip isa lumaku bener lan pener. Apa wae kudu tinindakne atetales KUMANDEL, rasa Kendl, kang gede.

 

“Jo, lahan semana okehe kuwi meh mbok tandoori Porang kabeh?” Takone Lik Ndoleng, nalika sore kuwi wedangan, lan Dalijo jik milah-milih Bulbil Porang, neng teras cedak Lincak, Sor Talok.

“Iya Lik, aku KUMANDEL yen iki pancen dalane uripku. Aku yakin menawa lumantar nandur Porang, aku isa tetulung sapa wae luwih saka kang wus takayahi. Aku ya nduweni pengangen-angen ndadekne ijoning kahanan” Semaure Dalijo, sinambi ubet milihi Bulbil lan ora lali, klepas-klepus karo MLDne.

“Lha sing wingi pada takon kae ya sido?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Ijik Lik, sanadyan ora kabeh. Ananging tetep takjlentrehake kabeh kang kudu dilakoni, ben mbesuk’e ya ngrasakne asile saka Porang iki. Sing penting KUMANDEL marang Gusti kang akarya jagad iki Lik..” Dalijo nyauri sinartan njlentrehake.

“Lha sampeyan mbiyen nyedaki Yu Wasti mung gaco nyedak, apa ya adedasar KUMANDEL ta Lik?” Nduk I’in njedul seka pawong, langsung takon bab Yu Wasti.

“Dusss..iki serius takon bab Porang neng Dalijo, kok koe jik ngogreh-ogreh bab Wasti ta In??. Aku ngrasa mak jeg ngono iki..” Lik Ndoleng sajak kaget, ning ya katon sumringah, saben krungu bab Yu Wasti.

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH