Selasa, 05 Mei 2020

TANDHA


Selasa Legi 5 Mei 2020
BENINGE EMBUN ESUK

UMBI BIBIT PORANG
KUALITAS TERJAMIN
STOK TERBATAS
Hun. WA 085870480039


Yehezkhiel 34:23-31
Jabur 100
Yokanan 10:22-30
Ingsun bakal nganakake prajanjian karukunan kalawan wedhus-wedhusingSun tuwin Ingsun bakal nyingkirake sakehe kewan galak saka ing tanah kono, satemah wedhus-wedhusingSun bisa manggon ana ing pasamunan kalawan ayem tentrem lan bisa turu ana ing alas. Ingsun bakal ndadosake wedhus-wedhus iku lan kabeh kang ana ing sakubenge gunungingSun dadi berkah; Ingsun bakal paring udan ing pepancene wektune; iku udan kang nggawa berkah.” Yehezkhiel 34:25-26

Mendung kuwi sawijining TANDHA, yen ing tembe arep ana udan. Mbiyen, saben wis ana Jago Kluruk nalika awak jik pada krukupan slimut, kuwi dadi TANDHA yen dinane meh ganti, saka mbengi menang esuk lan awan. Unine Manuk Prenjak, mbiyen uga isa dadi TANDHA yen bakalane arep ana dayoh utawa tamu. Mata ngantuk kuwi ya TANDHA, menawa awak wis ora isa dijak makarya maneh, kudu ngaso lan sing paling apikya Turu. Kabeh obah osiking jagad iki, sejatine minangka TANDHA, mung wae kerepe menungsa wis ora isa maca lan mangerteni kuwi minangka TANDHA apa.



Gusti Allah menehi prasetya marang para kagungane, menawa Panjenengane bakalan dadi Pangon kang utama, dene menungsa bakal dadi “Wedhus-Wedhuse”. Dene kang minangka TANDHA menawa kuwi Wedhus Kagungane Gusti, nalika para Wedhus isa dadi srana utawa lantaran berkah tumrap panguripan kang ana ing sakiwa tengene. Cetha banget kang dadi TANDHA kuwi Wedhus kagungane Gusti apa dudu. Mbuh kwui wedhus Gembel apa Wedus Biasa,, sugaer isa dadi lantaran berkah kanga kabeh tutah, kuwi kagungane Gusti. Wedhus sing dadi lantaraning berkah kuwi Wedhus kagungane Gusti, mula sing ora isa nunjukne TANDHA, yakuwi dadi lantaran berkah, kuwi sanadyan “Ngakune”  Wedhuse Gusti, sejatine dudu. Isa wae kuwi mung awake sing Wedhus, dene atine Asu Ajag, sing hobyne mung ngrusak lan mateni. Yen dudu Asu Ajak, mbokmenawa ya Luwak, sing aklambi Wedhus. Luwak kuwi kewan sing njelehi, Wareg nangis, luwe ya ngangis, Luwak kuwi kewan sing kokean Sambat.

Ana ing saktengahe urip pasamuan, penemu bab Pangan lan Wedhus populere ngeram. Gusti Allah diarani pangon, dene menungsa dadi Wedhuse. Gegambaran kuwi apik-apik wae, ananging sing kudu dirasak-rasakne, manut pangandikane Gusti saka Yehezkhiel 34, apa ya para Wedhus kuwi wis isa nelakne dhawuhe Gusti, yakuwi dadi lantaran berkah?Aja-aja mung kokean sambat, kahanan anteng-anteng wae babar blas ora gelem cawe-cawe, bareng kahanane nrenyuhake, njur bengak-bengok, sambat loap-laop, njaluk digatekne. Yen para maos ana sing kaya mengkene, brarti ya nduweni watak Luwak, mung kokean sambat.

BIBIT KATAK/BULBIL
STOK MELIMPAH


Saka andharan ing nduwur, payo saiki padha lomba mratelakake menawa awake dewe iki Wedhse Gusti, syarate mayar: Ayo dadi lantaran berkah,aja mung nunggu entuk berkah. Sanadyan kayane mayar, ananging ngowahi penemu kuwi angele ora njamak. Wis suwe okeh wong sing uripe dimanja, njaluk digateknee terus, moh yen kon nggatekne .

“Tak sowing-sawang, kawit kapan kae kok awakmu okeh meseme ta Jo? Apa bar kontak Tarsi?” Lik Ndoleng sajak gumun, merga Dalijo pasuryane sumringah, njur nebak yen bubar ketemu Tarsi.
“Wealah Lik, Tarsi kuwi masa laluku, ketemua ya biasa-biasa..hehe..Aku bungah merga  pengen bungah. Iki TANDHA menawa aku rinumat dening Gusti..”Dalijo anggone nyauri sinambi klepas-klepus.
“Emange sampyen Lik, urip kok kokean aturan, ribet. Kuwi TANDHA yen sampeyan ya wong ruwet.” Nduk I’in melu nrambul rembugane Dalijo mbek Lik Ndolleng.
“Lho, kok aku malah sing mbok arani In?” Takone Lik Ndoleng.
“Lha sampeyan ratahu ngetokne TANDHA, menawa sampeyan kuwi rinumat dening Gusti. Njaluk digatekne terus, ananging wegah nggatekne Liyan. Kuwi TANDHA yen uripe sampeyan kuwi ribet..” I’in olehe nyemprot Lik Ndoleng pol-polan, lan Lik Ndoleng mung klingah-klingih kae, kuwi minangka TANDHA, menawa deweke ngakoni kabeh kang diomongke I’in lan Dalijo.

Mbah’e..




Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH