Kamis, 21 Mei 2020

NDLONGOP

Kemis Pahing 21 Mei 2020

BENINGE EMBUN ESUK

BIBIT PORANG
MINAT WA 085870480039


Lelakone Para Rasul 1:1-11

Jabur 47

Markus 1:15-23

Lukas 24:44-53

Nalika lagi padha tumenga ing langit ngawasake anggone Gusti sumengka iku, dumadakan ana priya loro jumeneng ing sacedhake, padha mangagem putih, kang tumuli mangandikani mangkene: “Heh, wong-wong Galilea, yagene kowe padha ngadeg tumenga marang langit? Gusti Yesus, kang sumengka marang ing swarga, nilar kowe kabeh iki, bakal rawuh maneh kanthi patrap kaya kang padha kokdeleng nalika Panjenengane minggah menyang ing swarga.” Lelakone Para Rasul 1:10-11

 

“Heh…wong-wong Galilea, yagene kowe padha tumenga marang langit?” Kuwi pitakonan kang ngemu kahanan duka saka para Malaekat marang para sekabate Gusti Yesus, nalika tinilar mbalik menyang Swarga. Kitab Suci nggambarake Swarga kuwi panggonane ndhuwur, mula nalika Gusti nilar ngalamndonya iki, ya digambarake munggah, mbuh mabur apa piye aku dewe ya ora dong, sing jelas, Kitab Suci nglapurake bab “Pindhahe” Gusti Yesus. Nalika kuwi ana para sekabat nderekake Gusti neng “Ruang Departure”, sakpinggire kutha, para sekabat malah NDLONGOP nyawang mendhuwur. NGLONGOP kuwi mantheng marang kahanan kang disawang lan kuwi nggumunake. Para sekabat padha NDLONGOP merga gumun, lan iki sejatine ora salah,ora luput, lha wong nyawang kahanan kang nggumunake kok ora olih gumun. lha yen ora luput kena ngapa Malaekat ndadak nyaruwe?

 

NDLONGOP merga gumun nyawang kahanan kang ora sakbaene kuwi lumrah, wajar. Ananging urip kuwi ora mung cukup NDLONGOP,urip kuwi kudu makarya. Para Malaekat ngelikake para sekabat kang nembe NDLONGOP, merga ana gawean kang didhawuhke Gusti Yesus lan kudu dilakoni sakwise Gusti “MUDIK” menyang Swarga. Para Malaekat pirsa yen para sekabat mung NDLONGOP wae, gaweane ora rampung, ora ndang ngetokne hasil. Aja NDLONGOP wae, ndang megawea,merga Gusti mengka meh bali ya nganggo patrap kang kaya mengkono. Pepeling saka Malaekat kuwi sejatine basaning katresnan. Para Malaekat tresna marang para sekabat, mula dielikake supaya ora NDLONGOP wae, supaya ora gumunan lan enggal tumandhang gawe.

 


Ing jaman saiki ya jik akeh sing senengane mung NDLONGOP wae. Dikandhani  neng kana ana “Mujijat”, njur regudug…pengen nyawang mujijat. Liya wektu ana kabar yen ing papan liyane ana mujijat, njur makregudug…marani mujijat, sakwise tekan papane ya mung NDLONGOP,njur gluwah-gluweh dewe, ora ndang makarya. Ana menh sing patrape NDLONGOP lan maido. Ora nate mangkat, ananging nalika pisan wae mangkat, njur kabeh dipaido, dikritik merga ora manut kekarepane, kuwi biasane cirine wong sing seneng NDLONGOP marang kahanan sakiwatengene.

Sinau saka crita bab Sumengkane Gusti Yesus, ndilalah iki dina pengetan mekrate Gusti Yesus, ayo eling yen Gusti Yesus ninggali gawean. Yen pengen nututi neng Swarga karo Gusti, ya ayo nglakoni gawean kang mbiyen ditindakne Gusti, aja mung NDLONGOP wae.

 

“Jo, aku jik gumun, kae lho bab Panene Porang pakde Wignya..jian pol tenen..” Lik Ndoleng ngomong, mbuh takon apa nggresula,ora genah intonasine.

“Lha njur aku kon ngapa Lik?” Takone Dalijo.

“Weh, aku kuwi ngabari sliramu kuwi lho..malah bingung” Semaure Lik Ndoleng.

“Aku wis ngerti Lik, lha kan panene karo aku..” Wangsulane Dalijo, sinambi milihi Bibite Porang.

“Lha iya, aku dong..kok ya jebul ana hasile ya nandhur Porang kuwi. Mbiyen mung disebratke, wohe malah nggo balang-balangan, kembange jare pakan Ulo..jian..” Gremengane Lik Ndoleng, mbuh gumun, mbuh getun lan ketungka swarane Nduk I’in seka samping omah, nggawa kacang panjang, arep dioseng, jare pesenane mbah’e.

“Mula aja mung NDLONGOP wae Lik. Aja mung nggumunan, ndang melu nandhur!!” Cluluk’e Nduk I’in.

“Asem Kecut Gula Legi, bocah iki mesti pakne cilik diolok-olok wae. Kae bojomu konen nandhur sisan..ben suk tahun ngarep panen..”Lik Ndoleng mbalik nyemes I’in.

“Uwis ya Lik, meh join karo Kang Tukiran Shoting..”Semaure Nduk I’in.

“Weh, malah nilapke aku jebule..hmm..” Lik Ndoleng sajak getun.

“Ora kang Markun, ora bojone I’in, kabeh nilapke njenengan Lik. Bojoone I’in ndisiki tuku bibit Porang, Kang Markun nyalip neng tikungan bab Yu Wasti…hehe” Dalijo sareh ngomonge, ananging jeruuuu…

“Bajindulllllll………..” Batine Lik Ndoleng.



 

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH