Sabtu, 09 Mei 2020

NANTANG KAHANAN



Aja pisan-pisan nglalekne lemah…
Aja pisan-pisan milara lemah..
Aja pisan-pisan nyatru lemah..
Aja pisan-pisan ninggal lemah

Kuwi weling saka simbahku sing saiki wis ana neng alaming klanggengan. Simbah lan mbokmenawa leluhurku kabeh urip saka ngolah utawa nggarap lemah, kang sakbanjure kinaranan “Wong Tani”. Uripe wong tani kuwi sarwa sesenggolan karo lemah,lendut,banyu lan kewan-kewan cilik sing asukarena neng tegal lan sawah. Mula ora nggumunake, nalika maringi weling  marang putune,aku, supaya ora nglalekne,milara,nyatru lan apa meneh nganti ninggal lemah. Ananging jaman lumaku kliwat banter, aku sing mung rindhik-rindhik ngrasa ketinggalan. Mula aku njur lali karo welinge simbah, melu mlayu menyang kutha sing wit-witane wis diganti tembok lan beton. Aku kintir, aku nglalekne lan ninggal lemah.

Saka wiwit mula, menungsa wis urip akur lan cocok karo Lemah, Wit-witan lan kanca-kancane iki. Mula saka kuwi, para leluhur mesti nduweni sesambungan kang raket karo sabarang kang ana neng sakiwa tengene. Cedak karo wit-witan, gegodongan, kayu, watu, banyu lan sakpanunggalane. Pancen, urip rukun karo alam kuwi ora isa dijak mlayu banter. Kamangka ing njaba kana, wis akeh sing mlayu banter merga ngrasuk industrialisasi, kang samubarange lumaku lumantar alat utawa srana. Merga kabeh lumaku banter, malah kepara isa diarani mlayu, lan urip dadi wong tani kuwi ora isa mlayu, mula aku ya “njajal” melu mlayu. Ananging ambeganku ngos-ngosan, njur leren lan sakbanjure aku mbalik, mbaleni lemah kang isine tegal lan sawah.
Sakliyane aku, mbokmenawa ya akeh sing sengaja nglalekne, nyatru lan ninggal lemah, mlayu neng kutha, ben isapada karo bangsa liya. Ndilalah ing jaman kuwi, pemrintah ya kaya kedanan, ngowani pepestene wong nusantara sing urip saka lan karo lemah, njajal mbangun panguripan adedasar industri kan sakbanjure ndak arani industrialisasi. Akibate, lemah-lemah padha dilalekne, lemah-lemah padha ditinggal, lemah-lemah padha distru lan dipilara. Sawah lan tegal ditogne ora kerumat, sing papan panggonane apik, disulap dadi omah-omah mewah sing durung temtu kapanggoni, merga mung ngga simpenan wong-wong sugih duwit ning mlarat  ing rasa kamanungsan.
Ndesa sepi, ndesa samun, merga kabeh mlayu menyang kutha. Ndesa didadekne kaya kuburan sing sepi nyenyet. Okeh sing nampa kekudangan lan pandonga, rampung sekolah ndang obah neng kutha, ben isa cepet olehe nduwe banda, isa nggolek duwit. Kabeh ketambahan penemu kenthir, yen dadi Wong Tani kuwi tanpa aji, Wong Tani mung dadi papan poyokan. Urip guprut kuwi diarani njemberi, kabeh lali menawa panganan sing diuntal kuwi ora isa dicethak pabrik, panganan kuwi, mbuh apa bahane, sing ngasilke ya Wong Tani.
Sepine ndesa kosokbalen karo kutho. Neng kutha nyambut gawe soroh nyowo, sanadyan ngepasi mulih setahun sepisan, biyuh gayane kaya juragan keceh duwit. Mlaku petenthang-petentheng kaya Porong Benthet, lali kepiye anggone mburu duit sing nganti kelangan kamanungsane, apa meneh bab manembah marang Gusti. Desa kang sepi, ndadekne  tegal lan sawah ora krumat, njur sing tuwuh suket lan eri bandotan, sing ora ngetokne uwoh kang migunani tumra uripe menungsa, sing dipasrahi ngrumat alamndonya iki.
Saiki kahanane kayane kwalik. Industri kejet-kejet, merga didayoho –jarene Lik Ndoleng- Topik Songolas. Pabrik okeh sing mandeg, lan nalika mandeg, mesin lan kabeh alate ora isa diuntal. Mbok’o wis dadi pegawe pabrik, ananging mangane jik sega, muh putih apdene thiwul, jik telo lan kimpul, jik suweg apadene uwi. Sing dianggurke pabrik bingung koming, merga wis ora isa nyambut gawe meneh, lan kenthire pabrik, karyawane ora dilatih bab ketahanan pangan, mung diko absen, nyawang mesin, njur bayaran sing ora mingsro. Mula nalika ditokne saka pabrik, yawis, langsung nduweni gelas anyar, Panji Klanthung.
Kabeh kuwi kelakone ora seditik-rongdetik, ananging lumaku ngliwati wektu kag suii banget. Benangruwet kuwi wis angel diudari. Pejabat butuh patrap urip mewah, njur nekakne inpestor, wong tani disepelekne lan kuwi kang ndadekne para kanoman kipa-kipa nalika dikon ngolah tegal apadene sawah. Saka pihak menungsane dewe ya pada wae, rumangsa wis kerja neng kutha, neng pabrik njur kemayu lan kemakine ora ukur. Paripasan nyawang lemah, tegal lan sawah wae wegah. Lan menawa saiki padha bingung koming, kuwi merga wis padha keladuk, NANTANG KAHANAN.
Saka wiwit mula wong ngindonesa kuwi wong tani kang nduweni sesambungan raket karo lemah lan sawah, karo wit-witan lan selawatu. Nalika alas, tegal, sawah, godong lan wit-witan dicidrani, disepelekne, sipilara, aja ethok-ethok lali. Alamndonya iki nduweni cara males marang menungsa sing wis kewanen NANTANG KAHANAN. Mula menawa saiki padha dadi Panji Klanthung, mbokmenawa mung diguyu karo tegal lan sawah, karo wit-witan lan gegodongan.
Ing satengahing kahanan kang kaya mengkene iki, ana kabar kang mbungahake, yakuwi urip dadi Wong Tani kuwi ora najis, ora remeh,ora asor. Mula aja isin, balia ngambung lemah, balia ngrangkul lendut, balia ngrasakne gatele glugut lan wulu uler, balia nyemok taine cacing lan manuk. Lemah wis nguwuh, mbengok sakayange, rungokna! Balio..tresnana lemah. Nandura meneh. Apa wae, karepmu. Arep nandhur gedang yak ono, arep nandur pari, sumangga, arep nandur kacang,tebu,bodin ya sumangga. Arep nandur porang ya sumangga. Welingku, aja natoni,aja milara, aja nglalekne lan aja nyidra Lemah..

Wis Semene ndisik, aku meh netepi janjiku karo tanduran mbako, sing arep ngudhang aku…ngajak aku ngrasakne endahing urip neng ndesa..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH