Minggu
Kliwon 24 Pebroari 2019
BENINGE
EMBUN ESUK
Purwaning
Dumadi 45:3-11,15
Jabur
37:1-11,39-40
1
Korinta 15:35-38,42-50
Lukas
6:27-38
“Nanging
kowé sing padha ngrungokaké piwulang-Ku iki Dakkandhani: Padha tresnaa marang
mungsuhmu; gawéa becik marang wong sing padha sengit marang kowé.” Lukas
6:27
Yen mung maca wae gampang, ananging nglakoni
angele ora njamak. Kuwi bab NGAPURA. Sanadyan
kabeh agama mulang lan nalika ngrungok’ake piwulang bab NGAPURA padha
manthug-manthug, ananging yen wis tekan bab nglakoni, arang sing gelem. Lha jan-jane
apa ta NGAPURA kuwi kok kayane angele ora umum nglakonine? NGAPURA kuwi
patrabing urip nutup sakabehing lelakon
sing wus kawuri. Nutup rapet pet…(kaya ramuan galian rapet kae lho..hehe) sing ndadekne
ora isa nyawang meneh,ora isa ngindik meneh. Dadine yen wis ditutup, ya ora
bisa meneh nyawang, pomeneh diulatne. NGAPURA kuwi nutup perkara sing wus
kawuri, mbuh kaya ngapa ndadekne laraning ati…
Piwulang bab NGAPURA pating tlecek neng Kitab
Suci. Kuwi nggambar’ake kaya ngapa pentinge NGAPURA-ingapuran. Ngapura kuwi
ujud’ing tresna, mbelgedes omong tresna nanging ora nate NGAPURA luputing
liyan. Sakliyane kuwi, NGAPURA kuwi kudu katujok’ake marang kabeh wong, ora
mung sing disenengi wae. Wujud NGAPURA
sing sejati kuwi nalika isa tumindak apik utawa tresna marang kabeh wong, ,
ananging sing luwih jos..luih esip…tumindak apik marang sing nate natoni atine
utawa uripe.
Ana crita neng Kitab Suci bab kaya ngapa
NGAPURA kuwi kelakon, yakuwi critane rama Yusuf. Nalika disengiti para sedulure
lan banjur didol menyang Mesir, rama Yusuf mapanake kuwi kabeh minangka carane
Sang YEHUWAH mranata uripe lan uripe wong akeh. Cen nalika digething, ditatoni,
dipilara lan disebratke seka brayat, larane ora njamak, ananging kuwi dipercaya
dening rama Yusuf mingaka carane Sang YEHUWAH nyawiske kahanan sing luwih apik.
Rama Yusuf NGAPURA kabeh sedulure, nutup
lelakon kawuri, mbuh kaya ngapa kahanane lan nalika kahanane kebalik, ora
njupuk kalodangan kanggo mbales sing nate dialami..
“In, lha kenapa ta sliramu yen ketemu Eni kok sajak mesem’mu
entheng wesi sak ton?”,, Lik Ndoleng takon karo ponak’ane wedok sing ayune
ngromyong jagad.
“Ora papa Paklik, aku santai wae, biasa wae”,
Wangsulane Nduk I’in sareh ning jik nggembol serik.
“Wealah, lha po lali ta Lik? KUwi lak gara-gara
esemes mbiyen. I’in ngrasa atine tatu merga esemese Eni.”, Dalijo melu
cawe-cawe.
“Weh..jare mbiyen kae awakmu wis NGAPURA Eni
nduk?”, Lik Ndoleng sajak rapercaya.
“NGAPURA mung neng lambe, cangkeme thok Lik,
atine ya jik mingis-mingis. Wong wedok okeh lamise, yen kepethuk wae sajak
klecam-klecom, ning kuwi munapik..”Dalijo malah sajak esmosi…
“Kaya ngerti-ngertio wae Kang Dal..aku kuwi
tulus NGAPURA ya..”Nduk I’in sajak kepepet mangsuli..
“Pretttt..mbelgedes…ngono kok anggere ngerti
bojomu bar ana acara barengan eni, ulatmu njur padang grahana”, Dalijo terus
mepet nduk I’in.
“In..Jo, NGAPURA kuwi nutup rapet. Ora mung
cangkeman,ning tumindak..kaya rama Yusuf neng Kitab Suci..aja kakean alesan,
ning proses lah, ning jik menungsa lah..yen meh nderek piwulange Gusti, ya kono
NGAPURA, nutup rapet sing kawuri”, Lik Ndoleng nutup kotbah’e….
Mbah’e.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar