Selasa, 19 Mei 2020

MUDIK

Selasa Kliwon 19 Mei 2020

BENINGE EMBUN ESUK

                                                            KATAK BIBIT PORANG

Pangandharing Toret 5:22-33

Jabur 93

Yokanan 16:5-11

Sira mangkata lan tutura marang wong-wong iku: Padha balia menyang tarubmu.” Pangandharing Toret 5:30

 

MUDIK kuwi asale saka tembung Udik, sing tegese ndesa utawa kampong. Babar blas ora ana kepentingan saka tembung iki, merga mung saderma katrangan bab panggonan utawa papan. Saka tembung Udik kuwi njur isa dadi MUDIK, sing tegese tumuju marang Udik utawa Kampung/ndesa merga ana keperluan sing kliwat wigati. Neng ngindonesa iki, bab MUDIK wis dadi budaya sing mbalungsumsun, lan dilakoni nalika riyaya, mbuh kuwi riyaya apa wae. Merga wis mbalungsumsum mula nalika ana pepeling supaya riyaya tahun 2020 iki ora MUDIK ya jik akehe ngeram sing nekad MUDIK srana dalan sing jan-janne ya ngguyokne temenan. Ana sing reka-reka mlaku, ana sing nunut mobil box, lan liya-liyane. Kuwi kabeh nyethakne yen bab MUDIK kuwi nduweni papan kang gumatok ana ing atine menungsa.

 

MUDIK kuwi tegese mulih, mbalik marang kahanan wiwitan. Racak’e menungsa seneng karo kahanan  wiwitan,merga ing kono apa wae sepisanan dialami. Mula saka kuwi, sepisan meneh, ora nggumunake menawa okeh wong ing tahun iki sing nangis ngglolo, merga ora isa MUDIK, ora isa bali nyawang lan ngrasakne papan dalah kahanan wiwitaning urip. Yakuwi neng ndesa. Semono wigatine bab MUDIK, mula ya ora nggumunake nalika neng Kitab Suci Gusti Allah dhawuh, menungsa dikon “balik menyang tarub’e, bali mulih menyang omahe kang wiwitan.”. Pangandika kuwi isa diwenehi arti akeh, ananging neng BENINGE EMBUN ESUK dina iki, mung arep njupuk siji wae, yakuwi bab mbalik utawa MUDIK marang kahanan wiwitan.


 

                                                            VIDEO ANAK CERDAS

Ora isa diselaki menawa menungsa kuwi seneng sonjo, seneng saba, seneng dolan. Malah merga senenge sonjo, saba lan dolan ndadekne lali omah, lali ora MUDIK. Dene bab Sonjo, Saba lan Dolan kuwi isa diartekne bab urip. Uripe menungsa kuwi dititahake apik lan dinawuhan kudu tetep apik. Ananging apik ana neng ngarsane Gusti kuwi durung temtu ndadekne senenge menungsa. Kaya dene bab masakan, sanadyan ngomah wis dimasakne sing uenak manut kawicaksanane simbok biyung, ananging ya jik meksa ana sing ora doyan lan njur jajan. Pisan pindho ora dadi apa, ananging menawa bendina njajan, laky a colonthus! Saiki ora sithik menungsa sing “dolan” utawa “Sanja”, lan lali ora eling omah, ora gelem MUDIK. Mula manut pangandikane Gusti, ayo padha MUDIK, balik marang mula-mulanira bab apik lan endahe menungsa tinitahake. Padha balia marang TARUB peparinge Gusti Allah.

 

Sing saksuwene iki pada dolan menyang tumindak kang nyingkur saka kersane Gusti padha MUDIK’a. sing jik baperan, kemaki, kemayu, nesunan, ngamukan, malesan, sombong,angkuh, rumangsa bener dewe lan liyan tansah luput, pada MUDIK’a menyang tarub’e Gusti. Sing saksuwene iki cethete ngeram, cethile pol, uthile ranjamak, owahana patrap urip kang  kaya mengkono kuwi. MUDIK menyanga kahanan kang dikersakne dening Gusti.

 

“Jo, apa Markun sida tuku bibit Porang saka sliramu?” Takone Lik Ndoleng nalika sore kuwi jagongan neng nggubug Pinggir Sawah.

“Ya sida ta Lik, malah nambah limang kilo meneh, jare wis manteb,wis yakin mbolokin yen arep budidaya Porang.” Semaure Dalijo, sinambi ngoncori polybag isi winih Porang cilik-cilik.

“Aku kayane ya sida Jo, tikel pindho pesenku winih ya ..” Semaure Lik Ndoleng sajak wegah kalah karo Kang Markun.

“Lha sampeyan apa wis paham bab nandhur Porang ta Lik?” I’in sing nembe ngentasi jemuran melu cawe-cawe.

“Ya jan-jane durung…ananging isin aku yen kalah mbek Markun..” Lik Ndoleng semaur meneh.

“Ya ora apa-apa Lik pesen okeh, nandhur okeh, merga kuwi ateges nduweni pengarep-arep okeh neng tahun ngarepe. Yen ora nandhur ya ora nduweni pangarep-arep..mung wae ya kudu sinau serius. Aja alesane kalah menang Lik..”Dalijo ndemung kaya wong sing sok nganggo putih-putih neng gulune.

“Lha, yakuwi Lik, aku setuju karo kang Dal,  bab saingan negatip kuwi ora pener Lik, kudu wani MUDIK, mbalik marang tujuaning urip kaya kang dikersakne Gusti. Merga yen ngetung bab kalah lan menang, cen sampeyan ratahu mnang karo kang Markun, soal Yu Wasti wae ya jelas,cetha wela-wela yen kalah..” Nduk I’in muni ngono, sinambi mlebu ngomah ngindhit pakean sing wis garing, lan Lik Ndoleng misuh lirih lan raine katon njekethut kaya duwit nyewunan arep nggo jajan.

“Bajindullllll…kok ya tekan Wasti maning..Dussssss…!!!” Batine Lik Ndoleng.

 

 

Mbah’e..

 

 

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH