Senin, 01 April 2019

WUL


Senen Legi 1 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Kaimanan 23:26-41
Jabur 53
“Yokanan 5;1-16
Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli ketemu karo wong sing diwarasaké mau ana ing Pedalemané Allah, Panjenengané banjur dhawuh marang wong mau: “Kowé saiki wis waras, mulané dingati-ati, aja gawé dosa menèh. Menawa kowé gawé dosa menèh, kowé bakal ngalami sing luwih abot ketimbang karo sing kokalami saiki.”Yokanan 5:14

Tembung WUL kuwi ora patio popular, mung ana neng saperangan papan, mula ya arang sing ngerti. Tembung iki biasane kanggo bab-bab sing mirunggan, kaya ta kanggo urusan sewa Bengkok. Neng urusan iki, tembung WUL tegese ngudu meneh kanthi rega tartemtu kanggo ngolah bengkah kanthi wektu sing wis dadi kesepakatan. Dene neng istilah wong mincing neng kolan sing disewakne, tembung WUL kuwi tegese mbayar meneh kanggo nglakoni mincing kanthi wektu kang wis dibatesi. Dadi cekak aose, tembung WUL kuwi tegese mbaleni, ning ora gratis, merga kudu ngragati utawa mbayari. Ning sanadyan ora gratis merga mbayari, merga seneng,mula ya akeh sing pada ngeWULi apa wae, sing penting seneng…sepira larange ora merduli…


Yen sing diWULi kuwi bab sing apik lan becik, ya manga wae, ananging yen sing diWULi utawa dibaleni kuwi pegawean sing ora prayoga, laky a nggilani sakabehe ta?Mula saka kuwi, anan neng Kitab Suci, pernahe neng Yokanan 5ayat 14,Gusti marini piwulang , supaya wong sing bubar diwarasake seka lara kang sui banget kuwi  ora mbaleni utawa ngeWULi apa sing nate dilakoni ing mangsa kang wus kawuri. Lho kok isa kenapa?Merga ana ing alam pikire wong ngisrael, lelakon ala kuwi merga saka dosa, mula nalika ana wong lara, sing disikdewe dirasakne yakuwi sepira dosane. Wong lara ana neng critane Yokanan 5 kuwi  dadi gegambaran tumrap uripe menungsa ing sadengah wektu. Sejatine tanpa Sih Rahmate Gusti, tangeh lamun isa selamet. Lan sakwise entuk Sih Rahmat njur selamet, aja mbaleni meneh tumindak lawas sing ora apik kuwi, aja ngeWULi apa sing wis klakon, merga kuwi ala.

Yen arep WUL, pakaryan sing becik wae, pagawean sing apik wae, larang regane ora apa-apa. Dene yen sing diWULi kuwi sing ala lan ora becik, ya orapopo,ning yakuwi kabeh sanggarunggine ditanggung dewe.

“Lik, lha ngandi Tante Trinil, kok seminggu iki raketok?”, Takone  Dalijo neng Lik Ndoleng.
“Tembungmu Jo, sajak ngecemu gejeron! Biasane ngundang mbokcilik wae, saiki ndadak Tante…Duss! Lagi purik, mbuh apa perkarane..”Semaure Lik Ndoleng laro delog-delog nawang usuk lan reng.


“Kuwi merga sampeyan jik nginceng Yu Wasti wae paklik. Apa-apa Yu Wasti, tuku udud,kopi,sampo,sabun,malah ijol duit aggere meh neng nggreja sing meh nggo pisungsung wae, yen ora Yu Wasti ora. Kuwi sing marakne bulik Trinil nesu. Merga sampeyan jik ngeWUL’I lelakon sing wis kawuri”, Nduk I’in sajak melu nesu merga mbokne cilik digawe ora bahagia karo paklik’e .

“Weh, apa tumindakku kuwi luput ta cah?”, Lik Ndoleng sajak bingung..
“Nggere kewirangan lagi sadar, hmmmm..mula rasah nggembeleng Lik, sadar,eling..sing ala aja dibaleni..kana ndang parani tante..eh bulik..”Dalijo ngakon pakne cilik kaya marang bocah cilik..

Tumindak sing ala aja pada dibaleni…

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH