Sabtu, 06 April 2019

NDEWE


Setu Legi 6 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 12:21-27
Jabur 126
Yokanan 6:40-53
“Ing antarané wong-wong Farisi mau ana sing tau nemoni Gusti Yésus ing wayah bengi, jenengé Nikodémus. Nikodémus mau nuli kandha karo wong-wong Farisi liya-liyané: “Manut prenataning agami, kita mboten kénging ngukum tiyang, sadèrèngipun prekawisipun dipun priksa, lan menawi kita dèrèng sumerep menapa ingkang katindakaken.” Yokana  7:50-51

Tembung NDEWE kuwi asale seka Dewe, sing tegese ora ana kancane utawa siji thok thil. Dewe kuwi ora ana kancane, dene NDEWE kuwi sengaja nglakoni apa wae, klebu urip sing tanpa kanca. NDEWE kuwi pilihaning urip sing dipilih kanthi sengaja lan lumantar weninging manah. Yen ana wong NDEWE ananging njur kokean protes, kuwi ora merga yakin karo pilihane, ananging merga mutung karana apa sing dikarepke ora klakon. Mulane, NDEWE kuwi ora mayar, butuh tetimbangan sing jian jero temenan.


Crita neng Injil Yokanan bab 12, nyaritak’ake pawongan sing sejatine nduwe pengaruh sing gede merga klebu ahlining agama Yahudi. Pawongan kuwi jenenge Nikodemus, dekne nate kanthi sesideman nemoni Gusti Yesus lan sinau bab tata panguripan sing jumbuh karo pranatane agama. Neng crita Injil Yokanan 12 kuwi, Nikodemus wani NDEWE beda penemu bab Gusti Yesus. yen kabeh sarujuk ngukum Gusti Yesus, Nikodemus ora sarujuk, mula ngelikake wong akeh supaya sakdurunge ngukum kudu diadili ana ing pengadilan.

Merga kwanene NDEWE karo penemune wong akeh mau, mula sakbanjure akeh sing pada sengit karo Nikodemus. Ananging kayane Nikodemus ya tetep setya karo pilhane, merga kuwi swarane atine,swarane batin sing tansah nywara kanthi tulus lan mesti bener lan pener. Mula sandyan dimungsuhi kanca-kancane, Nikodemus ora maelu, tetep nguripi prinsip bab bebener. Ing jaman saiki angel nggolek wong sing nduweni prinsip bakoh kaya Nikodemus lan wani urip NDEWE. Akeh-akehe ya mung eal-elu,malah akeh sing sejatine ora ngerti ananging sok ngerti,sok paham lan bareng kejlungup njur njalahke liyan… Mula saka kuwi, minangka meungsa sing tinitahke karo nalar sing pinujul, aja mung ela-elu, pilihen urip sing manut karo swaraning iman utawa batinmu sing paling lirih swarane. Sing paling lirih kuwi sing bener lan nguripi bebener kuwi kudu wani NDEWE.

“Jo, aku jik ora mathuk karo grupe Markun, lha urip bebarengan minangka pasamuan kok grusa-grusu. Mbok’o apik lane sip, mbokya dirembuk, ora sakarepe dewe.”, Lik Ndoleng sajak mangkel wadul karo Dalijo.

“Cieee…iki merga meri karo kang Markun po merga grusa-grusune lik?”, Dalijo nenggepi malah sajak ngece.

“Lha po ya  cemburu Lik?”, Nduk I’in nimbrung ngepasi metu seka pawon karo nggawa kopi lan bodin goreng.


“Weladalah, aku wis ora mburucem mbek Markun cah..yakin mbolokin..mung yakuwi…mbokyen nglakoni pagawean pasmauan ki dirembug”, Lik Ndoleng jik nyoba enda.

“Lha wani mbelani idemu ora lik yen ora ana sing ndukung? Ateges wani NDEWE lho..”Dalijo semaur.

“Weh..lhaiyo turah wani Jo..padakne kowe, nekani nikahane Tarsi wae rawani, alesane ndakik-ndakik..”Lik Ndoleng mbales Dalijo.

“Kecuk mbendoo..cahtuwek siji iki malah nableg aku…”Batine Dalijo, merga meh muni, wedi dipaido sing maca tulisan iki…

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH