Jumat, 19 April 2019

MAKILI


Jemuah Wage 19 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK




Yesaya 52:13-53:12
Jabur 22
Ibrani 10:16-25
Yokanan 18:1-19:42
“Mangka sejatiné kasangsaran sing disandhang mau kasangsaran kita, lan pilara sing dirasakaké kuwi kanggo kita, nanging kita ngarani Panjenengané kena walaté Gusti Allah. Satemené enggoné ditatoni kuwi merga saka dosa kita, lan merga saka piala kita Panjenengané digebagi. Paukuman sing disandhang ing sarirané kuwi sing nekakaké keslametan kita, lan bilur-biluré kuwi sing marasaké kita.” Yesaya 53:4-5

MAKILI, seka tembung wakil, sing tegese sapa ae sing kajibah nggenteni ayahane wong liya. Dadi sejatine ayahan utawa gawean sing dilakoni kuwi dudu duwek’e, dudu tanggungjawab’e, ananging duwek’e liyan. Dene anggone nglakoni kuwi amarga nembe dadi wakile sing sejatine kudu nglakoni, mula pagawean kuwi isa diarani MAKILI. Merga mung dadi wakil utawa mung MAKILI, mulane sing nglakoni kuwi ora nduweni sesambungan babar blas karo apa sing nembe dilakoni, merga sing nduweni sesambungan dewe ora bisa nglakoni. Ora bisane nglakoni kuwi merga akeh sebab’e, isa merga ora isa tenan, isa merga ngendani lan liya-liyane.


Dina iki Jumat Adi, pasamuan kristen pada nindakne timbalan pangibadah kanggo ngeling-eling lelakon sing nate dilakoni Gusti Yesus rongewunan tahun kepungkur. lelakon penyaliban’ne Gusti Yesus. Sanadyan wis bola-bali diwacakne lan uga dikotbahne, ananging ora luput yen lumantar tulisan beninge embun esuk iki dielengake meneh, bab lelakon kuwi. Gusti Yesus disalib, kuwi kasunyatan. Dene sapa wae sing disalib ana ing jaman’ne Gusti Yesus sugeng kuwi merga salah utawa luput, malah luput sing gede banget, kuwi ya kasunyatane pranatan masyarakat wektu kuwi. Seka rong perkara iki, ayo sadar, yen ana ing pangertene wong-wong ing jaman’e Gusti Yesus, sapa wae sing dialib kuwi nduweni kesalahan sing ora isa diapura meneh.

Saka pratelan kuwi, saiki ayo sepisan meneh maca nats Kitab suci ing nduwur, lan njupuk wektu wening. Ing sakjroning wektu kang wening kuwi,ayo nyoba sadar yen Gusti Yesus ora ana lupute, anane Gusti dipilara, disingkang-singkang nganti tekan disalib kuwi merga nembe MAKILI awak’e dewe. Merga pambalelane menungsa (klebu sing maca iki kabeh lho ya), mulane menungsa ora bakal bisa sowan marang swarga. Supaya isa sowan, kudu ana korban sing gedene ora njamak, lan ora ana menungsa sing bisa lan saguh dadi korban mau, mulane Gusti Yesus dewe sing MAKILI. Dadi sejatine sing kudu ngrekasa, disingkang-singkang, diidoni, digajul, disaduk, diuyuhi, dipecuti, digebuki lan tekane disalib kuwi awak’e dewe. Mula saka kuwi, yen saiki awak’e dewe (menungsa iki) nemoni kahanan sing kepenak, aja kemaki, aja kumlungkung, aja nggembeleng. Yen saiki nemahi rejaning urip, sugih mblegedu, ngandi-ngandi tepas-tepas karo duwit, rasah kemaki lan aja pelit, kuwi kabeh merga Gusti Yesus wis MAKILI awak’e dewe nglakoni paukumaning urip amargo dosa.


“Rep ngandi Lik, iki jik esuk,lagi jam 4?”, Alok’e Dalijo sinambi takon neng Lik Ndoleng.
“Mangkat nggreja Jo, arep melu ngresiki papan pangibadah, iki kan Jumat Adi”, Wangsulane Lik Ndoleng.
“Weh, iya lik, tapi jik kesuk’en lho. Lagian, kan wis ana kostere sing wis dibayar”, Nduk I’in melu-melu nimbrung, karo kriyip-kriyip metu seka kamar, rupane jian kaya Jingklong ditinggal pacare.
“Jo lan kowe In, bener iki jik esuk. Tapi aku arep melu cawe-cawe karo pakaryane Gusti Yesus. Ing Jumat Adi iki aku disadarke meneh, yen kudune sing nanggung sengsara kuwi aku, mbuh wong liya klebu kowe kabeh nyadari apa ora, lan Gusti Yesus wis kersa MAKILI aku sengsara, mula aku ya kudu nduwe isin, aku tak melu cawe-cawe ing pakaryane”, Wangsulane Lik Ndoleng.

Mula, sapa sing jik nduwe isin, ayo melu makarya, leladi, ananging sing wis randuwe isin, ya manga sakersa panjengan sami..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH