Rabu, 17 April 2019

KONGKONAN


Rebo Pahing 17 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK


Yesaya 50:4-9aJabur 70
Mateus 26:14-25
“Pangéran Kang Mahakwasa wis ndhawuhaké marang Aku prekara sing kudu Dakwartakaké, supaya Aku bisa nguwataké atiné wong sing lesu. Saben ésuk Aku didhawuhi ngrungokaké karo bungah apa sing bakal diwedharaké marang Aku.”Yesaya 50:4

Tembung KONGKONAN kuwi linggane ngakon, sing tegese prentah utawa dhawuh. Dene dhawuh kuwi isa seka wong liya, ning ya isa uga seka batine dewe. Seka lingga “ngakon” kuwi sakbanjure isa dadi dikongkon lan uga KONGKONAN. Mula tegese KONGKONAN yokuwi sapa lan apa wae sing nampani pakaryan nglakoni apa wae saka sing ngongkon. Jenenge wae KONGKONAN, sejatine jangkepe bau KONGKONAN, muya ya ora isa selak, kudu nglakoni persis sing dikarepke utawa didhawuhke sing ngongkon, ana klora-klerune isa dadi masalah sing abot.

NARASI SEMESTA

Nubuat utawa pamecane nabi Yesaya bab kaya ngapa pakaryan sing kudu ditindakne  “Abdine Gusti Allah, yakuwi kudu makarya kanggo tentrem rahayune jagad, sanadyan kudu nampa sabarang kang rinasa abot tur ya nglarakne ati lan raga. Kabeh dilakoni merga kapercayan yen dewek’e wis nampa dhawuh saka Gusti, yakuwi Sing Mbaureksa Jagad sakisine iki. Merga kapercayan kang kaya mengkono kuwi, mula nalika nindakne dhawuh minangkan KONGKONAN, ora sambat lan tetep setya lan tuhu. Sanadyan katon remeh, ananging sejatine pagawean dadi bau KONGKONAN kuwi gede pungsine, merga yen ora ana KONGKONAN, isa wae apa sing wis dirancang ora klakon. Mula saka kuwi, aja pisan-pisan ngremehne sapa wae sing piniji dadi KONGKONAN, dekne sejatine dadi ujungtumbak’e sing kagungan pakaryan.

Ana neng saktengahing pasamuan, sejatine kabeh gawean kuwi ya mung netepi timbalan minangka KONGKONAN, dene sing ngakon ya Gusti dewe. Mula yen nganti ana sing nampik timbalan, kuwi nampik Gusti, yen ana sing ngremehke sapa wae sing netepi ayahaning pasamuan, sing sejatine kuwi KONGKONAN’e Gusti, ya  kuwi pada karo ngremehake Gusti Allah piyambak. Mula saka kuwi, aja pisan-pisan nampik timbalan lan aja pisan-pisan ngremehke timbalan, merga kuwi kersane Gusti. Dene yen ngadepi sabarang kang abot lan nggranteske, anggep wae kuwi melu ngrasakne salib sing mbiyen dipikul dening Gusti.

“Jom sesuk aku raisa mangkat rapat panitia, wakilana ya?”, alok’e Lik Ndoleng.
“Lha kok ra mangkat arep ngapa Lik, oiya Yu Wasti kayane mangkat Lho’ Dalijo takon sinartan ngece bab Yu Wasti.
“Mohh, nggere mangkat mung dadi bahan olok-olok’e wong akeh, pokok’e mohh”, Saurane Lik Ndoleng.
“Yungalah Lik, mung kaya mengkono wae kok ya mutung, kamangka manut Kitab Suci, awak’e dewe iki mung bau KONGKONAN, mosok ngenyang karo sing nduwe gawe”, Nduk I’in nyoba njelaske marang Lik Ndoleng.
“Ben wae In, watak’e paklik jik juragan, bos, mula ya wegah kesiku. Ben wae Paklik  nuruti kekarepane, ning iki sejatine lagi netepi timbalan minangka KONGKONAN’e  Gusti” Dalijo njawab karo sajak kemropok.

Pada dieling,kabeh kuwi mung bau KONGKONAN’e Gusti, mula rasah selak lan enda..

Mbah’e

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH